BTJ 2.32
Surapati lan Kapitan Tak
Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 398-417
BTJ 2.32.1
Kacariyos ing nagari Batawi para Kumpêni sampun mirêng pawartos yèn Ki Untung samangke sampun ngawula ing Sang Prabu Kartasura, sangêt dipun sihi, sarta sampun salin nama Radèn Surapati. Gurnadur jendral kalihan para rad lajêng sami pirêmbagan, dadosing rêmbag anuntên anantun dhatêng para Kumpêni, sintên ingkang purun amêngsah [amêng...] [...sah] prang kalihan Surapati, nanging para Kumpêni botên wontên ingkang gadhah kasagahan, awit sampun sami sumêrêp tandangipun Surapati yèn prang. Gurnadur jendral sarta para rat sakalangkung èmêng ing galihipun. Lajêng andhawahakên parentah,
BTJ 2.32.2
sintên-sintên kang sagah anyêpêng Surapati, badhe agêng ganjaranipun sarta kajunjung ing kalênggahanipun. Anuntên wontên kapitan Wêlandi satunggil anama Kapitan Tak. Sakalangkung digdaya, ing aprang tanpa tandhing, dene ingkang gadhah anak tiyang agêng ingkang ambêdhah ing Makasar rumiyin. Kapitan Tak wau sagah anyêpêng Surapati anuntên katarik astanipun. Kasandhing lênggah ing tuwan gurnadur jendral, sarta linarihan. Para rat tuwin para upsir inggih sami angurmati gêntos-gêntos, nglarihi, wondene Kapitan Tak wau dêdêgipun gagah prakosa, sarta asring ngangge makutha mas, abêbadhong kêlat bau, yèn sinawang warninipun kados danawa raja, kala samantên Kapitan Tak sampun kadhawahan pradandosan, sarta binêktanan Kumpêni satus, kalihan rajabrana tuwin sêrat badhe katur ing sang prabu, sarêng sampun samêkta lajêng mangkat anumpak baita, lampahipun sampun dumugi ing Japara, kumêndur ing Japara inggih enggal amêthuk, Kapitan Tak sakumpêninipun sampun binêkta dhatêng ing loji. Kapitan anuntên anglampahakên utusan [utusa...] [...n] ajidan satunggil, sareyan satunggil sarta mawi sêrat saking gurnadur jendral katur ing Sang Prabu Kartasura, lampahipun sampun dumugi ing Kartasura, sang nata nuju miyos sinewaka, utusan Wêlandi anjujug ing Radèn Dipati Nrangkusuma, angaturakên sêrat, lajêng kaaturakên Radèn Dipati Sindurêja, katur ing sang prabu, sampun tinampèn sarta winaos. Sang nata sasampuning maos sêrat nuntên ngandika bêbisik dhatêng Radèn Dipati Sindurêja, Sindurêja, wruhanira iki layang têka si kaki jendral, anjaluk marang Si Surapati, kapriye kang dadi rêmbugira. Arya Sindurêja nêmbah matur, sinuhun ing pamanah kula prayogi kaparingna tumuntên, sabab punika bêbujênganipun Kumpêni, manawi botên kaparingakên amêsthi tiyang Kumpêni sakit manahipun. Kalih dening yèn panjênêngan dalêm angêkahana pun Surapati kadamêl punapa, mindhak angribêdi nagari dalêm. Sang nata angandika, yèn mêngkono, Sindurêja, kongkonan iku sira kona aso dhingin, prênahna kang bêcik. Aja kongsi kêkurangan. Karodene sira andhawuhana marang adhi mas Dipati Pugêr, karo Si Dipati Cakraningrat, katêlu Si Jangrana, yèn ing mêngko bêngi padha ingsun timbali marang kadhaton, ênggone lumêbu kang rêmit ajana
BTJ 2.32.3
wong kang wêruh. Arya Sindurêja matur sandika, sang nata kondur angadhaton. Sarêng ing wanci dalu Pangeran Dipati Pugêr, kalih Cakraningrat, tiga Jangrana, sakawan Dipati Sindurêja, inggih lajêng sami sowan dhatêng kadhaton, adhêdhêmitan. Sadhatênge ing ngarsanipun sang prabu nuntên sami lênggah cakêt. Sang nata alon angandika, mulane sira padha sun timbali, sarèhning ingsun tămpa layang têka gurnadur jendral, anjaluk Si Surapati, kang dikongkon Kapitan Tak, samêngko isih ana ing Japara, iku kapriye kang padha dadi rêmbugira. Pangeran Cakraningrat sarta Jangrana matur, gusti prayogi kaparingna tumuntên babêstan. Mila makatên, yèn saupami kakêkahana, botên wande panjênêngan dalêm amamêngsahan kalihan Kumpêni. Sang nata sarêng mirêng aturipun bupati kêkalih sakalangkung ribêng[13] galihipun, dangu ênggènipun kèndêl. Pangeran Pugêr aningali ingkang raka kèwêdan ing galih, tumuntên matur, kakang prabu, saupami panjênêngan dalêm angulungna pun Surapati, punika têtêp nama anganiaya, sabab pun Surapati wau botên gadhah dosa ing panjênêngan dalêm. Yèn botên kaulungna amêsthi Kumpêni sakit manahipun. Punika mênggah pamanah kula makatên kemawon, inggih kaulungna pun Surapati wau, nanging dipun cêpênga piyambak dhatêng tiyang Kumpêni, abdi dalêm tiyang Jawi sampun [sampu...] [...n] wontên ingkang tumut-tumut. Ing batos sami ngilonana pun Surapati, ing lair inggih ngilonana tiyang Kumpêni, nanging yèn tiyang Jawi sami tumut prang sanjatanipun sampun ngantos wontên kadekekan mimis. Sarta panjênêngan dalêm sampun ngangkêni gadhah abdi pun Surapati, dene ingkang gadhah rencangipun Surapati wau Radèn Nêrangkusuma, amung makatên atur kula. Sang nata sarêng mirêng aturipun ingkang rayi sakalangkung suka ing galihipun, sarta ngandika dhatêng ingkang rayi, adhi mas, ya bênêr sira, Sindurêja, sira gawea layang wangsulan marang Si Kapitan Tak, dene unine kaya rêmbuge adhi mas mau, sarta sira anggawanana mantri loro, rumêksaa marang si ajidan, pangane ana ing dêdalan aja kongsi kêkurangan. Lan Si Răngga ing Samarang parentahana utawa bocah desa urut dalan kabèh, besuk samangsane Si Kapitan Tak têka ing kono, padha sêsuguha lan padha rumêksaa kang bêcik. Adipati
BTJ 2.32.4
Sindurêja matur sandika lajêng mêdal. Sampun kêpanggih kalihan ajidan, utawi sareyan, sarta kaparingan pasangon yatra, punapa malih mantri ingkang badhe andhèrèkakên inggih sampun dhatêng, ajidan lajêng mangkat saking Kartasura. Wondene sang nata wau taksih pirêmbagan kalihan priyantun têtiga, sang nata lajêng angandika dhatêng Pangeran [Pange...] [...ran] Pugêr, adhi mas, sira sun pasrahi pagawean, Si Surapati sira taria, sarèhning dhèwèke dijaluk marang wong Walănda, apa wani anglawana prang, yèn dhasar wani sira nuli marentahana marang bocah bupati kabèh, padha awèha gêgaman marang Si Surapati, apa kang dadi kasênêngane, lan Si Nêrangkusuma dhawuhana, yèn dhèwèke bakal ingsun gawe wayang, akêmbula lan Si Surapati, ing saupama Si Surapati mau ora wani anglawan prang marang wong Walănda ya enggal sira tundhunga, supaya aja anyênyukêri nêgaraningsun. Wis, adhi mas, sira muliha, para bupati padha timbalana marang ing omahira kabèh sarta Si Surapati. Pangeran Pugêr matur sandika, nuntên lèngsèr saking ngarsaning sang prabu sarta bupati kêkalih, sarawuhe ing dalêmipun, ing dalu para dipati lajêng sami tinimbalan, tuwin Radèn Nêrangkusuma sarta Surapati sampun sami dhatêng sadaya wontên ing kapugêran. Sang pangeran alon ngandika dhatêng Surapati, Surapati, mulane kowe daktimbali, aku ngêmban dhawuhe kakang prabu, andikakake marang kowe, sarèhning kowe dijaluk marang wong Walănda, kowe apa wani anglawana prang, manawa kowe wani kakang prabu bakal amaringi kanthi, yèn kowe ora wani, dikakake nundhung têka ing Kartasura. Surapati umatur saha sêmbah, gusti, dhasar sampun dados pikajêngan kula apêrang kalihan tiyang Kumpêni, sanajan rintên tuwin dalu kula botên ajrih, samangke kula sampun angsal idining ratu malih yèn ajriha, kala rumiyin kula dèrèng angsal idining ratu botên ajrih. Pangeran Pugêr nuntên angandika dhatêng Radèn Nêrangkusuma, paman Nêrangkusuma, timbalane kakang prabu kowe dikakake anglabuhi marang Si Surapati, lan sabalamu kabèh tumuli angrakita gêgamaning prang. Radèn Nêrangkusuma matur sandika. Pangeran Pugêr angandika malih dhatêng para bupati, para bupati kabèh, timbalane kakang prabu, kowe padha dikakake awèh gêgaman. Apa kang dadi dhêmênane padha tumuli awèha. Para bupati enggal sami anyukani dhuwung dhatêng Surapati, nanging panyuwunipun Surapati
BTJ 2.32.5
dhuwung kang sami dhapur lêrês. Yèn dhuwung parung Surapati botên ajêng nampèni. Sasampuning makatên nuntên sami bibar mantuk piyambak-piyambak. Radèn Nêrangkusuma lajêng atata-tata gêgamaning prang sarta anggêganjar dhatêng ing balanipun tuwin dhatêng rencangipun Surapati, awarni busana kang sae-sae.
BTJ 2.32.6
Kawuwusa lampahe ajidan sampun dumugi ing Japara, lajêng angaturakên sêrat kang saking sang prabu, sampun tinampèn dhatêng Kapitan Tak sarta winaos. Sasampuning [Sasa...] [...mpuning] maos sêrat Kapitan Tak sakalangkung suka, lajêng bidhal saking Japara sakumpêninipun. Lampahipun dumugi ing Samawis. Alêrêp tigang dalu, Ki Răngga ing Samawis inggih sangêt ênggènipun sêsugun. Kapitan Tak anuntên bidhal, Ki Răngga inggih andhèrèkakên. Sarêng dumugi ing Kênêr alêrêp malih wontên ing ngriku, Ki Răngga nuntên angrumiyinakên utusan, sarta mawi sêrat, angaturi uninga ing sang prabu, yèn Kapitan Tak sampun dumugi ing Kênêr. Sang nata sarêng sampun nampèni sêrat lajêng angandika dhatêng Dipati Sindurêja, Sindurêja, sira mênyanga ing Banyudana amapaga Si Tak, sarta agawea pasanggrahan ana ing kono utawa bakal suguhe ya aja kêkurangan. Ki Sindurêja wau lajêng dipun bisiki ing sang prabu mênggah ingkang badhe dados karsanipun bab prang, Ki Sindurêja sarêng sampun tampi wangsitipun sang nata lajêng bidhal. Sadhatêngipun ing Banyudana inggih nuntên adamêl pasanggrahan. Sarêng sampun dados lajêng anglampahakên utusan sarta mawi sêrat dhatêng Ki Răngga ing Samawis kang sawêg wontên ing Kênêr, utusan wau inggih lajêng mangkat, sampun kêpanggih kalihan Ki Răngga, sarta angaturakên sêrat. Ungêling sêrat, Kapitan Tak tinimbalan ing sang prabu dhatêng ing Banyudana, Ki Răngga sarêng sampun maos sêrat lajêng wicantên dhatêng Tak. Payo tuwan, kowe ditimbali [diti...] [...mbali] ing sang prabu marang Banyudana, Kapitan Tak inggih mangkat sakumpêninipun. Kala samantên sang nata lajêng parentah dhatêng Tumênggung ing Surabaya, andikakakên ngobongi pasowan kidul, sarta aloka yèn Surapati sumêja ngamuk dhatêng kadhaton. Ki Tumênggung Surabaya inggih nuntên angobongi griya pasowanipun, sarta Surapati kaêlokakên ngamuk. Têtiyang nagari Kartasura sami gègèr, kala samantên lajêng
BTJ 2.32.7
misuwur, yèn Surapati sumêja angrisak nagari ing Kartasura akanthi Radèn Nêrangkusuma. Sarêng ing dalunipun sang nata animbali Pangeran Pugêr, kalih Surapati, tiga Nêrangkusuma sarta para dipati sadaya, sang nata angandika dhatêng Pangeran Pugêr, adhi mas, besuk yèn Si Kapitan Tak wis têka ana ing Banyudana Si Surapati lan Si Nêrangkusuma tumuli gusahên têka ing omahe, misuwurna yèn balela marang ingsun. Dene kang bakal sun kon anggusah Si Cakraningrat lan Si Jangrana sarta bocah măncanagara sabalane kabèh, padha ambêburua marang Si Surapati, sarta ambêdhilana kang rame, nanging aja ana kang nganggo mimis. Dene yèn Si Tak wis têka ana ing alun-alun ingsun, Si Surapati gêntos ambêburua marang Si Cakraningrat lan Si Jangrana, sarta ambêdhilana Si Cakraningrat lan sabalane enggal lumayua, kayadene [kayade...] [...ne] wong kalah prang mêngkono, banjur angungsia marang ing ngarsaningsun. Si Surapati angêsuka marang ing alun-alun. Banjura prang karo Si Tak, ana ing alun-alun, supaya ingsun bisaa andêlêng prange Si Surapati lan wong Kumpêni. Pangeran Pugêr sarta kang sami kadhawahan aturipun sandika, lajêng sami mantuk atata-tata. Kawuwusa lampahipun Kapitan Tak sampun dumugi ing Banyudana sakumpêninipun. Ki Dipati Sindurêja enggal amêthuk, sarta têtabehan. Ki Dipati Sindurêja sangêt ênggènipun urmat. Kapitan Tak sakumpêninipun sakalangkung suka. Ki Dipati Sindurêja lajêng utusan angaturi uninga ing sang prabu, yèn Kapitan Tak sampun dhatêng wontên ing Banyudana. Sang nata sarêng sumêrêp Kapitan Tak dhatêng wontên Banyudana, enggal amangsiti dhatêng Dipati Cakraningrat kalihan Tumênggung Jangrana, andikakakên gusah Surapati. Ki Cakraningrat sarêng sampun tampi wangsitipun sang prabu, lajêng ambudhalakên gêgaman, sarta utusan asuka pariksa dhatêng Kumpêni ingkang jagi ing Kartasura, yèn Pangeran Cakraningrat badhe anggêbag prang dhatêng Surapati tuwin Nêrangkusuma, tiyang Kumpêni dipun kèn baris wontên pagêlaran anjagèni sang prabu, pangagênging Kumpêni sarêng tampi utusan saking Cakraningrat, inggih enggal angangkatakên [angangka...] [...takên] Kumpêninipun kathahipun kalih atus, sami kabarisakên wontên ing pagêlaran. Dene Ki Cakraningrat kalihan Ki Jangrana wau inggih sampun ambudhalakên gêgaman. Sadhatêngipun ing nrangkusuman lajêng sami angarutug ing sanjata, sarta sami surak, nanging sanjatanipun botên mawi mimis. Bala
BTJ 2.32.8
ing nrangkusuman tuwin rencangipun Surapati inggih sami malês anyanjatani, anuntên Surapati sarta Nrangkusuma kèngsêr saking ing dalêmipun, lajêng dipun bêbujêng dhatêng Ki Cakraningrat, arame sami bêdhil-binêdhil. Surapati lajêng anêrajang barisipun tiyang măncanagari sarta ambêsmèni padhusunan kang sami kamargenan. Baris măncanagari dhadhal sami lumajêng, nuntên dipun tulungi dhatêng Ki Cakraningrat, arame pêrangipun.
BTJ 2.32.9
Gêntos kacariyos Kapitan Tak kang wontên ing Banyudana, Kapitan Tak wicastên[14] dhatêng Ki Sindurêja, radèn dipati, dhatêng kula mriki punika dipun utus ing tuwan gurnadur jendral, tuwin para rat[15] sadaya, ingkang rumiyin angaturakêm[16] pisungsung awarni baludru, renda sapanunggilanipun awarni- warni, katur ing sang prabu, kaping kalih anyuwun pun Surapati, inggih badhe kula cêpêng piyambak, sok ugi sampuna kalilan kemawon ing sang prabu, sabab punika agêng dosanipun dhatêng tiyang Kumpêni. Ki Dipati Sindurêja amangsuli, tuwan, sampeyan [sampe...] [...yan] sumêrêpa, pun Surapati punika salaminipun botên ngabdi ing sang prabu, suwita dhatêng Radèn Dipati Nrangkusuma kemawon. Milanipun kala sang nata tampi sêrat babêktan sampeyan rumiyin, karsanipun Sang Prabu Surapati badhe kacêpêng, kasrahakên babêstan dhatêng ing sampeyan, nanging Radèn Nrangkusuma sangêt gènipun angêkahi, dados samangke Radèn Nrangkusuma wau balela dhatêng sang prabu, pandugi kula para tiyang agêng-agêng ing Batawi tuwin sampeyan dèrèng sami sumêrêp yèn sang prabu samangke mamêngsahan kalihan pêpatihipun, malah kala wingi pun Surapati sumêja ngamuk dhatêng kadhaton, sampun angobongi griya pasowan kidul, munduripun pun Surapati wau amargi saking Pangeran Pugêr ingkang têtulung dhatêng kadhaton. Kapitan Tak sarêng mirêng aturipun Ki Sindurêja lajêng ambanting têpiyonipun, agêdrug-gêdrug anyakot rawis sarta pêrdam-pêrdom, andik maripatipun, ingkang aningali sami ajrih, lajêng wicantên. Radèn dipati, sampeyan angantos ing dintên benjing-enjing, pun Surapati amêsthi badhe pêjah dening kula. Botên dangu Kapitan Tak mirêng swaraning sanjata ambal-ambalan, kados rêdi rêbah sarta aningali kukus griya kabêsmèn
BTJ 2.32.10
anglandêng, Kapitan Tak pitakèn, radèn dipati, punika swaraning sanjata punapa, dene botên kèndêl-kèndêl, [kèndê...] [...l-kèndêl,] sarta kukus anglandêng, Radèn Sindurêja amangsuli, tuwan, inggih punika pun Surapati sarta Radèn Nrangkusuma, apêrang kalihan sang prabu, suwawi nuntên mangkat atêtulung ing sang prabu, manawi sêlak kasoran. Kapitan Tak wicantên. Inggih sumăngga sami bidhal, atêtulung ing sang nata, nanging kula badhe lajêng pêrang kemawon. Botên mawi sowan ing sang prabu, bilih Surapati sampun kacêpêng kemawon kula sowan. Ki Sindurêja wicantên malih, tuwan, kula ajrih yèn anglilanana gèn sampeyan karsa pêrang, prayogi sampeyan sowan rumiyin. Sanajan sampeyan pêranga yèn sampun angsal idinipun sang prabu. Kapitan Tak inggih anurut dhatêng Ki Sindurêja, lajêng sami bidhal sakumpêninipun, angêbêki lêlurung, lampahipun ginêlak, sampun dumugi ing alun-alun Kartasura, bala Kumpêni kabarisakên salèring waringin kurung, kapitan kalihan Ki Sindurêja sowan minggah ing sitinggil. Sadhatêngipun ing ngarsa dalêm Ki Sindurêja matur, gusti, punika warninipun Kapitan Tak, kula bêkta sowan ing ngarsa dalêm. Sang prabu lajêng angawe sarwi mulung astanipun. Kapitan Tak enggal nyandhak atêtabehan. Kapitan Tak matur, sinuhun, kula angaturakên tabenipun kaki jendral sarta para rad sadaya, kaping kalih kula angaturakên pakintunipun pun kaki jendral, [je...] [...ndral,] rajabrana awarni-warni, kaatura ing panjênêngan dalêm. Kaping tiga kula kautus nyuwun bêbujênganipun tiyang Kumpêni kang wontên ing nagari dalêm, anama pun Surapati, sabab dosanipun agêng dhatêng tiyang Kumpêni, mugi andadosna parênging galih dalêm. Inggih kula piyambak kang badhe nyêpêng, amung mugi kaidinana kemawon. Sang nata alon angandika, kapitan, ing sakèhe pakirime si kaki jendral ya bangêt tarima kasih ingsun. Dene prakara Si Surapati sira aja susah, ingsun ya ambiyantoni marang sira, nanging Si Surapati samêngko wis golong sabyantu karo pêpatih ingsun kang jênêng Nrangkusuma, amungsuh marang ingsun. Malah ingsun wis matah bupati loro lan sabalane, ingsun kon angrusak ing kapatihan, ingsun kon anyêkêl marang Si Surapati karo Si Nrangkusuma, samêngko wis padha pêrang rame, sira anaa ing ngarsaningsun bae, sabab bangêt
BTJ 2.32.11
sumêlang ingsun, manawa bupati loro mau kasoran pêrange, Si Surapati mêsthi angêsuk sumêja ngrusak kadhaton, kang sun jaluki tulung sapa, kajabane amung sira, mulane sira barisa ing alun-alun bae, sanajan sira pêranga ya anaa ing ngarsaningsun. Kapitan sarêng mirêng pangandikanipun sang prabu sakalangkung suka manahipun sarta alon matur, sinuhun, panjênêngan dalêm sampun kuwatos. [kuwato...] [...s.] Yèn kula taksih gêsang, pun Surapati prasasat sampun kagêgêm ing tangan kula, amêsthi badhe pêjah dening kula. Kapitan Tak nuntên tumurun saking ing sitinggil anata barisipun. Ki Dipati Sindurêja enggal utusan sarta mawi sêrat dhatêng Ki Cakraningrat kalihan Tumênggung Jangrana, ungêling sêrat, asuka uninga, yèn Kapitan Tak sampun dhatêng wontên ing alun-alun, utusan wau inggih sampun kêpanggih kalihan Cakraningrat kang sawêg pêrang wontên ing padhusunan sawetaning kadhaton. Cakraningrat sarêng sampun tampi sêrat, enggal ambêrêg pêrangipun, Surapati kapurih dhatênga ing alun-alun sarta dipun sanjatani, nanging botên mawi mimis. Anuntên wontên bala ing Sampang satunggil anama Konang Pasir awicantên dhatêng kancanipun. Kănca, iki pêrang apa gêguyon, awakku kêsêl têmên, sarta kapanasên, payo padha dijajal nganggo mimis. Konang Pasir wau lajêng anyanjata mawi mimis, angsal rencangipun Surapati satunggil pêjah, Surapati sarêng sumêrêp sangêt nêpsu dene tiyang Sampang anglairakên wawêlinge gustinipun. Surapati wau lajêng angamuk dhatêng balanipun Cakraningrat, tiyang tiga sampun sami dipun suduki nanging botên pêjah, lajêng dipun rêmbat dhatêng kancanipun, kaaturakên ing sang dipati. Dipati Cakraningrat sarêng aningali rencangipun tiga sami tatu, sangêt suka ing galihipun, dene wontên pratandhanipun yèn prang sayêktos. Ki Cakraningrat wau nuntên lumajêng sabalanipun sarta ambêkta rencangipun tiga kang sami tatu, Surapati inggih nuntên ambujêng sarta anyanjatani, palajêngipun Ki Cakraningrat wau sampun dumugi ing alun-alun. Rencangipun kang sami tatu kabêkta langkung ngarsaning baris Kumpêni, Ki Dipati Sindurêja lajêng sanjang dhatêng Kapitan Tak. Tuwan, punika tiyang Sampang sampun kawon pêrangipun, sampeyan angatos-atosa. Kapitan Tak sarêng aningali têtiyang Sampan,g sakalangkung duka, ambanting têpiyonipun sarta parentah anabuh
BTJ 2.32.12
tambur, kathahipun pitulas. Tinabuh sarêng swaranipun brang-brangan. Botên dangu Surapati sabalanipun dhatêng, lumêbêt ing alun-alun sarta asurak-surak. Para bupati enggal sami mêthukakên pêrangipun Surapati, sarwi angarutug ing sanjata, Surapati sarta balanipun lajêng sami ngamuk. Para bupati sabalanipun dhadhal, sami lumajêng angungsi ing sawingkingipun sang prabu. Kapitan Tak enggal angabani Kumpêninipun, sarêng angêdrèl dhatêng Surapati, swaranipun kados gêlap, ing paprangan pêtêng sangêt dening kugus.[17] Surapati lan sabalanipun lajêng sami ngamuk anusup kukus, arame prangipun. Balanipun Surapati sarta bala Nrangkusuman kathah kang pêjah, bala Kumpêni inggih kathah [ka...] [...thah] kang pêjah, bangke sungsun atindhih, kang pêrang sami angidak bathang. Surapati nuntên mundur dhatêng ing pagongan, sumêja badhe ngombe, nuntên wontên utusanipun sang prabu, andhawuhi Surapati dikakakên majêng prang, Surapati matur sandika lajêng mangsah prang, katadhahan ing Kapitan Wêlandi anama Brikman. Surapati dipun pêdhang awali-wali, nanging botên pasah, lajêng malês anyuduk. Kapitan inggih botên pasah, Surapati dipun candhak dhatêng kapitan sarta kacakot gulunipun, Surapati sangêt gila dening ilêr, nuntên lumajêng sakêdhap, èngêt yèn angandhut patrêm, lajêng katarik sarta wangsul. Kapitan Brikman dipun patrêm gulunipun sampun pêjah. Kapitan Tak sarêng aningali Brikman pêjah, sakalangkung bramatya, lajêng angabani Kumpêninipun, angarutug ing sanjata dhatêng Surapati tuwin amêdhangi, nanging botên kenging, Radèn Nrangkusuma sabalanipun atêtulung, arame pêrangipun, tiyang Jawi tuwin Kumpêni kathah ingkang pêjah, Kapitan Tak kinarubut dipun waosi tuwin sinudukan, inggih botên pasah, dhuwungipun Surapati sakawan sami putung sadaya, Kapitan Tak sakalangkung têguh, Surapati sabalanipun nuntên mundur dhatêng pagongan, sumêja aso, tiyang Kumpêni inggih taksih ngarutug ing sanjata saking katêbihan. Nuntên wontên utusan saking sang prabu andhawahi dhatêng Surapati andikakakên majêng prang malih, Surapati amangsuli, prikănca utusan, dika matur ing sang nata, kula aso rumiyin kalihan badhe ngombe, sabab sangêt gènipun sami kasatan. Dene kula botên-botênipun lumajêng, tiyang sampun kula sêja awor gêtih kalihan Kumpêni. Utusan lajêng wangsul matur ing sang prabu,
BTJ 2.32.13
sang nata sarêng mirêng aturing utusan lajêng mèsêm, sarta angandika dhatêng Pangeran Pugêr, adhi mas, sira têtulunga pêrang, Si Surapati bangêt gone sayah, manawa katiwasan. Pangeran Pugêr matur sandika lajêng tumurun saking sitinggil dhatêng kori kamandhungan, amanggihi abdinipun, kathahipun wolulas. Pangeran Pugêr sarta abdinipun wolulas wau lajêng sami salin busana, amindha rencangipun Surapati, sasampuning sami dandos lajêng sami mangkat ngalèr ngilèn anjog ing masjid. Nuntên menggok mangetan mêdal kori ing masjid dumugi ing alun-alun. Surapati kalihan Nrangkusuma awas aningali, yèn Pangeran Pugêr atêtulung, enggal majêng ngamuk, Pangeran Pugêr wau sampun ajêng-ajêngan kalihan Kapitan Tak, sarta amandhi waos Kyai Palèrèd. Kapitan Tak lajêng dipun larihi, iganipun tatas têrus ing walikat sampun pêjah botên angulicik. Kumpêni sakantunipun lajêng dipun amuk dhatêng Surapati sarta abdinipun Pangeran Pugêr, [Pu...] [...gêr,] sampun sami pêjah sadaya, ingkang taksih gêsang amung salawe, sumyur sami lumajêng, Ki Dipati Sindurêja enggal amitulungi anglêmpakakên Kumpêni kang sami kataton taksih gêsang, sami kabêkta dhatêng loji. Sang Prabu sarêng aningali pêrangipun Surapati sakalangkung suka, sarta angalêm dhatêng ingkang rayi sarta dhatêng Surapati, lajêng utusan animbali ingkang rayi, kalih Surapati, tiga Nrangkusuma, priyantun têtiga sampun sami dhatêng ing ngarsanipun sang prabu, sang nata mèsêm sarwi ngandika, bagea kang padha mêntas pêrang, priyantun têtiga matur saha sêmbah, inggih wilujêng sabab saking pangèstu dalêm, lajêng sami pinaringan dhêdhaharan, wowohan tuwin unjuk-unjukan. Sang nata angandika malih dhatêng Radèn Surapati, Surapati, wis bangêt tarimaningsun marang sira, sira ingsun ganjar nagara ing Pasuruan, ênggonana, lan sira sun ganjar nama Radèn Tumênggung Wiranagara, ana ing kono aja pêgat ênggonira pacak baris, sarta anêlukna desa sakiwa têngêning kono, dene Si Nrangkusuma ya milua marang ing Pasuruan, aja pisah lan sira, ana ing dêdalan angobongana dêdesan. Kang bakal sun kon ambêburu marang sira bocah măncanagara kabèh, sang nata lajêng angandika dhatêng para bupati, bocah bupati kabèh, sira padha nêksènana yèn Si Sindurêja samêngko sun gawe patih [pa...] [...tih] anggêntèni Si Nrangkusuma, lan adhimas Pangeran Panular sun
BTJ 2.32.14
lih arane, ajênênga Pangeran Arya Mataram, sun paringi lêlungguh bumi sèwu karya. Para bupati inggih jumênêng sadaya. Sang nata angandika malih dhatêng Ki Sindurêja, Sindurêja, sira kirima layang marang kumêndur ing Japara, awèha wêruh yèn Si Tak tumpês lan sakumpênine kabèh ana ing paprangan. Ingkang sami kadhawahan matur sandika, sang nata kondur angadhaton. Radèn Tumênggung Wiranagara kalihan Radèn Nrangkusuma inggih lajêng bidhal sabalanipun sarta dipun bêbujêng dhatêng bala măncanagari, sadhatêngipun ing Pasuruan bala măncanagari nuntên wangsul dhatêng ing Kartasura. Dene Radèn Tumênggung Wiranagara wau wontên ing ngriku inggih lajêng abêbètèng sarta ajêjagang, anêluk-anêlukakên dhusun sakiwatêngêning ngriku, sampun agêng bêbarisanipun.