BTJ 2.7

Giri Kabêdhah

Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 247-248

BTJ 2.7.1

Kacariyos sang pandhita ing Giri sampun angsal pawartos, yèn ing Giri sumêja kabêdhah dhatêng Pangeran Surabaya, sang pandhita nuntên parentah dhatêng santana tuwin marbot sarta para muridipun sadaya kadhawahan sami angatos-atos.

BTJ 2.7.2

Kacariyos sang pandhita gadhah putra angkat, tiyang Cina sarta gadhah bala tiyang kalih atus, punika kang minăngka andêl-andêlipun, kang sagah mêthukakên prangipun tiyang Surabaya, têtiyang ing Giri sampun sami mirantos dêdamêling prang. Botên antawis dangu gêgaman ing Surabaya dhatêng, lajêng campuh ing prang, bala ing Surabaya kathah kang pêjah, mundur kawon prangipun. Ratu Pandhansari sarêng aningali balanipun kawon, sarta kathah kang pêjah, enggal sami kaklêmpakakên, lajêng sami dipun ganjar arta tuwin busana, sampun waradin. Bala ing Surabaya sami bingah manahipun sarta sami mêdal kakêndêlanipun. Nuntên kaajêngakên prang malih, bala ing Giri anadhahi, arame prangipun. Bala ing Giri kathah kang pêjah, sakantunipun sami lumajêng, sang pandhita sampun kacêpêng, angrêrêpa nyuwun gêsang, bala ing Surabaya sami matur ing gustinipun, sang pandhita dipun aturi mêjahi, wangsulanipun Pangeran Pêkik. Aku ora gêlêm amatèni pandhita, besuk putuku iku kang kuwasa angrusak sarta amatèni marang kang dadi pandhita ing Giri kene, Pangeran Pêkik lajêng parentah anjarahi rajabrana saisining Giri, èstrinipun binoyongan. Sang pandhita katumpakakên ing tandhu. Pangeran Pêkik nuntên kondur dhatêng

BTJ 2.7.3

Matawis. Sang pandhita tuwin jarahan sadaya sampun katur ing sang prabu, ananging sang prabu botên karsa, sadaya wau kaparingakên dhatêng Pangeran Pêkik. Sang pandhita kaapuntên ing sadosanipun.