BTJ 2.23
Pangeran Dipati Anom Jumênêng Mangkurat
Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 321-328
BTJ 2.23.1
Gêntos kacariyos Pangeran Dipati Anom. Ingkang wontên ing Toyamas. Ing sasedanipun ingkang rama pangeran dipati tansah amuwun ngantos supe ing kaluhuranipun. Botên sumêja yèn jumênênga nata, [na...] [...ta,] ciptanipun anglampus kemawon, malah sumêja kesah khaji dhatêng Mêkah, kala samantên lajêng utusan animbali Ki Dipati Martalaya ing Têgal. Ki Dipati Martalaya inggih sampun dhatêng wontên ing Toyamas, panggih lan pangeran dipati, Martalaya lajêng ngabêkti sarta anangis. Pangeran dipati angandika, wis aja sira nangis, mupusa yèn wis pinêsthi karsa Allah, mungguh rusake nagara Mataram,
BTJ 2.23.2
mulane sira sun timbali, ingsun upayakna prau ingkang prayoga bakal ingsun tunggangi dhewe, ingsun bakal lunga khaji marang Mêkah, Ki Dipati Martalaya mirêng pangandikanipun pangeran dipati angêrês manahipun, lajêng angrangkul sukunipun pangeran dipati matur sarwi nangis. Gusti, karsa dalêm punika kula botên amrayogèkakên. Punapa panjênêngan dalêm botên angowêl karisakanipun ing tanah Jawi, upami katilara, ingkang dipun gêgondhèli tiyang satanah Jawi sadaya sintên, kajawi amung panjênêngan dalêm. Aluhung panjênêngan dalêm jumênênga nata wontên ing ngriki utawi ing Têgil anggêntosi rama dalêm suwargi, wondene prakawis mêngsah dalêm pun Trunajaya tuwin tiyang Makasar, kula kang sagah nyirnakakên. Sanajan wêwaha malih tiyang Sampang tuwin tiyang Makasar, kula botên ajrih. Akathah-kathah aturipun Martalaya wau. Pangeran dipati angandika, Martalaya, [Martala...] [...ya,] karsaningsun wis ora kêna sira ampah, ingsun ora duwe cipta liyane mung têka munggah khaji, dene prasêtyanira wis ingsun tarima, nanging ingsun enggal upayakna prau bae. Ki Dipati Martalaya matur, yèn makatên gusti, mugi kasarèhna rumiyin, kula badhe damêl baita ingkang prayogi, sabab yèn kula ngupados baita kapal ingkang prayogi kados botên angsal. Pangeran dipati inggih anurut ing aturipun Martalaya wau, Ki Martalaya lajêng pamit mantuk. Sadhatêngipun ing Têgal inggih anuntên damêl baita. Ing sapêngkêripun Martalaya, pangeran dipati wau lajêng sami dipun garumung dhatêng abdinipun sarta dipun tangisi, supados wandea ênggènipun badhe minggah khaji, nanging pangeran dipati botên keguh ing karsanipun. Kala samantên pangeran dipati ing wanci dalu sare wontên mêsjid ing Toyamas, abdinipun panakawan alit têtiga, pangeran dipati wau supêna, mêsjid kang dipun anggèni sare punika katingal garowong ing nginggil. Anuntên wontên rêmbulan, kathahipun pitu, saking ing langit lajêng manjing ing jajanipun. Nuntên wontên lare saukiran cahyanipun kados srêngenge, dipun candhak dhatêng pangeran dipati botên kenging, lare saukiran wau ênggih lajêng manjing ing jajanipun. Pangeran dipati kagèt [kagè...] [...t] nuntên wungu, sangêt ênggènipun gêgêtun, anggraita yèn kadhawahan cahya nurbuwat. Pangeran dipati lajêng agadhah cipta sumêja jumênêng nata, ênggènipun badhe kesah khaji botên siyos, sarta ciptanipun ing tanah
BTJ 2.23.3
Jawi prasasat sampun kagêgêm ing astanipun. Pangandikane ing galih, saupama dhèk biyèn rasaning galih ingsun kayaa saiki, kaya ora bêdhah nagara ing Mataram. Para abdinipun sadaya tuwin para santana lajêng kaklêmpakakên. Sampun pêpak sadaya, sarta sami pangling aningali gustinipun. Kala rumiyin cahyanipun êlom. Samangke cahyanipun sumringah sarta ngêngrêng, pangeran dipati ngandika dhatêng abdi tuwin santananipun. Bocah ingsun kabèh, sira padha saksenana, yèn saiki ingsun jumênêng nata anggêntèni kangjêng rama, ingsun ajêjuluk Susuhunan Mangkurat, Senapati ing Ngalaga, Ngabdurrahman Sayidin Panatagama, para abdi sami jumurung saur pêksi sadaya sarta sami suka ing manahipun. Para abdinipun ing kadipatèn lajêng sami jinunjung lênggahipun. Wontên ingkang dados bupati tuwin mantri, răngga, dêmang ing sapantêsipun. Sang prabu anyar nuntên utusan animbali Ki Dipati Martalaya ing Têgal lan sabalanipun sarta ambêkta sagêgamaning prang, utusan lajêng mangkat sampun dumugi ing Têgal. Ki Dipati Martalaya inggih enggal mangkat dhatêng Toyamas, sampun kêpanggih sang prabu anyar, sang nata alon ngandika, Martalaya, mulane sira sun timbali, sira sumurupa yèn ingsun jumênêng nata, dene ênggon ingsun bakal munggah khaji samêngko wis ora sida. Martalaya sarêng mirêng sakalangkung suka manahipun, matur saha sêmbah, sokur gusti, panjênêngan dalêm sampun jumênêng nata, ingkang kula ajêng-ajêng salaminipun inggih makatên. Dene prakawis mêngsah dalêm pun Trunajaya tuwin tiyang Makasar, inggih kula kang sagah anumpês. Panjênêngan dalêm ngeca-eca kemawon. Sang nata angandika, Martalaya, kasaguhanira wis ingsun tarima, dene prahu ênggonira gawe, iku sadhiyakna tumuli, sarta wonge kang nglakokake prahu, dipêpak sapirantine wong lêlungan. Krana ingsun bakal utusan mundhut bantu wong Walănda marang ing Batawi. Martalaya matur, gusti, karsa dalêm badhe mundhut bantu punika kula botên angrêmbagi, sabab watêkipun tiyang Walandi punika, yèn dipun prasanak tansah mangarahi, sarta kathah cidranipun. Saenipun lair kemawon. Ing batos botên pêdhot-pêdhot pangangkahipun. Dene prakawis mêngsah dalêm tiyang bang wetan, tiyang kula sampun anyagahi anumpês sadaya, punapa panjênêngan dalêm botên pitados ing atur kula. Akathah-kathah aturipun
BTJ 2.23.4
Martalaya [Martala...] [...ya] wau, amurih sang prabu sampun ngantos siyos utusan mundhut bantu dhatêng Batawi. Sang nata mesêm sarwi ngandika, Martalaya, prasêtyanira wus ingsun tarima, ingsun carita marang sira, ing nalikane isih panjênêngane eyang Kangjêng Sultan Agung, ingsun isih dibobotake ing ibuningsun, iku eyang sultan pinuju lênggah lan kang garwa, ibuningsun marak marang eyang sultan. Eyang sultan barêng aningali ibuningsun marak, banjur jumênêng angurmati marang ibu, eyang ratu matur pitakon. Wontên punapa sultan, sampeyan jumênêng saking pinarak. Eyang sultan amangsuli, ratu, dudu bok mantu kang ingsun hurmati, yèn sira ora sumurup kang ingsun urmati kang ana ing wêtêngan, iku besuk bakal dadi raja gêdhe abêbala bacingah, kaya dene panjênêngan ingsun iki, wong tanah Jawa padha suyud kabèh, Martalaya, iku caritaningsun marang sira, mulane ingsun sumêja mundhut bantu marang ing Batawi, dadi ingsun bakal anyatakake wirayate eyang sultan. Ki Dipati Martalaya sarêng mirêng cariyosipun sang prabu, lajêng tumungkul, botên sagêd amangsuli, sabab kaluhuran sabda, ing wusana amiturut ing sakarsanipun sang prabu. Sang nata lajêng dhawah dhatêng Arya Măndaraka, andikakakên dhatêng ing Batawi sarta mawi sêrat, kêkanthenan tiyang Têgal, anama [ana...] [...ma] Ngabèi Sindupati, sasampuning samêkta nuntên mangkat, anjujug ing Têgal, wontên ing ngriku lajêng numpak baita, sampun layar. Sang Prabu Mangkurat ngandika malih dhatêng Pranataka, Pranataka, sira mênyanga ing Donan utawa ing Nusakambangan, sira ngupayaa kêmbang wijayakusuma, poma diolèh, sira aja mulih-mulih yèn durung olèh, kongsia jambul wanên ya anaa ing kono bae. Ki Pranataka matur sandika lajêng mangkat. Sang prabu parentah bidhal saking Toyamas, sumêja dhatêng Têgal. Lampahipun sampun dumugi ing Têgal. Ki Dipati Martalaya angaturakên padalêmanipun. Sang prabu inggih lajêng angêdhaton ing ngriku, dene Ki Dipati Martalaya tuwin bupati sanesipun sami masanggrahan ing alun-alun. Wontên ing ngriku sang prabu akaklêmpak bala, sarta tansah agêgulang pratingkahing prang dhatêng balanipun sadaya, sang nata amundhut tiyang ing Têgal tigang atus, kadamêl prajurit, busananipun sinami, winastanan prajurit Jagasura. Anuntên wontên tiyang saking Dêmak dhatêng, kêkalih sami sadulur, êmbêkta tiyang tigang atus, sumêja ngawula ing Sang Prabu
BTJ 2.23.5
Mangkurat, anama Martajaya, kalih Wiramantri, nanging kala rumiyin sampun ngawula ing Sang Prabu Ngalaga, Ki Martajaya, Wiramantri, sami matur ing sang prabu, yèn nagara Matawis sampun karêbat dhatêng Pangeran Pugêr, sarta sampun jumênêng nata wontên ing Palèrèd, ajêjuluk Susuhunan Ngalaga, ing tanah Pajang Mataram, Kêdhu Pagêlèn sampun sami suyud. Sang Prabu Mangkurat sarêng mirêng pawartos saking Martajaya, sakalangkung suka ing galihipun. Dene ingkang rayi unggul ing prangipun sarta sampun jumênêng nata wontên ing Palèrèd. Lajêng angandika, Martajaya, yagene sira aninggal adhi mas Pugêr. Martajaya matur, gusti, mila kula botên sowan dhatêng Matawis, sabab rayi dalêm sampun kathah balanipun. Panjênêngan dalêm dèrèng kagungan bala kathah, mila kula pilalah mriki. Sang nata ngandika, Martajaya, ya bangêt tarimaningsun êngonira sumêja milu lara, besuk nagara Dêmak bakal ingsun paringakên ing sira lan adhinira. Martajaya lan sabalanipun sampun kaprênahakên. Anuntên wontên tiyang Surabaya dhatêng, anama Ănggajaya kalih Ănggawăngsa, Ănggawăngsa wau sampun angabdi dhatêng ing sang prabu kala kadipatènipun. Dene Ki Ănggajaya taksih agêgriya wontên ing Surabaya, samangke Ki Ănggajaya wau nusul dhatêng sadhèrèkipun kang nama Ănggawăngsa tumut angabdi ing sang prabu, inggih sampun katampèn.