BTJ 2.16

Pangeran Dipati Anom, Radên Dhobras, lan Rêdi Marapi

Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 276-277

BTJ 2.16.1

Kacariyos Pangeran Dipati Anom ulah lambang sari kalihan garwanipun Pangeran Singasari, Pangeran Singasari botên sumêrêp. Nanging Radèn Ayu Singasari wau agadhah rêmênan malih anama Radèn Dhobras. Radèn Dhobras punika putranipun Pangeran Pêkik, ingkang paman ing Pangeran Dipati Anom. Dene Pangeran Singasari wau inggih sampun sumêrêp. Yèn garwanipun bêbedhangan kalihan Radèn Dhobras. Pangeran Singasari sangêt ênggènipun duka. Anuntên Pangeran Dipati Anom sumêrêp, yèn garwanipun Pangeran [Pa...] [...ngeran] Singasari rêrêmênan kalihan Radèn Dhobras. Pangeran dipati lajêng awêwadul dhatêng Pangeran Singasari, Pangeran Singasari sarêng dipun waduli dhatêng ingkang raka sangêt ing dukanipun, Radèn Dhobras wau lajêng dipun apusi, kaajak dolan dhatêng kêbon wanan. Wontên ing ngriku lajêng dipun pêjahi, jisimipun kalêbêtakên ing sumur, ing nginggil katanêman pisang. Ing sanesipun dintên Pangeran Pêkik dhawah angupadosi putranipun kang nama Radèn Dhobras. Sarêng angsal titik yèn wontên salêbêting sumur, lajêng dipun dhudhuk kabêkta mêdal. Kala samantên kasarêngan ing rêdi Marapi murub, swaranipun gumalêdhêg, anggêgirisi, sela agêng-agêng sami tarung, atêmahan latu, yèn dipun tingali kados jawah latu, ladhu alorodan urut lèpèn. Kathah dhusun ingkang kaurugan tuwin kabêsmi, têtiyang ing dhusun kathah kang pêjah, têtiyang ing nagari ing Matawis sami gègèr, awit katrajang

BTJ 2.16.2

ing ladhu tuwin jawah awu, sang nata lajêng adhawah dhatêng para khaji sarta para ngulama sami andêdongaa ing Allah, rêdi Marapi inggih tumuntên sirêp urubipun. Kala samantên sinêngkalan 1594.