BTJ 2.17

Rara Hoyi lan Pangeran Dipati Anom

Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 277-286

BTJ 2.17.1

Botên antawis lami sang nata animbali ingkang putra Pangeran Dipati Anom. Sadhatêngipun ingajêngan ingkang rama angandika, thole, sarèhning sira wis diwasa, [di...] [...wasa,] bêcik sira akramaa, saiki sira mênyanga ing wismane si adipati ing Carêbon. Dhèwèke duwe anak wadon, ayu rupane, kaya-kaya patut yèn dadia jodhonira, sira bêcik andêlênga dhingin. Manawa sira wus sênêng, sun pundhute marang ing kadhaton. Pangeran dipati matur sandika, lajêng mangkat dhatêng ing dalêmipun Adipati Carêbon. Sarawuhipun ing ngriku nuntên dipun aturi lênggah ing dalêm. Sang Dipati Carêbon sampun sumêrêp, yèn Pangeran Dipati Anom wau badhe anontoni ing anakipun èstri. Sang Dipati Carêbon lajêng andhawahi dhatêng anakipun èstri angladosna sêgah gantèn. Pangeran dipati sarêng aningali dhatêng sang rêtna, ing salêbêting galih inggih angalêm, mênggah warninipun inggih sakalangkung ayu, nanging pasêmonipun ragi lanas. Kagalih yèn purun dhatêng tiyang jalêr, dangu-dangu pangeran dipati sangsaya têbih galihipun aningali dhatêng sang rêtna, tumuntên kondur matur dhatêng ingkang rama yèn botên rêmên. Ing sanèsing dintên pangeran dipati pinuju amêng-amêng amampir ing Wirarêjan. Lampahipun dumarojog dhatêng ing pandhapi, kacariyos anakipun Ki Mangunjaya kang nama Rara Hoyi sampun mêpêk birai, dhasar wêrninipun sakalangkung ayu, ing sabên dintên tansah ngulah pasariran, [pasa...] [...riran,] dados sangsaya wêwah ayunipun. Sariranipun kuning anêmu giring, dêdêgipun rêspati, sarta pantês ing salêlewanipun. Pasêmonipun prak ati, esêmipun pait kilang. Kala samantên sang rêtna pinuju bathik wontên ing pandhapi kalihan Nyai Wirarêja, kagèt aningali rawuhipun pangeran dipati, sang Rara Hoyi enggal ênggènipun kesah lumêbêt dhatêng ing griya wingking, lampahipun nolèh-nolèh asarwi anata gêlung. Pangeran dipati sarêng aningali dhatêng ni rara sangêt kagèt, galihipun tarataban alupa sariranipun. Dangu ênggènipun kamitênggêngên, sangêt ing kasmaranipun. Ki Ngabèi Wirarêja sarêng aningali pangeran dipati rawuh, enggal malajêng angrangkul sukunipun pangeran dipati,

BTJ 2.17.2

nêmbah sarwi matur, gusti, kadingaren panjênêngan dalêm têdhak dhatêng griya kula, badhe karsa mundhut punapa, sumăngga pinaraka salêbêting griya kula, pangeran dipati amangsuli, aku têka dolan mampir arêp wêruh ing omahmu bae, Wirarêja, aku takon marang kowe, wong wadon kang bathik mau sapa, apa anakmu dhewe. Ki Wirarêja matur, gusti, tiyang èstri punika wau sêngkêranipun rama dalêm, lare saking Surabaya, angsalipun mundhut kala taksih alit, lajêng kadèkèkakên ing griya kula, yèn sampun mangsanipun birai, kula kadhawahan [kadhawah...] [...an] anyaosakên dhatêng kadhaton. Măngka ing mangke sampun wancinipun, inggih tumuntên badhe kula aturakên ing rama dalêm. Pangeran dipati sarêng mirêng aturipun Ki Wirarêja, sangsaya sangêt ênggènipun kasmaran dhatêng èstri wau, lajêng wangsul sumêja kondur anitih kapal nyandêr lampahipun. Sarawuhipun ing dalêm lajêng sare sarta amujung kampuh, sakathahe abdinipun sami amastani yèn gustinipun gêrah, amung êmbanipun èstri ingkang sumêrêp yèn pangeran dipati wau gêrah brăngta dhatêng èstri Pawirarêjan. Êmban wau enggal ngaturi uninga ing Pangeran Pêkik. Pangeran Pêkik sarêng mirêng aturing êmban, kumêpyur ing galihipun. Rumaos yèn badhe manggih bilai, lajêng angandika dhatêng ingkang garwa kang nama Ratu Pandhan. Ratu, aku sumêja nêrak kaluputan. Payo padha ênjupuk wong wadon ing Pawirarêjan, bakal dakwèhake putumu pangeran dipati, supaya maria ênggone lara brăngta, nanging wataraku yèn aku sida anjupuk wong wadon iku, ora wurung aku bakal oleh dêdukane sang prabu, kaya-kaya aku bakal anêmahi mati, nanging daktekadi, sabab aku wis tuwa, sanajan aku matia, sok uga putumu maria anggone susah atine. Ingkang garwa inggih anurut ing sakarsanipun ingkang raka, nuntên sami mangkat sakalihan, [sa...] [...kalihan,] kairing abdi èstri kathah sarta ambêkta joli, lampahipun sampun dumugi ing Wirarêjan. Ki Ngabèi Wirarêja enggal amêthuk ing palataran, sarta angancarani lumêbêt ing griya, sampun tata alênggah, Ki Wirarêja matur sarwi nêmbah, gusti, kadingarèn sampeyan pinarak mriki. Pangeran Pêkik amangsuli, Wirarêja, têkaku mrene aku awèh wêruh marang kowe, yèn putuku Pangeran Dipati Anom saulihe têka ing omahmu banjur ora arêp mangan-mangan, turu bae kongsi pirang-pirang dina, awit kaedanan marang wong wadon kang têka ing

BTJ 2.17.3

Surabaya kang ana ing omahmu kene, kang iku aku anjaluk lilamu, wong wadon mau dakjaluk, bakal dakdhaupake karo pangeran dipati, yèn ana dêdukane sang prabu ya aku dhewe kang nanggoni, sanajan tumêkaa ing pati ya daklakoni dhewe. Ki Wirarêja matur, gusti, karsa sampeyan punika kula mopo, kula ajrih ing putra sampeyan sang prabu, yèn ngantosa sampeyan pundhut, kados kula badhe dipun pêjahi dhatêng sang nata. Pangeran Surabaya sarêng mirêng aturipun Ki Wirarêja lajêng anjêtung, sarta sidhakêp astanipun, alon ênggènipun ngandika, Wirarêja, calathumu iku bênêr kabèh, nanging aku anêmah, yèn ana dukane sang prabu, sanajan tumêkaa ing pati ya daklakoni dhewe, aku ora ngèmbèt-èmbèt marang kowe, sarta aku awèh ali-ali sarakit rêga sewu lan kêris loro sasaput pirantine, ênya iki tampanana. Ratu Pandhan anyambungi ngandika, Wirarêja, ing sabênêre aku anjaluk wongku dhewe, sabab nagara ing Surabaya iku duwèkku, măngka wong wadon iku sêka ing Surabaya, amêsthi aku kang wajib duwe, dene yèn anak prabu duka aku dhewe kang nanggoni, Ratu Pandhan lajêng ngandika dhatêng Nyai Wirarêja, Bok Wirarêja iki tampanana pawèwèhku mênyang kowe, êmas lan arta busana, dumên marang sanak-sanakmu kabèh. Nyai Wirarêja bingah ing manahipun, nyêmbah sarta nampèni, nuntên wicantên dhatêng ingkang jalêr, kiyai, kadospundi dika têka mênêng kemawon. Manawa dika wêdi ing sang prabu, wong kangjêng pangeran sarta kangjêng ratu puniki sampun nyaguhi, lan kira kula sang nata botên duka, sabab kang mundhut putrane dhewe kang digadhang jumêmêng nata, sarta ing dina wingi kula ênggih ngrungu pawarta, yèn gusti pangeran dipati ditari krama dhatêng kang rama sang prabu. Ki Wirarêja lajêng kèlu dhatêng ingkang èstri, ni rara lajêng kasumanggakakên dhatêng Pangeran Pêkik. Pangeran saha ingkang garwa enggal amurugi dhatêng ni rara, kagèndèng astanipun, lajêng kasandhing lênggah, [lêng...] [...gah,] Pangeran Pêkik angandika dhatêng Ki Wirarêja, Wirarêja, wruhanamu, wis pinêsthi karsaning Allah yèn nagara Mataram bakal rusak amarga bocah wadon iki, kowe besuk bakal kasrakat, kadukan marang sang prabu, dene aku bakal anêmahi mati, nanging samono iku wis pinêsthi karsa Allah, ora kêna suminggah, wis kèria, aku pamit mulih. Pangeran Pêkik saha kang garwa lajêng bidhal.

BTJ 2.17.4

Ni Rara Hoyi kabêkta nitih joli. Lampahipun anjujug ing kadipatèn. Sampun kêpanggih kalihan ingkang wayah, Pangeran Pêkik angandika, Mas putu, wis maria ênggonmu lara brăngta, aku wis oleh têtămba ingkang dadi laramu iku, iki rupane, pangeran dipati sakalangkung suka ing galih aningali ni rara, botên sarănta ing galihipun, lajêng anyandhing lênggah dhatêng ni rara, Pangeran Surabaya ngandika, mas putu, kowe aja sumêlang atimu, yèn bapakmu sang prabu duka ya aku kang nanggoni, sanajan tumêkaa ing pati ya daklakoni dhewe, sok uga kowe tulusa mukti, sarta bungah atimu, wis kèria pangantenan, aku mulih, pangeran dipati nyêmbah matur nuhun. Pangeran Pêkik saha sang garwa sampun kondur, ni rara lajêng pinondhong dhatêng pangeran dipati, kabêkta minggah dhatêng pangeran dipati, kabêkta minggah dhatêng pasarean, andumugèkakên karsanipun. Ing nalika punika botên antawis lami sang prabu lajêng andangu ing èstri punika dhatêng Ki Ngabèi Wirarêja, aturipun Ki Wirarêja sampun kapundhut dhatêng Pangeran Pêkik, kaparingakên ing Pangeran Dipati Anom. Sang nata sakalangkung duka, Pangeran Surabaya wau lajêng dipun pêjahi, dalah sanak sadhèrèkipun sadaya, gunggung tiyang kawan dasa ingkang dipun pêjahi sami sakala. Ki Ngabèi Wirarêja inggih lajêng kabucal dhatêng Pranaraga saanak bojonipun. Wontên ing ngriku inggih lajêng pinêjahan. Wondene pangeran dipati wau nuntên tampi dhawahipun ingkang rama, andikakakên mêjahi dhatêng èstri wau, dipun tanganana piyambak. Ing samangsanipun pangeran dipati botên amêjahi dhatêng Rara Hoyi sami sakal. Kaanggêp dede putranipun sang prabu, pangeran dipati sarêng tampi dhawahipun ingkang rama makatên, sakalangkung sakit galihipun. Èstri wau inggih nuntên kapangku ing pangeran dipati piyambak, lajêng kacublês ing dhuwung sampun pêjah. Sasampuning pêjah èstri wau, pangeran dipati lajêng katundhung dhatêng ingkang rama, kadalêmakên wontên ing Lipura, rajabrana ing kadipatèn têlas kajarah rayah, dalêmipun kabêsmènan dhatêng sang prabu. Kala samantên sang nata sabarangkarsanipun ewah kalihan adatipun, asring amêsesa tiyang, tansah anggêlarakên siasat. Para bupati mantri tuwin para santana sami lampah alap-alapan ing kalênggahanipun, sakalangkung rêsah tataning nagari, tiyang sa-Matawis sami miris manahipun. Sarta asring grahana wulan tuwin

BTJ 2.17.5

srêngenge, jawah salah măngsa, lintang kumukus ing sabên dalu katingal. Jawah awu utawi lindhu, akathah dalajat ingkang katingal. Punika pratandhanipun, yèn nagari badhe risak.

BTJ 2.17.6

Kacariyos Pangeran Dipati Anom inggih sampun kaapuntên dhatêng ingkang rama, kawangsulakên adalêm ing kadipatèn malih, ananging pangeran dipati wau botên pêgat anggènipun prihatin. Ingkang tansah kagagas, sedanipun ingkang eyang Pangeran Pêkik sasantananipun, sarta tiyang sa-Matawis inggih sami susah manahipun. Para santana tuwin para bupati sami anggubêl dhatêng pangeran dipati, kaaturan jumênêng nata supados têntrêma tiyang sanagari Matawis. Pangeran dipati sangsaya kewran, pangunadikaning galih, saupama aku ngêndhiha marang kangjêng rama, ngisin-ngisini misuwure ing nagara liya, yèn aku ora tumulia jumênêng nata, wong ing nagara Mataram kasêlak rusak kabèh, lajêng anggalih ngupados tiyang ingkang badhe kadamêl warana ênggènipun badhe ambêdhah nagari Matawis. Pangeran dipati èngêt dhatêng ingkang eyang panêmbahan ing Kajoran. [Kajor...] [...an.] Pangandikane ing galih, kajaba eyang ing Kajoran, iku kang bisa yèn dakkona ambêdhah ing Mataram. Sabab iku wong tapa sarta sakti, wataraku kaya-kaya kêna yèn dakgawea aling-aling, pangeran dipati nuntên animbali abdinipun lurah têtiga anama Pranataka, kalih Ki Sumêndhi, tiga Ăndakara, pangeran dipati ngandika, kowe wong têlu padha mênyanga ing Kajoran. Layangku iki wèhna marang eyang Kajoran. Kajabaning layang wêkasku marang kowe, poma Si eyang jakên barêng ing salakumu, tiyang têtiga wau sampun jinatenan ingkang badhe dados karsanipun pangeran dipati, tiyang têtiga aturipun sandika lajêng mangkat.