BTJ 2.15

Pados Garwa lan Rara Hoyi

Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 274-276

BTJ 2.15.1

Kala samantên sang prabu animbali Mantri Kapêdhak kêkalih awasta Nayatruna kalih Yudakarti. Sang nata angandika, Nayatruna Yudakarti, sira lungaa marang tanah pasisir utawa măncanagara, sira goleka wong wadon kang prayoga bakal ingsun gawe garwa, nanging wêkas ingsun ing ngêndi nagara kang sira ambah iku nuli sira anggăndaa banyune sêsumbêran. Samangsane banyune sêsumbêran sira gănda wangi, iya ing kono ênggone wong wadon kang ayu, masthikaning wanodya, anuli sira pêpêka, sarupaning wong wadon ing nagara kono dalasan wong desa. Ki Nayatruna Yudakarti matur sandika, lajêng mangkat anjujug ing Jêpara lajêng mangetan dumugi ing Surabaya, wontên ing ngriku lajêng amanggih toya kang wangi gandanipun. Ki Nayatruna Yudakarti nuntên amanggihi Mantrinipun Pangeran Pêkik, ingkang dipun pitadosi têngga nagari ing Surabaya, anama Ngabèi Mangunjaya, Ki Nayatruna Yudakarti andhawahakên timbalan dalêm. Ki Mangunjaya mirêng dhawahipun Ki Yudakarti sakalangkung kagèt. Wicantên salêbêting manah, baya wis pinêsthi karsaning Allah, yèn anakku wadon bakal dadi garwaning raja, Ki Mangunjaya lajêng wicantên dhatêng Nayatruna Yudakarti, Ki Nayatruna Yudakarti, pangraos kula tiyang èstri sanagari ngriki warninipun botên wontên ingkang nyamèni anak kula èstri, sanajan sampeyan pêpêka dalasan tiyang ing dhusun, inggih dèrèng wontên ingkang mirib, ananging dèrèng diwasa, sawêk birai sêkar, anama pun Hoyi, Ki Mangunjaya lajêng anyêluk anakipun èstri, inggih sampun

BTJ 2.15.2

dhatêng. Ki Nayatruna Yudakarti sarêng aningali dhatêng ni rara anjomblong, sangêt eramipun. Nuntên parentah dhatêng Ki Mangunjaya yèn anakipun èstri kapundhut ing sang prabu sarta Ki Mangunjaya sabojonipun andhèrèkna dhatêng Matawis. Ki Mangunjaya matur sandika, lajêng pradandosan. Sasampuning samêkta lajêng bidhal. Sadhatêngipun ing Matawis, Ki Nayatruna Yudakarti anjujug ing griyane lêlurahipun anama Ngabèi Wirarêja, inggih kalajêngakên dhatêng ing kadhaton. Sampun katur ing sang prabu. Sang nata sarêng aningali dhatêng lare èstri, kapanujon ing galihipun, sarta sangêt ing rêmênipun. Ananging kapalang dèrèng măngsa, lajêng ngandika dhatêng Ngabèi Wirarêja, Wirarêja, bocah wadon iki rêksanên ana ing omahmu bae, angulaha ayu, besuk yèn wis mangsane bae aturna marang kadhaton. Wirarêja aturipun sandika, ni rara lajêng kabêkta dhatêng ing Wirarêjan.