BTJ 2.33
Ki Martapura lan Kumpêni ing Japara
Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 417-430
BTJ 2.33.1
Kacariyos Radèn Dipati Sindurêja, sampun anglampahakên utusan dhatêng ing Japara sarta mawi sêrat mungêl saking sang prabu, sadhatêngipun ing Japara kêpanggih kalihan kumêndur Sêlupriyansah, sarta ngaturakên sêrat. Kumêndur sasampuning maos sêrat sakalangkung duka, wadana dados rah, andik netranipun sarta agêdrug-gêdrug. Milanipun kumêndur sangêt duka, sabab sampun mirêng pawartos yèn têtiyang Jawi pêrangipun silip. Ing lair mitulungi dhatêng Kapitan Tak, nanging ing batos amitulungi dhatêng Surapati, utusanipun sang prabu lajêng dipun pitambuhi kemawon, sarta botên kasukanan sêrat wangsulan. Utusan inggih nuntên mantuk palarasan. Sadhatêngipun ing Kartasura inggih lajêng matur ing sang prabu yèn kumêndur sangêt ênggènipun nêpsu sarta botên amangsuli sêrat. Sang nata sarêng mirêng aturing utusan sakalangkung duka, lajêng ngandika dhatêng Pangeran Pugêr, adhi mas, sarèhning si kumêndur samêngko sangêt ênggone nêpsu, iku kapriye kang dadi rêmbugira, yèn ing karsaningsun ya aja tanggung gonira dadi mungsuh, Walănda ing Japara bakal sun tumpês pisan. Pangeran Pugêr matur, kakang prabu, ing panuwun kula, ing saupami panjênêngan dalêm karsa amamêngsahan kalihan tiyang Kumpêni sampun ngantos ngèglèh, prayogi mawi aling-aling, nanging yèn kenging inggih sampun ngantos mamêngsahan, sabab sanajan punika tiyang kapir sampun amitulungi prang ing panjênêngan dalêm. Panjênêngan dalêm sampun kapotangan padamêlan tuwin kasaenan.
BTJ 2.33.2
Saupami Panjênêngan dalêm sangêt-sangêt anyidrani, botên wande badhe angapêsakên karaton dalêm. Sang nata sarêng mirêng aturipun ingkang rayi, lajêng sarèh ing dukanipun sarta alon ngandika, adhi mas, yèn kaya mêngkono sira marentahna marang bocah ingsun [ing...] [...sun] kabèh, sapa-sapa kang bisa angrêrapu ing nêpsune si kumêndur, bakal gêdhe ganjaran ingsun. Pangeran Pugêr matur sandika lajêng mêdal saking kadhaton, anantun dhatêng para bupati sapangandhap. Anuntên wontên mantri kaparak satunggil, turunipun tiyang anêlèh, anama Jiwaraga, punika sagah angrêrapu dhatêng kumêndur, lajêng kadhawahan mangkat dhatêng Japara, sarta binêktanan sêrat. Ki Jiwaraga inggih lajêng mangkat. Sadhatêngipun ing Japara sampun kêpanggih kalihan kumêndur amaringakên sêrat sarta kapal rakitan. Ungêling sêrat, sang prabu amratelakakên ing katêmênanipun dhatêng Kumpêni, kalanipun pêrang Kapitan Tak kalihan Surapati. Kumêndur sasampuning maos sêrat sangêt kaduwungipun ênggènipun nêpsu kala rumiyin. Ki Jiwaraga wicantên. Tuwan, lampah kula punika kautus ing sang nata amratelakakên dhatêng sampeyan. Supados sampeyan sampun ngantos sanès tampi, mênggah prangipun Kapitan Tak rumiyin, sayêktos yèn tiyang Jawi ngiloni dhatêng Kumpêni, malah kathah ingkang sami pêjah, suprandosipun dipun wastani silip pêrangipun dhatêng tiyang botên rêmên ing sang prabu. Akathah-kathah pangrêpanipun Ki Jiwaraga wau ênggènipun murih ngrapêtakên ing arênggang, supados sang prabu sampun ngantos crah kalihan kumêndur. Kumêndur sarêng mirêng pangrêpanipun Ki Jiwaraga, sakalangkung [saka...] [...langkung] suka manahipun sarta wicantên. Kyai Jiwaraga, kula kaparingan kapal sarta sêrat, inggih sakalangkung panuwun kula sarta bingah, ingkang kaping kalih kula mugi sampeyan suwunakên pangapuntên ing sang prabu mênggah ing kalêpatan kula, dene kula anggêga pawartos ingkang botên prayogi, ing mangke kula amborongakên ing sampeyan. Supados sang prabu sampun ngantos êru galihipun dhatêng kula, kalihan kula angaturi baludru sarta renda tuwin barang sanèsipun. Mugi sampeyan aturakên ing sang prabu. Ki Jiwaraga sangêt bingah ing manahipun. Anuntên pamitan, kumêndur urmat angatêrakên sajawining kori. Lampahipun Ki Jiwaraga sampun dumugi ing Kartasura, sang nata pinuju sinewaka, Ki Jiwaraga wau inggih lajêng sowan angaturakên
BTJ 2.33.3
wiwitan dumugi ing wêkasan, tuwin rêruba saking ing kumêndur kang warni baludru, renda sapanunggilanipun inggih sampun kaaturakên sadaya, sarta aturipun Ki Jiwaraga yèn kumêndur wau sampun ical sakite manahipun. Malah sangêt pangrêpanipun anyuwun pangapuntên. Sang nata sarêng mirêng aturipun Ki Jiwaraga sakalangkung suka ing galihipun, lajêng ngandika dhatêng para dipati, bocahku bupati kabèh, sira padha ngèstrènana, yèn Si Jiwaraga ingsun gawe bupati ing Japara, ingsun paringi jênêng Tumênggung Martapura. Para bupati [bu...] [...pati] sami saur paksi sadaya. Sang nata ngandika malih dhatêng Ki Tumênggung Martapura, Martapura, sira mangkata sesuk marang Japara, sarta layang ingsun paringna marang kumêndur. Martapura matur sandika, lajêng pradangdosan. Ing enjingipun anuntên mangkat kalihan saanakbojonipun tuwin kulawangsanipun sadaya, sadhatêngipun ing Japara lajêng lumêbêt ing loji, sarta amaringakên sêrat. Kumêndur sasampuning maos sêrat sakalangkung suka manahipun, alon ênggènipun wicantên. Kyai tumênggung, sangêt ing sokur kula dene sampeyan angsal sihipun sang prabu kadadosakên bupati wontên ing Japara ngriki, amêsthi badhe kenging kula bekani, panêdha kula mugi sampeyan nuntên yasa padalêman ingkang prayogi. Ki Tumênggung Martapura anuntên pamit dhatêng pamondhokan.
BTJ 2.33.4
Kacariyos Ki Martapura wau sampun ayasa padalêman sakalangkung sae, sarta sampun mukti sasêntananipun tuwin anak bojonipun. Têtiyang ing Japara inggih sami asih. Sarêng ing lami-lami anuntên wontên tiyang Wêlandi satunggil ambêdhog ayamipun tiyang Jawi, sarêng kawênangan dhatêng ingkang gadhah, Wêlandi wau lajêng dipun cêpêng sarta dipun gêbagi, rai dipun calorèngi ênjêt lan nila, nuntên kauculakên. Tiyang Wêlandi lajêng lapur dhatêng pangagêngipun sarta katur dhatêng pangagêngipun kumêndur. [ku...] [...mêndur.] Kumêndur sarêng sumêrêp sakalangkung duka dhatêng Tumênggung Martapura, pamanahipun kumêndur kawastanan saking pangajanipun Ki Martapura ingkang ambêg digung, adamêl sawênang-wênang dhatêng tiyang Wêlandi, kumêndur wau lajêng adamêl sêrat katur ing sang prabu, anyuwun pêjahipun Ki Tumênggung Martapura, utusanipun kumêndur lajêng mangkat dhatêng ing Kartasura, anjujug
BTJ 2.33.5
ing panangkilan, lajêng angaturakên sêrat, sampun tinampenan ing sang prabu sarta winaos. Sang nata sasampuning maos sêrat sakalangkung duka, pasuryanipun abrit, lajêng angandika dhatêng Arya Sindurêja, Sindurêja, layange kumêndur iki wangsulana, prakara ênggone anjaluk patine Si Martapura, ya bakal ingsun turuti, nanging konên sumêne ing sasi ngarêp iki, ingsun bakal kongkonan bocah bupati marang ing Japara, sun kon matèni marang Si Martapura. Arya Sindurêja matur sandika, utusan saking Japara wau inggih sampun winangsulan. Kala samantên sang nata ing dalu animbali para bupati lumêbêt ing kadhaton. sang prabu angandika dhatêng Arya Sindurêja, Sindurêja, sira lumakua marang Japara, karo Si Jangrana, têlu Si Mangunonêng, kapat Suranata, kalima Si Binarong, lan sabalane kabèh, Si Martapura sira taria, sarèhning dhèwèke dijaluk patine marang si kumêndur, apa dhèwèke wani anglawana pêrang karo wong Walănda, manawa Si Martapura wani, sira lan sakancanira bupati mau padha ambiyantonana, anglabuhana marang Si Martapura, nanging kang rêmit, aja kongsi angêtarani, ya măngsa bodhoa sira ênggonira angreka, mulane mêngkono, dene si kumêndur mau tanpa ngrasa, wani-wani anjaluk patine bocah ingsun bupati, manawa Si Martapura ora wania banjur wisna pisan, poma sira dibisa sarta dingati-ati. Ki Sindurêja sarta bupati sakawan matur sandika, nuntên sami mantuk apradangdosan. Ing enjingipun lajêng sami mangkat, lampahipun sampun dumugi ing Japara, anjujug ing loji, kumêndur ing Japara inggih amêthuk sarta para upêsiripun, Kumpêninipun sami urmat êdrèl sanjata tuwin mariyêm. Radèn Dipati Sindurêja sarta bupati sakawan sampuning têtabean lajêng binêkta lumêbêt ing loji sarta sinuguhan waradin sabalanipun. Radèn Dipati Sindurêja alon wicantên dhatêng kumêndur, tuwan lampah kula mriki punika, kula kautus ing sang prabu, andikakakên mêjahi dhatêng pun Martapura nanging wêlingipun sang prabu, pun Martapura pêjaha wontên salêbêting loji ing ngarsa sampeyan, tuwin ing ngarsanipun para upsir, kula kaparingan kanthi bupati sakawan. Kumêndur sarêng mirêng sakalangkung suka sarta amangsuli, radèn dipati, sangêt ing tarima [ta...] [...rima] kasih kula ing sih pracayanipun sang
BTJ 2.33.6
prabu kang dhumatêng ing kula tuwin tiyang Kumpêni sadaya, kula rumaos botên sagêd malês. Ki Sindurêja wicantên malih, tuwan, benjing-enjing pun Martapura badhe kula timbali mriki, yèn sampun dhatêng lajêng kula kèn nyuduki dhatêng bupati sakawan punika wontên ing ngarsa sampeyan. Sampeyan mugi angatos-atosa. Kumêndur amangsuli, radèn dipati, kula inggih miturut ing sakarsa sampeyan. Ki Dipati Sindurêja lajêng pamit amasanggrahan. Sarêng wanci ing dalu Ki Dipati Sindurêja apirêmbagan kalihan bupati sakawan sarta Ki Tumênggung Martapura dipun timbali adhêdhêmitan. Radèn Sindurêja angandika dhatêng Ki Martapura, têkaku mrene iki diutus ing sang prabu anari marang kowe, sarèhning kowe dijaluk patimu marang wong Kumpêni, iku kowe apa wani anglawan pêrang, yèn kowe wani aku sarta bupati papat iki dikakake anglabuhi marang kowe. Martapura matur, yèn makatên ingkang dados karsanipun sang prabu, kula inggih anglampahi, sarta kula inggih botên ajrih amêngsah prang kalihan Kumpêni, lan pintên laminipun tiyang gêsang wontên ing donya, ing benjing inggih botên wande badhe pêjah, aluhung pêjah aprang sabil. Ki Dipati Sindurêja mirêng kasagahanipun Martapura, lajêng angandika, yèn mêngkono, [mêngko...] [...no,] sesuk bakal sida rêrêmpon ana sajroning loji, Martapura, yèn aku sesuk wis ana sajroning loji sarta bupati papat iki, kowe bakal dakkongkoni dakundang, ya nuli têkaa, banjur amuka bae, dene aku sarta bupati papat iki ya milu ngamuk lan sabalane kabèh. Ki Martapura matur, inggih sampun sumêlang galih sampeyan. Benjing-enjing tiyang Kumpêni amêsthi tumpês dening kula. Ki Suranata anyambungi, benjing-enjing kula kang nyuduk kumêndur, adhi Jangrana dakbubuhi anyuduk kapitane, kakang Binarong anyuduka lutnane, adhi Mangunonêng alpèrèse, ki lurah anjênêngana bae, aja milu-milu, sabab iku prasasat sarirane sang prabu. Anuntên sami bibaran. Sarêng enjingipun lajêng sami dangdos, sami angangge gêgamaning prang, sarta amilihi balanipun ingkang pantês kabêkta lumêbêt ing loji, badhe kaajak ngamuk. Radèn Sindurêja balanipun pêpilihan suwidak. Ki Jangrana kawan dasa, Ki Suranata sèkêt, Ki
BTJ 2.33.7
Binarong kalih dasa, Ki Mangunonêng tigang dasa, dados tiyang kalih atus sampun sami angatos-atos, lajêng bidhal saking pasanggrahan. sadhatêngipun ing loji balanipun ingkang kathah sami kadèkèk ing jawi sadaya, amung bala pêpilihan wau ingkang kabêkta lumêbêt. [lu...] [...mêbêt.] Dene kumêndur sarta upsiripun inggih sampun sami lênggah ing kursi, ajêng-ajêngan kalihan para bupati sarta kasêgah inuman. Radèn Dipati Sindurêja nuntên utusan animbali Ki Tumênggung Martapura, utusan inggih sampun mangkat. Sadhatêngipun ing ngriku Ki Martapura kêpanggih tilêm, asêngadi sakit. Bathukipun dipun pilisi ing jêjampi, utusan wau inggih lajêng matur, ki tumênggung, jêngandika dipun timbali ing radèn dipati dhatêng ing loji. Ki Martapura amangsuli, munjuka marang ki lurah, yèn aku lara ngêlu, mumêt ora bisa lumaku. Ing batos Ki Martapura wau sangêt kaduwungipun ênggènipun sagah badhe ngamuk dhatêng Kumpêni, upami wontêna kang sagêd nyandèkakên. Ki Martapura barang darbèkipun suka yèn kapêndhêtana sadaya, utusan wau lajêng wangsul matur ing Radèn Sindurêja, Radèn Sindurêja sarêng mirêng sakalangkung duka, wadananipun abrit dados rah, lajêng ngandika dhatêng Tumênggung Binarong, kakang Binarong, Si Martapura edan, agawe lingsêming nagara, layake anaking wong edan, turuning wong kumpra, kowe mênyanga ngomahe Si Martapura, takonana dhèwèke iku bupati apa wong edan, apa ta wong kumpra, manawa dhèwèke ngaku wong kumpra banjur sudukana bae, kêthok-kêthok gulune, êndhase cangkingên marene, [mare...] [...ne,] yèn dhèwèke ngaku bupati, yagene daktimbali ora têka. Ki Binarong matur sandika lajêng mangkat. Kumêndur alon wicantên dhatêng Radèn Sindurêja sarwi mèsêm. Saudara, lah punika yèn Martapura, wawratipun sampeyan ingkang nimbali purun matur makatên, lêrêsipun sampeyan punika dipun anggêpa sang prabu, yèn sawêg sakit ngêlu kemawon, bok dipun bêtah-bêtahakên. Upami botên sagêd lumampah dipun gotonga inggih pantês. Radèn Sindurêja sarêng dipun unggar-unggar dhatêng kumêndur sangsaya sangêt nêpsunipun, sarwi wicantên, tuwan, sampeyan antos sadintên punika, pun Martapura amêsthi badhe pêjah dening kula. Kumêndur sakalangkung suka ing manahipun.
BTJ 2.33.8
Wondene lampahe Ki Binarong wau igih sampun dumugi ing griyanipun Martapura, Ki Martapura kêpanggih tilêman sarwi kêmul. Ki Binarong abêngis wicantênipun dhatêng Martapura, hèh Martapura, kowe iki anak nguwong apa anaking asu, aku diutus ing ki lurah dikakake mriksani marang kowe, kowe isih dhêmên dadi bupati apa wis korucat gonmu dadi bupati, angulihi wijiling bêburuh, yèn kowe sumêja dadi buruh manèh, aku dikakake nyangking êndhasmu. Ki Martapura mirêng wicantêne Ki Binarong sakalangkung kagèt, lênggah sarta amangsuli, Kakang Binarong, aku ora wêdi angamuk marang wong Kumpêni, sanajan dikarubuta satus aku ya ora gumingsir, aku wong lagi lara têmênan, ing saiki wis waras. Ki Binarong anyêntak, ah aja êmbrêbêgi kuping, cocotmu calêmang-calêmong mau bêngi saguhmu kumrêsêk kaya garimis, toging ngêndon awad-awad lara, lah saiki kapriye, yèn kowe wani ayo mangkat. Manawa kowe dhasar ora wani gulumu prènèkna dakkêthoke. Ki Martapura sumaur, iya ayo padha mangkat. Martapura enggal dangdos, angangge dhuwung têtiga anuntên mangkat. Sadhatêngipun ing loji sampun ingancaran lênggah, Radèn Sindurêja pitakèn. Martapura, kowe mau apa lagi ewuh umbal, dene taktimbali suwe ora têka. Martapura tumungkul sarta linggih ing kursi. Kumêndur enggal angêjepi lutnan Wêlandi satunggil. Lutnan wau inggih sampun sumêrêp ing wangsit, lajêng anyandhak gêlas, anglarihi inuman dhatêng Martapura, Martapura enggal ngadêg anampani gêlas. Astanipun gumêtêr, Radèn Sindurêja sarta bupati sakawan inggih sami ngadêg saking ing kursi, sarta sami angatos- atos sumêja sarêng ngamuk. Wondene lutnan wau sarêng gêlas sampun tinampèn, enggal anyêndhal dhuwungipun Martapura, sampun kenging satunggil. Martapura ulatipun biyas, nuntên lumajêng, Radèn Sindurêja salêbêting galih sakalangkung ngungun sarta duka, nuntên parentah dhatêng bupati sakawan andikakakên nututi sarta anyuduki dhatêng Martapura, Martapura inggih sampun kacandhak, lajêng sinudukan sampun pêjah, bathangipun ajur, bupati sakawan nuntên wangsul ing panggenanipun lênggah, kumêndur sakalangkung suka sarta angrêrêpa, alon ênggènipun wicantên dhatêng Radèn Sindurêja, saudara, pun Martapura kula kintên sangêt digdayanipun, dene adamêl ebahipun tiyang sanagari.
BTJ 2.33.9
Radèn Sindurêja awicantên. Tuwan, kala taksih dados mantri kaparak inggih sangêt digdayanipun, mila kaabdèkakên. Radèn Sindurêja lajêng parentah anjarahi barang darbèkipun Martapura sarta amboyongi anak rabinipun. Utusan inggih sampun lumampah, sabarang darbèkipun Ki Martapura sampun kaklêmpakakên katur ing Radèn Sindurêja, Radèn Sindurêja nuntên wicantên dhatêng kumêndur, tuwan, sabarang gêgadhahanipun Martapura sampun sami kula klêmpakakên. Manawi wontên ingkang sampeyan karsani mugi kapundhuta. Kumêndur alon amangsuli, saudara, kula botên ajêng, kula damêl punapa barang punika, sang prabu ingkang wajib kagungan, dene mênggah awak kula, sampun sangêt ing tarima kasih kula, inggih pracayanipun sang prabu kang dhumatêng ing kula tuwin tiyang Kumpêni sadaya, kula rumaos botên sagêd malês. Radèn Sindurêja wicantên malih, yèn sampeyan botên karsa inggih sampun. Kalih dene malih sampeyan tampia dhawahipun sang prabu aprakawis pun Surapati, sarèhning sêmangke sampun kantênan panggenanipun wontên ing Pasêdhahan. Mila makatên manawi sêlak ngrêbda, amêsthi badhe ngrisakakên nagari kang cêlak-cêlak ing ngriku, dene sang nata inggih sampun anglampahakên bupati kêkalih, anggêbag ing Pasuruan. Nanging botên kangge samênut, lajêng tumpês sadaya, mila sang prabu sangêt ing susahipun. Nuntên dhawah dhatêng kula amundhut bantu tiyang Kumpêni. Kumêndur amangsuli, saudara, yèn makatên, kula utusan ngaturi priksa dhatêng ing Batawi rumiyin. Sasampuning rampung ênggèn kula pirêmbagan. Radèn Sindurêja sarta bupati sakawan lajêng pamit bidhal. Kumêndur inggih sampun ambêktani barang warni-warni badhe katur ing sang prabu, lampahipun Ki Sindurêja sampun dumugi ing Kartasura, lajêng sowan ing sang prabu angaturakên ing wiwitan dumugi wêkasan. Sang nata mirêng aturipun Ki Sindurêja sakalangkung ngungun, lajêng dhawah dhatêng Radèn Sindurêja dikakakên ambucal sabèbètipun Martapura, sang nata botên karsa angabdèkakên.