BTJ 2.9

Balambangan, Sumêdhang, lan Ukur

Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 255-258

BTJ 2.9.1

Kacariyos sang nata miyos sinewaka, adhawah dhatêng Pangeran Silarong, adhi Silarong, sira ngluruga ambêdhah ing Balambangan. Sira sun gawani wong măncanagara kabèh lan wong pasisir kiwa, padha adunên prang, sarta sira sun kanthèni bocah ingsun gandhèk Si Padurêksa, dadia mata pitayaningsun, angawasna solahe kawulaningsun kang ala lan kang bêcik gawene. Pangeran Silarong sarta para bupati măncanagari tuwin pasisir aturipun sandika, lajêng sami pradandosan. Sampun sami jangji pakumpulan ing Pasêdhahan. Pangeran Silarong inggih sampun bidhal lan sabalanipun. Lampahipun mêdal ing Kadhiri, anjog ing Pasuruan. Para bupati inggih sampun

BTJ 2.9.2

ngalêmpak wontên ing ngriku, lajêng lampahipun [lampahipu...] [...n] dumugi watêsing Balambangan, amasanggrahan. Tiyang ing nagari Balambangan sami kagegeran angungsi kitha, sang dipati ing Balambangan nuntên utusan nyuwun bantu dhatêng ing Bali, inggih lajêng binantonan, tiyang ing Bali ingkang tate tatal, antawis gangsal atus. Pangagêngipun kêkalih awasta Dewa Lêngkara, kalih Dewa Agung, sosoranipun anama Panji Balèlèng, kalih Panji Macan Kuning, sang dipati nuntên bidhal lan sabalanipun, sarta prajurit ing Bali sadaya, sumêdya amêthukakên mêngsah kang wontên ing Watês, dene kang têngga kitha putranipun sang dipati jalêr kêkalih, anama Ki Mas Kêmbar, lampahipun sang dipati sampun dumugi ing Watês, ajêng-ajêngan kalihan mêngsah. Ing enjingipun anuntên sami mangsah ing prang, bêdhil-binêdhil, tumbak-tinumbak, rame prangipun. Tiyang ing Bali gêgamanipun tulup pasêr mawi upas. Bala ing Mataram kathah kang pêjah dening upas tuwin dêdamêl sanèsipun. Tiyang Bali Balambangan inggih kathah kang pêjah bangke susun atindhih, ingkang prang sami ngidak bêbathang, dangu-dangu tiyang Balambangan kawon prangipun, sami lumajêng angungsi kitha, bala Matawis anglud, kitha rinangsang wani, tiyang salêbêting kitha lumajêng ngungsi ing rêdi, bala ing Matawis sami jêjarah, Ki Mas Kêmbar sampun binêkta, Sang Dipati Balambangan botên kantênan pêjah tuwin gêsangipun. Pangeran Silarong parentah anglud kang sami ngungsi ing rêdi, bala Matawis lajêng sami mangkat sumêngka rumambat ing rêdi, tiyang Balambangan kathah kang kacandhak gêsang tuwin pêjah. Ing ngriku wontên ajaripun satunggil anama Ajar Salokantara, inggih sampun binêsta, kabêkta mudhun saking rêdi, dumugi ngarsanipun Pangeran Silarong, ajar lajêng pinêjahan, jisimipun sirna, anuntên wontên swara, hèh Silarong, aku kopatèni tanpa dosa, ing besuk aku malês mênyang kowe, yèn ana panjênênganing nata, gèthèk baune kang kiwa iku aku kang nitis ana ing kono, kowe ing kono takpatèni. Pangeran Silarong lan sabalanipun nuntên bidhal kondur dhatêng Matawis, sarta ambêkta jarahan tuwin boyongan. Sadhatêngipun ing Matawis sampun katur ing sang prabu, Ki Mas Kêmbar lajêng linuwaran babêstanipun sarta kasupaosan, tinêtêpakên dados bupati ing Balambangan. Sang nata anggêganjar ing balanipun kang sami mênang prang, Radèn Padurêksa lêlurah gandhèk kaangkat nama Pangeran Têpasana. Sang nata lajêng dhawah dhatêng Tumênggung

BTJ 2.9.3

Singaranu andikakakên ambêdhah ing Sumêdhang tuwin ing Ukur, inggih sampun kalampahan. Rajabrana sarta tiyang èstrinipun inggih sampun binoyongan dhatêng Matawis. Kala samantên kangjêng sultan amêng-amêng, angidêri pakêbonan, kairing abdi èstri angampil [angampi...] [...l] talêmpak, landheyanipun kajêng wrêgu, ing ngriku kangjêng sultan kagungan ingon-ingon kidang jalêr, anglangkungi galak. Sarêng ningali kangjêng sultan kidang nyandêr badhe nyakot. Kangjêng sultan enggal nyandhak talêmpak. Kidang dipun talêmpak kenging andhêmanipun. Rahipun sumêmbur, saking rikating panyandêring kidang kuwatipun kangjêng sultan, landheyan kajêng wrêgu mangkêlung, wêntasipun[8] kangjêng sultan kenging kagayor ing kidang, nanging botên pasah, kidang lajêng pêjah, kangjêng sultan andhawahakên prasapa, besuk saturunku aja ana anganggo landheyan kayu wrêgu, sabab anêniwasi.