BTJ 2.30

Pêrang Mangkurat lan Pangeran Ngalaga

Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 371-382

BTJ 2.30.1

Gêntos kacariyos Sang Prabu Mangkurat, sampun ingaturan uninga dhatêng balanipun. Yèn ingkang rayi ing Mataram saèstu mogok. Sampun angrakit gêgamaning prang, awit kenging pambangusing abdinipun para bupati, Sang Prabu Mangkurat sakalangkung ngungun. Lajêng parentah angrakit gêgaman dhatêng Amral tuwin dhatêng para bupati, sang prabu badhe tindak piyambak. Bala ing Kartasura sampun sami ngalêmpak. Bala Kumpêni abaris ing alun-alun. Tamburipun tansah brang-brangan. Bala pasisir tuwin măncanagari angêbêki lêlurung. Dene Sang Prabu Mangkurat inggih sampun angrasuk busana cara Wêlandi akêkaos lan sêpatu, alancingan panji- panji, rêrasukanipun lapis tiga, bêlah ing jaja baludru rinenda mas. Angagêm badhong mas susun tiga, tinarètès ing sêsotya, sarta angagêm karêpus. Têpiyonipun sigar jangkang, tinatrapan ing mas jingga, anyuriga pêdhang usar, binêrayut ing renda mas. Sang Prabu Mangkurat yèn dipun sawang kados gurnadur jendral angêjawi, sang nata nuntên bidhal. Gumuruh swaraning bala awor swaraning tambur tuwin salomprètipun tiyang Kumpêni, sang nata nitih turăngga, binusanan cara Wêlandi, lampahipun dumugi ing dhusun Malinjon, amasanggrahan wontên ing ngriku, dene pangajênge ing baris sampun [sa...] [...mpun] dumugi ing Taji tuwin ing Parambanan. Wondene Sang Prabu ing Ngalaga inggih sampun ingaturan pariksa, yèn gêgaman ing Kartasura dhatêng, pangajênging baris sampun nocok ing Taji, kathahing bala tanpa wilangan. Sang Prabu Ngalaga nuntên parentah ambudhalakên gêgaman. Kang dados têtindhihipun bala ing ngajêng Arya Măndhalika, kalih Tumênggung Gajah Pramoda, sang nata anindhihi bala ing wingking sarta nitih kuda, sang prabu dhasar bagus dêdêgipun pidêgsa, karêngga dening busana, kala samantên sang nata sawêg yuswa tigang dasa taun, mêmpêng ing kakêndêlan. Lampahipun sampun dumugi ing Kaliajir, pangajênging baris sampun campuh ing prang wontên ing Kalibêning, arame prangipun. Sang Prabu Ngalaga nuntên atilar upacara kaprabon, anyandêr dhatêng ing ngajêng, anindhihi balanipun kang sampun prang wontên ing ngajêng, dene ingkang dipun ayap upacara kaprabon,

BTJ 2.30.2

Pangeran Panular, bala ing Kalagan sarêng sami aningali gustinipun nindhihi prang piyambak. Lajêng gumulung sarêng angamuk. Bala ing Kartasura anadhahi, kathah kang pêjah, sami gila nuntên dhadhal sami ngungsi baris ing wingking, sampun katur ing Sang Prabu Mangkurat, yèn balanipun kang dados pangajêng kawon prangipun. Sang nata sangêt ngungun, lajêng ngandika dhatêng bupati, adhi mas wis lali têmênan marang ingsun, besuk manawa adhi mas katon angawaki prang, bocah ingsun padha piyaka bae, supaya têkaa ing ngarsaningsun. Sang Prabu Mangkurat anuntên parentah anabuh tangara majêng ing prang, bala Kalagan anadhahi, arame prangipun, utawi kang sami dados panjawat kiwa têngên inggih sakalangkung rame prangipun. Bala Kalagan tuwin bala Mangkuratan kathah kang pêjah, nanging kathahing bala jitus. Upaminipun bala Kalagan satunggil, bala ing Mangkuratan satus. Ewadene bala ing Mangkuratan inggih kathah kang pêjah, sabab bala ing Kalagan sami sangêt kêndêlipun, amargi gustinipun anindhihi prang piyambak. Sang Prabu Ngalaga wau lajêng sami dipun aturi dhatêng balanipun para bupati, kapurih kondura, angatos-atosa wontên salêbêting kitha Palèrèd kemawon. Sang Prabu Ngalaga inggih lajêng kondur, balanipun taksih sami prang rame. Sang Prabu Mangkurat sarêng aningali ramening prang sakalangkung eram, sarta tansah angalêm dhatêng ingkang rayi, dene sagêd angabên prang ing balanipun. Dangu-dangu bala ing Kalagan kathah kang pêjah, Ki Tumênggung Gajah Pramada sampun pêjah kenging mimis kalataka, bala Kalagan dhadhal sami lumajêng sadaya, angungsi kitha Palèrèd. Lajêng sami mapan wontên ing alun-alun. Sarta sami amapanakên mariyêm agêng kêkalih, anama Subrastha, kalih Gunturgêni, bala Kalagan [Kala...] [...gan] sampun sami ngatos-atos. Sang Prabu Mangkurat anglud dhatêng ing Palèrèd. Lajêng têmpuh prang, bala Kalagan anyumêt mariyêmipun ambal-ambalan. Bala Mangkuratan Jawi Wêlandi kathah kang pêjah, bala Kumpêni lajêng malês sami anyanjatani, sakalangkung rame prangipun. Nanging bala Kalagan karoban lawan. Sabab tiyang sakêdhik mêngsah tiyang kathah, Ki Arya Măndhalika bupati ing Kalagan sampun pêjah wontên sajawining alun-alun. Sang Prabu Ngalaga sarêng sumêrêp Ki Măndhalika pêjah sakalangkung duka, enggal nitih kuda sarta amandhi waos Kyai Palèrèd. Lajêng angamuk kalihan bala sakantunipun. Bala Mangkuratan ingkang katrajang kathah

BTJ 2.30.3

pêjah, bala Mangkuratan sarêng sami sumêrêp yèn Sang Prabu Ngalaga angyarirani[7] ngamuk. Nuntên sami piyak ngiwa nêngên. Salong sami lumajêng dhatêng wingkingipun ing Sang Prabu Mangkurat. Sang Prabu Mangkurat lajêng parentah dhatêng Amral. Bala Kumpêni andikakakên wontên ing wingkingipun sang prabu, Ki Dipati Urawan enggal matur, sang nata katuran cucul busana cara Wêlandi, angagêm busana cara Jawi kemawon, supados ingkang rayi sampun ngantos pandung, sang nata inggih nurut ing aturipun Ki Urawan, lajêng angagêm busana cara Jawi, sarta angliga sarira, Sang Prabu Ngalaga sarêng cêlak ing panggenanipun ingkang raka angulap-ulap. Tansah amandêng dhatêng ingkang sinongsongan gilap, inggih sayêktos ingkang raka, Sang Prabu Ngalaga lajêng nyêmbah saking sanginggiling kapal. Titihanipun anuntên kaingêr sarta cinamêthi, enggal lumajêng sabalanipun sadaya, atilar kadhaton sumêja dhatêng ing Pagêlèn. Sabab sangêt lingsêmipun dhatêng ingkang raka. Sang Prabu Mangkurat sarêng aningali ingkang rayi lumajêng, sangêt ing ngungunipun, sarwi anênggak waspa, ngandika salêbêting galih, kapriye yèn aweta mêngkene, amêsthi wong cilik akèh kang padha karusakan. Ora kapenak ênggon ingsun jumênêng nata, adhi mas ya tansah kangelan. Sang Prabu Mangkurat nuntên rêrêb wontên ing kitha Palèrèd sadalu, lajêng aparentah angodhol palajêngipun ingkang rayi, ingkang kadhawahan inggih lajêng mangkat. Ing enjingipun sang nata nuntên bidhal kondur dhatêng ing Kartasura. Wondene palajêngipun Sang Prabu Ngalaga wau lajêng angungsi ing tanah Salinga, ing ngriku wontên tiyang kraman sampun anglêmpakakên gaman, anama Raja Namrud. Punika ingkang sagah anyirnakakên tiyang Wêlandi, amargi dipun êmpok kemawon, amêsthi tumpês sadaya, Raja Namrud wau lajêng dipun tarimani dhatêng Sang Prabu Ngalaga, sarêng sampun antawis lami Raja Namrud dipun jak ambêdhah ing nagari Kartasura dhatêng sang prabu, nanging Raja Namrud tansah sumados kemawon. Sang prabu sampun kakên galihipun. Anuntên bidhal saking ngriku, lajêng dhatêng ing Pagêlèn. Ingkang taksih wontên ing ngriku Pangeran Pamênang, sabab sagah badhe kajumênêngakên nata dhatêng Raja Namrud. Sang Prabu Ngalaga wau sarawuhipun ing Pagêlèn lajêng akêklêmpak bala, sarêng balanipun sampun kathah nuntên bidhal. Lampahipun sampun dumugi ing dhusun Prapag. Lajêng prang kalihan bala ing Kartasura, bala ing

BTJ 2.30.4

Kartasura lumajêng angungsi ing Palèrèd. Bala Kalagan anglud. Bala Kartasura nuntên lumajêng saking Palèrèd, sumêja sami mantuk dhatêng ing Kartsura, bala ing Kalagan taksih ambêbujêng ngantos dumugi ing Sanggung, lajêng masanggrahan. Sang Prabu Ngalaga parentah angêpung nagari ing Kartasura lan ambêbahakana dhusun kang cakêt nagari. Sang Prabu Mangkurat sampun ingaturan uninga, yèn ingkang rayi angêpung nagari ing Kartasura, Sang Prabu Mangkurat lajêng parentah ambidhalakên gêgaman. Sang nata inggih têdhak piyambak, lajêng têmpuh prang wontên ing dhusun Jabung, arame prangipun, ananging bala Kalagan prasasat karubuhan rêdi, lajêng dhadhal lumajêng sadaya, anjog ing dhusun Kuwêl. Sang Prabu Ngalaga amasanggrahan wontên ing ngriku, dene Sang Prabu Mangkurat inggih nuntên kondur dhatêng ing Kartasura, sarawuhe ing kadhaton [kadhato...] [...n] enggal animbali Ki Dipati Urawan. Sang nata angandika, Urawan, sira ingsun utus bujukên adhi mas, măngsa bodhoa sira, purihên gêlêm kêtêmu lan ingsun, sira aja ênggawa[8] batur, lumakua dhewe bae. Ki Urawan matur sandika, lajêng mangkat, angangge sarwa amoh, ênggènipun mangkat ing wanci dalu, sarêng wanci enjing dumugi ing dhusun Koripan, lajêng momor pakathik ngarit, pinuju pangarit dalêm. Ki Urawan dipun pitakèni dhatêng pangarit dalêm. Kowe gamêle sapa, Ki Urawan amangsuli, aku gamêle Ki Tumênggung Tambakbaya, mêntas digitiki, aku banjur andhêlik mrene, sumêja melu ing kowe ana ing jêroning pasanggrahan dalêm. Yèn aku ana ing jaba manawa kawêruhan marang Ki Tambakbaya, ora wurung aku bakal digêbugi manèh. Gamêl dalêm mirêng wicantêne Ki Urawan sangêt ing wêlasipun. Lajêng dipun jak lumêbêt dhatêng ing pasanggrahan, sarta dipun êkèn nyangking dhêdhak ing godhong, Ki Urawan sampun dumugi ing gêdhogan dalêm. Sang Prabu Ngalaga pinuju têdhak badhe mariksa titihan. Ki Urawan enggal anyungkêmi ing sukunipun sang nata, matur sarwi nangis. Akathah-kathah aturipun Ki Urawan wau, amurih sang nata puruna sowan dhatêng ingkang raka, Sang Prabu Ngalaga sarêng mirêng aturipun Ki Urawan sangêt kumênyut ing galihipun, sarwi angandika asêmu [a...] [...sêmu] waspa, Urawan, wis amênênga aja anangis, ingsun

BTJ 2.30.5

mundhak milu nangis, sarta ingsun ya wis anurut marang aturira, nanging sira muliha dhingin, ingsun ya tumuli seba marang kangmas. Ki Urawan matur, gusti, prayogi panjênêngan dalêm utusana piyambak. Kula benjing sarêng kalihan panjênêngan dalêm kemawon. Sang prabu angandika, Urawan, ya bênêr sira, sang nata lajêng ngandika dhatêng Dêmang Kalêng, Dêmang Kalêng, sira mênyanga ing Kartasura, layang ingsun iki aturna ing kakang prabu. Dêmang Kalêng matur sandika, lajêng mangkat ambêkta rencang pitu, sami kêkapalan sadaya, sadhatêngipun ing Kartasura sang prabu pinuju miyos sinewaka, Ki Dêmang Kalêng lajêng sowan angaturakên sêrat. Sampun tinampèn sarta winaos. Sang nata sasampuning maos sêrat nuntên angandika dhatêng Radèn Nêrangkusuma, Nêrangkusuma, bocah ingsun undhangana kabèh yèn besuk ing dina Soma ingsun bakal mapag adhi mas. Nêrangkusuma matur sandika, Dêmang Kalêng wau inggih sampun kaparingan wangsulan. Enggal lèngsèr saking ngarsanipun sang nata. Sang Prabu Mangkurat inggih nuntên bidhal sabala sadaya tuwin Amral sakumpêninipun. Kèndêl wontên ing dhusun Sanggung salèring lèpèn. Wondene lampahipun Dêmang Kalêng wau sampun dumugi ing dhusun Kuwêl. Sêrat anuntên kaaturakên ing Sang Prabu Ngalaga, Sang Prabu Ngalaga lajêng angundhangi bala, badhe sumêja sowan ing raka sarta parentah ambongkoki gêgamaning pêrang, sarêng sampun samêkta nuntên bidhal saking Kuwêl. Lampahipun dumugi ing dhusun Sanggung sakiduling lèpèn. Sang Prabu Ngalaga kagèt aningali barisipun tiyang Kumpêni, sarta sangêt ing panglingipun dhatêng ingkang raka, kawastanan pangagênging Kumpêni, lajêng parentah anatasi gêgaman kang sami dipun bongkoki, bala Kalagan enggal sami anyêpêngi gêgamanipun piyambak-piyambak. Bala Mangkurat sarêng sumêrêp, nuntên sami angatos-atos. Ki Urawan enggal angrangkul ing sukunipun Sang Prabu Ngalaga, matur sarwi anangis. Gusti, kadospundi karsa dalêm punika, Sang Prabu Ngalaga ngandika, kae dudu kakang mas, ika amêsthi wong Walănda, kakang mas biyèn warnane ora mêngkono, ingsun suthik yèn nyêmbaha maring wong Walănda, sun pilaur mati.

BTJ 2.30.6

Ki Dipati matur, gusti, yèn mêkatên panjênêngan dalêm kèndêla ing ngriki kemawon sakêdhap. Kula badhe nyabrang mangalèr, mugi kaêntosana, kula inggih nuntên wangsul mriki malih. Ki Urawan sampun nyabrang mangalèr, lajêng matur ing Sang Prabu Mangkurat, kaaturan cucul busananipun cara Wêlandi, angagêma cara Jawi kemawon. Sang nata miturut ing aturipun Ki Urawan, sampun salin busana, Ki Urawan enggal wangsul mangidul, [ma...] [...ngidul,] lajêng matur ing Sang Prabu Ngalaga, gusti, panjênêngan dalêm tingali, sintên ingkang jumênêng salering lèpèn punika. Sang Prabu Ngalaga sarêng aningali sampun botên pandung dhatêng ingkang raka, ingkang rayi nuntên angrungkêbi suku, ingkang raka angrangkul sarwi angaras lungayanipun ingkang rayi, kalih-kalihipun sami muwun. Sabab lami botên pinanggih sangêt ing kangênipun, sarta sami kèngêtan dhatêng ingkang rama swargi, kala samantên sinêngkalan 1604. Sang Prabu Mangkurat angandika dhatêng ingkang para santana tuwin para bupati ingkang sami andhèrèk wontên ing ngriku, bocah ingsun kabèh, padha ngabêktia marang adhi mas. Para priyantun enggal sami angabêkti gêntos-gêntos. Anuntên Amral saupsiripun sami têtabean gêntos-gêntos. Bala Jawi tuwin Kumpêni sadaya sami bingah manahipun, aningali gustinipun sampun rukun kalihan ingkang rayi, awit sami rumaos yèn badhe botên wontên prang, sang nata sakalihan nuntên bidhal, kondur dhatêng salêbêting nagari Kartasura, lajêng angadhaton. Tiyang kang sami nênonton jalêr èstri jibêg saurut margi, Sang Prabu Anèm sampun pinaringan padalêman pinanggih dados, prênah salèring kadhaton, nanging ing sabên dintên tansah wontên ing kadhaton, namung yèn dalu kemawon kondur dhatêng ing dalêmipun. [da...] [...lêmipun.] Sarêng sampun antawis lami Sang Prabu Ngalaga angaturakên namanipun susuhunan dhatêng ingkang raka, ingkang kalayan suka bingah ing galihipun piyambak, badhe ngangge namanipun lami kemawon. Ingkang raka inggih amarêngi, sarta lajêng kaundhangakên, yèn ing mangke anama Pangeran Dipati Pugêr, kaparingakên lêlênggah siti kawan ewu. Sang prabu lajêng adhêdhawah dhatêng Ki Tumênggung Mangkuyuda, andikakakên ngalurugi tiyang kraman ing dhusun Salinga, kang nama Raja Namrud kalih Pangeran Pamênang, inggih sampun kalampahan. Raja Namrud lan Pangeran Pamênang sampun

BTJ 2.30.7

sami kacêpêng, lajêng dipun baronjongi kabêkta dhatêng ing Kartasura, nuntên sami dipun pêjahi. Kala samantên nagari ing Kartasura sampun gêmah rêja, botên wontên prang, tiyang sanagari sami eca manahipun, tiyang padhusunan tulus ênggènipun sami nênandur, Amral sakumpêninipun nuntên sami pamit mantuk dhatêng ing Batawi, inggih sampun dipun lilani dhatêng sang prabu, sarta Amral kaparingan nagari ing Carêbon sarta ing Pasundhan. Dene têlasipun ing obat mimis tuwin balănja salêbêting prang punapa malih rêginipun tiyang Kumpêni kang sami pêjah ing prang sang nata inggih sagah amaringi têtêmpah, sarta Amral anyuwun lilah badhe adamêl loji wontên ing Samawis. Sang nata inggih anglilani, [anglila...] [...ni,] dene ingkang jagi sang prabu Amral inggih anilari Kumpêni kathahipun kawan dasa têtindhihipun kapitan satunggil, lutnan satunggil, alpèrès satunggil. Amral lan sakumpêninipun nuntên bidhal saking ing Kartasura, sadhatêngipun ing Samawis lajêng anitik papan badhe kaadêgan loji, sarêng sampun angsal nuntên mangkat anumpak baita, lastantun dumugi ing Batawi.