BTJ 2.12
Balambangan lan Upas Anglung
Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 267-269
BTJ 2.12.1
Kacariyos ingkang sami nglurug dhatêng ing Balambangan, Ki Tumênggung Wiraguna lan Ki Tumênggung Danupaya, tiga Ki Tumênggung Mataram. Nagari Balambangan inggih sampun bêdhah, Dipati Balambangan angungsi dhatêng Bali, tiyang Balambangan jalêr èstri sami binoyongan dhatêng ing Matawis, kathahipun sèwu gangsal atus. Ki Tumênggung Wiraguna anglud dhatêng ing Bali, kandhêg wontên sapinggiring sagantên. Botên sagêd nyabrang, tiyang ing Bali sarêng sumêrêp sumêja nungkul, mêdal ing laut. Lajêng kapêthukakên prang laut dhatêng Ki Tumênggung Mataram. Tiyang ing Bali kathah kang pêjah, anuntên sami lumajêng. Ki Tumênggung Wiraguna, kalih Danupaya, tiga Tumênggung Mataram lajêng sami bidhal mantuk dhatêng ing Matawis. Ki Tumênggung Wiraguna wontên ing margi sakit lajêng pêjah, Ki Tumênggung Danupaya sarêng mirêng pawartos yèn Pangeran Alit seda, tumuntên anguntal upas lajêng pêjah, anak putunipun inggih nuntên andikakakên mêjahi sadaya, kathahipun tiyang kalih wêlas. Dene bêboyongan saking Balambangan sadaya kakèndêlakên wontên ing Taji.
BTJ 2.12.2
Amangsuli cariyosipun Pangeran Silarong, kala [ka...] [...la] panjênênganipun Kangjêng Sultan Agung Pangeran Silarong pinuju kêmit, wontên ing pandhapi kadhaton. Kangjêng sultan amarêngi duka dhatêng Juru Taman. Pun Juru Taman dipun talêmpak. Jajanipun pasah, rahipun sumêmbur ing siti, Juru Taman bathangipun sirna, kangjêng sultan dhêdhawah dhatêng Pangeran Silarong andikakakên bucal rah wau. Pangeran Silarong lajêng angêruki rah, dipun wadhahi ing takir, siti sangandhaping rah inggih dipun têdhuki sakêdhik, kawadhahan sanès, sarêng enjing Pangeran Silarong mantuk. Sadhatêngipun ing dalêm lajêng dhahar, rah wau katutul ing sêkul sakêpêl, kapakakakên ing
BTJ 2.12.3
sagawon. Sêgawon lajêng pêjah sakal. Daginging sêgawon ambêdhêl, rah wau lajêng dipun carubi lisah kalêntik, kaparingan nama upas anglung. Anuntên wontên tiyang gadhah kasêngitan, anyuwun sarat dhatêng Pangeran Silarong, inggih nuntên kaparingan upas anglung, tiyang ingkang dipun upasi wau inggih lajêng pêjah, anuntên wontên tiyang nyuwun panawaning upas anglung, inggih dipun paringi dhatêng Pangeran Silarong, ingkang dipun paringakên dhudhukaning siti sangandhaping rah wau, ingkang dipun paringi anama Ki Citra. Wondene tiyang ingkang sami kalêbêtan upas anglung, samangsanipun dipun jampèni dhatêng Ki Citra inggih lajêng saras. Ing lami-lami misuwur ing têtiyang sanagari ngantos katur ing kangjêng sultan. Pangeran Silarong wau lajêng katundhung, dipun griyakakên ing dhusun Naladana. Sarêng panjênênganipun kangjêng sunan gèthèk punika misuwur malih, ngantos katur ing kangjêng sultan. Pangeran Silarong wau lajêng dikakakên mêjahi, Pangeran Silarong inggih sampun pêjah, punika anelakakên yèn sêsumbaripun ajar ing Balambangan, ingkang dipun pêjahi Pangeran Silarong rumiyin sayêktos.