BTJ 2.14

Pangeran Pêkik lan Wangsit Turuning Ratu

Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 271-274

BTJ 2.14.1

Kala samantên sang prabu sampun apêputra gangsal sami jalêr sadaya, ingkang pambajêng patutanipun kalihan putra ing Surabaya, kaangkat nama Pangeran Dipati Anom, punika ingkang ginadhang anggêntosi jumênêng nata, ingkang rayi sakawan wau sami sanès ibu, panggulunipun anama Pangeran Pugêr, pandhadha Pangeran Singasari, sundhulanipun Pangeran Martasana, wuragilipun anama Dèn Mas Tapa.

BTJ 2.14.2

Kacariyos Pangeran Pêkik ing Surabaya, tunggil dalêm kalihan wayahipun ingkang nama Pangeran Dipati Anom. Pangeran Pêkik sarta ingkang garwa sangêt asihipun dhatêng ingkang wayah. Kala samantên Pangeran Pêkik gadhah ingon-ingon bakisar èstri, ênggènipun angingu kala taksih kuthuk. Sarêng lami-lami dados jalêr, bagus warninipun sarta sagêd kaluruk. Pangeran Pêkik wau sangêt eram ing galihipun, lajêng agadhah cipta yèn bakisar wau pantês kaaturna ing sang prabu, pangraosipun sabab aneh. Anuntên kurunganing bakisar kaluruban sutra pêthak. Pangeran Pêkik lajêng sowan lumêbêt kadhaton, sampun kêpanggih kalihan sang nata lênggah satata, Pangeran Pêkik angaturakên bakisar, sarta aturipun yèn bakisar wau kala rumiyin èstri, samangke dados jalêr, prayogi yèn wontêna ing kadhaton. Sang prabu sampun anampèni [ana...] [...mpèni] bakisar, ing lair sangêt suka sarta eram. Nanging ing batos sangêt duka, mila makatên sang prabu wau sampun limpad ing wêweka, sagêd anukma ing agal rêmit. Wondene panggalihipun sang prabu, ingkang

BTJ 2.14.3

paman kawastanan ngaturi pasêmon, sabab putranipun èstri sampun kagarwa ing sang prabu sarta sampun patutan jalêr satunggil anama Pangeran Dipati Anom, samangke sampun diwasa, supados sang prabu asèlèha, pangeran dipati jumênênga nata. Sang nata sasampune anggalih makatên, ingkang paman lajêng kadhawahan mantuk. Samantukipun Pangeran Pêkik sang nata anuntên ngandika wêwartos dhatêng para abdi ingkang sami ngadhêp. Yèn sowanipun ingkang paman wau ngaturi pasêmon awon, ingkang paman kawastanan tiyang sêpuh botên prayogi. Dêdukanipun sang prabu makatên wau lajêng kawartos ing tiyang kathah, Pangeran Pêkik inggih sampun kêmirêngan sarta sangêt ing gêtun kalihan ajrih, lajêng apepe wontên sakiduling waringin kêmbar sagarwa tuwin kulawangsanipun sadaya, sami angangge sarwa pêthak. Sang nata nuju miyos sinewaka wontên ing sitinggil. Angangkat putranipun babêktan saking Ratu Malang kaparingan nama Pangeran Natabrata, anuntên sang nata aningali tiyang pepe kathah, sarêng kapariksa ingkang pepe wau pangeran ing Surabaya sagarwa tuwin [tuwi...] [...n] kulawangsanipun sadaya, enggal katimbalan minggah ing sitinggil.[2] Pangeran Pêkik inggih nuntên minggah ing sitinggil kalihan garwanipun ambondhèti wontên ing wingking, ingkang aningali sami ngêrês manahipun. Sang prabu sarêng aningali ingkang paman kalihan ingkang bibi dhatêng lajêng tumurun saking dhêdhampar, ingkang paman kalihan ingkang bibi kaajak lênggah satata wontên ing ngandhap. Sang nata andangu ingkang dados sababing pepe. Pangeran Pêkik matur, angaturakên prasêtya, amargi ênggènipun anyaosi bêkisar rumiyin botên pisan-pisan cipta angaturi pasêmon tuwin yèn amêmiringana sarta sumêdya abalela, punapa malih yèn gadhaha cipta anggege măngsa, aturipun Pangeran Pêkik saha kang garwa, manawi sang prabu botên karsa angapuntên, anyuwun mugi kapêjahana kemawon. Ing samangke aturipun wau kalihan nangis, sarwi lênggah tumungkul. Sang nata sarêng mirêng aturipun ingkang paman sarta ingkang bibi lajêng tumut muwun. Kèngêtan ingkang rama swargi, sakathahipun ingkang sami sowan cakêt sadaya sami brêbês mili, awêlas aningali dhatêng Pangeran Surabaya. Sang nata ngandika sarwi ngusapi waspa, paman tuwin bibi, sampun kathah-kathah ingkang sampeyan galih, kula botên rumaos duka, sarta ing mangke kula inggih sampun amaring[3] maklum dhatêng ing sampeyan. Kaping

BTJ 2.14.4

kalihipun [kalih...] [...ipun] paman, benjing yèn kula sampun seda, amêsthi wayah sampeyan kang ênggêtosi kula jumênêng nata, ananging kadhatonipun dede ing Matawis. Wayah sampeyan angadhaton ing Wanakarta, dene ing ngriki, amung kula piyambak kang mungkasi jumênêng nata. Pangeran Pêkik matur, panyuwun kula ing Allah kaping kalih ingkang Nabi Rasulullah, nagari ing Matawis ngriki sampun ewah-ewah, ingkang jumênêng nata sampun liya saking trah dalêm. Sang prabu amangsuli, paman, sampun pinêsthi karsaning Allah, yèn nagari Matawis badhe risak. Amargi saking wayah sampeyan pun thole Dipati Anom. Pangeran Pêkik sarêng mirêng wirayatipun sang prabu, sangêt ênggènipun gêtun. Pangeran Pêkik kalihan ingkang garwa lajêng kadhawahan mantuk. Sang nata kondur angadhaton ginarêbêg ing badhaya tuwin parêkan.