BTJ 2.36
Pangeran Dipati Anom lan Putra-putranipun Pugêr
Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 447-454
BTJ 2.36.1
Kacariyos Sang Prabu Mangkurat, sampun kagungan putra jalêr satunggil, nanging kêncèt sukunipun. Sampun kaangkat nama Pangeran Dipati Anom. Pinuju satunggiling dintên sang nata animbali ingkang putra dhatêng ing dalêmipun. Sang nata alon angandika, kulup, sarèhning sira wus diwasa lan ing besuk sira ora wurung anggêntèni marang panjênêngan ingsun. Sira dibisa angêmpèk atine pamanira adhi Mas Pugêr, karo Si Cakraningrat, katêlu Si Jangrana, kapat Si Răngga Yudanagara ing Samarang, wêruhanira wong papat iku kang minăngka pikukuhe nagara ing Kartasura, sira aja wani-wani anglarakake atine, ênggonira bakal jumênêng nata upamane wong gawe tampah, pamanira dhimas Pugêr kang minăngka wêngkune, kang minăngka jêjêt utawa anamane bupati têlu iku, dene têgêse manawa wong papat iku ana kang rêngat atine [a...] [...tine] ing salah sawiji, amêsthi ênggonira jumênêng nata ora kapenak, bakal akèh pêrang, wong cilik padha susah atine, dene manawa sira bisa angêmpèk atine wong papat iku, amêsthi tulus ênggonira jumênêng nata, tutug ing sabarang karsanira, sarta nagaranira raharja, mulane mêngkono satêmêne bangêt sumêlanging atiningsun, andêlêng tatêkonira, ing samangsane tatêkonira kang ala iku ora sira marèni, ingsun ora tega tinggal karaton marang sira. Akathah-kathah pamulangipun sang prabu wau, sarta amulang pratingkah jumênêng nata utawi suraosing Sêrat Asthabrata, Nitipraja, Panitisastra, inggih sami kawulangakên sadaya, Pangeran Dipati Anom mirêng pamulangipun ingkang rama akathah-kathah, lajêng tumungkul asêmu waspa sarwi alon matur, rama prabu, kula mugi angsala pangèstu dalêm, sagêda anglampahi wulang dalêm wau sadaya. Sang nata angandika malih, kulup yèn sira wis miturut marang ingsun, ing mêngko sarèhning sira wus diwasa, sira bakal ingsun kramakake olèh anake wadon adhi Mas Pugêr, kaya-kaya patut dadi jatukramanira, ewadene bêcik sira anontonana dhewe marang
BTJ 2.36.2
Kapugêran. Pangeran dipati matur sandika lajêng mangkat dhatêng ing Kapugêran.
BTJ 2.36.3
Kacariyos Pangeran Pugêr sampun apêputra kalih wêlas. Pambajêngipun èstri, sakalangkung ayu warninipun sarta sampun diwasa, anama Radèn Ajêng Lêmbah, kalih Radèn Mas Sudira, tiga Radèn Mas Surya, sakawan Radèn Mas Mêsir, gangsal Radèn Mas Papa, nênêm Radèn Mas Sungkawa, pitu Radèn Mas Săngka, wolu Radèn Mas Sudama, sanga Radèn Ayu Ayunan. Sadasa Radèn Impun, ingkang kêkalih taksih alit. Kala samantên Pangeran Pugêr pinuju lênggah ing pandhapi, ingadhêp para putra, kagèt aningali Pangeran Dipati Anom dhatêng, Radèn Mas Sudira enggal amêthuk dhatêng regol. Pangeran Dipati Anom kaaturan lajêng dhatêng ing pandhapi, Pangeran Pugêr amêthuk ing sawatawis tindak, anuntên sami tata lênggah, Pangeran Pugêr alon angandika, kadingarèn anggèr, kowe marene, ora nganggo awèh wêruh dhisik. Bangêt gugupe atiku. Pangeran Dipati Anom matur saha sêmbah, paman, kala wau kula dipun dhawahi raka dalêm, andikakakên dolan mariki. Pangeran Pugêr sarêng mirêng lajêng sumêrêp yèn badhe anontoni dhatêng ingkang putra, Pangeran Pugêr anuntên angêjèpi ing Radèn Mas Sudira, Radèn Mas Sudira inggih lajêng tampi ing sêmunipun ingkang rama, enggal lumêbêt ing dalêm, amanggihi ingkang bak ayu, dipun aturi angladosêna pasêgah gantèn. Radèn [Ra...] [...dèn] Ajêng Lêmbah awrat niyatipun, nanging kapêksa dhatêng ingkang ibu tuwin ingkang sadulur, inggih nuntên lumampah, sarwi ambêkta pasêgah gantèn. Nanging botên karsa salin busana ingkang sae, ambombrong kemawon, sarta basêngut ulatipun. Sadhatêngipun ing ngajêngan inggih angaturakên pasêgah gantèn ing ngarsanipun Pangeran Dipati Anom. Nanging anuntên enggal wangsul lumêbêt ing dalêm. Pangeran Dipati Anom kalanipun aningali dhatêng sang rêtna, dangu ênggènipun kami tênggêngên, sangêt ênggènipun kasmaran. Awit sang putri sangêt ayunipun, amindha widadari ing Suralaya, Pangeran Dipati Anom alon matur dhumatêng ingkang paman Pangeran Pugêr, paman, putra dalêm adhi Ajêng Lêmbah sampun pintên ing yuswanipun, Pangeran Pugêr amangsuli, ênggèr, aming kacèk rong taun tuwa kowe. Pangeran Dipati Anom anuntên pamit kondur angadhaton.
BTJ 2.36.4
Sadhatênge ing ngarsane ingkang rama lajêng dinangu, kapriye, apa sira wis wêruh ing rupane arinira. Ingkang putra matur, kula sampun aningali dhatêng adhi Ajêng Lêmbah, sarta kula inggih sampun sênêng, ing mangke kula sumăngga ing karsa dalêm. Sang nata angandika, sira ya bakal nuli ingsun dhaupake, nanging wêkas ingsun, sira dibisa momong, sabab bakal bojonira iku sadulurira nak-sanak. Prasasat sadulurira [sadulur...] [...ira] dhewe. Ingkang putra matur sandika, sang nata nuntên parentah dhatêng ingkang garwa, andikakakên acêcawis badhe rêrêngganing pangantèn tuwin para dipati inggih sami kadhawahan amakajangan wontên ing alun-alun. Sarêng sampun sami mirantos, enjingipun lajêng kaningkahakên wontên ing kadhaton. Ing sontênipun para bupati sagarwanipun andikakakên sami murugi pangantèn èstri dhatêng Kapugêran, sarta ambêkta joli. Wondene Radèn Ajêng Lêmbah inggih sampun pinaesan, badhe sangêt ing pamoponipun, nanging pinêksa dhatêng ingkang rama kalihan kang ibu, mila Radèn Ajêng Lêmbah wau badhe mopo, sabab sampun sumêrêp ing wêwatêkanipun Pangeran Dipati Anom. Asring panastèn, ewan, nyalunthang, brancah sarta digung, dados sang putri wau ing batos sangêt ing prihatosipun. Sadhatêngipun ingkang sami mêthuk, sang putri sampun katitihakên ing joli, lajêng binêkta dhatêng ing kadhaton, kaudhunakên wontên sangajêngipun ing korining dalêm kadhaton. Kangjêng Ratu Mangkurat enggal amêthuk. Pangantèn èstri nuntên dipun kanthi astanipun. Sang prabu inggih sampun anganthi pangantèn jalêr, lajêng kapanggihakên. Anuntên kabêkta dhatêng ing jrambah, sami kalênggahakên ing pangkonipun sang prabu, sang nata sadangunipun [sadangunipu...] [...n] amangku pangantèn, botên kèndêl-kèndêl ênggènipun amêmulang dhatêng ing pangantèn jalêr èstri, supados atuta ênggènipun ajêjodhon. Sasampuning sawatawis dangunipun pangantèn lajêng kadhawahan sami sare, sang nata têdhak kasukan dhatêng ing pandhapi, dene ing sapêkênipun inggih lajêng kaundhuh dhatêng ing Kapugêran, anuntên kakondurakên dhatêng ing kadhaton malih. Kala samantên nagari ing Kartasura awis têdha, kathah tiyang sakit amargi kaluwèn, têmah dados ing pêjahipun, lajêng kabubuh ing gêgêring, kathah têtiyang pêjah, sang prabu sakalangkung susah ing galihipun. Ing wanci dalu animbali ingkang rayi Pangeran Pugêr, sang
BTJ 2.36.5
nata alon angandika, adhi mas, kapriye kang dadi rêmbugira, nagara ing Kartasura samêngko bangêt ênggone rusak. Sapa kang kelangan kajabane ingsun namung sira, ing mêngko măngsa bodhoa sira ênggonira amurih supaya mulyaa ing nagara Kartasura, bisaa murah pangan lan ilanga sakèhing gêgêring. Pangeran Pugêr matur, yèn makatên ingkang dados karsa dalêm, kula nyuwun pamit badhe kesah, sumêja anêdha ing Gusti Allah, mugi angsala pangèstu dalêm. Pangeran Pugêr anuntên lumèngsèr saking ing ngarsane ingkang raka, sadhatêngipun ing dalêm, lajêng salin busana cara santri [sa...] [...ntri] ingkang asring papariman, anuntên mangkat piyambak kemawon. Sumêja aningali sawarninipun pêkên-pêkên. Yèn dalu ing saênggèn- ênggènipun tansah manêngkung, sadhatêngipun ing pêkên Kapundhung Pangeran Pugêr eram aningali, dene botên wontên tiyang wade sêkul. Ingkang sami dipun sade amung katela, jagung, uwi, gêmbili tuwin canthèl alas. Kang mindha santri pitakèn dhatêng ingkang sami wêwadean. Bibi, punapa sababe dene botên wontên wong adol sêga. Ingkang satunggil amangsuli, anama Nyai Cumbring, gus santri, apa kowe ora sumurup, yèn nagara iki lagi têntrêm saiki, awit sang prabu ing Kartasura tansah papêrangan lan ingkang rayi Susunan ing Ngalaga, wong cilik orana kaur asêsawah, pijêr uyang-uyung bae, barêng wis kakumpulan ingkang rayi banjur larang pangan mêngkene. Kang mindha santri sarêng mirêng lajêng mèsêm, karaos ing galihipun, dados sangsaya ênggènipun prihatos. Pangraosipun Nyai Cumbring kajawat. Pangeran Pugêr dipun jiyat kaajak mantuk dhatêng griyanipun. Pangeran Pugêr inggih anurut kemawon. Sadhatênge ing griyanipun, lajêng kaaturan lênggah ing kalasa sarta kaladosan panganan ing sawontênipun. Nyai Cumbring lajêng dhatêng lèpèn, sumêja arêrêsik. Kang mindha santri anuntên kesah, lampahipun lajêng dhatêng ing Matawis, anjujug ing masjid agêng, wontên ing ngriku ing dalu anêngkung, anêgês karsaning Hyang ingkang murwèng pandulu, sarêng ing wanci bangun enjing Pangeran Pugêr angsal pitulunging Allah, wontên tompo pênakêran uwos saking ing nginggil dhawah ing ngarsanipun, agêngipun sakalapa, pangeran enggal anyandhak, sarta sangêt suka ing galihipun. Sabab sumêrêp, yèn angsal pitulunging Allah, ing wanci byar pangeran lajêng dhatêng ing pêkên agêng Matawis sarta
BTJ 2.36.6
ambêkta tompo, anjujug tiyang wade uwos, lajêng pitakèn mênggah pangaosipun uwos ing satompo punika, wangsulanipun ingkang wade, pangaos pitung reyal. Pangeran Pugêr angawis pitung wang, Pangeran Pugêr wau lajêng dipun sêntak sarta dipun srêngêni, ing sabên dintên Pangeran Pugêr padamêlanipun makatên. Yèn ing dalu ananêdha ing Allah, nanging tansah dipun uyak-uyak dhatêng sawarnine tiyang wade uwos. Kala samantên botên antawis lami, lajêng mirah têdha sarta sakathahing sêsakit sampun sirna, Pangeran Pugêr nuntên kondur dhatêng ing Kartasura, sowan ingkang raka sang prabu angaturakên ing sasolahipun sadaya, sang nata mirêng cariyosipun ingkang rayi angêrês ing galihipun. Ing wusana sangêt suka, sabab nagarinipun sampun mulya.