BTJ 2.34
Panêmbahan Rama lan Turunipun Kyai Agêng Giring
Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 430-440
BTJ 2.34.1
Amangsuli cariyosipun Panêmbahan Rama marasêpuhipun [marasêpuh...] [...ipun] Trunajaya kala bêdhahipun ing Kadhiri, sapêjahipun Trunajaya Panêmbahan Rama wau lumajêng, botên wontên ingkang sumêrêp. Ing
BTJ 2.34.2
mangke Panêmbahan Rama adêdunung wontên ing dhusun Mêlambang tanah rêdi kidul, sarta anêluk-nêlukakên tiyang dhusun sakiwatêngêning ngriku, sampun kathah kang sami suyud wau, adamêl tatêngêr panggang ayam minăngka asor ungguling prang, yèn Panêmbahan Rama badhe unggul pêrangipun, panggang ayam punika amêsthi sagêd gêsang malih sarta kaluruk, yèn badhe kawon pêrangipun inggih taksih atulus dados panggang, sarêng sampun adamêl têtêngêr makatên, Panêmbahan Rama nuntên anggêtak dhatêng panggang, panggang ayam lajêng mabur sarta kaluruk. Balanipun sami eram sarta sami pitados, yèn badhe unggul pêrangipun. Anuntên ulam lele sajodho kadèkèkakên ing pinggan, dipun kèn mènèk galugu, ulam lele wau inggih lajêng mancolot dhatêng wit kalapa, mènèk manginggil dumugi ing pupus. Balanipun Panêmbahan sangsaya sangêt eramipun. Kala samantên Panêmbahan Rama sampun kathah balanipun. Misuwur ing tanah sakiwatêngêning ngriku. Yèn sakalangkung sakti. Anuntên katur ing sang prabu, sang nata enggal parentah dhatêng Tumênggung Jangrana, kalih Tumênggung Mangkuyuda, tiga Natayuda, dikakakên anglurugi dhatêng Mêlambang, Tumênggung [Tumêng...] [...gung] têtiga inggih lajêng bidhal sabalanisun.[1] Wondene Panêmbahan Rama inggih sampun sumêrêp, yèn badhe dipun inggahi gêgaman saking ing Kartasura, nuntên parentah dhatêng rencangipun anama Răngga Dhadhapan. Răngga Dhadhapan, kowe amapagna mungsuh kang saka ing Kartasura, bala kabèh padha adunên prang, nungganga jaran sarta wêwuda, pêcut iki unèkna, lan kowe cêlathua pêcut larut, aja mênêng-mênêng, amêsthi bakal mênang pêrangmu. Răngga Dhadhapan matur sandika sarta anampèni pêcut. Lajêng parentah ambidhalakên gêgaman. Balanipun sadaya inggih sami wicantên pêthut[2] larut, gumuruh swaranipun. Bala ing Kartasura anadhahi, botên dangu balanipun Panêmbahan Rama kathah ingkang pêjah, sakantunipun sami lumajêng, Răngga Dhadhapan pêcutipun lajêng kabucal, badhe nyandhak waos sumêja ngamuk, kasêlak dipun karocok ing kathah sampun pêjah, bala ing Kartasura nuntên sami lumêbêt dhusun ing Mêlambang, sumêja badhe anyêpêng Panêmbahan Rama. Wondene Panêmbahan Rama wau sarêng sumêrêp balanipun sampun sami tumpês, lajêng lumêbêt ing sanggar malêngan. Wontên ing ngriku Panêmbahan Rama amêgêng napas, lajêng sirna, bala ing Kartasura anuntên anjarah saisining
BTJ 2.34.3
dhusun, sarta angubrês Panêmbahan Rama, nanging botên pinanggih, lajêng sami bidhal mantuk [mantu...] [...k] dhatêng ing Kartasura, sampun katur ing sang prabu yèn Panêmbahan Rama ical, botên kantênan palajêngipun. Sang nata sakalangkung ngungun. Botên antawis lami ing tanah rêdi Kidul wontên tiyang tapa satunggil, turunipin Kyai Agêng Giring, ingkang gadhah dawêgan kang dipun ombe dhatêng Kyai Agêng Matawis rumiyin. Tiyang tapa wau anama Ki Wanakusuma, sangêt anggènipun ambantêr tapanipun, panêjanipun supados katurunan wahyu, sagêda jumênêng nata amêngku ing tanah Jawi sadaya, gêntos waris. Mila makatên Ki Wanakusuma wau sumêrêp ing jangjinipun Kyai Pamanahan kalihan Ki Agêng Giring, benjing yèn turunipun Ki Pamanahan ingkang jumênêng nata sampun kaping pitu, punika suka yèn dipun gêntosana turunipun Ki Agêng Giring, măngka ing mangke sampun turunipun kaping nêm. Mila Ki Wanakusuma sangêt ênggènipun ambantêr tapanipun. Ki Wanakusuma wau agadhah anak jalêr kêkalih, anama Jayaparusa kalih Jayalêlana, punika tansah dipun bujuk dhatêng êmbanipun anama Ardikarun, dipun aturi angrêbat nagari ing Kartasura, gêntos waris. Putra kêkalih wau inggih amiturut. Lajêng anêluk-nêlukakên tiyang dhusun sakiwatêngên ing ngriku sarta angubalakên ing kasêktènipun. Têtiyang dhusun kathah kang sami kerut, amargi kenging ing kêmat ing ngèlmu singkir, kala samantên [samantê...] [...n] sampun kathah balanipun, antawis gangsal èwu. Jayaparusa sarta Jayalêlana lajêng sami sowan dhatêng ingkang rama sarwi matur, rama, kula anyuwun idi sampeyan. Kula badhe ngrêbat nagari ing Kartasura gêntos waris. Ingkang rama angandika, kulup, bêcik sarèhna dhingin, krana ing samêngko durung mangsane, kurang saturunan. Wruhanamu, mulane aku tapa iki, ya kowe kang sun tapakake, supaya kowe kalilanan dening Allah jumênênga ratu ing tanah Jawa, sarèhning samêngko durung mangsane, luwih bêcik bantêrên ênggonmu tapa bae, karêpmu iku kêna diarani wong anggege măngsa, manawa ora lastari, dene wong mangun pêrang iku luwih gampange, yèn wis mangsane. Ingkang putra matur, rama, kula amêksa, botên kenging sampeyan palangi, manawi sampeyan botên karsa tindak, inggih kula kalihan pun adhi kemawon kang badhe nglurug dhatêng ing Kartasura,
BTJ 2.34.4
amung kagungan sampeyan bandera Waring kula suwun, badhe kula bêkta prang. Ingkang Rama angandika, kulup, manawa kowe ora kêna dakpalangi, aku ya măngsa tegaa. Kyai Wanakusuma lajêng amêndhêt bandera Waring, kaparingakên ingkang putra, Jayaparusa anampèni, bandera Waring lajêng mabur dhatêng ing awang-awang nuntên sirna, Jayaparusa matur, rama, kados badhe unggul pêrang kula, [ku...] [...la,] pratandhanipun, dene bandera Waring malêsat dhatêng antariksa. Ingkang rama ngandika, kulup, saka rêmbuganmu ngarani, nanging aku gawèkna jolang, bakal daktunggangi milu pêrang ing sira. Ingkang putra matur sandika, lajêng parentah adamêl jolang sarta angundhangi balanipun, yèn badhe tumuntên anglurug dhatêng Kartasura, sarêng sampun samêkta nuntên bidhal. Sakalangkung kathah balanipun. Ingkang dados pangajêngipun baris Ki Ardikarun, putra kêkalih wontên ing têngah sarta numpak kapal. Ki Wanakusuma kapikul ing jolang sawingkinging baris. Jayaparusa lan Jayalêlana samargi-margi tansah angubalakên kasêktènipun, anyênggut alang-alang tuwin rumput. Lajêng kasêbar ing siti, nuntên dados tiyang sarta sami anyêpêng gêgamaning prang, mila balanipun yèn tiningalan sakalangkung kathah, padhusunan ingkang kamargenan sami risak kajarah-rayah, têtiyang dhusun sami ngungsi ing nagari Kartasura, sampun katur ing sang prabu, yèn wontên mêngsah dhatêng saking rêdi Kidul, balanipun sakalangkung kathah. Sang nata enggal anglêmpakakên para bupati sabalanipun, inggih sampun sami baris wontên ing alun-alun. Sang nata sampun têdhak wontên ing pagêlaran. Botên dangu mêngsah dhatêng wontên ing palaraban. Lajêng sami ngamuk. Bala Kartasura anadhahi, arame pêrangipun. Bala Kartasura kathah kang pêjah, nuntên Pangeran Pugêr anglambung saking lèr sarta abdinipun kalih dasa lajêng ngamuk. Bala Wanakusuman kathah kang pêjah, Jayalêlana anuntên sumêja mêdalakên kasêktèn, nanging botên wontên dados, kakên manahipun, lajêng ngamuk kalihan dhuwung, Pangeran Pugêr sinudukan botên pasah, Pangeran Pugêr lajêng malês kalihan waos Kyai Palèrèd. Jayalêlana tatas iganipun sampun pêjah. Jayaparusa lajêng ngamuk, dipun tadhahi balanipun sang prabu tiyang Bugis anama Singabarong, kancanipun Bugis kawandasa, tiyang Bugis wau kathah kang pêjah dening Jayaparusa, Jayaparusa inggih nuntên pêjah dening tiyang Bugis.
BTJ 2.34.5
Nanging tiyang Bugis botên sumêrêp, yèn punika gustining mêngsah, bathangipun Jayaparusa katilar, angamuki balanipun kemawon. Nuntên wontên abdinipun sang prabu lurah pakêbonan, anama Nayatruna, nyuwun pamit ing sang prabu sumêja badhe ngamuk ing mêngsah, inggih sampun kalilan. Nayatruna lajêng mènèk ing wit waringin inggil, awas aningali yèn Jayaparusa sampun pêjah, dene[3] tiyang Bugis jisimipun katilar, Ki Nayatruna enggal malorod amurugi jisim, nuntên kakêthok gulunipun. Sirahipun kabêkta kaaturakên ing sang prabu, sarta aturipun Nayatruna asamudana yèn Jayaparusa pêjah dening [de...] [...ning] piyambakipun. Sang nata sarêng mirêng aturipun Ki Nayatruna sarta aningali sirahipun Jayaparusa, sakalangkung suka, Ki Nayatruna lajêng kajunjung dados wadana pamajêgan, kaparingan nama Tumênggung Rajamênggala. Wondene Pangeran Pugêr wau taksih ambujêng angamuk balanipun Jayalêlana, Ki Wanakusuma sarêng sumêrêp yèn putranipun kêkalih sampun sami pêjah, Ki Wanakusuma lajêng sirna saking jolang, tiyang ingkang ngrêmbat tuwin balanipun sanès inggih sampun sami lumajêng, Pangeran Pugêr nuntên wangsul, sowan ing sang prabu sarta ambêkta jisimapun[4] Jayalêlana, sadhatêngipun ing ngarsane ingkang raka lajêng ngabêkti, ingkang raka angrangkul jăngga sarwi angaras lungayanipun. Sang nata tansah anggunggung dhatêng ingkang rayi, pangandikanipun alon. Adhi mas, ingsun dêrma bae jumênêng nata, mungguh paparentahaning tanah Jawa măngsa bodhoa sira, ênggonira angreka angrèhake ingsun wus pitaya marang sira. Ingkang rayi matur sakalangkung nuhun. Wondene mustakanipun Jayalêlana lan Jayaparusa lajêng dikakakên manjêr wontên ing margi parapatan. Sarêng antara sataun sang nata utusan dhatêng ing Japara sarta mawi sêrat. Ungêling sêrat, amundhut bantu tiyang Kumpêni, badhe andikakakên anggêbag ing Pasuruan. Ingkang kautus anama Sêcanagara, inggih [ing...] [...gih] sampun mangkat saking ing Kartasura. Sang nata nuntên dhêdhawah dhatêng Pangeran Cakraningrat kalihan Tumênggung Jangrana, andikakakên ngalurug dhatêng ing Pasuruan adamêl sandining pêrang kados ingkang sampun kalampahan. Pangeran Cakraningrat sarta Jangrana inggih sampun mangkat saking ing Kartasura sabalanipun kalihan tiyang măncanagari sadaya. Wondene lampahipun Ki Sêcanagara inggih sampun dhatêng wontên
BTJ 2.34.6
ing Japara, sarta amaringakên sêrat dhatêng kumêndur, kumêndur sasampuning maos sêrat lajêng wicantên dhatêng Ki Sêcanagara, Kiyai, dika antèni ontên ing Japara ngriki kriyin. Kula badhe kengkenan dhatêng Bêtawi anyuwun bantu ingkang dados pamundhutipun sang prabu. Kumêndur lajêng anglampahakên sêrat katur ing gurnadur jendral ing Bêtawi. Gurnadur jendral sarêng sampun nampeni sêrat saking Japara, enggal anglampahakên Kumpêni wolung atus. Litnanipun wolu, kapitanipun sakawan, têtindhihipun anama Mayor Burham, prawira sarta digdaya, lampahipun sampun dumugi ing Japara, kumêndur enggal ênggènipun amêthuk. Mayor Burham sakumpêninipun sampun binêkta dhatêng loji sarta sinêgahan, wontên ing ngriku tigang dintên. Mayor wicantên dhatêng kumêndur, kumêndur, aku iki dikakakên bêdhah ing Pasuruan, anyêkêl marang Si Surapati, awit [awi...] [...t] têka karsane sang prabu, sabab sang nata wis kawalahên ênggone arêp ambêdhah ing Pasuruan. Dene aku ya bakal banjur marang ing Pasuruan bae. Kumêndur alon amangsuli, mayor, yèn kowe kudu banjur marang Pasuruan. Utusane sang prabu iki gawanên pisan. Mayor wicantên malih, iya bêcik, tak gawane tunggal prau lan aku. Mayor Burham lajêng bidhal sakumpêninipun mêdal ing laut. Ki Sêcanagara inggih tumut. Lampahipun baita sampun dumugi muwara Madura, kèndêl ing ngriku. Kala samantên wontên putranipun Pangeran Cakraningrat jalêr satunggil anama Radèn Dêmang Pasisir amêthuk dhatêng ing muwara, Mayor Burham sakumpêninipun kabêkta mêntas dhatêng dharatan sarta sinuguhan, waradin sami tuwuk sadaya, Radèn Dêmang sangêt ênggènipun ngurmati dhatêng tiyang Kumpêni, wontên ing ngriku tigang dalu tigang siyang, mayor wicantên alon dhatêng Radèn Dêmang, saudara Radèn Dêmang sangêt tarima kasih kula ênggèn sampeyan nyanggata[5] dhatêng tiyang Kumpêni sadaya, dene lampah kula punika kautus ing tuwan jendral, bêbantun[6] prang dhatêng Pasuruan, inggih saking karsanipun sang prabu ing Kartasura. Radèn Dêmang alon amangsuli, tuwan, yèn makatên, kula badhe tumut sarta atêtuwi ing kangjêng rama, bapak kula, wau sampun lami
BTJ 2.34.7
ênggènipun [ênggènipu...] [...n] pêrang wontên ing Pasuruan, inggih awit saking karsanipun sang nata, dikakakên ambêdhah ing Pasuruan. Mayor sakalangkung suka manahipun sarta wicantên. Inggih sakalangkung prayogi sampeyan sarêng kalihan kula, suwawi nuntên mangkat. Radèn Demang lajêng parentah dhatêng balanipun angrakit gêgamaning prang, sarêng sampun samêkta lajêng bidhal dhatêng ing Surabaya mêdal ing dharatan sumêja dhatêng ing Pasuruan. Kumpêni lumampah ing wingking, bala Madura ing ngajêng sarta pitêdah margi.