BTJ 2.8
Pêrang ing Jakarta lan Tiyang Walandi
Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 248-255
BTJ 2.8.1
Sarêng antawis lami sang nata miyos sinewaka, bala Matawis pêpak sadaya, sang nata ngandika dhatêng Pangeran Mandurarêja, sira ngluruga marang ing Jakarta, ing mêngko wis kancikan marang wong Walănda, bupatine wis kasoran [kasora...] [...n] prange, nagara Jakarta sira rêbuta, wong Walănda tundhungên têka ing kono, wong pasisir ing Surabaya sapangulon iridên, padha adunên prang, bupati ing Sampang lan ing Garêsik bubuhana prang ing laut anggawaa kagungan ingsun mariyêm loro, nanging kang ingsun gawe senapati sira. Pangeran Mandurarêja sarta para bupati pasisir aturipun sandika, lajêng sami mantuk dhatêng nagarinipun piyambak. Apradangdosan sarta ambêkta kagungan dalêm mariyêm kêkalih, kabêkta dhatêng ing Sampang badhe kadamêl anjagèni yèn wontên prang ing laut. Para bupati wau sampun sami jangji pakumpulan ing nagari Ngastina. Pangeran Mandurarêja sampun bidhal saking Matawis. Sadhatêngipun ing Ngastina, para bupati pasisir sampun pêpak wontên ing ngriku lan sabalanipun sadaya, kathahing bala tanpa wilangan, lajêng sami dandos baita, sarêng sampun samêkta lajêng bidhal anumpak baita ambabar layar, nuntên mancal sampun silêm dharatan. Dumugi ing Carêbon kèndêl tata-tata wontên ing ngriku, sarêng sampun mirantos anuntên mangkat. Lampahing baita dumugi ing Jakarta alabuh jangkar, Pangeran Mandurarêja sabalanipun lajêng mêntas, atata pamondhokan sakidul wetaning kitha, sampun misuwur ing tiyang sa-Jakarta, yèn gêgaman kang dhatêng punika badhe anundhung tiyang Walandi kang wontên ing ngriku, têtiyang Jawi ing Jakarta sadaya sampun sami têluk dhatêng Pangeran Mandurarêja, amung kantun tiyang Kumpni kemawon, wontên salêbêting bètèng amunggul balowartinipun, amapanakên mariyêmipun. Gurnat lan gutuk api sampun tinata, tiyang Walandi sadintên-dintên abilulungan.
BTJ 2.8.2
Kacariyos pangagêngipun tiyang Walandi kathah, kapitanipun wolu, satunggil anama Jakuwos, kalih Balêm, tiga Endro, sakawan Pituye, gangsal Jrodo, nênêm Wami, pitu Karèng, wolu Gêdyug. Lutnan sakawan. Ing sadintên-dintên malatar, tamburipun tansah brang-brangan, nanging botên wontên purun mêdal sajawining bètèng.
BTJ 2.8.3
Wondene Pangeran Mandurarêja lan para dipati pasisir, ing Gêmbong Pasuruan sapangilèn, dumuginipun ing ing Jakarta, bupatinipun sampun sami ngalêmpak wontên ing ngriku lan sabalanipun, kathahing bala tanpa wilangan, amung dipati ing Sampang kang badhe anjagèni prang laut dèrèng dhatêng, ênggènipun badhe anggêpuk loji ing Jakarta angêntosi dhatêngipun Dipati Sampang.
BTJ 2.8.4
Kacariyos kangjêng sultan ing Matawis andhawahi dhatêng Panêmbahan Purbaya, uwa Purbaya, jêngandika sumusul dhatêng Jakarta, amayangana kang sami andon pêrang,[6] nanging sampun dika têmêni, tiyang Walandi dika kapokakên [kapoka...] [...kên] kemawon. Dika sampun ambêkta bala kathah, anyamura kemawon, mêdala ing laut. Panêmbahan aturipun sandika, lajêng mangkat, amung ambêkta abdinipun para lurah sawatawis, anjujug ing Jêpara, panêmbahan sampun darbe palwa piyambak, awasta Kaladuta, lajêng tinitihan ambabar layar, enggal lampahipun. Pangeran Mandurarêja sampun mirêng ing pawartos, yèn Panêmbahan Purbaya anusul dhatêng Jakarta, Pangeran Mandurarêja rumaos isin, dene kasusulan Senapati malih, nuntên anabuh têngara umangsah ing prang, Adipati Sampang jagi prang laut inggih sampun dhatêng wontên ing ngriku. Tiyang Kumpni inggih sampun sumêrêp yèn dipun inggahi, lajêng anata Kumpêninipun kathahe kawan brêgada, mariyêmipun tinata maju pat. Gurnat tuwin gutuk api sampun cumawis. Dene Walandi ingkang asikêp sanjata ing dalêm sa-Kumpêninipun, ingkang anindhihi kapitan satunggil, lutnan kêkalih, alpèrès satunggil. Ingkang jagi angidêri Kapitan Jakuwès. Sadaya sampun tinata, bubuh-bubuhan ajangji sabiyantu sarêng pêjah, sampun malatar atata ungkur-ungkuran. Dene kang dipun kandêli kang wontên kidul wetan. Dipun kathahi mariyêm, kalataka, lela, masbum, sinapanipun pating galêbyar, kang nindhihi kapitan sakawan. [sakawa...] [...n.] Pangeran Mandurarêja anabuh têngara magut ing prang, tiyang Jawi majêng ing prang rampak sarta surak sumêja angrangsang biting, Walandi anadhahi, mariyêm sinulêdan ambal-ambalan. Swaranipun kados rêdi rêbah dhawahing mimis kados jawah, wontên kados daru, tiyang Jawi kathah kang pêjah, rêbah pating sulayah tuwin kêtaton. Wontên kang brangkangan, ingkang majêng-majêng tumpês, nuntên mundur kasaput ing dalu, enjingipun Pangeran Mandurarêja andhawahi ing tiyang Sampang wontên ing baita, dipun jak sarêng anggêpuk bètèng, tiyang Sampang inggih lajêng masang
BTJ 2.8.5
mariyêmipun saking ing baita, arame prang sami mariyêm. Tiyang Walandi ingkang pêjah kapitan satunggil, lutnan kêkalih, kopral tiga, saradhadhu kathah kang tatu utawi kang pêjah tanpa wilangan.
BTJ 2.8.6
Kacariyos Panêmbahan Purbaya sampun dumugi ing laut Jakarta, lajêng prang kalihan Walandi kang wontên ing baita, Walandinipun kawon sampun lumajêng, panêmbahan nuntên minggir, sumêdya mêntas dhatêng dharatan. Ing ngriku taksih rame aprang mariyêm pating jalêgur, mariyêmipun tiyang Jawi dipun sipat sami mariyêm dhatêng ing tiyang Walandi kenging lambenipun gêmpal. Baitanipun kathah kang pêcah, tiyang Jawi kathah kang pêjah, tiyang Walandi inggih kathah kang pêjah. Tiyang Walandi obat mimisipun sampun nipis. Kalampahan tinja kang kadamêl ing obat [oba...] [...t] mimis. Tiyang Jawi kathah balaeran. Amargi kenging ing tinja. Wondene lampahipun Panêmbahan Purbaya sampun dumugi satêngahing paprangan, amung ambêkta panakawan têtiga, tiyang Walandi sampun sami sumêrêp yèn Panêmbahan Purbaya dhatêng, sarta kawartos yèn sakalangkung sakti sagêt mabur, lajêng kinarutug ing sanjata, ing awang-awang sami dipun bêdhili, nanging panêmbahan botên kenging, ngeca-eca sarwi udud anyêlaki bètèng, panêmbahan ngandika sêru, hèh wong Walănda dene kapati-pati ênggonmu ambêdhili mênyang aku, apa kowe ngandêlake kandêle bètèngmu, sarwi anudingi bètèng, bètèngipun tiyang Walandi lajêng bolong satiyang, panêmbahan sarêng sampun adamêl pratăndha lajêng wangsul dhatêng ing baita, sumêja kondur dhatêng ing Matawis. Wondene Pangeran Mandurarêja taksih angantêp prangipun, nanging mêksa botên sagêd anyakêti bètèng, awit botên bêtah mambêt tinja, busananipun sami gubras tinja, para dipati pasisir sabalanipun kathah kang pêjah lan ingkang gêsang, sarta botên wontên kang tahan dene tinja, saunduripun saking prang lajêng sami kungkum ing lèpèn. Kala samantên ngantos lami prangipun, tiyang Jawi kang taksih gêsang salong sami minggat mantuk dhatêng nagarinipun sangêt giris ing manahipun. Dene tiyang Walandi ingkang pêjah tigang brêgada, ingkang taksih gêsang sabrêgada, sampun sami kêkês manahipun. Botên wontên kang nyipta gêsang.
BTJ 2.8.7
Kacariyos konduripun Panêmbahan Purbaya, sampun dumugi nagari ing Matawis. Lajêng sowan ing sang prabu angaturakên wiwitan dumugi wêkasan. Sarta aturipun panêmbahan, prakawis prang ing Jakarta prayogi dipun kèndêli, sabab tiyang Walandi ênggènipun dhatêng wontên ing ngriku, amung sumêja grami kemawon. Kangjêng sultan kapanujon galihipun, alon ênggènipun ngandika, uwa inggih lêrês sampeyan. Kalih dene sampun pinêsthi karsa Allah, tiyang Walandi ing benjing badhe mitulungi dhatêng turun kula, kang sami jumênêng nata, manawi turun kula ing benjing wontên kang kawon prangipun, amêsthi badhe dipun pitulungi dhatêng tiyang Walandi, milanipun kula adamêl prang punika, amungkul damêl lêlabêt kemawon, supados ajriha kang wingking-wingking, kangjêng sultan anuntên ngandika dhatêng gandhèk. Bocah gandhèk, sira mênyanga ing Jakarta, Si Mandurarêja timbalana mulih lan sakancane kabèh, Ki Tumênggung Baurêksa patènana ana ing dalan. Lan Si Mandurarêja ya patènana, bathange pêndhêmên ana ing Kaliwungu. Gandhèk matur sandika lajêng mangkat. Sampun dumugi ing Jakarta, andhawahakên timbalan [timba...] [...lan] dalêm. Pangeran Mandurarêja lajêng bidhal mantuk sakancanipun sadaya, Pangeran Mandurarêja wau sarta Ki Baurêksa inggih sampun sami dipun pêjahi. Tiyang Walandi sarêng uninga gêgaman Matawis bibar mantuk, sakalangkung sami suka manahipun. Sampun sami angintên yèn awit saking karsanipun kangjêng sultan, ingkang amaringi pangapuntên dhatêng tiyang Walandi, tiyang Walandi lajêng sami anglampahakên utusan dhatêng ing Matawis, angaturi pisusung[7] kathah awarna-warni, kala samantên sinêngkalan 1571.