BTJ 2.20

Trunajaya Ngluasani Pasisir

Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 302-309

BTJ 2.20.1

Gêntos kacariyos Radèn Trunajaya, sampun akêkutha wontên ing Surabaya, sarta sampun kumpul kalihan Raja Galesong, ajangji êndhog sapatarangan, sabiyantu sarêng pêjah, sumêdya êmbêdhah nagari ing Matawis. Têtêlukanipun nagari inggih sampun kathah, tanah pasisir ing Rêmbang sapangetan dumuginipun ing Balambangan, măncanagari ing rêdi Lawu sapangetan dumuginipun ing Balambangan. Punapa dene tiyang Sampang saurutipun pulo ing Maduntên, sadaya inggih sampun sami suyud, angratu dhatêng Trunajaya, wondene Trunajaya wau inggih sampun jumênêng nata ajêjuluk Panêmbahan Madurêtna Panatagama, sampun misuwur ing tanah pasisir tuwin măncanagari sadaya, nanging kala samantên Trunajaya sangêt ênggènipun kasupèn, yèn sagêdipun makatên punika wontên ingkang ngajani, awit saking karsanipun Pangeran Dipati Anom ing Matawis, botên pisan yèn èngêta dhatêng pangeran dipati, sabab kalimput ing kamuktèn. Pangraosipun kuwawi yèn jumênêng ratu agêng amêngku ing tanah Jawi sadaya. Trunajaya wau inggih sampun midhangêt pawartos, yèn gêgaman Matawis sampun dhatêng wontên ing Japara, têtindhihipun Pangeran Dipati Anom. Ingkang andhèrèk Panêmbahan Purbaya, Pangeran Singasari, Pangeran Balitar sarta para pangeran sanèsipun, tuwin para bupati inggih kathah kang sami êndhèrèk. Tiyang Matawis kakêrig lampit. Para bupati pasisir bang kilèn inggih sampun kumpul gêgamanipun sakalangkung agêng, saking Japara gêgaman Matawis wau sampun bidhal. Sumêdya anggêbag ing Surabaya. Trunajaya sarta Raja Galesong lajêng parentah anglêmpakakên bala, sarêng sampun samêkta, nuntên bidhal, kathahing bala tanpa wilangan. Andêl-andêlipun tiyang Madura anama Tumênggung Mangkuyuda, kalih Dhandhang Wacana, tiga Wăngsaprana, sami kêndêl-kêndêl sarta têguh, dene andêl-andêlipun tiyang Makasar anama Dhaèng Marewa, Dhaèng Makincing, Busung Mrênung. Trunajaya sarta Raja Galesong inggih sami anindhihi piyambak. Ingkang dados cucuking baris tiyang Madura, kasambungan tiyang Makasar, nuntên barisipun tiyang măncanagari. Lampahipun sampun dumugi ing Gêgodog. Baris Matawis inggih sampun dhatêng ing ngriku, ajêng-ajêngan lajêng sami mangsah ing prang, kados alun têmpuh sami alun. Ingkang prang sami riwut. Tiyang Madura tuwin tiyang Makasar kathah kang pêjah, nanging dipun pidak kemawon, botên wontên kang

BTJ 2.20.2

ajrih, dangu-dangu tiyang Matawis kathah kang pêjah, ingkang taksih gêsang sami giris manahipun. Para bupati Matawis sami ngawaki tumut prang, Panji Wirabumi, [Wirabu...] [...mi,] Ngabèi Wirajaya, Răngga ing Sidayu sampun pêjah dening tiyang Maduntên. Panêmbahan Purbaya sarêng aningali bala ing Matawis kathah kang tatu sarta pêjah, nuntên angandika dhatêng abdinipun. Bocahku kabèh, kowe padha sumurupa, aku kongsi momong ratu têtêlu, sarta sabên-sabên aku ya angadu prange wong Mataram, nanging ora kaya ing saiki, kang padha têguh-têguh ing biyèn samêngko akèh kang tatu utawa mati, kang padha kêndêl-kêndêl ing biyèn samêngko padha jirih kaya wong wadon. Iki pratandhane yèn ing Mataram pinêsthi bakal rusak. Sabab wong Mataram prange apês. Dene yèn ing Mataram pinêsthi bakal rusak, aku angur matia dhingin. Karana aku wis tuwa, sarta nagara ing Mataram ora ana kang wis misuwur kaya aku ing kadigdayan sarta ing kakêndêlan. Diwêdèni ing wong sanagara aprasasat ratu. Panêmbahan lajêng anggêrêgakên bala ingajak ngamuk. Bala ing Matawis ambyuk angamuk rampak. Tiyang Madura tuwin Makasar anadhahi, arame prangipun, akathah kang sami pêjah, panêmbahan titihanipun sampun pêjah, angamuk dharat kalihan dhuwung anama pun Panji, tiyang Madura kathah kang pêjah dening panêmbahan, lajêng kinarubut ing kathah winaos sarta ginitikan ing landheyan. Panêmbahan sakalangkung têguh, botên pasah dening gêgaman, nanging sariranipun rêmpu, dhasar sampun sêpuh, panêmbahan tiba linggih, Pangeran Balitar enggal anulungi dhatêng panêmbahan, angamuk ing tiyang Sampang, panêmbahan sampun karêbat dhatêng Pangeran Balitar, nanging sampun botên emut. Binêkta mundur dhatêng pasanggrahan. Bala ing Matawis ambrol kados bêndungan bêdhah, larud lumajêng sadaya, sarta kasaput ing dalu, tiyang Madura inggih sami mundur masanggrahan, sarta sami suka-suka, bala ing Matawis sami arêropoh. Panêmbahan Purbaya lajêng seda panuju tanggal ping gangsal wulan Ruwah ing taun Dal 1599. Ing pasanggrahan gumêrah swaraning tangis. Layon sampun tinabêla, kaantukakên dhatêng ing Matawis. Ing sasedanipun panêmbahan tiyang Matawis sadaya sami kêkês manahipun, sabab andêl-andêlipun sampun botên wontên. Tiyang ing Matawis kathah kang sami minggat ing dalu, Pangeran Dipati Anom tuwin pangeran sanèsipun punapa dene para bupati inggih sami

BTJ 2.20.3

kalulun. Lajêng sami bidhal mantuk dhatêng ing Matawis. Tiyang Madura tuwin tiyang Makasar inggih sami anunuti,[5] nanging botên kacandhak. Têtindhihipun tiyang Sampang anama Mangkuyuda, têtindhihipun tiyang Makasar anama Dhaèng Marewa, samargi-margi tansah angrayah, èstrinipun binoyongan, jalêripun pinêjahan, anglangkungi [a...] [...nglangkungi] saking rêsah, katêlah dalah samangke, yèn wontên tiyang angrêbut, sami dipun wastani kaya bajag ing Sampang. Lampahipun tiyang Sampang wau dumugi ing Juwana, ing Pathi, Kudus sampun sami nungkul dhatêng tiyang ing Sampang, amung nagari Dêmak ingkang băngga, amêthukakên prang salêbêting biting, tiyang Madura kathah kang pêjah, nuntên sami mundur sumêja ambêdhah ing Japara, lajêng binantonan saking Trunajaya, ingkang binantokakên tiyang măncanagari, sakalangkung agêng barisipun. Ing Japara sampun kakêpang, Ki Ngabèi Wăngsadipa ing Japara sampun rêmbag sabiyantu kalihan tiyang Kumpêni, sami mapan salêbêting kitha ing Japara, tiyang Kumpêni kathahipun kalih brêgada, têtindhihipun anama Mayor Bro, kalih Kapitan Bèlêm. Lajêng sami tata baris wontên ing alun-alun, alêlumbangan. Tamburipun tansah brang-brangan. Ganderanipun kumitir, sampun sami amapanakên mariyêmipun. Ki Wăngsadipa sakulawangsanipun inggih sampun nunggil kalihan tiyang Kumpêni sarta sami angatos-atos. Anuntên tiyang Makasar lan Maduntên dhatêng sarta asurak-surak, sumêja lumêbêt ing kitha badhe anumpês tiyang salêbêting kitha, tiyang Kumpêni lajêng anyumêt mariyêmipun, sarta angarutug ing sanjata, tiyang Maduntên ingkang pêjah wontên ing alun-alun kawan dasa, bathangipun dados saênggèn. [saêng...] [...gèn.] Ingkang tatu tuwin pêjah saênggèn-ênggèn kathah, tiyang Maduntên tuwin tiyang Makasar mêksa majêng anusup kukus, sumêja angamuk liwung sarta sami ngangge kêre wêsi, sawênèh kulambi walulang, tiyang Kumpêni botên kèndêl-kèndêl sanjatanipun, mimis mindha garimis. Mêngsah kathah kang pêjah, rêbah pating sulayah, lajêng sami mundur amasanggrahan wontên ing dhusun Jagatamu. Ki Wăngsadipa ing Japara lajêng amapanakên mariyêm kang agêng-agêng, kabêkta minggah dhatêng ing rêdi Danaraja. Mêngsah kang wontên ing Jagatamu kasipat ing mariyêm saking ing ngriku, mimis mariyêm angsal kêkajêngan sami sêmpal. Sêmpalan kajêng anibani ing tiyang, tiyang Maduntên tuwin tiyang măncanagari kathah

BTJ 2.20.4

kang pêjah, gègèr sami lumajêng dhatêng Kudus. Tiyang Kumpêni sarta Ki Wăngsadipa sami suka-suka, bathanging mêngsah kupingipun sami dipun irisi, kaaturakên dhatêng ing Matawis.

BTJ 2.20.5

Botên antawis lami Trunajaya anglampahakên prajurit kathah, têtindhihipun Dhandhang Wacana, agêng inggil sarta kêndêl, kadhawahan dhatêng ing Matawis, amondhongi Pangeran Kajoran kabêkta dhatêng ing Surabaya. Ki Dhandhang Wacana sampun mangkat mêdal ing Jagaraga, lampahing gêgaman sakalangkung rêsah, samargi-margi tansah angrêrayah, dhusun ingkang kamargenan kathah kang risak. Têtiyang tanah Sokawati, Kaduwang tuwin tanah Pajang sampun sami nungkul dhatêng Ki Dhandhang Wacana, lampahipun sampun dumugi ing Kajoran. Panêmbahan Rama inggih sampun kumpul, lajêng anêluk-nêlukakên dhusun sakiwa têngên ing ngriku. Kala samantên sampun katur ing sang prabu yèn gêgaman Maduntên sampun angancik ing Kajoran. Panêmbahan ing Kajoran ingkang sampun kumpul kalihan tiyang Maduntên. Sang nata lajêng parentah dhatêng Pangeran Dipati Anom. Thole Dipati Anom, sira tumindaka dhewe, minăngka wakil ingsun, anggitika mungsuh kang ana ing Kajoran. Wong ing kono tumpêsên kabèh sanak-sanakira padha gawanên kabèh, wong Mataram saanane kêrigên. Pangeran dipati matur sandika, lajêng angundhangi bala, angrakit gêgamaning prang, sarêng sampun samêkta nuntên bidhal. Lampahipun dumugi ing Taji, kèndêl sakêdhap anata lampah, lajêng lampahipun dumugi ing Kajoran. Nuntên campuh prang rame ngantos sadintên. Tiyang Maduntên lan tiyang Kajoran kathah kang pêjah tuwin kêtaton, sabab karoban lawan. Nuntên sami mundur kasaput ing dalu, tiyang Maduntên sami arêropoh. Sarêng ing wanci lingsir dalu Panêmbahan Kajoran lolos anak bojo tuwin brayatipun sadaya, kadhèrèkakên gêgaman Maduntên. Ing enjingipun bala Matawis sami sumêrêp, yèn Panêmbahan Kajoran sarta tiyang Maduntên sami lolos ing dalu, ing Kajoran lajêng dipun rayah, griya-griya kabêsmèn dhatêng tiyang Matawis. Pangeran Dipati Anom sabalanipun sampun kondur dhatêng ing Matawis.