BTJ 2.29
Saking Wanakarta dhatêng Pêcahing Sadulur
Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 364-371
BTJ 2.29.1
Kacariyos wontên tiyang ing Samawis anama Ki Buyut Kalaweyan agadhah anak jalêr satunggil anama Martanaya, punika ing nalikanipun sang prabu mangkat saking Têgal badhe dhatêng Japara mêdal ing laut. Ki Buyut Kalaweyan asêsêgah wowohan warni-warni, wontên ing laut sang nata pinuju kasatan, lajêng adhahar wowohan sêsêgah wau, sang prabu ênggènipun dhahar rumaos nikmat sangêt. Lajêng adhêdhawah dhatêng kyai buyut. Yèn sang prabu ing benjing sampun unggul prangipun, ki buyut kadhawahan sowan malih, ing sarawuhipun sang prabu wontên ing Samawis punika, ki buyut sarta anakipun inggih sampun sowan. Lan ambêkta sêsêgah wowohan. Sang nata sarêng aningali ing ki buyut lajêng ngandika dhatêng para bupati, bocah bupati kabèh, padha anêksenana, yèn anake ki buyut kang jênêng Si Martanaya ing samêngko sun gawe bupati ing Samarang, ingsun paring jênêng Mas Răngga Yudanagara, para bupati sami saurpêksi sadaya, ki buyut sarta anakipun lajêng sami sujud ing siti, sangêt bingahing manahipun atampi ganjaran. Sang nata nuntên pirêmbagan ngupados papan, badhe kadamêl kadhaton. Para dipati sami matur, prayogi ing Tingkir, wontên ingkang mrayogèkakên ing Logêndèr, sang nata dèrèng karsa, Ki Dipati Urawan nuntên matur, gusti, prayogi ing Wanakarta kadamêla kadhaton. Sitinipun radin lan jêmbar polatan. Kalih dene kula angaturi cariyos ing panjênêngan dalêm, kala swargi eyang dalêm Kangjêng Pangeran Pêkik ing Surabaya, punika katimbalan dhatêng ing Matawis. Lampahipun wontên ing margi asipêng ing dhusun Butuh, ing dalu sare andêdagan
BTJ 2.29.2
wontên ing astana, lajêng mirêng swara, ujaring swara, thole Pêkik, wêruhanamu besuk yèn bêdhah nagara Mataram, putumu bakal jumênêng nata, kadhaton ing Wanakarta sakuloning Pajang. Sang prabu sarêng mirêng kojahipun Ki Urawan sakalangkung suka ing galih, kapanujon kalihan karsanipun. Lajêng angandika dhatêng Radèn Dipati Nrangkusuma, Nrangkusuma, sira mangkata ing Wanakarta, alase padha babatana, nuli dokokana omah rekanên kadhaton. Ingsun ya tumuli nusul marang sira. Nrangkusuma aturipun sandika lajêng mangkat lan sabalanipun, sampun dumugi ing Wanakarta, nuntên binabadan rineka sampun totra[4] kadhaton. Sang prabu inggih sampun bidhal saking Matawis, lan sabala sadaya tuwin Amral sa-Kumpêninipun. [sa-Kumpêni...] [...nipun.] Lampahipun sang prabu sampun dumugi ing Wanakarta, lajêng angadhaton pinuju ing dintên Rêbo Pon, tanggal kaping 27 wulan Ruwah ing taun Alip, ăngka 1603.[5] Ing Wanakarta kaêlih namanipun. Kanamakakên nagari ing Kartasura Adiningrat. Sang nata lajêng utusan sarta mawi sêrat, animbali ingkang rayi Kangjêng Susuhunan ing Ngalaga kang angadhaton ing Palèrèd. Utusan lajêng mangkat agêgancangan.
BTJ 2.29.3
Kacariyos Sang Prabu Ngalaga, enjing panuju miyos sinewaka, bala ing Matawis pêpak sowan sadaya, Ki Dipati Arya Măndhalika matur, sinuhun, kula mirêng pawartos, yèn raka dalêm Kangjêng Pangeran Dipati Anom samangke sampun jumênêng nata abêbala tiyang sabrang warni-warni, malah pun Trunajaya samangke sampun pêjah, amargi kagêbag ing prang ing raka dalêm. Nanging wontên ingkang amastani yèn anakipun Amral, pinindha-pindha raka dalêm. Supados tiyang satanah Jawi suyuda sadaya. Sang nata angandika, apa pratandhane yèn kang jênêng Sunan Mangkurat iku dudu kangmas. Măndhalika matur, dedenipun dene sabên dintên angagêm cara Wêlandi, sarta rintên dalu inggih botên pisah kalihan Kumpêni, nanging tiyang ing kadospatèn rumiyin inggih taksih ngabdi ing Sang Prabu Mangkurat. Punika [Puni...] [...ka] ingkang anelakakên, yèn yêktosipun raka dalêm. Sang Prabu Ngalaga sarêng mirêng sakalangkung èmêng ing galihipun. Lajêng ngandika dhatêng para bupati, bocah ingsun kabèh, dipadha angati-ati, padha ambêcikana gêgamaning prang, karo dene Sunan Mangkurat iku ingsun kira dudu kangmas. Sabab kangmas wis
BTJ 2.29.4
lunga khaji marang ing Mêngkah, sanajan nyataa kakang mas ingsun ya ora lila jumênêng nata amêngku ing tanah Jawa kabèh, krana dene anganthi marang wong kapir, amêsthi bakal agawe rusaking wong tanah Jawa kabèh. Para abdi sadaya asaur pêksi. Sawêg eca imbal wacana, kasaru dhatêngipun utusan saking Kartasura, sarta mawi sêrat. Sampun tinampèn lajêng winaos, suraosing sêrat Sang Prabu Mangkurat animbali Sang Prabu Ngalaga, sabab lami botên pinanggih, sangêt ing kangênipun. Sang Prabu Ngalaga nuntên ngandika dhatêng utusan. Kongkonan, sira mulia, prakara ênggon ingsun ditimbali dakpikire dhisik. Utusan inggih lajêng pamit mantuk dhatêng ing Kartasura, Sang Prabu Ngalaga taksih pirêmbagan lan para nayakanipun. Sang nata angandika, bocah bupati kabèh, kapriye kang padha dadi pirêmbugira, sarèhning ingsun ditimbali marang ing Kartasura, apa ingsun tumuli seba apa ora. Arya Măndhalika matur, gusti, raosipun ing manah kula botên sakeca, [sake...] [...ca,] bilih saking guna-gunaning Kumpêni adamêl reka, tiyang sabrang kaawadakên raka dalêm. Pangeran Natakusuma sumambung matur, sinuhun, prayogi tumuntêna sowan, mokal yèn punika dedea raka dalêm. Sabab tiyang pasisir sampun puyud[6] sadaya, kalih dene abdinipun raka dalêm ingkang lami-lami samangke inggih taksih sami ngabdi sadaya, punika pratandhanipun yèn yêktos raka dalêm. Arya Măndhalika wicantên. Ah punika botên makatên, sabab Sunan Mangkurat punika awarni Wêlandi, rak saking sagêdipun tiyang Kumpêni, supados tiyang Jawi suyud sadaya. Para bupati sadaya iyêg, sami ambiyantoni aturipun Arya Măndhalika, sang prabu sangsaya èmêng ing galihipun. Dene para bupati sami pradongdi ing rêmbug. Anuntên ngandika dhatêng Pangeran Natakusuma, paman Natakusuma, jêngandika dhatênga ing Kartasura, amaspadakna ing warninipun Prabu Mangkurat. Punapa sayêktos kakang mas punapa dede, lan Si Natabrata dika bêkta, anglugasa raga kemawon. Pangeran Natakusuma lan Pangeran Natabrata matur sandika lajêng mangkat. Sampun dumugi ing Kartasura. Sang Prabu Mangkurat pinuju miyos sinewaka, andangu abdinipun kang kautus saking Matawis. Utusan wau inggih sampun matur ing sawawêlingipun ingkang rayi, Sang Prabu Mangkurat sarêng mirêng
BTJ 2.29.5
aturipun ingkang abdi, sakalangkung ngungun. Kasaru dhatêngipun Pangeran Natakusuma lan Natabrata, lajêng sami sowan ing ngarsanipun sang prabu, sang nata sakalangkung kagèt, sarta ngandika, lo paman Natakusuma lan Si Natabrata padha têka, sokur paman jêngandika taksih wilujêng, punapa putra dika adhi mas sami wilujêng, lan punapa dika ingutus adhi mas. Pangeran Natakusuma matur, sinuhun, kula punika dipun utus ing rayi dalêm, sabab Panjênêngan dalêm punika kawartos, yèn anakipun Amral. Mila rayi dalêm botên purun sowan. Sang Prabu Mangkurat sarêng mirêng nuntên gumujêng sarwi angandika, yèn mêngkotên paman, prayogi tumuntên dika wangsul dhatêng ing Matawis, dika matur yèn sayêktos kula kang jumênêng nata, adhi mas dika aturi enggal mriki, kula sêlak kangên. Pangeran Natakusuma matur sandika, lajêng wicantên dhatêng Pangeran Natabrata, Natabrata, enak kowe bae muliha, matura ing sang prabu yèn nyata ingkang raka kang jumênêng nata, poma aturmu sing têrang, dene aku suthik mulih, sabab sang prabu măngsa wurunga mrene, aku mundhak wira-wiri. Pangeran Natabrata matur sandika, lajêng mangkat, sampun dumugi ing Matawis. Sang Prabu Ngalaga pinarak ing sitiinggil, ingadhêp balanipun sadaya, Natabrata inggih lajêng sowan. Nanging sampun [sa...] [...mpun] dilalah kala samantên Pangeran Nata adamêl dora cara, aturipun. Gusti kula inggih sampun amaspaosakên ing warninipun Sang Prabu Mangkurat, nanging kêdhik iribipun raka dalêm, kados sayêktos anakipun Amral. Dene pun paman Natakusuma botên purun mantuk, lajêng suwita ing raja Kumpêni. Sang nata sarêng mirêng sangsaya putêk ing galih, Ki Măndhalika matur saha sêmbah, gusti, kadospundi ingkang dados karsa dalêm. Yên mênggah pamanah kula prayogi botên sowan. Sabab panjênêngan dalêm sampun jumênêng nata, yèn têluka tanpa karana dados ngisin-isini ing tiyang kathah, kalih dene nama dalêm susunan amêsthi badhe ical. Panjênêngan dalêm amêsthi badhe nama pangeran kemawon. Punapa malih prikănca kula para bupati saèstu badhe ical namaning bupati, botên wande sami dados tiyang alit sadaya, saupami prikănca kula bupati yèn ngantosa ical namanipun, sami dipun pilalah pêjah prang kalihan tiyang Kumpêni. Para dipati inggih lajêng sami iyêg. Ambiyantoni aturipun Ki Măndhalika. Sang Prabu Ngalaga sarêng karoban ing pabangusipun para bupati, lajêng
BTJ 2.29.6
madêg suraning galih, krondhanipun andhatêngi, anuntên parentah angundhangi bala, angrakit gêgamaning prang, sumêja anggêpuk ing Kartasura. [Karta...] [...sura.]