BTJ 2.25
Lampah Sang Prabu lan Raja Galesong
Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 338-345
BTJ 2.25.1
Kacariyos Sang Prabu Mangkurat sampun bidhal saking ing Têgal lan sabalanipun, para dipati sami lumampah ing ngajêng têbih, ingkang lumampah wontên ing ngarsane sang prabu bala Kumpêni, lampahipun rampak sapangkat-pangkat. Tamburipun tansah tinabuh, sang nata rêmên aningali lampahipun tiyang Kumpêni, para èstri sami lumampah ing wingking, sang nata sampun dumugi ing Pakalongan, arêrêb wontên ing ngriku, lajêng amundhut tiyang ing Pakalongan tigang atus kadamêl prajurit, winastanan prajurit judhipati, sang nata nuntên bidhal [bidha...] [...l] saking Pakalongan saha bala mêdal ing laut. Para èstri sami dipun tilar wontên ing Pakalongan. Sampun dumugi muwara Japara, Amral sarta para upsir tuwin Ki Wăngsadipa enggal sami mêthuk. Sang prabu sampun mêntas saking baita, lajêng ingaturan nitih kareta, sarawuhipun ing griyane Ki Wăngsadipa, bala Kumpêni sami urmat drèl sarta mariyêm. Baris angurung-urung margi, sang nata sampun masanggrahan wontên ing ngriku. Enjingipun sang prabu miyos sineba ing bala Jawi tuwin bala Kumpêni, anuntên Ki Martajaya dhatêng, sang nata enggal andangu, Martajaya, samêngko panggonaning mungsuh ana ing ngêndi, Ki Martajaya matur saha sêmbah. Gusti, mêngsah dalêm kang wontên sakiwa têngêning Dêmak sampun dhadhal sadaya, awit kula gêbag ing prang, samangke sami ngumpul wontên ing Rêmbang tuwin ing Tuban. Sang nata sakalangkung suka, Martajaya lajêng kajunjung bupati ing Dêmak, kaparingan nama Tumênggung Endranata, Ki Wangsadipa kaangkat nama Dipati Martapura. Ki Ănggawăngsa lan Ănggajaya sami matur ing sang prabu, angaturakên pawartosing mêngsah, yèn Trunajaya samangke sampun kesah saking Surabaya, angalih kitha ing Kadhiri, amilih papan kang wiyar sarta radin, badhe kadamêl amêthuk prang, dene andêl-andêlipun anama Dhandhang Wacana, kalih Mangkuyuda, tiga Darmayuda, sarta Raja Galengsong tiyang Makasar, Raja Galengsong wau sampun kapêndhêt mantu dhatêng Trunajaya, sarta kaangkat nama Prabu Anom, punika kang
BTJ 2.25.2
sagah anadhahi prangipun tiyang Kumpêni, ing sadintên-dintên tansah angatos-atos. Sang nata sarêng mirêng lajêng ngandika dhatêng Amral. Amral, ingsun angrungu pawarta, yèn Si Galengsong duwe sadulur lanang, jênênge Kraèng Naba, dadi Mayor kalereyanamu Kumpêni Makasar, iku apa nyata. Aturipun Amral kajawi kapariksa rumiyin. Kraèng Naba nuntên katimbalan. Sadhatêngipun ing ngarsanipun sang prabu Amral nuntên pitakèn. Kraèng Naba, kowe apa nyata duwe sadulur lanang siji, jênênge Galengsong, samêngko ana panggonaning mungsuh, Kraèng Naba sarêng mirêng lajêng bêrbês mili sarta matur, tuwan, inggih sayêktos pun Galengsong punika adhi kula, ênggèn kula pisah kala taksih alit. Ngantos sapriki kula dèrèng nate kêpanggih dhatêng piyambakipun. Sang prabu lajêng ngandika dhatêng Amral. Amral, yèn mêngkono, Si Kraèng Naba iku ingsun pundhut, bakal ingsun utus marang Kadhiri, anêmoni adhine. Amral inggih anyumanggakakên. Sang nata ngandika dhatêng Kraèng Naba, Kraèng Naba, sira ingsun utus marang Kadhiri, adhinira pulutên lawan têmbung kang bêcik, supaya [supa...] [...ya] aja kongsi prang lan sira, anungkula marang ingsun. Sira sun kantheni Si Mirmagati, iku bisa calathu têmbung lima, karo Si Dipati Martalaya, têlu Si Martapura, padha milua ing sira, nanging padha nglugasa raga bae, aja anggawa batur. Tiyang sakawan matur sandika, lajêng sami mangkat anyamur, ingkang minăngka bandaranipun Kraèng Naba, Ki Dipati Martapura lan Martalaya amindha panakawanipun. Lampahipun sampun dumugi ing kadhiri, nuntên wontên tiyang Makasar satunggil alêledhang, pinuju êmbanipun Raja Galengsong, êmban wau sarêng aningali Kraèng Naba, lajêng angrangkul sukunipun sarta anangis. Kraèng Naba wicantên. Aku aja kosêmbah, manawa angatarani, payo aku tuduhna panggonane bandaramu, Kraèng Naba lajêng kairit dhatêng padalêmanipun Galengsong, Kraèng Naba sarta Galengsong sarêng kêpanggih lajêng rêrangkulan sarwi sami anangis, sabab lami botên pinanggih, nuntên sami tata linggih, Galengsong alon pitakèn. Kakang, salawase dika wontên ing pundi, kula upadosi mrika-mrika botên pinanggih, Kraèng Naba mangsuli, aku saiki suwita ing Raja Mataram, dadi mayor prajurit, sarta sang prabu bangêt sihe marang aku, têkaku
BTJ 2.25.3
mrene iki diutus animbali kowe, supaya kowe aja prang karo aku, sang prabu bangêt ênggone angeman, dene ênggone bakal ngalurug marang Kadhiri kene, angêntèni satêkaku utawa kowe, payo kowe tumuli takgawa barêngan aku. Galengsong wicantên malih, kakang, dika sarèhake kariyin, sabab Trunajaya samangke taksih sangêt sihe dhatêng kula, benjing yèn patêmpuh ing prang kemawon kula amuke saka ing wingking kalihan tiyang Makasar sadaya, dika matur makatên kemawon dhatêng ing sang prabu, Galengsong pitakèn malih, kakang, rencang dika niku tiyang ing pundi, dene sae-sae têmên. Galengsong sangêt eramipun aningali warninipun bupati ing Matawis. Kraèng Naba sarêng sampun sadintên sadalu lajêng mangkat sumêja mantuk sarta tiyang tiga wau, sarêng dumugi sajawining kitha nuntên kabujêng dhatêng tiyang ing Maduntên, antawis kalih atus, sumêja anumpês ing tiyang sakawan wau, kabutuhakên ing banawi, banawi ing palabuhan pinuju banjir, Kraèng Naba sarêng dumugi sapinggiring banawi, enggal anyandhak lambungipun Mirmagati, kabêkta malumpat, sampun dumugi sakilèning banawi, Martapura lan Martalaya sampun cêcawêtan, inggih nuntên malumpat, sampun dumugi sabrang kilèn. Tiyang Maduntên sami jomblong, aningali kasaktènipun tiyang sakawan wau. Tiyang sakawan lastantun ing lampahipun, dumugi [dumu...] [...gi] ing Japara lajêng sami sowan ing sang prabu angaturakên ing salampah-lampahipun. Tiyang sakawan nuntên sami mantuk dhatêng pamondhokanipun. Kala samantên Ki Dipati Martalaya lajêng mirong manahipun. Botên purun sowan-sowan, sabab sangêt sêngitipun dhatêng tiyang Wêlandi, sang nata dipun aturi sampun ngantos anganggêp dhatêng tiyang Wêlandi, sabab punika tiyang ngumbara, angalap opah, botên wande angrisakakên nagari, dene prakawis mêngsah tiyang Makasar tuwin tiyang Maduntên, Ki Martalaya inggih anyagahi anumpês, botên susah kanthi tiyang Walandi. Nanging sang nata botên anggêga dhatêng aturipun Ki Martalaya wau. Kala samantên Amral sampun sumêrêp yèn Dipati Martalaya sangêt ênggènipun sêngit dhatêng tiyang Wêlandi, Amral lajêng damêl sêrat badhe katur ing sang prabu anyuwun pêjahipun Dipati Martalaya, Amral nuntên dhatêng pondhokipun Dipati Măndaraka sarta anyukakakên sêrat, sampun tinampèn sarta winaos. Ki Adipati
BTJ 2.25.4
Măndaraka lajêng wicantên. Tuwan Amral, muliha bae dhingin, sesuk takpikire karo kancaku bupati, banjur tak matur ing sang prabu, Amral sampun pamit mantuk. Dipati Măndaraka inggih lajêng pirêmbagan kalihan prikancanipun para bupati, nuntên sowan ing sang nata, angaturakên ingkang dados panyuwunipun Amral. Sang nata sakalangkung èmêng ing galih, Măndaraka, yèn kaya mêngkono Si Martalaya timbalana, sira taria yèn dhèwèke wani marang Trunajaya, nuli konên mangkat ngalurug lan sabalane, anggêpuka mênyang Si Trunajaya, manawa wis mangkat, banjur misuwurna yèn lolos têka ing bêbarisan kene. Ki Măndaraka lajêng utusan nimbali Martalaya, nanging botên purun dhatêng, asangadi sakit. Sang nata sakalangkung duka, nuntên adhêdhawah Ki Dipati Martapura andikakakên mêjahi Ki Dipati Martalaya, Ki Martapura enggal mangkat dhatêng pondhokanipun Ki Martalaya, sarta angangge dhuwungipun anama Jaka Tuwa, sadhatêngipun ing ngriku, Martalaya kêpanggih lênggah wontên ing patilêman sarwi kêmul, ananging sampun angatos-atos, anyandhing dhuwung lêligan, katindhihan lênggah wontên sangandhaping kalasa, dhuwung wau anama pun Kasur, Ki Martapura ngadêg sarta wicantên, Martalaya, aku diutus ing sang prabu andikakake mundhut pati uripmu, Martalaya wangsulanipun sumăngga, Martapura lajêng anyuduk, Martalaya inggih malês anyuduk. Tiyang kêkalih wau lajêng sami pêjah sampyuh. Sang nata sarêng mirêng sakalangkung ngungun. Dene bupati gêgêdhuk ing prang sami pêjah. Enjingipun sang prabu miyos sinewaka ngandika dhatêng Ki Dipati Măndaraka, Măndaraka, anake Si Martapura kang jênêng Si Jayapati, ingsun gêntèkake bapakne, ingsun paringi aran Tumênggung Sujanapura ing Japara, dene ing Têgal kang ingsun gêntèkake adhine Si Martalaya kang aran Ograyuda, sun paringi aran Tumênggung Rêksanagara, Si Wija sun angkat bupati ing Pathi, jênênge Tumênggung Mangunonêng. Sang nata ngandika malih dhatêng Tumênggung Endranata, Endranata, sira mangkata dhingin lan sabalanira, anggitika mungsuh kang ana ing Rêmbang lan ing Tuban. Lan sira Amral mangkata dhingin sakancamu mêtua ing laut, anjaga ing Garêsik utawa pulo Mangare, ing Madura nganglangana, banjura marang Surabaya, sun kanthèni Si Nrangkusuma, karo Si Ănggawăngsa, Ănggajaya, wong loro iku kang
BTJ 2.25.5
wus wêruh jajahane ing kono, sabab iku wong têka ing Surabaya, dene ingsun bakal mêtu dharat anjog ing Tuban, menggok mangidul banjur marang Kadhiri bae. Ingkang sami kadhawahan lajêng bidhal. Sang prabu inggih lajêng bidhal. Kathahing bala tanpa wilangan, gêgaman awarni-warni. Wondene ingkang bidhal rumiyin wau Ki Tumênggung Endranata, inggih sampun campuh prang kalihan tiyang Maduntên kang wontên ing Rêmbang tuwin Tubin. Tiyang Maduntên sampun larud, sami angumpul dhatêng ing Surabaya.