BTJ 2.27

Pêrang Kadhiri

Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 348-355

BTJ 2.27.1

Gêntos kacariyos Sang Prabu Mangkurat, lampahipun sampun dumugi ing Kudus, lajêng angujung dhatêng ing astana, sarta animbali Panêmbahan Natapraja ing Adilangu, inggih sampun sowan lajêng kabêkta nglurug. Sang prabu ing samargi-margi tansah prang kalihan tiyang Maduntên. Kala samantên Sang Dipati Măndaraka anandhang sakit dados ing pêjahipun. Sang nata sakalangkung ngungun. Jisimipun sampun kapêndhêm wontên ing margi, sang nata lajêng ing lampahipun, sampun dumugi talatah ing Kadhiri, amasanggrahan wontên ing dhusun Singkal. Ing ngriku wontên ajar dhatêng saking ing gunung Kêlud, anama ajar Tejalaku, ambêkta cantrik kawandasa, sami angangge kudhi têrantang, sadhatêngipun ing pasanggrahan lajêng sami ngamuk pinuju pondhokipun Ki Dipati Urawan. Balanipun Ki

BTJ 2.27.2

Urawan sami anadhahi, cantrik kawandasa sampun pêjah sadaya, kantun ki ajar piyambak, ngadêg sarwi malang kêrik, dipun sanjatani botên kenging, dipun waosi inggih botên kenging, nuntên sang prabu têdhak piyambak amandhi waos Kyai Baru, sarwi angandika, bocah ingsun, padha sumingkira kabèh, ingsun dhewe kang mapagake, sabab iku sêjane têka ing gunung, supaya ingsun ruwata, sang prabu lajêng amaos dhatêng kyai ajar, jaja trus ing gigir ki ajar sampun pêjah, bathangipun sirna. Sang nata lajêng kondur pinarak ing pasanggrahan, nuntên utusan dhatêng Surabaya, animbali Amral sa-Kumpêninipun sarta Radèn Nêrangkusuma. Utusan enggal lumampah, sampun dumugi ing Surabaya, kêpanggih kalihan Amral. Amral inggih lajêng mangkat sarta Radèn Nêrangkusuma, dene ingkang kapatah têngga ing Surabaya amung para umbul kemawon. Lampahipun sampun dumugi ing pasanggrahan ing Singkal, lajêng sowan ing sang prabu, Amral ngaturakên pawartos kalanipun prang wontên ing Surabaya, sarta angaturakên Ki Ănggawăngsa ênggènipun mandungi mariyêm Nyai Satomi, sang nata mirêng pawartosipun Amral sakalangkung suka, sang prabu gêntos amaringi pawartos dhatêng Amral, yèn Ki Măndaraka pêjah, Amral sangêt ngungun. Sang nata ngandika malih dhatêng Amral sarta para dipati sadaya, Amral utawi bocah ingsun kabèh, ing mêngko karsaningsun Si Nrangkusuma sun gawe pêpatih anggêntenana Si Măndaraka, lan Si Ănggawăngsa sun gawe bupati ing Surabaya, sun paringi jênêng Tumênggung Jangrana, Amral inggih jumurung ing karsanipun sang nata, nuntên sami bibar amasanggrahan. Enjingipun sang nata parentah bidhal, badhe anggêbag ing Kadhiri, kathahing bala tanpa wilangan. Ingkang dados cucuking baris para bupati, bala Kumpêni wontên ing ngarsanipun sang prabu cakêt.

BTJ 2.27.3

Kacariyos Trunajaya kang wontên ing Kadhiri, botên pisan-pisan yèn èngêta ing jangjinipun utawa samêja anungkul. Malah badhe amêthuk prang, Trunajaya sampun parentah anata bala, sarta amatah kang pancèn wontên ing ngajêng tuwin ing wingking punapa dene ing kiwa têngênipun. Sarêng sampun rakit lajêng bidhal saking kitha lan sabalanipun, andalêdêg kados toya mêdal saking rong, abaris sawetaning bangawan palabuhan. Trunajaya lênggah sapinggiring bangawan sarta pinayungan [pina...] [...yungan] kinubêng ing prajurit anama tiyang

BTJ 2.27.4

sêsêliran, kathahipun sèwu wolung atus, sami asikêp waos tuwin sanjata, sarta sampun sami angatos-atos. Botên dangu gêgaman ing Mangkuratan dhatêng wontên sakilèning banawi, agamêng kados mêndhung utawi ambalabar kados toya, angêbêki ara-ara tuwin wana, sampun sawang-sinawang kalihan mêngsah, Amral nuntên matur ing sang prabu, sinuhun, banawi punika prayogi kadamêlna sasak. Sabab toyanipun sakalangkung lêbêt sarta wiyar, botên kenging dipun sabrangi, sang nata enggal parentah adamêl sasak, balanipun para bupati inggih enggal sami tumandang. Trunajaya sarêng sumêrêp lajêng sêsumbar saking sawetaning banawi cakêt. Hèh wong Mataram, payo majua, yèn wong prang ngêntèni sasak, iku dudu trahing prawira, Raja Mataram iku dakupamakake têngu, pucukane manèh yèn lêgia, sanajan bongkote ing biyèn ya adhêm bae, sabab raja trahing wong têtanèn, angur macula bae bari angona sapi, amêsthi seje lan Trunajaya, aku trahing prajurit kang luwih digdaya, kang aran Jaran Panolèh iku kang nurunake aku, wis misuwur ing kêndêl sarta digdayane. Sang prabu sampun ingaturan uninga, yèn Trunajaya taksih sêsumbar, sang nata sakalangkung duka, lajêng nitih kuda sumêja majêng ing prang, para bupati lan sabalanipun enggal majêng anggêbyur banawi, Amral angabani Kumpêninipun angrutug ing sanjata, nanging mimisipun botên dumugi sawetan banawi andhawahi kancanipun piyambak, kathah kang sami kenging ing mimis. Ki Tumênggung Endranata enggal mêntas saking toya lajêng anyandhak tanganipun Amral sarwi wicantên. Amral, kowe iki mungsuh apa kănca, dene mimismu oleh kancaku dhewe, Amral lajêng angrêrêpa, sabab botên sumêrêp, yèn mimisipun cupêt. Endranata sampun wangsul anggêbyur banawi sarta para dipati sabalanipun sumêja ngrangsang mêngsah, bala Maduntên sakeca ênggènipun anadhahi saking sapinggiring toya, bala Mangkuratan kathah kang pêjah dening toya tuwin dening gêgaman. Sang nata sarêng aningali balanipun kathah pêjah, lajêng nyamêthi kuda tumut anggêbyur ing banawi, kala samantên bangawan palabuhan toyanipun lajêng ical kang kalih duman sami sakal. Sarta lajêng kenging dipun sabrangi, bala Mangkuratan sampun sami nyabrang sadaya, lajêng campuh prang rame, bala Kumpêni botên kèndêl-kèndêl sanjatanipun. Mêngsah rewang kathah kang pêjah, Mangkuyuda ing Sampang sarta

BTJ 2.27.5

Dhandhang Wacana sampun pêjah dening Mangkuyuda ing Kêdhu, bala Maduntên kathah kang pêjah, lajêng dhadhal angungsi biting sarta inêp kori, bala Mangkuratan anglud. Korining bètèng [bè...] [...tèng] sampun jêbol dipun dhupak dhatêng Mangkuyuda ing Kêdhu, lajêng katadhahan apêrang kalihan Darmayuda ing Sampang, sampun sami pêjah sampyuh wontên ing kori kalih pisan. Bala Kumpêni sarta para bupati sabalanipun sampun sami lumêbêt ing bètèng, tiyang Maduntên tuwin Makasar sampun sami lumajêng, Trunajaya sagarwaputranipun lumajêng angungsi ing rêdi Antang, balanipun amung sakêdhik kang tumut dhatêng sapucaking rêdi, Sang Prabu Mangkurat lajêng rêrêp wontên ing biting ngriku kalih dalu, kala bêdhahe kitha ing Kadhiri sinêngkalan 1601. Sang prabu lajêng bidhal lan sabalanipun nêlasah palajêngipun Trunajaya, lampahipun sampun dumugi ing Payak sangandhaping rêdi Antang, amasanggrahan wontên ing ngriku, sang nata lajêng parentah angêpung rêdi Antang sarta parentah dhatêng Ki Tumênggung Jangrana, andikakakên ngubrês tiyang Makasar, kang sami ngungsi ing rêdi Sampura, lan Ki Ănggajaya andikakakên nanêm bupati wontên ing Pasuruan, sarta andikakakên nimbali Ki Dipati Cakraningrat kang wontên satêngahe wana Lodhaya, Ki Jangrana wau kêkanthenan tiyang Kumpêni sabrêgada, Ki Jangrana lan sabalanipun sarta Kumpêninipun sabrêgada lajêng bidhal.

BTJ 2.27.6

Kacariyos Ki Cakraningrat kang dados sêsakitan wontên ing Lodhaya, awit saking pandamêlipun Trunajaya, mila botên dipun pêjahi, sabab punika pamanipun. Panêjanipun Truna ingkang paman wau supados pêjaha dening dubriksa,[1] nanging Cakraningrat taksih wilujêng, kala samantên sampun midhangêt pawartos, yèn Trunajaya sampun kawon prangipun dening Sang Prabu Mangkurat. Cakraningrat lajêng dandos lan saanakbojonipun, sumêja sowan ing sang prabu, nuntên mangkat saking wana Lodhaya, wontên ing margi kêpêthuk kalihan Ki Tumênggung Jangrana, lajêng sami rêrangkulan. Ki Jangrana sanjang, yèn andikakakên nimbali piyambakipun. Nuntên sami mangkat ungkur-ungkuran. Ki Tumênggung Jangrana lajêng dhatêng ing rêdi Sampura, nanging tiyang Makasar kang sami wontên ing ngriku sampun sami kesah dhatêng ing Bali, Ki Jangrana lajêng dhatêng Pasuruan, anêtêpakên Ki Ănggajaya dados bupati ing ngriku, tiyang Pasuruan inggih botên wontên tiyang kang suwala, Ki Jangrana

BTJ 2.27.7

tumuntên wangsul dhatêng pasanggrahan ing Payak. Dene Ki Cakraningrat wau inggih sampun sowan ing sang prabu, lajêng ngabêkti sarta anangis. Sang nata alon angandika, adhi, wis aja nangis, ing mêngko nagara ing Sampang sun paringakên ing sira manèh, nanging sira sun paringi pagawean, bujukên Si Trunajaya ana ing gunung Antang, poma dikêna, Cakraningrat matur sandika lajêng mangkat. Kala samantên tiyang Maduntên tuwin tiyang ing Sampang sampun kathah kang sami nungkul dhatêng Ki Cakraningrat. [Cakraningra...] [...t.] Dados Ki Cakraningrat wau samangke sampun kathah balanipun.