BTJ 2.13

Ratu Malang

Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 269-270

BTJ 2.13.1

Kala samantên sang nata adhawah ngupados tiyang èstri ayu badhe kadamêl garwa sêlir, anuntên wontên tiyang ingkang matur, yèn dhêdhalang ringgit gêdhog, inggih tiyang salêbêting nagari Matawis anama Ki Wayah, agadhah anak èstri satunggil sakalangkung ayu nanging sampun gadhah bojo anama Ki Dalêm. Sarêng katur ing sang prabu lajêng dikakakên mundhut. Nanging èstri wau sampun wawrat kalih wulan. Sang nata sarêng aningali sakalangkung rêmên, lajêng kaprênahakên ing dalêm.

BTJ 2.13.2

Kacariyos sang nata ngantos supe dhatêng garwanipun, sangêt kasêngsêm dhatêng èstri wau, malah kaangkat nama Ratu Wetan. Tiyang kathah sami amastani Ratu Malang, botên antawis lami bêktanipun wêtêngan wau lajêng lair mêdal jalêr, sang nata sangêt sihipun. Anuntên bojonipun tiyang èstri ingkang nama Ki Dalêm wau andikakakên mêjahi, ing sapêjahipun Ki Dalêm, Ratu Malang tansah anangis, kang kacipta amung Ki Dalêm. Ing rintên dalu tansah asambat Ki Dalêm kemawon. Botên lami Ratu Malang wau sakit mutah ngising lajêng pêjah. Sapêjahipun Ratu Malang sawarninipun abdi èstri salêbêting dalêm sadaya sami binêthekan wontên palataran kaputrèn. Mila makatên, kalanipun Ratu Malang wau

BTJ 2.13.3

sakit sêsambatipun Ki Dalêm kemawon. Pangraosipun sang prabu sakitipun Ratu Malang amargi dipun damêl ing tiyang sadalêm. Wondene jisimipun Ratu Malang inggih lajêng dikakakên ambêkta dhatêng rêdi Kêlir, nanging botên kalilan mêndhêm. Sabab sang prabu sangêt anggènipun agandrung, rintên dalu tansah atêngga maidipun[1] Ratu Malang, akalihan babêktanipun putra wau, para santana tuwin para bupati sami angaturi kondur angadhaton, nanging sang prabu botên karsa, andadosakên orêgipun tiyang sanagari Matawis. Botên antawis lami, sang nata ing dalu sare wontên ing ngriku, supêna yèn Ratu Malang wau kumpul kalihan bojonipun kang nama Ki Dalêm. Sawungunipun saking sare sang prabu aningali jisimipun Ratu Malang sampun ical sipating tiyang, sang nata lajêng kondur angadhaton, sarta adhêdhawah mêndhêm jisimipun Ratu Malang, sinangkalan 1578. Têtiyang sanagari Matawis inggih sampun têntrêm.