BTJ 2.28

Trunajaya Katangkêp lan Kapatèn

Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 355-364

BTJ 2.28.1

Kacariyos Trunajaya kang wontên sapucaking rêdi Antang kalihan para garwanipun. Garwanipun Trunajaya punika putri ing Matawis, ingkang rayi dening Sang Prabu Mangkurat, anama Radèn Ayu Kalêting Wungu kalihan Kalêting Kuning, kala bêdhahipun nagari Matawis putri kêkalih wau punika kantun wontên ing kadhaton, lajêng dipun boyong dhatêng tiyang Maduntên, kaaturakên ing Trunajaya kadamêl garwa, ingkang sampun kagarwa dhatêng Trunajaya ingkang sêpuh, kang anama Radèn Ayu Kalêting Wungu, dene ingkang anèm kang nama Kalêting Kuning, pangangkahipun Trunajaya badhe kawayuh sami sadulur, nanging putri lumuh sangêt, dipun pilalah pêjah, kala samantên sang putri tansah anangis, sabab sampun kawandasa dintên botên dhahar sêkul lan botên ngunjuk toya, sarta sami anênutuh ing solahipun Trunajaya kang sampun kalampahan. Dene botên rumaos yèn tiyang alit, amêksa kêdah jumênêng nata, ing mangke anêmahi papa. Trunajaya inggih lajêng rumaos ing kalêpatanipun, angrêrêpa dhatêng garwanipun. Sang putri wicantên malih, yèn dika êmpun rumăngsa luput, dawêg padha seba ing sang prabu anyuwun pangapura, lan kira kula kakang prabu botên kolu matèni marang dika, amêsthi wêlas marang kula, yèn dika botên gêlêm, kula bakal sowan dhewe. Trunajaya sarêng mirêng wicantêne kang garwa lajêng tumut anangis sarta wicantên. Nimas, aku ya nurut marang karêpmu, nanging kowe sebaa dhingin. Ngaturna pati uripku, sarta aku suwuna pangapura, dene aku ya tumuli nusul. Nuntên kasaru wontên tiyang Madura dhatêng sarta êmbêkta sêrat, utusanipun Ki Cakraningrat. Sêrat sampun tinampèn sarta winaos dhatêng Trunajaya, suraosing sêrat

BTJ 2.28.2

animbali dhatêng Trunajaya, wondene kalêpatanipun dhatêng sang prabu, Ki Cakraningrat sagah anyuwunakên pangapuntên, utawi yèn ngantosa kapêjahan inggih Cakraningrat ingkang ananggêl. Trunajaya sasampuning maos sêrat sakalangkung suka manahipun, angraos yèn awèt gêsang, nuntên kang garwa dipun kèn mudhun rumiyin, katitihakên ing tandhu, kairingakên tiyang Maduntên abdinipun Ki Cakraningrat nêmbêlas, abdinipun piyambak sampun têlas minggat sadaya, sang putri sampun tumurun saking rêdi, bala kang sami ngêpung kagèt sadaya aningali tandhu mudhun saking nginggiling rêdi, dangu-dangu sami sumêrêp yèn Radèn Ayu Trunajaya, lajêng sami dipun tonton kemawon. Ki Cakraningrat inggih tumut andhèrèkakên sang putri, sampun dumugi ing pasanggrahan, sang putri lajêng ngabêkti ing sang prabu sarta anangis. Akathah-kathah sêsambatipun, sang nata alon angandika, yayi, wis aja nangis, amupusa yèn wis takdiring Allah ing lêlakonmu iku, balikan bojomu samêngko ana ngêndi, sarta kapriye kang dadi kaniyatane, kowe bêlakaa bae. Sang putri matur, kakang prabu, rayi dalêm taksih wontên sanginggiling rêdi, kula punika inggih dipun kèngkèn angaturakên tobat, solahipun kang sampun kalampahan, mugi panjênêngan dalêm apuntêna, sêmangke inggih taksih angêntosi têrangipun dhawah dalêm. Sang nata lajêng angandika dhatêng Ki Cakraningrat. Adhi Cakraningrat, sira munggaha ing gunung, papagên Si Trunajaya, măngsa bodhoa sira, Cakraningrat matur sandika, lajêng mangkat sabalanipun lan Ki Tumênggung Suranata, sampun dumugi ing sukuning rêdi, lajêng utusan manginggil, sampun kêpanggih kalihan Trunajaya, utusan matur, yèn ingkang paman sampun wontên ngandhap angêntosi piyambakipun. Trunajaya enggal tumurun saking rêdi sarta panakawanipun tiyang pitung dasa, sami barundhulan sadaya, gêgamanipun sami dipun bongkoki, kagotong wontên ing ngajêng, sadhatêngipun wontên sangandhaping rêdi, kêpanggih kalihan Ki Cakraningrat. Trunajaya lajêng ngabêkti dhatêng ingkang paman. Ingkang paman nuntên angrangkul ing jangganipun ingkang putra sarwi ngandika, thole, sarèhning [sa...] [...rèhning] kowe mêntas kasoran ing prang, ing mêngko kowe sumêja bêkti ing ratu, bêcik nganggoa pratăndha, yèn kowe wis kalah prang, katona ing katêmênamu. Cakraningrat sarwi angêjèpi balanipun. Trunajaya lajêng dipun tubruk, sampun binănda

BTJ 2.28.3

ing cindhe kalihan êmbanipun satunggil anama Sêcagora inggih sampun binănda, Trunajaya tuwin Sêcagora botên sumêja polah, anurut kemawon. Cakraningrat angandika dhatêng Trunajaya, thole, aja kuwatir atimu, yèn ana dêdukane sang prabu marang kowe, aku kang amalangi, Trunajaya matur, paman kula, sumăngga ingkang dados karsa sampeyan, măngsa amriha ing awon kula. Ki Cakraningrat lajêng bidhal saking ing ngriku sarta ambêkta Trunajaya, nuntên angrumiyinakên utusun, angaturi uninga ing sang prabu, yèn Trunajaya sampun kabêkta babêstan. Sang nata sarêng mirêng sakalangkung suka, nuntên ngandika bisik-bisik dhatêng abdi èstri, andikakakên angarih-arih dhatêng Radèn Ayu Trunajaya, sarta kabêktaa sumingkir saking dalêm ing pasanggrahan, pawongan matur sandika. Sang nata nuntên parentah dhatêng Amral tuwin para bupati, andikakakên sami baris ngurung-urung margi, angurmatana ing dhatêngipun Trunajaya, balanipun para bupati tuwin bala Kumpêni inggih sampun sami baris urut lêlurung. Trunajaya tumuntên dhatêng, lajêng dipun urmati ungêling sanjata sarta mariyêm ambal-ambalan. Gamêlan sarta tambur kados angarak pangantèn. Trunajaya apucat[2] ulatipun, ing batos sangêt ênggènipun kaduwung, katawis ing netra. Sadhatêngipun ing ngajêngan alênggah tumungkul. Sang prabu angandika, adhi Trunajaya, bagea satêkamu, ênggonira lungguh dikapara maju, Trunajaya nyêmbah aturipun nuhun. Sang nata ngandika malih, adhi Trunajaya, ujar ingsun luwarana, sarèhning ingsun ora duwe ujar loro, ya ing saiki ya ing biyèn padha bae, dene jangjiningsun ing biyèn, ing samangsane wis arjaning jaman, ingsun ing jêro sira ing jaba, ingsun darma bae jumênêng nata, bang-bang alum-aluming tanah Jawa kabèh sira kang anguwasani, ing mêngko paparentahan ing tanah Jawa sira tampanana, măngsa bodhoa sira, supaya luwara punaginingsun. Trunajaya botên purun tampi, pangandikanipun sang prabu ngantos ambal kaping tiga, nanging Trunajaya inggih botên purun tampi, akèndêl kemawon. Pangeran Silarong wicantên. Trunajaya, genea kowe anampik ing sihe sang prabu, yèn kowe trahing wong prawira amêsthi anampani, kajaba yèn kowe trahing wong kumpra iku ora gêlêm anampani, [anampa...] [...ni,] lan ing

BTJ 2.28.4

ngêndi ana wong bêcik cidra ing jangji, Trunajaya nyêmbah lajêng anampèni ing pasrahipun sang prabu, sang nata angandika malih dhatêng para bupati sadaya, bocah bupati kabèh, padha anêksenana yèn ing punaginingsun wus luwar, ing tanah Jawa wis katampan marang Si adhi Trunajaya. Sang nata lajêng angandika dhatêng Trunajaya, punaginingsun kèri siji, ing mêngko sira luwarana, kalane ingsun ana ing nagara Têgal, ingsun duwe punagi, kris ingsun Kyai Bêlabar iki ora ingsun salini wrăngka, yèn durung ingsun wrangkakake ing jajanira. Para bupati sarêng mirêng timbalanipun sang prabu anggraita sadaya, Trunajaya lajêng dipun dhêdhabyang, kacaosakên ing ngarsane sang prabu cakêt. Sang nata enggal têdhak saking ing dhêdhampar sarta anarik wangkingan, lajêng anyuduk dhatêng Trunajaya jaja têrus ing gigir, rahipun sumêmbur, para bupati lajêng sami tumut ngarocok ing dhuwung, tuwin para abdi kang sami cakêt anggènipun linggih, jisimipun Trunajaya sampun ajur rontang-ranting. Sang nata ngandika dhatêng para dipati, bocah ingsun bupati, padha mangana atine Si Trunajaya kabèh, para bupati enggal sami angêdum ati, kaduman nyakuku, lajêng sami dipun untal. Sang nata akèn andangu dhatêng êmbanipun Trunajaya, kang nama Sêcagora, mênggah Panêmbahan Kajoran sêmangke wontên ing pundi, atur wangsulanipun [wangsulanipu...] [...n] Sêcagora, Panêmbahan Kajoran kesah dhatêng sonya sirna, Ki Sêcagora wau kêdah tumut pêjah ing gustinipun, inggih sampun pinêjahan. Anuntên Ki Tumênggung Jangrana kalihan Tumênggung Ănggajaya dhatêng saking Pasuruan, inggih lajêng kadhawahan tumut nyuduki, priyantun kêkalih wau inggih enggal anyuduki bathang ing sakantunipun, sarta sami awêwadhak gêtih, sirahipun Trunajaya sampun kakêthok, sinandhing lênggah wontên sangandhaping dhampar, sang nata kondur amasanggrahan, sirahipun Trunajaya inggih binêkta, sawarninipun abdi èstri kang badhe sami tilêm ing dalu, andikakakên sami kêkesad[3] ing sirahipun Trunajaya, sarêng enjing sirah wau lajêng andikakakên dhêplok ing lumpang, inggih sampun ajur. Radèn Ayu Trunajaya sarêng sumêrêp ingkang raka pêjah, sangêt anggènipun muwun, angundhat-undhat ing sang prabu, dene Trunajaya sampun tobat têka pinêjahan. Sang nata lajêng angrêrapu dhatêng ingkang rayi,

BTJ 2.28.5

sarta sagah badhe amaringi lintunipun. Radèn Ayu Trunajaya sampun amiturut dhatêng ingkang raka sang prabu. Ing wanci enjing sang nata miyos sinewaka, anjunjung lênggah anakipun Ki Mangkuyuda ing Kêdhu, kang nama Ki Lêmbu lan Ki Buwang, Ki Lêmbu kadadosakên bupati ing Kêdhu, kaparingan nama Tumênggung Mangkuyuda, Ki Buwang dados sisihipun [si...] [...sihipun] kaparingan nama Tumênggung Natayuda, sang nata lajêng parentah badhe bidhal dhatêng ing Surabaya, sarêng sampun samêkta nuntên bidhal lan sabala sadaya, sarawuhipun ing Surabaya lajêng amasanggrahan. Sarta angujung dhatêng ing astana Ngampèl. Pangeran ing Lamongan kagêmpalakên siti sèwu ing Surabaya dados ing lênggahipun. Sang nata nuntên adhêdhawah dhatêng Radèn Mangunjaya, kautus dhatêng ing Giri anyuwun idi ênggènipun jumênêng nata dhatêng sang pandhita sarta nyuwun dhuwung wasiyat ing Giri, kang nama Kyai Kalam Munyêng, Radèn Mangunjaya enggal lumampah, sampun kêpanggih kalihan sang pandhita, andhawuhakên timbalan saha ing pamundhutipun sang prabu, sang pandhita lajêng pitakèn. Mangunjaya, kang jênêng Sunan Mangkurat iku sapa, apa trah Mataram apa dudu, pawartane wong akèh anake Amral. Iku apa nyata, yèn dhasar trah Mataram ya dakidini ênggone jumênêng nata, yèn nyata anake Amral turuning wong sabrang, aku ora gêlêm angidini. Mangunjaya matur, sang pandhita, makatên punika kula botên sumêrêp. Sayêktosipun kula punika kèlu ing tiyang kathah kemawon. Dene priyayi Matawis kathah kang sami suwita, mênggah ing pawartosipun inggih yêktos tiyang saking sabrang, dipun êmbani dhatêng Amral. Panêmbahan ing Giri ngandika, yèn mêngkono, Mangunjaya, kowe wis muliha [muli...] [...ha] bae, aku suthik seba ing ratumu, angidini aku ya ora gêlêm. Krisku dijaluk aku ora awèh. Radèn Mangunjaya lajêng pamit mantuk. Sadhatêngipun ing Surabaya sampun katur ing sang prabu, punapa ing sawicantênipun sang pandhita. Sang nata mirêng aturipun Radèn Mangunjaya sakalangkung duka, lajêng angundhangi bala sumêja nglurug dhatêng ing Giri, lampahing baris sampun dumugi ing Giri, lajêng campuh prang, tiyang ing Giri watawis kawan atus, sampun tumpês sadaya, nuntên wontên santana ing Giri nama Radèn Singasari sakalangkung têguh, lajêng ngamuk kalihan dhuwung, dipun sanjatani sarta dipun waosi botên pasah, Panêmbahan Natapraja ing Adilangu

BTJ 2.28.6

enggal amêthukakên pangamukipun Radèn Singasari, Radèn Singasari sampun kawaos, kenging jajanipun têrus ing gigir lajêng pêjah, wajanipun taksih ngawêt ing lathi, sarta astanipun taksih anggêgêm ukiraning dhuwung, dipun wêngkang botên kenging, kang sami aningali eram sadaya, Amral agèdhèk-gèdhèk. Sang pandhita sampun kacêpêng, lajêng dipun lawe sampun pêjah, rajabrananipun sampun karayahan tuwin dhuwung Kyai Kalam Munyêng, sarta putranipun èstri sang pandhita kapundhut ing sang prabu kadamêl garwa, sang nata lajêng masanggrahan wontên ing Garêsik. Radèn Mangunjaya kajunjung lênggah bupati ing Sumênêp. Kapatêdhan nama Pangeran Cakranagara. Enjingipun sang prabu nuntên bidhal, sumêja dhatêng ing Samawis mêdal ing Garobogan. Lampahing bala angêbêki lêlurung tuwin ara-ara, sampun dumugi ing Samawis lajêng masanggrahan.