BTJ 2.24
Sêkar Wijayakusuma lan Rawuhipun Amral
Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 328-338
BTJ 2.24.1
Kacariyos Ki Pranataka kang kautus dhatêng Nusakambangan ngupados sêkar wijayakusuma, Ki Pranataka inggih sampun dhatêng ing masjid watu, wontên ing ngriku ngantos pitung dintên pitung dalu, botên nêdha-nêdha, supados angsala sêkar, sarêng ing dintên malêm Jumungah, Ki Pranataka aningali sekar wijayakusuma amung sarakit. Cahyanipun mancorong, Ki Pranataka enggal amêthik. Sekar lajêng kabêkta mantuk dhatêng Têgal, sampun kaaturakên ing sang prabu, sang nata sakalangkung suka, cipta yèn tulus ênggènipun jumênêng nata.
BTJ 2.24.2
Gêntos kacariyos lampahipun Ki Măndaraka kang dhatêng ing Batawi, sampun kêpanggih kalihan gurnadur jendral. Ki Măndaraka wau sadhatêngipun ing Batawi, mawi dipun urmati ungêling maryêm,
BTJ 2.24.3
sarta drèl sanjata, panganggêpipun gurnadur jendral prasasat sang prabu ing Matawis têdhak piyambak dhatêng ing Batawi, para rat tuwin para upsir inggih sami manggihi sadaya wontên ing loji panggenanipun gurnadur jendral sarta kasêgah dhahar tuwin unjuk-unjukan. Sasampuning sami dhahar, Ki Măndaraka lajêng amaringakên sêrat. Gurnadur jendral anampèni sarta winaos. Ki Măndaraka wicantên. Tuwan gurnadur jendral, dhawahipun sang prabu bêbantu wau sarênga salampah kula, gurnadur jendral mangsuli, Kyai Măndaraka, jêngandika angantia rumiyin, kula amatah ingkang badhe lumampah, Ki Măndaraka inggih anurut ing dhawahipun gurnadur jendral. Gurnadur jendral lajêng parentah dhatêng Kumpêni ingkang badhe kalampahakên, kathahipun sèwu wolung atus. Ingkang sèwu tiyang Makasar, Ambon, Tarnate, Bugis. Ingkang wolung atus tiyang Walandi, ingkang măngka Senapatining prang anama Amral èl Duwèlbèh, mayor Walandi kêkalih, kapitan sapangandhap botên kacariyos. Dene mayoripun tiyang Makasar tuwin Ambon kêkalih anama Kraèng Naba kalih Krang[10] Kadhangkrang, sarta gurnadur jendral angaturi pisungsung rajabrana warni-warni ing sang prabu, utawi wawêlingipun dhatêng Amral, tuwin dhatêng Ki Măndaraka inggih kathah-kathah, sasampuning samêkta lajêng bidhal numpak baita ambabar layar, lampahipun sampun dumugi muwara ing Têgal. Ki Măndaraka mêntas rumiyin, sowan ing sang prabu, Amral taksih kantun wontên ing pinggir pasisir, Ki Măndaraka sadhatênge ngarsanipun sang nata lajêng ngabêkti sarta matur, gusti, kula angaturakên tabenipun kaki gurnadur jendral konjuk ing panjênêngan dalêm, sarta angaturi pisungsung rajabrana warni-warni, sarêng tampi dhawah dalêm, gurnadur jendral sakalangkung suka, ingkang dados pamundhut dalêm bêbantu samangke inggih anyaosi, kathahipun sèwu wolung atus. Mayoripun sakawan têtindhihipun anama Amral èl Duwèlbèh, sang nata sarêng mirêng aturipun Ki Măndaraka, sakalangkung suka, lajêng ngandika, Măndaraka, enggal timbalana panggêdhene wong Walănda, ingsun arêp wêruh, Ki Măndaraka enggal wangsul dhatêng pinggir pasisir animbali Amral sarta para mayor, sang nata lajêng miyos sinewaka, badhe amanggihi têtamu, balanipun sang nata pêpak sadaya sumêja sami
BTJ 2.24.4
ningali ing warninipun tiyang Wêlandi, ing alun-alun kêbak tiyang jalêr èstri. Amral tuwin para upsir sadhatêngipun ing ngarsane sang prabu, lajêng sami manthuk angadêk kemawon sarta angêmpit têpio, botên wontên ingkang sila, para bupati tuwin kang sami ningali kalangkung kagèt sarta sami eram, dene sami daksura, sang nata ngandika dhatêng Ki Măndaraka, Măndaraka, yagene ora nana gêlêm seba sila marang ingsun. Bangêt ênggone ora wêruh ing tata, Ki Măndaraka matur, gusti, sampun caranipun tiyang Walandi, urmatipun ngadêk sarta ngêmpit têpio, sang nata mèsêm. Ki Dipati Martalaya panasbaran. Enggal amurugi Amral dipun candhak gulunipun dipun kèn sila sarta wicantên. Payo kapir, linggiha, apa kowe ora wêruh yèn iki ana ngarsane Raja Mataram. Bangêt ênggonmu kurang ajar, Amral pulingak-pulinguk. Mayor Wilham aningali pangagêngipun pangraosipun pangagêngipun dèn niaya, lajêng anyêlaki sarwi ngingêr pêdhang, anguntir barêngos. [barê...] [...ngos.] Martalaya wicantên sêru dhatêng Mayor Wilham. Mara mêdhanga tak tadhahi, sang prabu sarêng aningali sakalangkung duka andikakakên sami nyapih, Ki Măndaraka enggal angrangkul dhatêng Amral sarta angrarapu, Amral wicantên. Hèh Ki Măndaraka, ênggonku mrene iki awit karsane sang prabu, kowe kang angirid. Wêkasane awakku ora kajèn. Yèn awèt mangkene aku mêsthi mulih marang Batawi, Ki Măndaraka amangsuli sarwi bisik-bisik. Tuwan Amral, aku anjaluk pangapuramu, kowe aja lara atimu marang wong iku, yèn kowe durung sumurup, iku wong ing Têgal, jênênge Dipati Martalaya, upama iku didukani marang sang prabu, amêsthi banjur minggat, têmah agawe butuh, bakal ora nana kang mikul obat mimismu utawa barangmu kabèh, samêngko sabarna bae, besuk yèn wis rampung prang gampang, aku kang saguh nyuwunake ukum ing sang nata, Amral sarêng mirêng wicantêne Ki Măndaraka lajêng sarèh manahipun sarta wicantên. Kyai Măndaraka, priye adate wong Jawa yèn seba ing rajane, aku surupêna, sarèhning têkaku iki sumêja suwita marang sang nata, amêsthi apa kang dadi parentahe sang prabu, ya bakal taklakoni, Ki Măndaraka inggih lajêng anyêrêpakên. Sang nata alon andangu, Măndaraka, sira cêcaturan apa karo Si Amral.
BTJ 2.24.5
Ki Măndaraka matur, gusti abdi dalêm pun Amral anyuwun pangapuntên dalêm. Sarèhning dèrèng sumêrêp caranipun tiyang Jawi, yèn sowan ing ratunipun. Samangke anêrang, kadospundi ingkang dhawah dalêm, pun Amral inggih badhe anglampahi. Sang nata mèsêm sarwi ngandika, Măndaraka, sira kang wus wêruh adate ana ing Batawi, biyèn kapriye, dene ingsun ya anurut. Apa kang dadi adate wong Walănda. Ki Măndaraka matur, gusti, yèn urmat dhatêng pangagêngipun inggih ngadêk kemawon, jêjêk sukunipun sarta angêmpit têpio, utawi yèn sawêk dhatêng, lajêng sami candhak-cinandhak tangan têngên sami têngên. Dene kang sami dipun damêl lênggah kursi sami dipun jèjèr, sang nata nuntên ngandika dhatêng para bupati, bocah ingsun kabèh, dikêbat padha gawea dhingklik utawa lincak, lan padha aweha sêsuguh, apa kang dadi doyanane wong Walănda aja kongsi kêkurangan. Amral anuntên matur ing sang prabu, sinuhun, wawêlingipun kaki jendral, badan kula saprikănca sadaya kasumanggakakên ing panjênêngan dalêm. Punapa ing sakarsa dalêm angrèh dhatêng tiyang Walandi, amêsthi miturut. Wondene yèn taksih kirang, abdi dalêm Kumpêni ingkang badhe kaabên prang, kula kadhawahan ambêkta Walandi ing Japara ing sawontênipun. [sawo...] [...ntênipun.] Manawi sampun andadosakên parênging karsa dalêm. Kula kalilana rumiyin dhatêng ing Japara, dene ingkang rumêksa ing panjênêngan dalêm, kula angaturi Kumpêni satus, têtindhihipun kapitan satunggil. Sang prabu angandika, Amral, ya bangêt tarimaningsun. Sarta ingsun ya anurut ing aturira, nanging lerena dhingin. Besuk yèn wis mari kêsêl, tumuli mangkata marang Japara, ingsun ya nuli nusul. Amral sa-Kumpêninipun sampun kaparingan panggenan, sarta sinêgahan uwos utawi maesa lêmbu, akathah tiyang Kumpêni sami suka-suka manahipun. Dene ingkang kadhawahan angêmong tiyang Kumpêni Ki Arya Măndaraka. Ing enjingipun sang nata miyos sinewaka ing bala Jawi sadaya, tuwin Amral saupsiripun inggih sami sowan, andhèr sami sowan lênggah ing dhingklik. Sang nata anjunjung nama ing para abdinipun kala taksih kadospatèn. Ki Măndaraka kaangkat dados patih nama Dipati Măndaraka, Ki Pranataka anama Tumênggung Sindurêja, Ki Ăndakara nama Tumênggung Wiradigda, Ki Sêndhi nama Tumênggung
BTJ 2.24.6
Ngurawan. Ingkang paman sang prabu kaparingan nama Dipati Nêrangkusuma, sang nata angandika dhatêng Dipati Nêrangkusuma, Nêrangkusuma, sira mênyanga ing tanah Kêdhu utawa ing Pagêlèn. Sira angangina [a...] [...ngangina] pawarta, nagara ing Mataram samêngko sapa kang ngênggoni, apa isih adhi mas apa wong liya, poma ditêrang pawarta iku, Radèn Nêrangkusuma matur sandika, lajêng mangkat lan sabalanipun, sampun dumugi ing Kêdhu. Kala samantên ing Kêdhu taksih sangêt rêsah, kathah tiyang begal kècu mêmaling, sadhatêngipun Radèn Nêrangkusuma tiyang ing ngriku kathah kang sami têluk. Nuntên wontên têtiyang ing Kêdhu satunggal anama Wăngsacitra, sowan sumêja suwita ing Radèn Nêrangkusuma sarta anakipun kêkalih, anama Ki Lêmbu kalih Ki Buwang, balanipun kathah, pangabdinipun inggih sampun katampèn. Ki Wăngsacitra kadhawahan anguyuni tiyang ing Kêdhu sadaya, inggih sampun sami suyud dhatêng Ki Wăngsacitra, Radèn Nêrangkusuma nuntên utusan ngaturi uninga ing sang prabu, sarta sampun kaparingan wangsulan mawi piyagêm, kaparingakên dhatêng Ki Wăngsacitra, kala samantên Wăngsacitra nuntên kaangkat nama Tumênggung Mangkuyuda angrèhakên tiyang Kêdhu sadaya, Ki Lêmbu lan Ki Buwang kapundhut ing sang prabu kaabdèksakên.[11] Radèn Nêrangkusuma sarêng sampun angsal pawartos bab nagari Matawis, lajêng bidhal wangsul dhatêng Têgal. Ki Tumênggung Mangkuyuda sabalanipun sarta anakipun kêkalih inggih sami andhèrèk. Sadhatêngipun ing Têgal nuntên sowan ing sang prabu, angaturakên pawartos, yèn nagari Matawis samangke taksih têtêp ingkang rayi sang prabu kang jumênêng nata, nanging taksih asring rêbat jajahan kalihan tiyang Maduntên. Sang prabu mirêng pawartosipun Radèn Nêrangkusuma sakalangkung suka ing galihipun, dene ingkang rayi taksih têtêp jumênêng nata wontên ing Matawis. Sang nata lajêng parentah dhatêng Ki Martajaya, Martajaya, sira mangkata dhingin marang nagara ing Dêmak, angêlara jajahan lan kêklumpukan bala, besuk yèn ingsun wus rawuh ana ing Dêmak bae sebaa. Martajaya matur sandika, lajêng bidhal sabalanipun utawi Amral sa-Kumpêninipun inggih sampun kalilan rumiyin, sarta kêkanthenan Ki Dipati Măndaraka, kalih Radèn Nêrangkusuma, priyantun kêkalih punika ingkang kadhawahan angêmong tiyang Kumpêni, lampahipun mêdal ing laut. Sampun dumugi ing Japara, Ki Ngabèi Wăngsadipa
BTJ 2.24.7
enggal mêthuk, sarta sangêt ênggènipun sêsugun. Amral sarta bupati kalih sampun sami mêntas saking ing laut, kabêkta dhatêng padalêmanipun Ki Wăngsadipa, Amral lajêng wicantên dhatêng Ki Ngabèi Wăngsadipa, kyai ngabèi, dhatêng kula mriki punika kautus ing sang prabu, andikakakên anggêbag mêngsah tiyang bang wetan kang wontên ing ngriki, samangke panggenane mêngsah dika wontên pundi. Ki Wăngsadipa amangsuli, tuwan, panggenaning mêngsah kala rumiyin wontên [wontê...] [...n] ing Jagatamu, samangke sampun sami lumajêng mangetan, amargi kula gêbag ing prang, kathah ingkang pêjah, sabab kula dipun biyantoni dhatêng tiyang Prasman tuwin tiyang Inggris, kang sami grami wontên ing ngriki, punika kang sami mitulungi ênggèn kula prang. Amral sarêng mirêng wicantênipun Ki Wăngsadipa, sangêt ênggènipun kagèt sarta èmêng ing manahipun, dene wontên tiyang sabrang kang sanès băngsa tumut têtulung prang, Amral wau lajêng pirêmbagan kalihan para upsiripun. Tiyang Prasman sarta tiyang Inggris kapurih kesaha saking Japara, sampun ngantos katur ing sang prabu, mila makatên, ing benjing samangsanipun unggul ing prang, botên wande tumut angsal ganjaran nagari, sarta tiyang Prasman lan Inggris wau badhe kasukanan wang, kang minăngka epahaning prang, kaawadakên pêparingipun sang nata. Sarêng sampun gilig ing rêmbag, Amral lajêng kengkenan angundang pangagêngipun tiyang Prasman sarta Inggris, inggih sampun sami dhatêng wontên ing pasanggrahanipun Amral. Amral tumuntên wicantên. Hèh wong Prasman lan Inggris, aku ingutus marang Raja Mataram, andikakake andhawuhi ing kowe, prakara ênggonmu têtulung prang wis ditarima, sarta kowe diparingi wang rong lêksa ringgit kang măngka ganjaran ênggonmu têtulung prang, nanging kowe andikakake lunga têka ing tanah Jawa, mangkata sadina iki. Tiyang Inggris sarta Prasman amangsuli, aku ora duwe prau, prauku lagi digawa mulih angusungi dagangan. Amral wicantên malih, sapira kèhe dagangamu kang isih ana ing kene, aku kang ngènèhi[12] prahu, nanging kowe tumuli lungaa sadina iki, sakèhe prahuku kang bakal kogawa ngusungi daganganamu, iku banjur pèkên pisan, aja susah kobalèkake. Arta kalih lêksa ringgit sarta baita inggih sampun sami dipun tampèni, tiyang Inggris sarta Prasman
BTJ 2.24.8
sampun mangkat saking Japara, nanging baita wau sampun sami dipun uncêgi dhatêng balanipun Amral. Tiyang Inggris sarta Prasman sarêng dumugi satêngahing laut, baitanipun sami kèrêm, tiyangipun sampun sami pêjah sadaya.