BTJ 2.31
Ki Untung lan Wiwitanipun Surapati
Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 382-398
BTJ 2.31.1
Amangsuli cariyos ingkang sampun kalampahan kala bêdhahipun nagari Makasar rumiyin, ing Batawi wontên tiyang satunggil anama Kapitan Pan Bèbèr, agadhah lare bêboyongan jalêr satunggil sawêg umur pitung taun, sae warninipun. Punika lajêng dipun wade dhatêng kapitan Pan Bèbèr wau, ingkang tumbas tiyang Wêlandi anama Kapitan Mur, Kapitan Mur sarêng sampun tumbas lare punika lajêng kathah ing kabêgjanipun, amargi anggènipun dagang, ing lami-lami nuntên minggah ing kalênggahanipun dados mayor, nuntên kumasaris, lajêng dados dêlèr sarta sangsaya sangêt kasugihanipun. Punika pamanahipun Kapitan Mur ênggènipun agêng ing kabêgjanipun sarta kauntunganipun wau, amargi saking lare punika ingkang ambêkta kabêgjan sarta kauntungan, mila lare wau lajêng kanamakakên pun Untung sarta kaakên anak, ingugung sapolahipun. Dene Dêlèr Mur inggih sampun darbe anak nonah satunggil sakalangkung ayu [a...] [...yu] warninipun, kasadhèrèkakên kalihan Ki Untung, sampun sami diwasa ing kalih-kalihipun. Ing lami-lami Ki Untung arêrêmênan kalihan nyonyah, sarta nyonyah kathah pawèwèhipun dhatêng Ki Untung, ing sabarang panjalukipun botên lêpat, dados nyonyah wau tansah angulêri donyanipun Dêlèr Mur, nanging botên kadamêl kasugihan dhatêng Ki
BTJ 2.31.2
Untung, amung kawèwèhakên dhatêng prasanakanipun, inggih sami pudhaking[9] Kumpêni, tiyang Bali, Bugis, Makasar, kathahipun wolung dasa, sami andadosakên ing kasugihanipun, amargi saking pawèwèhipun Ki Untung sarta sampun sami manjing sudarawèdi, tiyang wolung dasa wau sami rumaos kapotangan dhatêng Ki Untung. Kala samantên Dêlèr Mur sampun sumêrêp bilih anakipun nyonyah rêrêmênan kalihan Ki Untung, sarta donyanipun kathah kang ical. Pinuju satunggil dintên ênggènipun rêrêmênan kalihan nyonyah kawênangan, andadosakên nêpsunipun Dêlèr Mur, aningali solah kang botên prayogi, Ki Untung lajêng dipun cêpêng, karangkèt ngantos satêngah pêjah, Ki Untung sêsambatipun tansah mentak ampun. Dêlèr Mur inggih sangêt ing wêlasipun sarta lajêng angapuntên. Sarêng sampun antawis lami Ki Untung rêrêmênan malih kalihan nyonyah, nuntên kauningan dhatêng Dêlèr Mur, Ki Untung enggal dipun cêpêng, kalêbêtakên ing kunjaran, dipun tunggilakên [tunggilakê...] [...n] pasakitan kathah sarta kabêlok. Dene nyonyah wau inggih lajêng kasapu ngantos satêngah pêjah. Ki Untung ênggènipun wontên ing pambêlokan punika sakalangkung mêmêlas, panunggilanipun kabêlok tiyang sawidak. Sarêng sampun antawis lami, Ki Untung wicantên dhatêng kancanipun kang sami kabêlok. Kănca pambêlokan kabèh, kapriye kang padha dadi pamikirmu, yèn awèt mangkene amêsthi bakal padha mati ana ing pambêlokan. Tiyang pambêlokan sami sumaur, Untung, olèhku padha mikir kapriye, wong wis ora bisa polah mêngkene, rak kaliwat anglêngkara yèn bisaa ucul, kang dhingin bêlokan iki wêsi, bangêt ing santosane, kaping pindho ana sajroning gêdhong, kaping têlu ing jaba dijagani Kumpêni. Ki Untung wicantên, mungguh manawa ana pitulunging Allah marang sawijining wong, bisa anguculi wong kang dibêlok iki kabèh kapriye. Tiyang sêpuh satunggil sumaur, Untung, kowe iki kumaki têmên, aku iki wong wis tuwa, sarta ora mangan-mangan kongsi pitung sasi ana ing kene, parandene ora bisa ucul, bangêt olèhku ngina mênyang kowe. Ki Untung wicantên, ah aku ora rêmbugan karo kowe, wong akèh iku kang daktari.
BTJ 2.31.3
Tiyang ing pambêlokan sami sumaur, iya Untung, manawa ana wong kang bisa nguculi ênggonku dibêlok [di...] [...bêlok] iki, mêsthi dakturut ing saparentahe, sanajan tumêka ing pati ya daklakoni, ala mati ana ing pambêlokan, angur matia prang. Ki Untung sarêng mirêng wicantênipun tiyang kathah, nuntên gumujêng, sarwi ngunus sukunipun saking pambêlokan wêsi, tiyang ing pambêlokan sami cingak sadaya, lajêng sami dipun uculi saking pirantosipun. Kantun tiyang sêpuh satunggil, ingkang anyênyampahi wau, botên dipun luwari dhatêng Ki Untung, tiyang satunggil wau inggih sangêt ênggènipun ngrêrêpa nêdha ucul, nanging botên dipun paèlu dhatêng Ki Untung. Tiyang ingkang sampun dipun ucul[10] lajêng wicantên, Untung, sarèhning wong kabèh iki wis padha ucul saking ing pambêlokan amarga ing kowe, ing mêngko priye kang dadi parentahmu, amêsthi padha nurut. Ki Untung amangsuli, aku bakal sumêja ngamuk marang wong Walănda, sanak-sanakku kabèh iki ya padha dakjak ngamuk. Tiyang kathah sami wicantên, yèn mangkono kang dadi karêpmu, wong akèh iki padha wèhana gêgaman lan upayakna sêga, sarèhning wis lawas ênggone padha ora mangan, kang supaya padha rosa ngamuk. Ki Untung wicantên sarta gumuyu, ya wis padha kèria ana ing kene bae, aku daklunga dhewe. Ki Untung lajêng andêdêl korining pakunjaran. Kuncinipun malêsat. Ki Untung èngêt, yèn ngandhut patrêm sakalangkung ampuh, Kumpêni [Ku...] [...mpêni] ingkang jagi ing ngriku satunggil pinatrêm sampun pêjah, kuncining kori sampun kaêtrapakên malih, Ki Untung lajêng kesah sumêja ngupadosi prasanakanipun. Wontên ing margi kêpêthuk prasanakanipun tiyang kalih, Ki Untung rinangkul sarta dipun tangisi, nuntên kabêkta mantuk dhatêng griyanipun. Prasanakanipun sadaya inggih lajêng sami dipun undangi dhatêng Ki Untung, wontên ing ngriku inggih sampun dhatêng sadaya, kathahipun wolung dasa, Ki Untung wicantên nêdha sêkul sarta pêpanganan tuwin kinang ingkang kathah, ingkang sarta anêdha gêgaman waos dhuwung tuwin pêdhang. Para prasanakanipun wau inggih lajêng sami anyukani ingkang dados panêdhanipun Ki Untung, sarta sami sagah badhe anglabuhi tumut ngamuk. Ki Untung mirêng kasagahaning para prasanakanipun sakalangkung suka, sêkul sapanunggilanipun sarta gêgaman nuntên sami kabêktakakên ing para
BTJ 2.31.4
prasanakanipun dhatêng ing pakunjaran. Tiyang sêwidak kang wontên ing pakunjaran wau lajêng dipun kèn nêdha, lajêng kumarubut sami nêdha pating karêcap, sarta sami eram dhatêng Ki Untung, sasampuning nêdha nuntên sami sinungan gêgaman ing sasênêngipun piyambak-piyambak, lajêng sami katata wontên palataraning pakunjaran, sarta sami angatos-atos. Botên dangu Kumpêni ingkang badhe anggiliri jagi dhatêng, kathahipun sanga kopral. Ki Untung lan sakancanipun [saka...] [...ncanipun] anêrajang, Kumpêni wau sampun pêjah ingkang wolu, amung kantun satunggil lumajêng matur ing pangagêngipun. Pangagêngipun tiyang Kumpêni enggal parentah anabuh tambur tuwin salomprèt. Tiyang Kumpêni sampun ngalêmpak, nuntên kaangkatakên dhatêng pakunjaran amung sabrêgada, sadhatêngipun ing pakunjaran lajêng angêdrèl. Ki Untung anadhahi, rame ulêng-ulêngan. Ki Untung ngiwa nêngên ênggènipun anyuduki, dipun karutug ing sanjata botên kenging, Kumpêni ingkang sabrêgada wau sampun sami pêjah sadaya, nanging bantunipun tiyang Kumpêni botên kêndhat -kêndhat dhatêngipun. Dangu-dangu rencangipun Ki Untung suwidak wau sampun sami pêjah sadaya, kantun Ki Untung piyambak lumajêng, dipun bêbujung dhatêng tiyang Kumpêni, sarta kasanjatanan, nanging botên kenging. Palajêngipun Ki Untung dhatêng ing bètèng ngalang-alang, lajêng anyalimpêt. Tiyang Kumpêni sampun kaicalan lari, nuntên sami mantuk. Dene Ki Untung wau sabên dalu dhatêng ing nagari amanggihi para prasanakanipun. Para prasanakanipun inggih lajêng sami tumut dhatêng ing bètèng ngalang-alang, sarta sami ambêkta gêgamaning prang, sumêja sami anglabuhi lara pêjah dhatêng Ki Untung, kathahipun wolung dasa. Kala samantên Ki Untung ing sabên dalu lumêbêt dhatêng nagari, lêbêtipun ing wanci jam gangsal tuwin jam nêm sontên. Sarta [Sar...] [...ta] ambêkta patrêm, kadèkèk ing salêbêting sêdhah sacandhikan. Sabên kêpêthuk tiyang Kumpêni kang sami lêledhang lajêng kagêpyok ing sêdhah sacandhikan kang isi patrêm wau inggih lajêng pêjah, sarêng ing lami-lami misuwur ing tiyang sa-Batawi, yèn Ki Untung ucul saking pambêlokan, sarta kathah tiyang Kumpêni kang sami dolan sami pêjah, Kumpêni sa-Batawi sami tintrim, lajêng botên wontên kang purun alêledhang, nuntên sami dipun pirantosi, tiyang Kumpêni sabrêgada amêndhêm wontên sakiwa têngêning margi, sarta dipun dèkèki pakan
BTJ 2.31.5
Kumpêni satunggil. Sarêng wanci sontên jam gangsal Ki Untung dhatêng, Kumpêni satunggil wau lajêng dipun gêpyok ing sêdhah sacandhikan mawi patrêm sampun pêjah, Kumpêni sabrêgada enggal sami ngarutug ing sanjata saking sakiwatêngêning margi, Ki Untung nuntên ngamuk kalihan patrêm. Tiyang Kumpêni ingkang pêjah kalih wêlas. Ki Untung nuntên lumajêng, tiyang Kumpêni ambujêng, rencangipun Ki Untung kang wontên ing bètèng ngalang- alang amirêng swaraning sanjata enggal mangkat, sumêja têtulung, lajêng prang kalihan tiyang Kumpêni sakalangkung rame, rencangipun Ki Untung pêjah sadaya, Kumpêni sabrêgada sampun sami pêjah, amung kantun titi[11] lumajêng asanjang dhatêng pangagêngipun sarta katur ing gurnadur jendral. Gurnadur jendral enggal parentah anglampahakên Kumpêni sabrêgada, têtindhihipun anama [a...] [...nama] Amral sakalangkung digdaya, sadhatêngipun ing bètèng ngalang-alang lajêng prang rame, Kumpêni Bugis tuwin Makasar kathah kang pêjah, nanging bantunipun tiyang Kumpêni taksih andalêdêg, kados toya mili, lajêng sami angêdrèl saking kiwa têngên. Rencangipun Ki Untung tiyang wolung dasa sampun pêjah sapalih, kantun kawan dasa, nuntên sami lumajêng, sarta kasaput ing dalu, Kumpêni inggih sami mantuk dhatêng ing kitha.
BTJ 2.31.6
Kacariyos Ki Untung wau ing dalu sami pirêmbagan prayogining lampah, wontên kamisêpuhipun satunggil anama Ki Êbun. Punika angajak kesah dhatêng Ki Untung saking bètèng Ngalang-alang, kaajak ngungsi dhatêng Carêbon. Ki Untung sarta sarencangipun tiyang kawan dasa inggih sami angrujuki ing pirêmbagipun Ki Êbun. Ing dalu lajêng sami mangkat saking ngriku, lampahipun ngidul ngetan, sumêja dhatêng ing Carêbon. Enjingipun tiyang Kumpêni sami dhatêng ing bètèng ngalang-alang, sawontênipun kêrig sadaya, badhe anumpês ing Ki Untung kalihan sarencangipun, nanging kêpanggih suwêng,[12] sakiwatêngêning ngriku dipun ubrês botên pinanggih, tiyang Kumpêni sakalangkung cuwa manahipun. Lajêng anglampahakên Kumpêni kêkapalan tigang dasa, angupadosi salasahipun Ki Untung, lampahipun ngantos dumugi ing Cianjur, tiyang Kumpêni nuntên angsal pawartos, yèn Ki Untung kesah mangetan. Kumpêni lajêng parentah dhatêng tiyang Cianjur kinèn sami pacak baris, ing samangsanipun wontên tiyang langkung botên ambêkta dagangan, kadhawahan anyêpêng, kaaturna dhatêng Batawi, sasampuning parentah tiyang Kumpêni tigang dasa wau lajêng wangsul mantuk dhatêng Batawi.
BTJ 2.31.7
Wondene lampahipun Ki Untung inggih sampun dumugi ing Carêbon, lajêng kêpêthuk kalihan putranipun angkat sultan ing Carêbon, anama Radèn Surapati, pinuju badhe ambêbêrêg dhatêng wana, rencangipun tiyang satus, sarta sami ambêkta gêgaman. Radèn Surapati kagèt aningali dhatêng Ki Untung, enggal kaandhêg sarta dipun pitakèni, adhi, kowe iki wong têka ngêndi lan sapa jênêngmu, arêp mênyang ngêndi. Ki Untung amangsuli, kula punika tiyang saking Batawi, budhaking Kumpêni, nama kula pun Untung, mila kula kesah saking Batawi sabab dipun sikara dhatêng tiyang Kumpêni, kula sumêja ngungsi dhatêng kangjêng sultan ing ngriki, kalih kangjêng sultan karsa ngukub dhatêng tiyang musakat kawêlas asih. Radèn Surapati mirêng wicantêne Ki Untung lajêng amikir salêbêting galih, wong iki yèn katura ing kangjêng sultan kiraku banjur disihi bangêt, sabab rupane bêcik sarta limpad ing tatakrama lan kaduksura, măngka rêrêmênane kangjêng sultan, yèn ana wong mêngkono iku, dakkira [da...] [...kkira] aku bakal kalorod. Radèn Surapati nuntên wicantên. Adhi, yèn kowe têmên sumêja suwita, ya aku kang ngaturake, nanging pasraha gêgaman lan sabaturmu kabèh. Ki Untung inggih lajêng amasrahakên gêgamane rencangipun sadaya, amung awakipun piyambak kang taksih mawi dhuwung, Radèn Surapati wicantên malih, yagene adhi, kowe dhewe ora pasrah kris. Dene baturmu wis pasrah kabèh. Untung matur sarwi ngrêrêpa, ênggèr, amung kula piyambak taksiha kalilan ngangge dhuwung, mugi wontêna ing pananggêl sampeyan dhatêng kangjêng sultan. Radèn Surapati anyêntak sarta manthêlêng, ah yèn mêngkono ora bêcik sêjamu, apa kowe nganti dakplaksana, wong siji găndra pira. Ki Untung sakalangkung kagèt, ngadêg suraning galih sarta wicantên. Ah aku dhasar ora awèh krisku kokjaluk, kajaba yèn wis sêmpal bauku kiwa têngên, iku aku awèh. Radèn Surapati enggal parentah dhatêng balanipun anubruk dhatêng Ki Untung, Untung enggal malumpat sarta akèn sumingkir dhatêng rencangipun, lajêng angamuk. Tanganipun têngên nyêpêng patrêm, kang kiwa nyêpêng dhuwung, dipun suduki tuwin kawaosan dhatêng rencangipun Surapati botên kenging, yèn pinuju kenging botên pasah, rencangipun Surapati
BTJ 2.31.8
kang pêjah sadasa, ingkang sangang dasa sami lumajêng, Radèn Surapati inggih [ing...] [...gih] tumut lumajêng sumêja wêwadul dhatêng kangjêng sultan. Dene Ki Untung lan sarencangipun inggih tut wingking ing palajêngipun Radèn Surapati, Radèn Surapati wau sadhatêngipun ing ngarsane kangjêng sultan nuntên matur, yèn kabegal wontên ing margi, ingkang ambegal tiyang saking Batawi anama Untung, rencangipun kawan dasa, ing mangke inggih angodhol dhatêng kula sowan mariki, akathah-kathah wêwadulipun wau. Kangjêng sultan enggal utusan animbali Untung, inggih sampun kairid dhatêng utusan. Rencangipun sami kandhêg sajawining regol, sadhatênging ngarsanipun kangjêng sultan Ki Untung lajêng ngabêkti, kangjêng sultan alon andangu, Untung, têkamu ana ing nagaraku kene baturmu wong pira. Ki Untung matur, gusti, rencang kula amung kawan dasa. Kangjêng sultan sarêng mirêng aturipun Ki Untung lajêng duka dhatêng Radèn Surapati, pangandikanipun. Surapati, yèn mêngkono, kowe dhewe kang luwih ala, sabab ora nana adate yèn wong patang puluh wani marang wong satus. Karo dene Si Untung iku wong têka kadohan amêsthi ora wani yèn nyikaraa marang wong bumi, yagene kowe duwe solah kaya mêngkono, dene kowe dakpèk anak, sarta ora kêkurangan ing pêparingku, wêkasan kowe agawe jêmbêr marang nagaraku, hèh bocah ing Carêbon, [Carêbo...] [...n,] dikêbat Si Surapati iki cêkêlên. Radèn Surapati sampun kacêpêng sarta binêsta, lajêng andikakakên nyuduki wontên ing alun-alun. Inggih sampun pêjah. Kangjêng sultan angandika dhatêng Untung, Untung, kowe aja susah tutur marang aku, aku wis sumurup kang dadi karêpmu, dene ênggonmu sumêja ngungsi marang aku ya wis bangêt panrimaku, nanging aku ora kêlar yèn kanggonan marang kowe, sabab nagaraku ing Carêbon iki bangêt cilike, aku amung duwe pituduh bae, kowe banjura mangetan, angungsia marang Raja Mataram. Iku layake kuwawa yèn ngukupa marang kowe, sabab nagarane gêdhe, amarentah wong satanah Jawa kabèh, karo dene kowe daksurupake, yèn wis pinêsthi karsaning Allah, kowe lan saturunmu besuk padha dadi satruning wong Walănda, sarta aku awèh wasiyat nama marang kowe, kowe ajênênga Radèn Surapati, wis, kowe mangkata, aku anjurungi pandonga bae.
BTJ 2.31.9
Untung sakalangkung panuwun, nyêmbah sarta ngaras ing sukunipun kangjêng sultan. Rencangipun sami suka sadaya, dene pikantuk idinipun ratu mukmin. Radèn Surapati wicantên malih, ing mêngko kang dadi karêpku, Ki Êbun iki dakjênêngake Ki Êbun Jaladriya, angêrèhna wong patang puluh iki, sabab iku kang tuwa dhewe. Rencangipun tiyang kawan dasa sami jumurung sadaya, lajêng sami mangkat mangetan. Sarêng dumugi ing Malang lajêng menggok mangidul. Anjog ing tanah Toyamas. Kèndêl wontên ing dhusun Ngajibarang. Ing ngriku wontên patinggi kêkalih sami sadulur, anama Saradênta kalih Saradênti, tiyang kêkalih wau lajêng dipun dêgakên raja dhatêng Radèn Surapati, inggih anama Prabu Saradênta kalih Saradênti, nuntên anêlukakên tiyang dhusun sakiwa têngên ing ngriku, sarêng sampun kathah balanipun lajêng anggêbag nagari ing Toyamas. Dipati ing Toyamas kawon pêrangipun, kèngsêr saking kithanipun, abêbarisan sawetaning kitha Toyamas. Prabu Saradênta kalih Saradênti tuwin Radèn Surapati inggih lajêng angêbrêgi kitha, dene ingkang minăngka patih amarentah tiyang sabêbarisan, Ki Bun Jaladriya. Kala samantên Radèn Surapati abêbisik dhatêng Ki Bun Jaladriya, bapa Bun, kowe kèria, têtêpa bêbarisan ana ing kene, sarta aja kêndhat anggonmu anêluk-nêlukake, dene aku arêp lunga marang Karta, sumêja suwita ing Sang Prabu Mangkurat. Manawa ratumu takon, aku awadna lunga martapa marang gunung, nanging wêkasku marang kowe, besuk yèn ana kongkonanku lan anggawa pratăndha ali-aliku iki, ratumu nuli cêkêlên, aturna bêbandan marang aku. Ki Bun Jaladriya matur sandika. Radèn Surapati ing dalu lajêng mangkat ijèn. Lampahipun sampun dumugi ing Kartasura, anjujug ing Radèn Dipati Nrangkusuma, Radèn Nrangkusuma alon andangu, adhi, kowe iki wong têka ngêndi, lan sapa jênêngmu. Radèn Surapati matur, kula tiyang saking Batawi, nama kula Surapati, dhatêng kula mariki angungsi gêsang sumêja ngawula ing sampeyan utawi katuripun ing sang prabu inggih sumăngga ing sampeyan. Milanipun kula kesah saking Batawi, awit dipun niaya dhatêng tiyang Kumpêni, saupami ing benjing kula dipun têdha dhatêng tiyang Kumpêni, inggih sampun sampeyan kêkahi, kadhawahan nyêpêng piyambak dhatêng kula, nanging panyuwun kula têtiyang Jawi kemawon sampun tumut-tumut, sami anontona
BTJ 2.31.10
kemawon, kula piyambak ingkang badhe anyêmbadani ing sagêndhingipun tiyang Kumpêni. Radèn Nêrangkusuma sarêng mirêng aturipun Surapati sangêt wêlas ing galihipun. Sarta rêsêp aningali warninipun, bagus taksih anèm. Lajêng alon anggènipun ngandika, iya, aja sumêlang atimu, aku kang ngaturake ing sang prabu. Radèn Surapati sampun pinêrnahakên sarta sinuba-suba, ingakên sadhèrèk nèm. Ing sabên dintên dipun jak atunggil dhahar. Wondene Bupati Toyamas wau, sarêng kawon pêrangipun [pê...] [...rangipun] kalihan Prabu Saradênta, inggih lajêng angaturi uninga dhatêng ing Kartasura, sarêng katur ing sang prabu nuntên parentah anglurugi, ingkang kadhawahan Radèn Nêrangkusuma, inggih lajêng pradandosan. Anuntên Radèn Surapati agadhah atur, sagah anyêpêng kraman ijèn, amung nyuwun kanthi jêjênêng satunggil kemawon. Radèn Nêrangkusuma inggih amarêngi, lajêng lumêbêt ing kadhaton, matur ing sang prabu, gusti, kula angaturi uninga, kula kadhatêngan tiyang satunggil, pêpalajêngan saking Batawi, anama pun Surapati, punika sumêja angabdi ing panjênêngan dalêm, angungsi gêsang, sabab dipun niaya dhatêng tiyang Kumpêni, aturipun Surapati wau, saupami benjing dipun suwun dhatêng Kumpêni, inggih kaparingna kemawon. Nanging dipun cêpênga piyambak dhatêng tiyang Kumpêni, dene abdi dalêm tiyang Jawi sadaya sampun wontên kang tumut-tumut, sami aningalana kemawon. Pun Surapati piyambak ingkang sagah anadhahi prangipun tiyang Kumpêni, sanajan kinarubuta sèwu, pun Surapati botên ajrih, ing mangke sarêng mirêng yèn kula badhe nglurug, pun Surapati gadhah kasagahan anyêpêng sarta amêjahi dhatêng kraman kang wontên Toyamas. Ingkang punika atur kula gusti, kasagahanipun pun Surapati wau prayogi dipun turuti, yèn sayêktos piyambakipun sagêd amêjahi dhatêng tiyang kraman. Inggih katampènana pangabdinipun. Manawi botên sagêd inggih lajêng katundhunga kemawon. Sang nata alon ngandika, Nrangkusuma, apa kang dadi karêpira ingsun ya nurut bae, sabab ingsun wis pracaya marang sira. Radèn Nêrangkusuma sakalangkung suka manahipun. Lajêng mantuk sampun kêpanggih kalihan Surapati, andhawahakên timbalan dalêm. Yèn sampun kalilan ingkang dados panyuwunipun. Ki Surapati sangêt bingah ing manahipun. Lajêng mangkat saking Kartasura kalihan dipati ing Toyamas.
BTJ 2.31.11
Sadhatêngipun ing Toyamas, amasanggrahan ing dhusun Kalijirak. Radèn Surapati anuntên anglampahakên utusan lare kêkalih, amaringakên sêsupe dhatêng Ki Bun Jaladriya. Ki Bun Jaladriya sarêng anampèni sêsupe, anggraita ing manahipun, lajêng amangsiti rencangipun babêktan saking Batawi, dipun kèn sami angrasuk gêgamaning prang, sarêng sampun samêkta nuntên sami sowan ing ratunipun. Prabu kêkalih sawêg sami kalangênan angabên sawung, kagèt aningali Ki Bun Jaladriya dhatêng, enggal andangu, bapa Bun, ana pawarta apa, majua mrene. Ki Bun Jaladriya sumaur, botên wontên pawartos. Kula namung sowan kemawon. Ki Bun sarwi angêjèpi rencangipun, lajêng sami anubruk ing Prabu Saradênta kalih Saradênti, sampun sami binêsta, balanipun [bala...] [...nipun] lajêng sami bibar sadaya, Saradênda Saradênti sampun binêkta dhatêng pasanggrahanipun Radèn Surapati sarta Tumênggung Toyamas. Lajêng sami dipun kêthok gulunipun kalih pisan. Dene sabarang gadhahanipun inggih sampun jinarahan sadaya. Radèn Surapati kalihan Dipati Toyamas nuntên sami wangsul dhatêng ing Kartasura, Sang Prabu Mangkurat sawêg sinewaka wontên ing sitinggil. Dipati Toyamas sarta Radèn Surapati inggih lajêng sowan angaturakên sirahing kraman kêkalih tuwin bêboyongan. Sang nata sakalangkung suka ing galihipun. Sirahing kraman kêkalih andikakakên sami manjêr wontên ing margi parapatan. Radèn Surapati sarencangipun tiyang kawan dasa lajêng ginanjar arta sarta busana, sarta sampun kaanggêp pangabdinipun. Nanging kapasrahakên ing Radèn Nêrangkusuma kemawon. Sang nata lajêng kondur angadhaton. Radèn Surapati inggih sampun kabêkta mantuk ing Radèn Nêrangkusuma sarta sangêt ing asihipun.