BTJ 2.35
Pêrang Pasuruan lan Radên Trunadilaga
Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 440-447
BTJ 2.35.1
Kacariyos Ki Dipati Cakraningrat kalihan Tumênggung Jangrana kang sami pêrang ngantos wontên ing Pasuruan. Ing sabên dintên bêdhil-binêdhil, kèndêlipun yèn wanci sêrap srêngenge, yèn wanci enjing sami wiwit pêrang malih, nanging botên wontên ingkang sami pêjah, sabab botên wontên ngangge mimis, sarta sabên ing wanci dalu Ki Tumênggung Wiranagara anyilibakên balanipun, sowan dhatêng pasanggrahanipun Ki Dipati Cakraningrat, sami arêrêmbagan. Yèn sampun wanci bangun enjing lajêng mantuk dhatêng kithanipun ing Pasuruan punapa dene ing sabên măngsa garêbêg Ki Tumênggung Wiranagara wau inggih botên pêgat ênggènipun atur upêkti ing sang prabu, tuwin sabarang wawêdalanipun nagari ing Pasuruan inggih kaaturakên ing sang prabu. Kala samantên Ki Dipati Cakraningrat mundur pêrangipun anêbih saking kitha Pasuruan, [Pasurua...] [...n,] sumêja ngasokakên balanipun. Dene Ki Tumênggung Wiranagara inggih sampun adamêl pacalang anjagèni yèn wontên baris Kumpêni dhatêng sarta tansah angatos- atos. Kawuwusa lampahipun Mayor Burham sarta Radèn Dêmang Pasisir, sampun dumugi tapêl watês ing Pasuruan, arêrêp ngasokakên balanipun. Wondening Ki Tumênggung Wiranagara inggih sampun dipun aturi pariksa ing balanipun ingkang dados pacalang wau. Ki Tumênggung Wiranagara sarêng mirêng tiyang Kumpêni dhatêng sangêt suka ing manahipun, sabab sampun lami ênggènipun ngajêng-ajêng, sumêja awor gêtih kalihan Kumpêni, lajêng bidhal saking kitha sabalanipun sumêja mêthukakên pêrangipun tiyang Kumpêni, lampahing bala gumuruh asurak-surak, angajab enggala têmpuh ing pêrang, botên dangu bala Kumpêni dhatêng, andalêdêg kados toya mêdal saking rong, Kumpêni lajêng ngarutug ing sanjata, mimis mindha garimis, ing paprangan pêtêng dening kukus. Ki Wiranagara
BTJ 2.35.2
sabalanipun lajêng sami anusup ing kukus, angamuk kalihan dhuwung tuwin waos. Sakalangkung rame pêrangipun bala, sabab sami purunipun. Bala Pasuruan tuwin bala Kumpêni kathah ingkang pêjah, dangu-dangu bala Kumpêni sampun sami pêjah sadaya, ingkang taksih gêsang watawis amung kawan wêlas, sampun sami lumajêng. Radèn Dêmang Pasisir sarêng aningali tiyang Kumpêni tumpês, sakalangkung suka, lajêng narik pêdhang sarta angabani balanipun, majêng sarênga ngamuk. Bala Pasuruan kathah kang pêjah, Radèn Dêmang sabalanipun sami angamuk punggung, botên sumêrêp ing wadi, sabab dèrèng dipun jarwani dhatêng ingkang rama. Ki Tumênggung Wiranagara sarêng aningali balanipun kathah pêjah amargi dipun amuk tiyang Mêduntên, Ki Wiranagara sakalangkung kagèt, sarta sangêt nêpsu, sêru wicantênipun. Hèh bocah Pasuruan, wong Madura iki nêja pêrang têtêmênan apa saking durung sumurupe, apa dhasar dijarag, anglirake ing wasesa gustine, payo padha walêsên, aja wêdi. Bala Pasuruan enggal sami majêng, angamuk rampak, bala Madura anadhahi, sakalangkung rame pêrangipun. Bala Madura kathah kang pêjah, Radèn Dêmang Pasisir dipun waos dhatêng Ki Bun Jaladriya, lambungipun tatas, sampun pêjah, sarta êmbanipun kêkalih anama Jangpati kalih Mangkewuh inggih sarêng pêjah lan gustinipun. Bala Madura sarêng aningali gustinipun pêjah, lajêng sami ambyuk angamuk liwung, botên wontên nêja gêsang, inggih lajêng tumpês sadaya, ing wingking taksih anggili botên kêndhat-kêndhat.
BTJ 2.35.3
Kacariyos wontên kapenakanipun Pangeran Cakraningrat, adhinipun dening Radèn Trunajaya kang sampun pêjah, anama Radèn Trunadilaga, sakalangkung wantêripun. Sarêng aningali Radèn Dêmang pêjah lajêng ngamuk sabala tuwin santananipun. Bala ing Pasuruan kathah ingkang pêjah, Radèn Trunadilaga dipun pasêr mawi upas dhatêng bala Pasuruan, kenging lambungipun rahipun sumêmbur, lajêng kantaka dhawah ing siti. Anuntên wontên santananipun anama Radèn Durgajaya, kalih Panji Wanèngpati, tiga Panji Wanèngsêkar, sakawan Panji Dipanagara, priyantun sakawan wau lajêng sami ngamuk liwung, bala Pasuruan kathah kang pêjah, Radèn Durgawijaya kagèt aningali, yèn Radèn Trunadilaga kantaka kenging upas pasêr, enggal dipun purugi lajêng kasepak ing suku sarta wicantên sêru, adhi
BTJ 2.35.4
Trunadilaga, yagene kowe pêrang karo wong rucah bae kongsi mati, apa kowe dudu trahing Brawijaya Majapait. Tangia, ayo ngamuk. Radèn Trunadilaga kagèt lajêng lênggah, tatunipun sampun saras sami sakala, sarta wicantên, kakang Durgajaya, payo padha ngamuk. Radèn Durgajaya amangsuli, adhi, awakmu lêrêbêna dhisik. Aku ora-orane sumêja mundur sarta aku sêksenana, ing samangsane aku ora bisa bêdhah ing Pasuruan. Amêsthi guluku dakpagas dhewe. Radèn Durgajaya sarta Trunadilaga lajêng sami ngamuk malih lan sabalanipun, gumulung angrêbat mêngsah, bala ing Pasuruan kathah [ka...] [...thah] ingkang pêjah, sabab kêkathahên mêngsah, Ki Tumênggung Wiranagara sabalanipun anuntên sami lumajêng angungsi salêbêting bètèng Pasuruan sarta tutup kori, bala Madura anglud sumêja ngrangsang biting, Radèn Trunadilaga sêru ênggènipun sêsumbar saking sanjawining biting, hèh budhaking Kumpêni mêtua, ayo padha pêrang, aja inêp lawang, yèn kowe wis wêdi ing aku, nututa takbănda. Anuntên wontên utusanipun Pangeran Cakraningrat anama Radèn Panji Dipapraja, ambêkta bala kathah, sadhatêngipun ing paprangan, eram aningali tilas ramening prang, lajêng enggal amurugi dhatêng Radèn Trunadilaga sarta Durgajaya, Radèn kêkalih nuntên pitakèn. Kakang Dipapraja, kowe iki apa têtulung ing prang arêp ambalèni[7] Radèn Dêmang Pasisir utawa sanak-sanakmu kang wis padha mati pêrang, mulane aku aprasêtya, ing samangsane aku ora bisa bêdhah ing Pasuruan, guluku bakal dakpagas dhewe, sabab bangêt wirangku. Radèn Panji Dipapraja sarêng mirêng sakalangkung ngungun, alon ênggènipun wicantên. Adhi Durgajaya lan adhi Trunadilaga, kapriye polahmu iku, dene adhimu Radèn Dêmang kongsi mati utawa wong Madura ya akèh kang padha mati, apa kowe ora sumurup, yèn pêrang iki gêgorohan. Radèn Durgajaya anyêntak. Ah ngêndi ana wong pêrang gêgorohan, rak lagi cêlathumu iki, ayo padha ngamuk, bètèng iki padha diunggahi. Balanipun sami dipun parentahi angrangsang bètèng, Radèn Panji Dipapraja enggal angêjèpi balanipun, kinèn anyikêp dhatêng Radèn Durgajaya, inggih sampun dipun cêpêngi, Radèn Dipapraja alon amituturi, adhi Durgajaya, sarèhning nêpsumu, yèn kowe ora sumurup, nagara ing Pasuruan iki wadining ratu, manawa kowe kêlakon angrusak ing Pasuruan, kowe prasasat angrusak ing sang
BTJ 2.35.5
prabu, angur ayo padha mundur, angaturi uninga ing Pangeran Cakraningrat. Akathah-kathah ênggènipun pitutur Radèn Panji Dipapraja wau, Radèn Panji Durgajaya sampun sarèh galihipun. Tumuntên sami bidhal sabalanipun. Sadhatêngipun ing pasanggrahan ing ngarsane Pangeran Cakraningrat, Radèn Panji Dipapraja lajêng anyungkêmi sukunipun Pangeran Cakraningrat, matur sarwi nangis. Kula angaturi uninga yèn putra sampeyan Radèn Dêmang Pasisir pêjah wontên ing paprangan. Tiyang Maduntên inggih kathah ingkang pêjah, lumajêng angungsi salêbêting biting, witning yèn sampuna kula tumuntên dhatêng, ing Pasuruan kados kalampahan bêdhah, wadining ratu badhe kalingkab, awit saking prasêtyanipun pun Durgajaya. Akathah-kathah aturipun Radèn Panji Dipapraja [Dipapra...] [...ja] wau, Sang Pangeran Cakraningrat sarêng mirêng sakalangkung ngungun, alon ênggènipun ngandika, Dipapraja, baya wis pinêsthi karsa Allah patine anakku, amarga bangêt ênggone bodho, apa manèh Si Durgajaya iku cangkême calêbang-calêbung, gêlis têmên mêtokake basa kang larang, yèn adat trahing wong Majapait ora kêna ambalèni calathu kang wus kawêtu, mêsthi nuli dilakoni. Radèn Durgajaya sarêng mirêng enggal nyandhak sêking, jangganipun lajêng kapagas piyambak, namung pasah sakadhêle, rahipun sampun mêdal, punika namanipun pagas sarat. Supados basanipun kang sampun kawêdal sampun ngantos botên kalampahan. Nuntên wontên utusanipun Ki Tumênggung Wiranagara ing Pasuruan sarta mawi sêrat. Têmbunging sêrat Ki Tumênggung Wiranagara anyuwun pangapuntên ingkang kathah-kathah dhatêng Pangeran Cakraningrat. Amargi pêjahipun Dêmang Pasisir. Pangeran Cakraningrat inggih sampun amangsuli sêrat dhatêng Radèn Tumênggung Wiranagara, suraosing sêrat, Pangeran Cakraningrat sampun narima pêjahipun ingkang putra, amargi saking dèrèng sumêrêp ing wadi. Ki Tumênggung Wiranagara sarêng sampun maos sêrat wangsulan, sakalangkung suka manahipun sarta ical kuwatosipun. Sabab sangêt ênggènipun ajrih dhatêng Pangeran Cakraningrat. Kala samantên Pangeran Cakraningrat [Cakraningra...] [...t] lajêng utusan dhatêng ing Kartasura sarta mawi sêrat, angaturi uninga ing sang prabu, yèn putranipun pêjah wontên ing paprangan.
BTJ 2.35.6
Sêrat katur ing sang prabu, sang nata sakalangkung ngungun, lajêng adhêdhawah dhatêng para bupati, sami andikakakên kintun salawat awarni arta, bupati satunggil-tunggilipun ngalih atus ringgit. Sang nata piyambak amaringi pitung atus ringgit. Arta wau inggih sampun katampèn dhatêng Pangeran Cakraningrat.