BTJ 2.26

Trunajaya ing Kadhiri lan Amral ing Surabaya

Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 346-348

BTJ 2.26.1

Gêntos kacariyos Trunajaya ing Kadhiri, pinuju sineba ing balanipun. Trunajaya sampun ingaturan pawartos dhatêng balanipun. Yèn Pangeran Dipati Anom ing Mataram sampun jumênêng nata wontên ing Têgal sarta amundhut bantu tiyang Kumpêni awarni-warni, kathahipun kalihèwu, samangke sampun wontên ing Japara, tiyang pasisir suyud sadaya, malah dêrêsing pawartos sampun bidhal saking Japara, badhe ênggêcak ing Kadhiri. Trunajaya sarêng mirêng pawartos makatên lajêng gumujêng sarwi angêntrog wêntis. Nuntên angandika dhatêng balanipun kang sami sowan. Sanajan dikêriga wong ing sabrang aku măngsa wêdia, pira bobote wong seje bumi anênêka, nagara Mataram kang luwih gêdhene bêdhah dening Si Dhandhang Wacana bae. Kasaru dhatêngipun tiyang Maduntên kang baris ing Rêmbang lan ing Tuban angaturi uninga yèn kawon prangipun, gêgaman ing Matawis sakalangkung agêng, badhe lajêng ing Surabaya tuwin dhatêng ing Kadhiri. Trunajaya enggal parentah, ambantoni ingkang baris ing Surabaya, ingkang kabantokakên tiyang măncanagari têtindhihipun Prabu Anom Galengsong kalih Tumênggung Mangkuyuda, sakalangkung agêng barisipun. Sadhatêngipun ing Surabaya lajêng anata bala sarta amapanakên mariyêmipun, bandhangan saking ing Matawis anama Nyai Satomi, tuwin mariyêm sanèsipun [sa...] [...nèsipun] inggih sampun katata, sarta sami angatos- atos.

BTJ 2.26.2

Kacariyos lampahipun Amral mêdal ing laut, sampun dumugi pulo Mangare, tiyang Kumpêni lajêng uluk-uluk maryêm, tiyang Maduntên sami gègèr abilulungan. Amral sa- Kumpêninipun nuntên mêntas dhatêng Surabaya amasanggrahan. Ki Ănggajaya lan Ki Ănggawăngsa santananipun kathah dhatêng sarta sami ambêkta sasêgah katur ing Tuwan Amral. Amral sakalangkung suka aningali para santananipun Ki Ănggawăngsa, Ki Ănggawăngsa lajêng nyuwun pamit sumêja

BTJ 2.26.3

amandungi maryêm wasiyat ing Matawis kang nama Nyai Satomi wontên panggenaning mêngsah, pamitipun wau inggih sampun dipun lilani, ing wanci dalu Ki Ănggawăngsa nuntên lumampah dhatêng panggenaning mêngsah, mariyêm Nyai Satomi sampun kapanggih lajêng kapanggul ijèn, tiyang Maduntên botên wontên uninga, mariyêm wau sampun kaaturakên dhatêng Amral tuwin Radèn Nêrangkusuma, Amral sakalangkung eram aningali karosanipun Ki Ănggawăngsa. Sarêng ing wanci bêdhug tiga Amral parentah anyumêd mariyêm, kasipatakên panggenaning mêngsah, ungêling mariyêm botên kêndhat-kêndhat. Tiyang Maduntên tuwin măncanagari sami kagegeran abilulungan. Kathah kang pêjah katiban mimis. Tibaning mimis dêrês kados jawah, tiyang Maduntên botên kaur mêndhêt gêgamanipun, kasêlak katiban mimis sarta kaplêsatan risaking griya kang kenging mimis. Ănggawăngsa lan Ănggajaya sami ambêsmèni griya pondhokaning mêngsah, tiyang Maduntên tuwin măncanagari sangsaya kuwur, nuntên dhadhal sami lumajêng sadaya, Ki Darmayuda sarta Raja Galengsong inggih sami lumajêng, sumêja wangsul dhatêng Kadhiri, Darmayuda lajêng awêwadul dhatêng Trunajaya, yèn Raja Galengsong prangipun rangu-rangu kados badhe malik tingal, mila tiyang Maduntên kawon prangipun, awit saking punika, Trunajaya sarêng mirêng sakalangkung duka, Raja Galengsong wau lajêng dipun jak dhatêng kêbon pêpungkuran. Wontên ing ngriku Galengsong dipun pêjahi, jisimipun kacêmplungakên ing sumur, nuntên dipun urugi, sabalanipun tiyang Makasar botên wontên sumêrêp.