BTJ 2.10

Wêkasanipun Sultan Agung lan Wiwitanipun Mangkurat

Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 258-260

BTJ 2.10.1

Kacariyos kangjêng sultan punika kadhatonipun kêkalih, satunggil nama ing kutha Karta, satunggilipun ing sagantên kidul, sabab Rara Kidul punika sampun kagarwa ing kangjêng sultan. Ing sabên-sabên kangjêng sultan amêsthi têdhak anyare ing sagantên kidul. Utawi bilih kangjêng sultan miyos sinewaka, para jim pêri prayangan inggih lajêng sowan, nanging ingkang uninga namung kangjêng sultan piyambak. Kalih dene sampun misuwur, yèn kangjêng sultan wau sakalangkung sêkti sarta kuwasa, balanipun manungsa utawi jim pêri prayangan sami ajrih asih. Kala samantên kangjêng sultan sampun pêputra jalêr kêkalih, ingkang sêpuh nama Pangeran Dipati Arya Mataram, sampun kakramèkakên angsal putranipun Pangeran Pêkik, [Pê...] [...kik,] patutanipun kalihan Ratu Pandhan. Ingkang ènèm anama Radèn Mas Alit, utawi nama Pangeran Danupaya. Sarêng sampun pêputra kêkalih, kangjêng sultan gêrah sangêt. Ingadhêp para garwa tuwin putra sarta para santana sadaya. Kangjêng sultan angandika dhatêng Pangeran Purbaya, uwa Purbaya, ing mangke kula badhe tinêkakakên ing jangji, dene wêling kula, kang prayogi jumênêng nata anggêntosi ing kula, putra kula ingkang sêpuh, Pangeran Dipati Arya Mataram. Dene putra ingkang ênèm inggih tumuta mukti, jêngandika mugi ingkang sagêd amomong wayah jêngandika putra kula, uwa tuwin sanak kula sadaya, dipun sae kantun. Kangjêng sultan anuntên seda, swaraning tangis salêbêting

BTJ 2.10.2

kadhaton gumêrah, gunung Marapi gumaludhug awor swaraning ampuhan. Layon sampun siniraman sarta kasalatakên. Nuntên kabêkta kasarèkakên ing Mogiri, sinêngkalan 1578.

BTJ 2.10.3

Ing dintên Soma Panêmbahan Purbaya miyos anganthi ingkang wayah, linênggahakên ing dhampar wontên ing sitinggil, bala ing Matawis pêpak sowan sadaya, panêmbahan ngandika sêru, hèh wong Mataram kabèh, sira padha nêksènana, yèn Pangeran Dipati Arya Mataram ingsun junjung jumênêng nata anggêntèni ingkang rama swargi ajêjuluk Kangjêng Susuhunan Mangkurat, Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama. Bala ing Matawis saurpêksi sadaya tuwin pandhita para kaji sadaya sami andonga jumurung, sang nata nuntên kondur angadhaton. Kala jumênêngipun sang prabu punika nagarinipun gêmah raharja, jêjêg adil kukumipun. Pêparentahanipun botên ewah, taksih kados ingkang rama swargi. Ing dintên Rêspati sang nata miyos sinewaka, para santana bupati mantri pêpak sowan sadaya, punapa dene ingkang rayi sang prabu ingkang nama Pangeran Alit inggih sampun sowan. Sang nata angandika dhatêng para bupati tuwin santana sadaya, sarupane kawulaningsun kabèh, padha anyithaka bata, ingsun bakal mingsêr têka ing kutha Karta, patilasane kangjêng rama ingsun tan arsa ngênggoni, ingsun bakal yasa kutha ing Palèrèd. Bala Matawis sadaya matur sandika. Sang nata ngandika malih dhatêng Tumênggung Wiraguna lan Tumênggung Danupaya, sira padha ngaluruga marang ing Balambangan, sabab ing mêngko wis dirêbut marang wong Bali, bupatine wus nungkul, sira sun kanthèni wong măncanagara kabèh, Si Tumênggung Mataram milua angirida wong pasisir mêtua ing laut. Nanging Si Dipati Sampang aja mèlu, uruna prajurit bae. Ki Tumênggung Wiraguna, Tumênggung Danupaya, Tumênggung Mataram matur sandika, lajêng budhal lan sabalanipun.