BTJ 2.18

Pangeran Kajoran lan Radên Trunajaya

Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 286-291

BTJ 2.18.1

Gêntos kacariyos pangeran ing Kajoran, punika sakalangkung sakti sarta sangêt ing tapanipun. Pangeran Kajoran wau agadhah mantu tiyang saking Sampang anama Radèn Trunajaya, dene ingkang gadhah anak anama Dêmang Malaya ing Sampang, sadhèrèkipun sêpuh Sang Dipati Cakraningrat ing Sampang, Ki Dêmang Malaya wau samangke sampun pêjah, pêrang kalihan Pangeran Alit. Ing sapêjahe ramanipun Radèn Trunajaya taksih alit. Kalênggahanipun Ki Dêmang Malaya kagêntosan adhinipun, kang nama Cakraningrat wau, Radèn Trunajaya inggih lajêng tumut ing ngriku. Sarêng sampun diwasa, nuntên

BTJ 2.18.2

katundhung dhatêng pamanipun, katêrka angrêmêni anakipun èstri Sang Dipati Cakraningrat, malah badhe dipun pêjahi, milanipun sagêd gêsang, amargi dipun umpêtakên dhatêng têtiyang ing Sampang, sabab têtiyang ing Sampang kathah ingkang asih dhatêng piyambakipun. Trunajaya wau lajêng sumêja ngabdi ing Pangeran Dipati Anom, nanging botên angsal margi, sabab têtiyang ing Kadipaten sadaya sami dipun sêsorohi dhatêng Ki Cakraningrat. Supados Trunajaya sampun ngantos katur ing pangeran dipati, Trunajaya lajêng nyêlambrang[4] ing sapurug. Ing lami-lami anuntên kapêndhêt mantu dhatêng Pangeran Kajoran sarta sangêt dipun sihi, kaugung sasolahipun, karana Pangeran Kajoran sumêrêp yèn Radèn Trunajaya wau ing têmbe badhe dados prajurit agêng, sagêd angorêgakên ing tanah Jawi. Kala samantên Pangeran Kajoran pinuju lênggah ing dalêmipun. Kagèt aningali utusanipun pangeran dipati dhatêng, sarta angaturakên sêrat. Nuntên katampèn sarta winaos. Suraosing sêrat animbali, Pangeran Kajoran inggih lajêng mangkat dhatêng Matawis. Radèn Trunajaya andhèrèk ing marasêpuhipun. Sadhatêngipun ing Matawis sampun kêpanggih kalihan pangeran dipati kabêkta lênggah ing dalêm. Pangeran dipati ngandika, eyang, mila sampeyan kula aturi saking sangêtipun ribêding manah kula, kalihan kuwatos. Sarèhning ing mangke têtiyang ing nagari ing Matawis sami susah manahipun. Amargi kangjêng rama ing sabarang karsanipun ewah, botên kados ingkang wau-wau, tansah angêtrapakên siasat, andadosakên karisakanipun tiyang sanagari, dados para santana tuwin para bupati sadaya sami anggubêl dhatêng kula, kula dipun aturi jumênêng nata, anggêntosana kangjêng rama, ingkang punika eyang manawi kula kalampahana angêndhih, mendah ucapipun tiyang ingkang botên rêmên. Yèn kula botên tumuntêna jumênêng nata, tiyang sa-Matawis kasêlak risak sadaya, dados samangke ingkang pinanggih ing panggalih kula eyang, sampeyan badhe kula damêl warana, ambêdhah nagari ing Matawis. Ing pundi panggenan kang sampeyan rêmêni anglêmpakakên gêgaman agêng, dene băndha beya sarta dêdamêling prang inggih kula kang anyukani. Pangeran Kajoran matur, ênggèr, ingkang dados karsa sampeyan punika kula mopo, sabab kula sampun sêpuh sarta ajrih dhatêng sang nata, kalih dene karsa sampeyan punika botên prayogi, kenging dipun wastani anggege măngsa, ing pamanah kula prayogi ingkang sarèh,

BTJ 2.18.3

mila makatên, benjing yèn sampun seda sang prabu, ingkang mêsthi anggêntosi inggih sampeyan. Akathah-kathah anggènipun ambêbolèhi [ambê...] [...bolèhi] Pangeran Kajoran wau, nanging pangeran dipati mêksa botên kenging dipun ampah. Pangeran Kajoran matur malih, manawi sampeyan mêksa kêncêng, ênggèr, kula aturi wakil kemawon. Kula darbe mantu jalêr anama Trunajaya, anakipun Dêmang Malaya ing Sampang kang sampun pêjah, punika kados sagêd anglampahi ingkang dados karsa sampeyan. Sarta sagêd yèn angadêkna gêgaman wontên ing Maduntên. Ing mangke pun Trunajaya wau inggih tumut dhatêng kula wontên ing Jawi. Pangeran dipati suka ing galihipun. Trunajaya lajêng katimbalan lumêbêt ing dalêm. Sadhatêngipun ing ngajêngan lajêng ngabêkti, pangeran dipati rêsêping galihipun aningali dhatêng Trunajaya. Pangeran Kajoran ngandika dhatêng Trunajaya, kulup mulane kowe ditimbali, kowe bakal dikarsakake digawe wayang marang ingkang gustimu, dikakake ambêdhah nagara ing Mataram. Yèn luput-luput ing lakumu, kowe bakal anêmahi mati, kapriye, kowe apa saguh digawe wayang marang gustimu. Trunajaya matur, kula sandika anglampahi, sanajan dhumatêng ing pêjah, ajur awor lan siti, yèn anglampahi dhawahipun gusti kula inggih botên gumingsir. Pangeran dipati amirêng kasagahanipun Radèn Trunajaya sakalangkung suka ing manahipun lajêng angadika, Trunajaya, nagara ing Sampang takparingake marang kowe, nuli irupên dhewe, sarupane wong Madura saurute kabèh padha bêbêgana, aja awèh seba marang Mataram. Dene bupatine cik ben keri dhewe ana Mataram. Yèn wis ngadêg gêgamanmu, nuli anêlukna wong tanah pasisir utawa măncanagara kabèh, yèn ana kang mogok gitikên ing prang, nanging wêkasku kowe dibisa rêmit. Supaya aku aja kongsi kalingkap. Dene besuk yèn ing Mataram wis bêdhah, kowe tumuli sebaa marang aku, yèn aku wis jumênêng nata, bang bang alum-alum dakwehake marang kowe, aku dêrma bae jumênêng nata, amis bacine ing tanah Jawa kabèh măngsa bodhoa ing kowe, Radèn Trunajaya matur sandika. Pangeran dipati anuntên amaringi arta busana tuwin gêgamaning prang kathah warni-warni. Pangeran Kajoran lan Trunajaya sampun lèngsèr saking ngarsane pangeran dipati, mantuk dhatêng ing Kajoran, lajêng atata-tata, Pangeran Kajoran angandika dhatêng mantunipun. Kulup, wêkasku

BTJ 2.18.4

mênyang kowe aja sumêlang atimu, nagara ing Mataram amêsthi bakal bêdhah dening wong Madura, kowe nuli ngadêga gêgamanmu ana ing Surabaya, dene besuk yèn ing Mataram wis dahuru, aku tumuli nusul marang kowe. Radèn Trunajaya matur sandika, tumuntên mangkat lan saanakbojonipun [saanakbojoni...] [...pun] tuwin sabrayatipun sadaya. Sadhatêngipun ing Sampang kathah têtiyang sami mêthuk sarta sami suka manahipun. Sabab punika gustinipun lami, dene têtiyang saurutipun pulo Madura inggih sampun sami suyud, botên wontên kang suwala, Radèn Trunajaya sampun agêng bêbarisanipun.