BTJ 2.21

Panêmbahan Rama lan Gêgaman dhatêng Matawis

Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 309-314

BTJ 2.21.1

Kacariyos lampahipun Panêmbahan Rama ing Kajoran lêstantun dumugi ing Surabaya, kêpanggih kalihan Trunajaya, kalih-kalihipun sami onêng-onêngan, botên angintên yèn sagêda pinanggih sarta wilujêng. Ing nalika punika Trunajaya lajêng angalih kadhaton ing

BTJ 2.21.2

Kadhiri, sampun adamêl bètèng sarta ajêjagang sakalangkung kêkah, mariyêmipun tinata ing balowarti ngajêng wingking, tuwin gêgaman sanèsipun inggih sampun mirantos. Raja Galesong kalihan Panêmbahan Rama inggih sampun kumpul wontên ing ngriku. Botên antawis lami nuntên gêntos taun, Trunajaya, Raja Galesong, Panêmbahan Kajoran sami pirêmbagan ênggènipun badhe ambêdhah nagari Matawis. Dadosing rêmbag lajêng parentah anglêmpakakên bala, angêrigi tiyang măncanagari tuwin pasisir, sarêng sampun ngalêmpak barisipun pinalih, ingkang saduman têtindhihipun anama Tumênggung Mangkuyuda, pêpatihipun Trunajaya, angirid tiyang măncanagari sapalih, tiyang pasisir sapalih, lampahipun badhe mêdal ing Garobogan, [Garo...] [...bogan,] anglarug dhatêng tanah Sokawati tuwin tanah Pajang, anjog ing Kajoran, akanthi Dhandhang Wacana saha Dhaèng Marewa. Dene baris sadumanipun badhe mêdal ing Samawis, lajêng mêdal ing Kêdhu Trayêm, anjog sakilèning Matawis, têtindhihipun Ki Ngabèi Wăngsaprana, angirid tiyang pasisir sapalih, măncanagari sapalih, sarêng sampun samêkta sarta sami ubanggi dintên, sarênga dhatêngipun wontên ing nagari Matawis, lajêng bidhal. Sakalangkung agêng lampahing baris kêkalih, sarta sakalangkung rêsah, ing samargi-margi tansah ambêbahak, tandangipun anggêgilani, dhusun ingkang kamargenan sami risak. Lampahing baris ingkang saduman sampun dumugi ing Garompol, kèndêl atata-tata, lajêng nyabrang bênawi ing Samanggi, anglarug dhatêng tanah Pajang, têtiyang ing tanah Pajang sami kagegeran, ajrih aningali bajag Sampang, kathah kang sami ngili dhatêng wana, wontên kang ngungsi dhatêng ing Matawis. Baris ing Maduntên sampun dumugi ing Kajoran lajêng sami masanggrahan ing Taji, dene baris kang mêdal ing Samawis inggih sampun dumugi ing Trayêm, sakilèning Matawis, lajêng masanggrahan, sarta sampun utusan dhatêng ing Taji, sami ubanggi dintên, sarênga pangrampidipun ing nagari Matawis. Ing nagari Matawis inggih sampun sumêrêp, yèn mêngsah [mêng...] [...sah] Maduntên dhatêng amaju kalih, têtiyang ing Matawis sami gègèr, agiris manahipun. Tiyang ingkang sami sumêja angungsèkakên anak bojo, botên kantênan solahipun. Wondene para putra santana tuwin bupati mantri sampun angrakit gêgaman, sami tata baris wontên ing alun-alun. Pangeran Dipati Anom nyuwun pamit dhatêng ingkang rama, sumêja amêthukakên prang, ingkang rama inggih anglilani, Pangeran

BTJ 2.21.3

Dipati Anom lajêng bidhal, sarta ingkang rayi-rayi tuwin para bupati mantri, sawontênipun tiyang Matawis kêrig sadaya, nanging ing waktu punika tiyang Matawis sami kuwur manahipun, kaèngêtan dhatêng anak bojonipun tuwin barang darbèkipun. Ênggèning sami tumut mêthukakên mêngsah punika amung saking ajrih kapêksa ing bandaranipun. Dados botên wontên tiyang ingkang gadhah kakêndêlan. Sadaya manahipun sami ajrih sarta kêkês kemawon. Baris agêng sampun mêdal saking alun-alun sarta angatos-atos. Dene baris Maduntên inggih sampun bidhal saking ing Taji, dumugi ing Pajarakan lajêng têmpuh ing prang wontên ing Kaliajir, arame prangipun. Baris Maduntên kang wontên ing Trayêm sampun ngangsêg dumugi ing Talagawana, lajêng campuh prang, tiyang Matawis kuwur prangipun. Sabab mêngsahipun maju kalih, sarta aningali tandangipun pangamuking tiyang Maduntên kados banthèng [ba...] [...nthèng] kanin tuwin kados sima arêbat daging, bala Matawis bibrah manah sarta tatanipun. Lajêng dhadhal sami lumajêng dhatêng salêbêting kitha. Ing salêbêting nagari Matawis jêjêl tiyang kang sami ngungsi tuwin tiyang kang sumêja mêdal dhatêng sajawining nagari, sami ulêng-ulêngan. Tiyang èstri sami nangis gumêrah, botên kantên-kantênan solahipun. Dene para putra santana tuwin bupati mantri, sadaya sami baris wontên ing alun-alun ajagi, bilih wontên karsanipun sang prabu amêthukakên prang, nanging sang nata botên karsa mêdali prang, sabab sampun sumêrêp ing papêsthining Allah, yèn nagari Matawis sirna panjênênganing ratu, sarta sampun jangkêp satus taun karaton ing Matawis. Sang prabu punika jumênêng ratu wêkasan. Dados sang nata wau sampun narima panggalihipun. Karsanipun sang prabu badhe atilar karaton, sumêja kèngsêr saking ing Matawis. Lajêng parentah pradandosan dhatêng para garwa tuwin para èstri salêbêtipun kadhaton sarta kadhawahan sami ambêktaa rajabrana utawi arta sakuwawinipun. Tiyang salêbêting kadhaton pating bilulung sarta sami nangis. Sang nata gugup ing galih, amirêng suraking mêngsah kang andhêsêk kitha sarwi angrayah ambêboyongi, griya-griya sakiwatêngêning kadhaton sami binêsmenan. Sarêng ing wanci dalu sang nata lolos saking kadhaton sagarwaputranipun [sagarwa...] [...putranipun] sadaya tuwin abdi jalêr èstri ingkang sami trêsna inggih sami andhèrèk. Kala jêngkaripun sang prabu atilar pura panuju ing malêm Akad, tanggal kaping 18 wulan Sapar ing taun Be ăngka 1600.

BTJ 2.21.4

Lampahipun sang nata saking kitha Palèrèd ngilèn bênêr, mampir ngujung dhatêng astana Magiri, lajêng nyabrang lèpèn Praga, sang nata nitih dipăngga, para èstri sami numpak kapal tuwin tandhu, para putra inggih êndhèrèk[6] sadaya, sang prabu ing samargi-margi tansah nênggak waspa, sakalangkung mêmêlas, lampahipun pinêlak.[7] Ajrih bilih katututan ing mêngsah. Ing enjingipun tiyang Maduntên sami sumêrêp, yèn sang nata sampun lolos ing dalu sagarwaputranipun. Ki Tumênggung Mangkuyuda ing Sampang lajêng angêbroki ing kadhaton. Saisining kadhaton sami rinayah binoyongan. Tangis gumêrah swaranipun, ingkang sami katilar ing sang prabu sakalangkung mamêlas. Ki Tumênggung Cakraningrat sampun kacêpêng dhatêng Dhandhang Wacana, lajêng kakintunakên dhatêng ing Kadhiri, sampun katur ing Sang Prabu Trunajaya, nanging Trunajaya botên kolu yèn amêjahana dhatêng ingkang paman. Cakraningrat lajêng kabucal dhatêng wana Lodhaya, panêjanipun Trunajaya ingkang paman wau supados pêjah amargi dipun măngsa ing drubiksa. Dene Ki Mangkuyuda kang ngêbroki kadhaton Matawis wau [wa...] [...u] lajêng parentah dhatêng Dhandhang Wacana anututi lolosipun sang prabu. Dhandhang Wacana inggih nuntên bidhal sabalanipun, akanthi Dhaèng Marewa, Busung Mêrnung lan Ngabèi Wăngsaprana, lampahipun agêgancangan. Tiyang Matawis ingkang kacandhak pinêjahan. Ingkang nut dhinedhelan. Èstrinipun kadamêl sawênang-wênang, barang babêktanipun pinêndhêtan.