BTJ 2.22
Palêrêd Bêdhah lan Sedanipun Sang Prabu
Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 314-321
BTJ 2.22.1
Kacariyos lampahipun sang prabu, sampun nyabrang lèpèn Bogawănta mêdal ing Rawa, anjog ing tanah urut sèwu, para garwa tuwin putra botên pisah kalihan sang nata, amung Pangeran Dipati Anom ingkang lumampah wontên ing wingking ragi têbih, lampahipun arangu-rangu, ing batos angajêng-ajêng utusanipun Trunajaya, sarêng sampun antawis botên wontên utusan, Pangeran Dipati Anom lajêng anututi ingkang rama. Lampahipun sang prabu sampun dumugi ing dhusun Karanganyar, taksih tanah Pagêlèn. Wontên ing ngriku sang nata dipun begal ing tiyang dursila, para èstri sami dhinedhelan. Sang nata enggal parentah nyêbar wang, supados tiyang begal wau sampun ngantos andhèdhèli dhatêng abdinipun kang èstri, nanging tiyang begal wau mêksa taksih andhèdhèli, sang nata sakalangkung duka, lajêng angandika angipat-ipati dhatêng ingkang êmbegal. Hèh wong begal, muga [mu...] [...ga] sira aja ana
BTJ 2.22.2
nêmu salamêt. Begal wau sakal lajêng botên wontên sagêd ngadêg, sami galasahan wontên ing siti, sang prabu lajêng lampahipun dumugi ing Toyamas, arêrêb wontên ing dhusun Ngajibarang, para putra tuwin abdi sawontênipun sami sowan ing ngarsanipun sang prabu, sang nata angandika dhatêng Pangeran Dipati Anom. Thole, sira balia, nagara ing Mataram sira rêbuta, adhi-adhinira padha gawanên kabèh, Pangeran Dipati Anom matur saha sêmbah, dhawah dalêm punika kula mopo, ing pikajêngan kula, sanajan pêjah gêsanga, kula sampun ngantos pisah kalihan panjênêngan dalêm. Sang nata angandika, yagene sira têka mopo, yèn mêngkono adhinira Si Pugêr bae sun tarine, thole Pugêr, sira balia angrêbuta nagaranira ing Mataram, mulane kakangira kang sun tari, kakangira kang duwe wajib wis ora gêlêm anglakoni, dene sariraningsun wis aja sira pikir, sabab ingsun wis ora kalilan dening Allah yèn jumênênga ratu manèh, kapindhone ingsun tuwa, lah kapriye aturira. Pangeran Pugêr matur, kula sandika anglampahi, mugi angsala pangèstu dalêm, sagêda angrêbat nagari Matawis. Sang nata ngandika malih, sira ingsun srahakên ing Allah, muga sira rinêksaa dening Allah, sarta sira sun wèhi wasiyat, kris Kyai Maesa Nular, tumbak Kyai Palèrèd. Loro iku padha wasiyat kraton, ingsun warisake ing sira, anggonên gêgaman yèn prang, adhinira Singasari, karo Si Martasana gawanên, gawenên kanthi lan ing têmbe manawa lanang prangira, ingsun titip adhinira Si Tapa, sabab saiki isih cilik. Karo dene ing besuk Si Tapa iku, yèn wis jumênêng ana ing Pathi pilih tandhinge, sarta bakal kanthinira, sira banjura jumênênga nata ana ing Jênar, wis sira mangkata sarta adhinira karo, ingsun anyangoni salamêt. Pangeran Pugêr, Pangeran Singasari, Pangeran Martasana sampuning ngabêkti dhatêng ingkang rama, lajêng bidhal wangsul sumêja dhatêng Jênar, ingiring bala sawatawis. Wondene sang prabu inggih lajêng bidhal saking Ajibarang, dumugi ing dhusun Pasiraman, taksih talatah ing Toyamas, lajêng rêrêb wontên ing ngriku, sang nata nandhang gêrah sangêt, botên karsa dipun usadani, kala samantên sang nata sarean. Pangeran Dipati Anom sarta Radèn Mas Tapa tansah wontên ing dagan sarwi ngrangkul padaning kang rama, sang prabu amundhut dawêgan. Pangeran pipati enggal dhawah dhatêng abdinipun. Sasampuning angsal lajêng kasaosakên, dawêgan wau lajêng dipun bolong dhatêng pangeran dipati, lajêng kaaturakên
BTJ 2.22.3
ingkang rama sang prabu. Sang nata aningali dawêgan sampun kabolong anggraita ing galihipun, angintên yèn dawêgan wau kadekekan wisa dhatêng pangeran dipati, ewadene inggih lajêng dipun unjuk. Sang nata sarêng sampun ngunjuk dawêgan nuntên ngandika, bangêt tarimaningsun thole, ênggonira awèh dawêgan. Ingsun wêruh ing karêpira, ingsun sira purih enggala seda, dene têka kaya mêngkono karêpira, dhèk biyèn sira sun kon bali angrêbut nagara Mataram sira ora gêlêm. Ing saiki kaya mêngkono karêpira, hèh thole wruhanira, ing besuk amung sira dhewe kang mukti, ora tumurun ing anak putunira, sarta ingsun duwe wêwalêr, ing besuk yèn ingsun wis seda, sira lan saturunira ora ingsun lilani, yèn anyadrana ing pakuburan ingsun. Sang nata gêrahipun sangsaya ngranuhi, pangeran dipati tansah amuwun, sarwi nyungkêmi sukune kang rama, sang nata wungu angrangkul janggane kang putra, sarta ngandika, thole dipati, wruhanira ingsun bakal têkaning jangji, puput yuswaningsun. Besuk ing sapungkur ingsun, sira anjaka[8] pitulung marang wong Walănda, ajakên malês ukum marang wong bang wetan kang padha angrusak ing Mataram. Poma-poma sira angèstokna ing wawêkas ingsun, krana wis pinasthi karsaning Allah, yèn ing tanah Jawa bakal salin alam. Wong Walănda bakal unggul prange, sarupane [saru...] [...pane] anak putuningsun ing besuk, yèn akanthi wong Walănda amêsthi bakal lanang prange, sira ingsun dongakake bisaa angrusak mungsuhira wong bang wetan, nanging aja lali akanthi wong Walănda, sarta sarupane babêrkatan ingsun sira tampanana, kris aran Kyai Balabar, tumbak Kyai Baru lan sapanunggalane kabèh wajib sira kang anduwèni, krana sira putraningsun kang tuwa dhewe, wajib gumantya marang panjênêngan ingsun. Karo dene manèh thole, besuk manawa ingsun wis seda, layon ingsun pêtakên ing bumi Têgal, tunggalna lan guruningsun kang wus kinubur ing kono, nanging layon ingsun prênahna ing lêmah kang punthuk. Sarta lêmahe sira găndaa, ing ngêndi lêmah kang wangi gandane sarta munthuk. Layon ingsun astananên ing kono, wis dibêcik kèri. Sang nata lajêng seda, tangis gumêrah, layon sampun siniraman lajêng tinabêla. Pangeran dipati enggal utusan animbali Ki Dipati Martalaya ing Têgal. Ki Dipati Martalaya inggih sampun dhatêng wontên ing ngriku, layonipun sang prabu lajêng kabêkta dhatêng Têgal, ing ngriku sampun
BTJ 2.22.4
manggih siti munthuk sarta wangi ambêtipun. Layon wau inggih sampun kasarèkakên ing ngriku, wiwit kala samantên ênggènipun nama ing Têgal Arum.
BTJ 2.22.5
Gêntos kacariyos rajaputra ing Mataram, kang anama Pangeran Pugêr, lampahipun sampun dumugi ing Jênar, lajêng kaklêmpak bala, tiyang tanah Pagêlèn sampun suyud sadaya, wontên mantrinipun ingkang rama satunggil angawula ing rajaputra sampun kaangkat nama Tumênggung Gajah Pramoda, angrèhakên tiyang satanah Pagêlèn tuwin para santana inggih kathah kang sami andhèrèk ing rajaputra, kala samantên Pangeran Pugêr ing dalu sare, supêna kêpanggih ingkang rama, kadhawahan angrêbat nagari ing Matawis, sabab sampun mangsanipun sarta dhawah anjumênêng nata wontên ing Jênar, satêlasing pangandika ingkang rama katingal nuntên seda. Pangeran Pugêr kagèt lajêng wungu, sangêt ênggènipun gêgêtun. Lajêng ngandika tantunan dhatêng ingkang rayi-rayi, tuwin para santana sarta para tapa, karsanipun Pangeran Pugêr badhe jumênêng nata, ingkang sami tinantun sadaya anjurungi, Pangeran Pugêr lajêng jumênêng nata, ajêjuluk Kangjêng Susuhunan Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama, akêkutha ing Jênar, dipun lih nama ing Purwakăndha, sampun misuwur ing tanah Kêdhu Pagêlèn, sarta sampun suyud sadaya, tiyangipun sami ngalêmpak wontên ing ngriku sagêgamanipun. Sinuhun Ngalaga lajêng utusan amurugi gajah kagunganipun ingkang rama swargi, kala rumiyin katilar wontên ing margi, samangke inggih sampun kapundhut ing sang prabu Ngalaga. Sang Prabu Ngalaga [Nga...] [...laga] lajêng angundhangi bala, sumêja anglagar mêngsah, tiyang Madura kang baris wontên ing dhusun Jagabaya, sarêng sampun samêkta nuntên bidhal. Sadhatêngipun ing Jagabaya lajêng têmpuh prang rame, bala Madura kathah kang pêjah, Ki Dhandhang Wacana lan sabalanin[9] sami lumajêng angungsi dhatêng Palèrèd. Sang Prabu Ngalaga anglud dhatêng Palèrèd. Têtiyang ing Matawis kang sampun sami têluk dhatêng tiyang Madura samangke sami ambalik, andhèrèk gustinipun lami, dados sang prabu Ngalaga wau sangsaya kathah balanipun. Ki Tumênggung Mangkuyuda ing Sampang sampun sumêrêp tiyang Matawis sami ambalik, agiris manahipun kawêwahan sadhatêngipun Ki Dhandhang Wacana karisakan. Balanipun kathah kang pêjah, Ki Dhandhang Wacana sarta
BTJ 2.22.6
Mangkuyuda lajêng larud lan sabalanipun sumêja angumpul dhatêng ing Kadhiri. Sang Prabu Ngalaga sarêng dipun aturi uninga ing balanipun, yèn tiyang Maduntên kang sami wontên ing Palèrèd sampun larud. Sang prabu nuntên lumêbêt ing kitha Palèrèd. Kala samantên sang prabu sampun têtêp ênggènipun jumênêng nata, amêngku nagari ing Matawis. Balanipun sadaya sami ajrih asih, parentahipun ajêg. Ambêgipun sang prabu adil paramarta, asring ngapura ing ngadosa, para santana tuwin para abdi ingkang sami lami sampun kathah kang sami dhatêng, sarta kathah kang sami jinunjung lênggah, wontên ingkang rayi satunggil sampun [sampu...] [...n] kaangkat nama Pangeran Arya Panular, santananipun sang prabu satunggil anama Radèn Ănggayuda kaangkat nama Pangeran Natakusuma, Radèn Wirataruna kaangkat nama Dipati Mangkubumi, Radèn Răngga kaparingan nama Dipati Martasana, Kyai Kamal kadadosakên pangulu, dene ingkang kadadosakên patih Radèn Arya Măndhalika, têtiyang ing Pajang Mataram tuwin ing Kêdhu Pagêlèn sampun sami suyud sarta kathah kang sami jinunjung lênggah, nanging kala samantên nagari ing Matawis kenging wawêlak. Kathah têtiyang kang sami sakit, bawinipun nagari Matawis risak, hawanipun dèrèng sae, sarta awis tatêdhan, têrag jawah, panasipun anglangkungi, nagari Matawis kados gêsêng, dados kathah têtiyang kang sami pêjah amargi sakit tuwin botên nêdha, kêkere aglar ing saurut margi utawi urut lèpèn, sarta sami sakit mêmalanên, utawi sakit rumab. Tiyang sakit ing wanci enjing, sontênipun pêjah, sang prabu Ngalaga sangêt ênggènipun sungkawa, botên eca dhahar utawi sare, tansah anêdha ing Allah, supados mulyaa nagarinipun.