BTJ 2.19
Bala Makasar lan Pêjahipun Prawirataruna
Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 291-302
BTJ 2.19.1
Kacariyos kala samantên pinuju wontên pêpalajêngan tiyang saking Makasar, kathahipun kalih èwu, pangagêngipun anama Kraèng Galesong, sosoranipun anama Busung Mêrnung, Panji Karonuban. Dhaèng Makincing, Dhaèng Wigêni, Dhaèng Marewa. Dhatêngipun ing tanah Jawi anjujug ing Pajarakan. Lajêng sami angrayah, solahipun anggêgilani, ing Pajarakan tuwin sakiwa têngênipun têlas sami dipun rayahi, dhusun kang urut pasisir kathah kang gêmpur dipun bajagi, têtiyang ing Pajarakan tuwin ing Dêmung sami gègèr, angili ing sapurug-purug. Kraèng Galesong angêbrêgi ing kitha Dêmung, tiyang ing ngriku botên wontên kang purun anglawan. Sabab bupatinipun wontên ing Matawis. Kamisêpuh ing Pajarakan tuwin ing Dêmung sami lumajêng angaturi uninga dhatêng ing Matawis. Sang nata lajêng parentah dhatêng Tumênggung Darmayuda ing Pasuruan, andikakakên ênggêbag mêngsah tiyang Makasar ingkang wontên ing Dêmung, sarta kêkanthenan tiyang măncanagari [mă...] [...ncanagari] sadaya, ingkang dados têtindhihing prang Radèn Panji Karsula. Radèn Panji Karsula tuwin para bupati măncanagari wau inggih lajêng mangkat. Sang nata dhawah malih dhatêng abdi lêlurah saragêni, anama Ngabèi Măngsadipa, Măngsadipa, sira ingsun paringi nagara ing Japara, sira tumuli muliha marang Japara, lan anakmu Si Jagapati, Jagamanggala, Wiragati, Tanumanggala, padha gawanên kabèh, lan Si Mangunnagara gawanên milua ênjaga ana ing Japara, sarta kagungan ingsun maryêm têtêlu gawanên. Si Gunturgêni, Si Gulu, Si Kumbarawi, padha sèrèdên. Gawenên ênjaga ana ing Japara, poma padha dingati-ati ênggonira padha ênjaga ana ing kono. Ingkang sami kadhawahan wau aturipun sandika, lajêng mangkat.
BTJ 2.19.2
Gêntos kacariyos senapati Radèn Panji Karsula sarta para bupati măncanagari, lampahipun sampun dumugi ing Japan, atata-tata wontên
BTJ 2.19.3
ing ngriku, sabab Radèn Panji Karsula punika têtiyang saking Japan angawula ing Matawis. Ing mangke nagari Japan kaparingakên dhatêng piyambakipun. Sarêng ênggènipun tata sampun samêkta lajêng bidhal. Lampahing baris kapara tiga, Ki Darmayuda dados panjawat têngên, akanthi măncanagari sapalih, Ki Anggajaya dados panjawat kiwa, akanthi măncanagari sapalih, Radèn Panji [Pa...] [...nji] Karsula kang dados dhadha, akanthi têtiyang Mataram. Lampahipun sampun ngancik watêsing Dêmung. Dene raja Galesong inggih sampun sumêrêp, yèn dipun inggahi gêgaman saking ing Matawis, kathahipun tanpa wilangan. Tiyang Makasar sampun sami rêmbag sabiyantu sarêng pêjah, sampun sami ngatos-atos wontên salêbêting bètèng. Botên dangu gêgaman Matawis dhatêng, tiyang Makasar amêthukakên prang sakêdhap, nuntên sami lumajêng dhatêng ing wana, têtiyang ing Matawis badhe sami angrêrayah salêbêting biting, Panji Karsula botên anglilani, sabab sampun kasaput ing dalu, bala ing Matawis lajêng sami rêrêp anêba wontên satêngahing ara-ara, tiyang Matawis sadaya sami weya, ing dalu sakeca ênggènipun sami tilêm. Gêgamanipun sami kasèlèhakên, kapal sami dipun cuculi, sawênèh sami ngura-ura. Sarêng wanci ing lingsir dalu, tiyang Makasar dhatêng watawis kathahipun kawan atus. Lajêng angamuk sarta surak. Tiyang Matawis sami kagèt bingung pating balulung, kathah kang pêjah dening tiyang Makasar tuwin dening kancanipun piyambak. Lajêng mawut arêbat gêsang piyambak-piyambak. Sarêng wanci byar tiyang Matawis sampun gusis. Amung kantun kang sami pêjah kemawon. Tiyang Makasar sami suka manahipun, amanggih barang sarta gêgaman. Dene Radèn Panji Karsula wau lumajêng [luma...] [...jêng] dhatêng Japan piyambak kemawon. Wontên ing ngriku sakit lajêng pêjah. Tiyang Makasar wau nuntên sami ngêsuk dhatêng tanah măncanagari, ing pundi kang dipun ambah lajêng sami têluk, botên wontên kang purun anglawan. Tiyang ing Kadhiri sapangetan dumuginipun ing Prabalingga Balambangan sampun sami nungkul sadaya dhatêng Raja Galesong, dados samangke gêgamanipun tiyang Makasar wau sangsaya agêng, sampun misuwur ing nagari Matawis, sarta sampun katur ing sang prabu, yèn Panji Karsula kawon prangipun sarta sampun pêjah, tiyang Makasar gêgamanipun sangsaya ngrêbda, tiyang măncanagari sampun têluk sadaya. Sang nata lajêng parentah dhatêng Radèn Prawirataruna, dikakakên ênggêcak mêngsah kang
BTJ 2.19.4
wontên ing Dêmung, pangandikanipun sêru, Prawirataruna, sira ngaluruga marang ing Dêmung, wong Makasar tumpêsên kabèh, wong pasisir iridên padha adunên prang, sarta wong Walănda kang padha ana ing Japara jakên ngalurug kabèh, yèn ora gêlêm, tundhungên têka ing kono, yèn mopo tumpêsên. Lan wong Madura pariksanên, apa sababe ora seba marang Mataram. Sira sun kanthèni Si Wirabumi, Wiradăngsa lan Si Pulangjiwa, sabalane kabèh. Ingkang sami dipun dhawahi aturipun sandika, lajêng mangkat. Sami jangji pakumpulan ing Japara, Radèn Prawirataruna [Prawi...] [...rataruna] sadhatêngipun ing Japara, para bupati pasisir sampun sami ngalêmpak wontên ing ngriku, ing Têgal sapangetan dumuginipun ing Tuban. Bupatinipun sampun pêpak wontên ing ngriku sadaya, lajêng sami dandos baita, kêbak ing muwara Japara, Ki Wăngsadipa ing Japara sangêt ênggènipun sugun-sugun dhatêng para bupati tuwin dhatêng Radèn Prawirataruna. Radèn Prawirataruna lajêng animbali Kumpêni kang wontên ing ngriku, kathahipun amung sabrêgada, pangagêngipun anama Kapitan Dulkup. Sareyan satunggil anama Ondorop. Juru tulis satunggil. Amung punika ingkang dipun timbali, sadhatêngipun ing ngarsane Radèn Prawirataruna lajêng kadhawahan andikakakên tumut ngalurug. Yèn botên purun kadhawahan kesah saking Japara, supados sampun ngantos adamêl sumêlang ing manah, aturipun tiyang Walandi sandika anglampahi, dhasar salaminipun angajêng-ajêng timbalanipun sang prabu, kaabêna prang kalihan mêngsah, Radèn Prawirataruna mirêng kasagahanipun tiyang Kumpêni sangêt sukaning manahipun. Sasampuning samêkta Radèn Prawirataruna lajêng bidhal lan sabalanipun. Mêdal ing laut. Para bupati sabalanipun sampun sami numpak baita, baita awarni-warni, nuntên sami ambabar layar, sampun mancal saking ing ngriku, lampahing baita pating salêbar, langkung asri tiningalan. Sarta sami mawi têngêran bandera piyambak-piyambak. Tiyang Kumpêni anumpak baita, ujung Surabaya sampun katingal. Baita lajêng sami angranji wontên ing muwara, Radèn Prawirataruna tuwin para bupati lajêng sami mêntas dhatêng ing Surabaya, amasanggrahan wontên ing ngriku, Radèn Prawirataruna sampun midhangêt pawartos, mênggah tiyang Madura ênggènipun botên wontên sowan dhatêng ing Matawis. Punika amargi dipun bêbêg dhatêng Radèn Trunajaya, Radèn Prawirataruna lajêng anglampahakên utusan dhatêng ing Maduntên sarta mawi sêrat.
BTJ 2.19.5
Kala samantên Radèn Trunajaya sawêg dhatêng ing griyanipun saking ing Dêmung saking kêpanggih kalihan Raja Galesong, sampun rêmbag sabiyantu badhe ambêdhah nagari ing Matawis. Anuntên utusanipun Radèn Prawirataruna dhatêng, nanging Radèn Trunajaya asêngadi sakit. Mila awat sakit, sabab sampun ngintên yèn badhe dipun timbali, sarta dèrèng kuwawi yèn amêthukna prangipun Radèn Prawirataruna. Utusan wau inggih sampun dipun panggihi, sêrat lajêng katampèn sarta winaos. Radèn Trunajaya sasampuning maos sêrat lajêng wicantên dhatêng utusan. Kowe matura marang eyang Prawirataruna, aku ora rumăngsa yèn amênging marang wong Madura, ênggone ora padha seba marang ing Mataram iku saking [sa...] [...king] padha edane dhewe, dene ing saiki ana parentah kêrigan, ya padha dakkêrigêne, yèn wis padha tata-tata, nuli dakkone padha marang ing Surabaya, nanging aku bakal ora milu, sabab lagi lara, kowe dhisika marang Surabaya, utusan wau sasampuning sinunggata lajêng pinisalin sarta sinangonan, lajêng mangkat dhatêng Surabaya, sampun katur ing Radèn Prawirataruna punapa ing sawicantênipun Radèn Trunajaya wau, Radèn Prawirataruna inggih sampun sumêrêp yèn sinăngga krama, nanging dipun gampilakên, sok ugi sampuna sirna tiyang Makasar, ing Maduntên kêpanggih wingking. Radèn Prawirataruna lajêng parentah bidhal dhatêng Dêmung, para dipati lan sabalanipun sampun sami numpak baita, ambabar layar, sarta sami ngungêlakên kalataka, lampahing baita sampun dumugi Panarukan. Para bupati sampun sami angatos-atos. Baitanipun sami kapinggirakên. Raja Galesong kang wontên ing Dêmung inggih sampun sumêrêp, yèn gêgaman Matawis dhatêng, Raja Galesong sampun parentah angatos-atos. Lan sawarnine têtêlukan tiyang măncanagari dipun kèn baris piyambak, kadèkèk ing wingking têbih, ingkang badhe mêthukakên prang dharat tuwin prang laut, tiyang Makasar kemawon. Sasampuning samêkta lajêng bidhal dhatêng pinggir pasisir, bala ing Matawis inggih sampun sami mêntas saking baita, abaris ing gêgisik. Nanging bala pasisir kang dèrèng sami dhatêng. Anuntên tiyang Makasar dhatêng, narajang pating barêkik. Bala ing Matawis angrutug ing sanjata, tiyang Makasar botên ajrih anusup kukusing sandawa, angamuk kalihan lêmbing towok tuwin cundrik. Tiyang Matawis kathah kang pêjah, têtindhihipun bala Matawis sami ngawaki tumut ngamuk. Radèn Prawirataruna anitih kuda kairing
BTJ 2.19.6
abdinipun piyambak, kathahipun kawan dasa, lajêng sami ngamuk, tiyang Makasar kang katrajang kathah kang pêjah, nanging kang taksih gêsang botên wontên ajrih, ingkang sami pêjah dipun idak kemawon, ariwut pangamukipun. Tiyang Prawirataruna sampun pêjah sadaya, bala Matawis inggih kathah kang pêjah, Radèn Prawirataruna anandhang tatu, bala Matawis kang taksih gêsang giris manahipun. Sami lumajêng dhatêng pinggiring sagantên, arêbat baita, baitanipun lajêng sami kèrêm, tiyangipun kathah kang sami pêjah dening toya. Radèn Prawirataruna taksih wontên ing gêgisik. Angêntosi bala kang dèrèng numpak baita, sarta wicantên sêru, hèh wong Mataram, disarèh ênggonmu nunggang prau, aku misih ngêntèni, yèn prangku iki kalah, amêsthi nagara ing Mataram bakal bêdhah, aku angur matia dhingin. Ayo padha ngamuk manèh. [ma...] [...nèh.] Anuntên tiyang Makasar dhatêng, Radèn Prawirataruna kinarubut ing tiyang Makasar, sampun pêjah badhe lajêng dipun kêthok sirahipun. Nuntên tinulungan tiyang Kumpêni, Ambon lan Tarnate, sami mêntas saking baita, lajêng angrutug ing sanjata, mimis kados garimis. Tiyang Makasar kathah kang pêjah, tiyang Makasar sami lumajêng, jisimipun Radèn Prawirataruna sampun kabêkta dhatêng baita, lajêng tinabêla, kaantukakên dhatêng ing Matawis. Pangajêngipun bala Matawis wau wontên ingkang ngungsi dhatêng lèpèn Paiton. Tiyangipun sami mêntas dhatêng dharatan. Anuntên dipun rundhuk dhatêng ing tiyang Makasar, baitanipun tiyang Matawis dipun obong, gêgaman sarta sangunipun têlas kobong sadaya, tiyang Matawis sami lumajêng ing sapurug-purug.
BTJ 2.19.7
Kacariyos jisimipun Radèn Prawirataruna, sadhatêngipun ing Matawis, tiyang sanagari sami orêg sadaya, sarta sami kêkês manahipun. Dene kang sami pêjah bojo tuwin sadhèrèkipun gumuruh sami anangis. Sarta sampun katur ing sang prabu, yèn Radèn Prawirataruna kapupu ing paprangan. Balanipun kathah kang pêjah, sang prabu nuntên miyos sinewaka, para putra, santana, bupati, mantri, sampun pêpak sowan sadaya, sang nata angandika dhatêng Pangeran Dipati Anom. Thole dipati, sira tumindaka dhewe, anglurug marang ing Dêmung, lan adhinira padha gawanên kabèh, wong ing Mataram pra têlunên. Kang saduman tinggalên atunggu marang ingsun. Wong pasisir kêrigên kabèh, padha adunên prang, nagara Madura tumuli gêpukên. Si Trunajaya patènana, krana iku kang miwiti agawe prang, Si Dipati
BTJ 2.19.8
Cakraningrat gawanên, supaya wong Madura padha elinga, yèn iku bandarane lawas. Pangeran dipati matur sandika. Sang nata ngandika malih dhatêng Panêmbahan Purbaya, uwa Purbaya, jêngandika anuwanana ing lampah, angêmonga ing wayah jêngandika. Panêmbahan matur sandika, lajêng sami pradandosan. Tiyang sanagari orêg sami tata-tata, sarêng sampun samêkta nuntên bidhal. Gumuruh swaraning bala, gêgaman tuwin bandera awarni-warni, para pangeran sadaya sami wahana turăngga, lampahipun sapangkat-pangkat, andalêdêg kados toya mêdal saking rong, gêbyaring busana tuwin kêlabing bandera amindha sêkar sataman. Langkung agêng gêgamanipun. Lampahipun sampun dumugi ing Japara, pangeran dipati lajêng makuwon, anata lampah sarta anglêrêbakên bala. Dene para bupati pasisir ing Têgal sapangetan dumuginipun ing Pathi inggih sampun sami dhatêng wontên ing ngriku sabalanipun. Bupati ing Lasêm Rêmbang sapangetan sampun sami têluk dhatêng Trunajaya tuwin dhatêng Raja Galesong. Pangeran [Pa...] [...ngeran] dipati wau sampun midhangêt pawartos, yèn Radèn Trunajaya sampun kathah têtêlukanipun sarta sampun agêng bêbarisanipun, akumpul kalihan Raja Galesong ing Makasar. Pangeran dipati wau ing batin tansah angalêm dhatêng Trunajaya, ênggènipun badhe prang punika amung kadamêl gêlar kemawon. Wontêna labêtipun yèn prang, supados ênggènipun sakuthu sampun ngantos kauningan dhatêng ingkang rama sang prabu, nanging pangeran dipati dèrèng sumêrêp, yèn Trunajaya anyidrani jangji, upaminipun tiyang ngêmut gêndhis, amêsthi ngraosakên lêginipun kemawon, botên sumêdya yèn dipun lêpèha, dene têgêsipun Trunajaya wau sarêng sampun kathah balanipun lajêng kasupèn dhatêng kancanipun sakuthu, samêdya jumênêng nata piyambak. Panggalihipun pangeran dipati kakintên, botên purun jumênêng nata piyambak makatên. Pangeran dipati lajêng parentah bidhal sumêdya ngangsêg panggenaning mêngsah, Ki Wăngsadipa ing Japara sarta tiyang Kumpêni katilar kadhawahan ênjagi wontên ing Japara, lampahipun pangeran dipati nurut pasisir mangetan. Sakalangkung agêng gêgamanipun. Sawarnining sangu-sangu tuwin rêrepot, sami kaêmot ing baita mêdal ing laut. Lampahe bala ing Matawis anggrêgut sumêdya sami ngantêp kapurunanipun. Sabab têtindhihipun [têti...] [...ndhihipun] gustine piyambak.