BTJ 2.11
Pambalikipun Pangeran Alit
Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 261-267
BTJ 2.11.1
Kacariyos ingkang rayi sang prabu kang nama Pangeran Alit wanci jaka kumala-kala, dèrèng akrama, pangeran wau kagungan êmban kêkalih sami lênggah bupati, nama Tumênggung Danupaya ing mangke sawêg kesah nglurug dhatêng Balambangan, satunggilipun anama Tumênggung Pasisingan. Pangeran Alit wau timur mila adalêm ing
BTJ 2.11.2
Danupayan. Ing nalika punika sang pangeran pinuju lênggah ing dalêmipun, Ki Tumênggung Pasisingan sarta anakipun anama Agrayuda sami sowan ing kangjêng pangeran. Pasisingan matur saha sêmbah, aturipun Pasisingan kalihan Agrayuda sagah anjumênêngakên nata, sarta ambêbangus, angadon-adoni awon. Saaturipun Pasisingan, yèn tiyang ing Matawis kathah ingkang sagah ambiyantoni piyambakipun, kalih dene sapunika ing kadhaton asring sêpên, botên wontên tiyang, sabab tiyang Matawis sadaya sami anggarap kitha, ing samangsanipun sêpên, Ki Pasisingan sagah ngamuk dhatêng kadhaton. Wangsulanipun Pangeran Alit, sagah dipun galih rumiyin sarta angêntosi ingkang bapa Ki Tumênggung Danupaya. Ki Pasisingan amêksa, kathah-kathah aturipun, sarta abdinipun para lurah sadaya inggih sami angrêmbagi, ambiyantoni aturipun Pasisingan. Pangeran wau dangu-dangu kèlu ing galihipun, kamanisên ing aturipun tiyang kathah, pangandikanipun. Yèn mêngkono aku ya nurut bae, manawa nyata wong Mataram bakal padha ambiyantoni ênggonku bakal angrêbut karaton. Ki Pasisingan lan Agrayuda lajêng pamit mantuk atata-tata, sadhatêngipun ing griya Ki Pasisingan wicantên dhatêng Ki Agrayuda, thole, sesuk kowe amêpaka gêgaman, aku tak mênyang pagaweyan ambêbata dhingin sarta amaspadakake wong Mataram, kang padha masang bata, adate nèk bubar isih awan. Manawa kang nyambut gawe wis padha mulih, kowe tak kongkoni, têkaa sagêgamanmu kabèh, ayo padha banjur ngamuk marang kadhaton. Agrayuda anyagahi. Kala samantên Panêmbahan Purbaya sampun sumêrêp ing prakawis punika, lajêng matur ing sang prabu, sang nata sakalangkung ngungun, nuntên dhawah dhatêng panêmbahan. Ing samangsanipun Pasisingan dhatêng wontên ing padamêlan, lajêng andikakakên amêjahi, panêmbahan matur sandika. Ing enjingipun panêmbahan angrumiyini dhatêng padamêlan. Tiyang Matawis sampun winangsit sadaya, botên dangu Pasisingan dhatêng, lajêng sami dipun suduki sampun pêjah, rencangipun sami lumajêng, sanjang dhatêng Agrayuda yèn kang rama sampun pêjah, Agrayuda sarêng mirêng anangis, lajêng mandhi waos sarta numpak kapal, rencangipun sami dipun jak ngamuk. Anuntên mangkat, [mangka...] [...t,] nanging rencangipun sami nglolosi, Agrayuda kantun piyambak. Lampahipun sampun dumugi ing pangurakan. Ing
BTJ 2.11.3
ngriku sampun dipun rakiti, Agrayuda nuntên karampog ing tiyang kathah sampun pêjah, sirahipun kakêthok. Panêmbahan Purbaya nuntên matur ing sang prabu, yèn Pasisingan sarta Agrayuda sampun pêjah, sirahipun inggih kaaturakên. Sang nata enggal miyos sinewaka, bala Matawis pêpak sadaya, sang nata angandika dhatêng abdi èstri, bocah wadon, timbalana adhi mas Pangeran Alit, warahên bakal ingsun kon ênjênêngi ênggon ingsun gawe kutha, pawongan enggal lumampah dhatêng Danupayan. Pangeran Alit sarêng kadhawahan inggih enggal ênggènipun sowan. Sadhatêngipun ing ngarsane sang prabu lajêng dipun uncali sirahipun Pasisingan sarta Agrayuda, sang nata sarwi ngandika, iku rupane kang bakal anjunjung nata marang sira, Pangeran Alit enggal narik dhuwung, sirah kêkalih lajêng dipun suduki sarta angandika, Pasisingan kowe genea têka ngèmbèt-èmbèt marang aku, sang prabu alon andangu, kapriye calathumu iku adhi mas. Pangeran Alit matur saha sêmbah, kakang prabu, kula botên pisan yèn gadhaha cipta badhe amêngsah ing panjênêngan dalêm tuwin yèn murinaa ênggèn sampeyan [sa...] [...mpeyan] jumênêng nata, kula botên rumaos murina, punika amung akalipun Pasisingan piyambak. Sang nata mirêng aturipun ingkang rayi awêlas ing galihipun. Alon ênggènipun angandika, yèn kaya mêngkono adhi mas, sarupane baturmu kang jênêng lêlurah ingsun pundhut kabèh, aturna ing saiki, ingsun anti ana ing sitinggil. Pangeran Alit matur sandika, nuntên lèngsèr saking ngarsane sang nata, sarawuhipun ing dalêm, ingkang abdi taksih pêpak sadaya, kathahipun tigang atus, lêlurahipun wau êmban tiyang alit kêkalih, talèdhèk jalêr satunggil. Sang pangeran ngandika, bocah lêlurah, payo kowe padha dakbănda kabèh, dipundhut marang kakang prabu ing saiki. Para abdinipun lêlurah lajêng sami anangis sadaya, sarta sami angrangkul sukunipun sang pangeran. Ingkang sami wontên ing pasowan jawi mirêng swaraning tangis lajêng sami lumêbêt, inggih tumut anangis. Akathah-kathah aturipun sarta sami angunggar-unggar dhatêng gustinipun. Pangeran Alit lajêng mêdal suraning galih, awêlas ningali para abdinipun, nuntên parentah angrasuk gêgamaning prang, para abdi enggal sami anyandhak gêgaman. Anuntên wontên utusanipun sang prabu angenggalakên, anama Ki Sumêngit kalih
BTJ 2.11.4
Dakawana, nanging Ki Dakawana kantun wontên ing jawi, Ki Sumêngit [Sumêngi...] [...t] piyambak ingkang lumêbêt, inggih lajêng pinêjahan. Ki Dakawana sarêng sumêrêp enggal wangsul angaturi uninga ing sang prabu. Sang nata sarêng mirêng aturipun Ki Dakawana sangêt ngungun sarwi nênggak waspa, Panêmbahan Purbaya alon matur, sinuhun, sampun pinêsthi karsa Allah, rayi dalêm badhe botên tutug yuswanipun. Sang nata ngandika sêru, hèh sarupaning wong Mataram, mêngko yèn adhi mas ngamuk, aja ana kang nglawani, sanajan olèha pêpati akèh ya padha piyak kabèhe, supaya têkaa ing ngarsaningsun. Dene manawa ana kang wani mapagake prang, amêsthi ingsun kêthok gulune. Panêmbahan lajêng dhatêng ing alun-alun undhang-undhang, botên dangu Pangeran Alit dhatêng sabalanipun, kandhêg wontên ing pangurakan, angêntosi tiyang Matawis kang sagah sami ambiyantoni, sarêng dangu botên wontên dhatêng, abdinipun sang pangeran têlas sami nglolosi, amung kantun lêlurah nênêm. Pangeran Alit sampun nekad pêjah, tiyang Matawis sami piyak ngiwa nêngên. Anuntên Sang Dipati Sampang kang nama Dêmang Malaya, enggal malajêngi angrangkul sukunipun sang pangeran, matur amêmalangi karsanipun. Supados wandea ênggènipun badhe ngamuk. Pangeran Alit sampun riwut ing galih, sang dipati ing Sampang kacublês ing dhuwung gêgithokipun lajêng pêjah. Tiyang ing Sampang sarêng aningali gustinipun pêjah wontên ing alun-alun, lajêng ambyuk. Pangeran Alit sinosog ing gêgaman, nanging botên pasah, tiyang Sampang kathah kang pêjah dening sang pangeran. Lêlurah nênêm wau sampun pêjah sadaya, Pangeran Alit sarèhning sayah, lajêng kacocok ing dhuwungipun piyambak, pupunipun bucêk satuma, Pangeran Alit lajêng seda wontên sangandhaping waringin kurung. Para dipati enggal sami angrêrămpa layonipun sang pangeran, kabêkta minggah ing sitinggil. Sang prabu sarêng aningali ingkang rayi seda, sangêt ênggènipun muwun. Ingkang ibu lajêng angrukêbi layone kang putra sarwi muwun. Sang nata andangu mênggah ingkang mêjahi dhatêng ingkang rayi, para dipati sami matur ing wiwitan dumugi wêkasan. Sang nata angandika, adhiningsun isih bocah wis digdaya, olèh bela dipati sarta akèh wong Sampang kang padha mati dening adhi mas, hèh wong Mataram kabèh, ingsun sêksènana, ing mêngko adhi mas sun belani.
BTJ 2.11.5
Sang nata lajêng amêrang baunipun ingkang kiwa, pasah rahipun mêdal.
BTJ 2.11.6
Kacariyos sang nata ing samangke darbe ciri gèthèk baunipun kang kiwa, ing ngriku panitising pun ajar ing rêdi Balambangan, kang dipun pêjahi dhatêng Pangeran Silarong rumiyin. Wondene layonipun Pangeran [Pange...] [...ran] Alit inggih lajêng kapêtak ing Magiri.
BTJ 2.11.7
Kala samantên sang prabu sampun ngalih kadhaton ing Palèrèd.