BTJ 2.37

Pêcahing Palakrama Pangeran Dipati Anom

Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 455-461

BTJ 2.37.1

Kacariyos Pangeran Dipati Anom, pinuju lênggah kalihan garwanipun wontên ing dalêm, ingadhêp ipenipun ingkang nama Radèn Mas Sudira, dene ipe ingkang kathah-kathah botên wontên sowan, sabab botên wontên ingkang dipun rêmêni, amung Radèn Mas Sudira piyambak ingkang dipun sihi, pangeran dipati andangu dhatêng Radèn Mas Sudira, Sudira, sadulurmu lanang kabèh ing samêngko apa wis padha dilih jênêng tuwa marang kangjêng paman. Radèn Mas Sudira matur, adhi kula kang sampun ngalih nama sakawan. Radèn Mas Papa angalih nama Radèn Mas Ăntawirya, pun Mêsir nama Radèn Mas Martataruna, pun Sungkawa nama Radèn Mas Dipataruna, pun Surya anama Radèn Mas Suryaputra, sanèsipun dèrèng wontên salin nama. Pangeran dipati sarêng mirêng yèn wontên nama Suryaputra, sangêt ewa ing galihipun. Mila makatên, pangeran dipati wau dhasar sangêt sêngitipun dhatêng Radèn Mas Suryaputra, awit sangêt bagusipun, kathah têtiyang kang sami angalêm ing warninipun. Anuntên ngandika dhatêng Radèn Mas Sudira, Sudira, kowe mênyanga ing Kapugêran, Si Suryaputra dhawuhana, yèn daklih jênêng Radèn Wăngsatruna. Radèn Mas Sudira matur sandika, lajêng mangkat. Radèn ayu dipati sarêng mirêng sakalangkung sakit galihipun sarta alon matur, kangmas, adhi kula dosanipun punapa, tiyang warninipun bagus, [bagu...] [...s,] kok dipun salini nama kados tiyang dhusun. Sampeyan punika nyêrwètèh sangêt saking têtiyang kathah, dene kang kalimrahan, tiyang gadhah sadhèrèk punika amêsthi dipun agêngakên

BTJ 2.37.2

manahipun sarta winalungsung ing busana kang adi-adi, botên kados sampeyan makatên, kok mindhak anganiaya. Pangeran dipati angandika, adhi ajêng, mulane adhimu iku daksalini jênêng, yaiku pratandhane yèn sadulurku, puluh-puluh kapriye, wong lagi mêngkono kang dadi karêpku. Radèn ayu dipati sakalangkung ngangat[8] ing galihipun, lajêng lumêbêt ing dalêm sarta muwun. Wondene lampahipun Radèn Suryakusuma inggih sampun dhatêng ing ngarsanipun ingkang rama sarta matur. Kangjêng rama, kula dipun utus ing kangmas Dipati Anom, andikakakên êndhawuhi ing sampeyan, yèn pun Suryaputra samangke dipun salini namanipun, kanamakakên Radèn Wăngsataruna. Pangeran Pugêr amangsuli, thole, kowe matura marang kangmasmu dipati, prakara ênggone nyalini jênênge Si Suryaputra, aturku sandika, karodene kowe sarta adhi-adhimu kabèh aja ana lara atimu marang Pangeran Dipati Anom. Krana iku gustimu, kaping pindho sadulur tuwa, wajib tinurut sabarang parentahe, apa manèh [ma...] [...nèh] wêkasku marang kowe, sarèhning kowe disihi ing Pangeran Dipati Anom, kowe aja kurang ing pangati-ati, wis, kowe muliha. Radèn Suryakusuma lèngsèr saking ngarsane sang rama, sadhatêngipun ing kadipatèn lajêng matur ing pangeran dipati. Kala samantên sang prabu utusan dhatêng pabarisan ing Pasuruan sarta mawi sêrat. Suraosing sêrat, animbali Ki Dipati Cakraningrat lan sakancanipun bupati măncanagari kang sami baris ing ngriku, nanging bidhalipun saking ngriku margi ya kawon prang kalihan Surapati. Utusan wau inggih sampun dhatêng wontên ing pabarisan. Sêrat sampun katampèn ing Pangeran Cakraningrat, sakalangkung suka manahipun. Sabab ênggènipun bêbarisan wontên ing ngriku laminipun sampun sawindu, Pangeran Cakraningrat ing wanci dalu lajêng utusan sarta mawi sêrat dhatêng Surapati, suraosing sêrat, Surapati kapurih anggêbaga prang dhatêng piyambakipun. Surapati sarêng sampun tampi sêrat enggal parentah angrakit gêgamaning prang, ing enjingipun Surapati lajêng bidhal saking kitha sabalanipun. Sadhatêngipun ing pabarisan Gênthong lajêng prang kalihan Pangeran Cakraningrat. Pangeran Cakraningrat sabalanipun dhadhal lumajêng sadaya. Sumêja mantuk dhatêng ing Kartasura, pasanggrahanipun lajêng binèsmenan dhatêng bala Pasuruan.

BTJ 2.37.3

Palajêngipun Pangeran Cakraningrat sampun dumugi ing Kartasura, Pangeran Cakraningrat wau lajêng katariman tilas garwanipun sang prabu, putra saking Giri anama Ratu Wetan.

BTJ 2.37.4

Kacariyos Pangeran Dipati Anom ênggènipun palakrama botên atut. Tansah awawan pabên. Sabab pangeran dipati wau amundhut garwa sêlir kêkalih, sangêt dipun sihi, satunggil anakipun tiyang kalang, satunggilipun èstri saking Ngonje tanah ing Toyamas. Ngantos supe dhatêng garwanipun. Kajawi saking punika inggih asring rêmên dhatêng èstri sanèsipun, sangêt ênggènipun brancah, sarta watêkanipun botên kenging kapêncok ngajêng, panastèn sarta digung. Wondene sêlir kêkalih wau sampun sami kainggahakên garwa, sangêt andadosakên nêpsunipun radèn ayu dipati, lajêng purik dhatêng Kapugêran, tanpa pamit ingkang raka, wontên ing ngriku sang putri dipun pitambuhi kemawon dhatêng ingkang rama, pangeran dipati inggih botên karsa andangu utawi animbali dhatêng garwanipun, dados sang putri wau sangêt ênggènipun prihatos, yèn siyang amanggèn wontên ing patamanan, anglêlipur galihipun piyambak. Amung yèn dalu kemawon kondur dhatêng ing gandhok. Anuntên sang nata mirêng yèn garwanipun pangeran dipati purik dhatêng Kapugêran. Sang nata enggal animbali lurah suranata têtiga, anama Ki Ăngga, kalih Ki Sèh, tiga Sarawèdi, sami kautus dhatêng Kapugêran. Amariksa sababipun radèn ayu dipati purik kalihan mundhut pola wasiyat ing Kapugêran, kang nama Kyai Palèrèd kalihan Kyai Maesanular. Tiyang têtiga matur sandika, lèngsèr saking ngarsa dalêm, sampun kêpanggih kalihan Pangeran Dipati Pugêr, utusan matur alon angaturakên ing dhawahipun prabu sadaya, Pangeran Pugêr amangsuli, Ăngga, Êsèh, kowe matura ing kakang prabu, prakara ênggone purik radèn ayu dipati aku ora têtakon. Salawase ana ing kene takpitambuhi bae, krana Pangeran Dipati Anom durung ana utusan amasrahake marang aku, sarèhning kowe diutus bêcik têmonana dhewe, aku wis anglilani, malêbua marang kaputrèn. Ki Ăngga sarta Ki Sèh aturipun mopo. Pangeran Dipati Pugêr ngandika malih, dene prakara pamundhute pola wasiyatku, samêngko kris sarta tumbakku gawanên bae, kakang prabu aturana mola dhewe. Dhuwung

BTJ 2.37.5

sarta waos sampun katampèn dhatêng utusan, lajêng binêta dhatêng kadhaton. Sadhatêngipun ing ngarsane sang nata utusan matur ing purwa madya wusana, sang nata sakalangkung ngungun. Utusan lajêng angaturakên dhuwung kalihan waos wasiyat ing Kapugêran. [Kapu...] [...gêran.] Sang prabu sakalangkung duka dhatêng ingkang ingutus. Dene purun-purun ambêkta wasiyat, botên kalawan parentahipun sang prabu, abdi ingkang ambêkta wau badhe kinèn mêjahi, dangu-dangu sang nata èngêt lilih ing dukanipun, yèn purun-purunipun ambêkta wasiyat wau saking parentahipun Pangeran Pugêr, sang nata enggal dhawah amangsulakên, amung mundhut pola kemawon, wasiyat inggih sampun kawangsulakên. Pangeran Pugêr inggih sampun anyaosi pola, sang nata lajêng dhawah dhatêng pandhe, andikakakên damêl dhuwung kalihan waos, anelad pola wau. Botên antawis lami sang prabu dhêdhawah adamêl sagaran sakidul kilèning kadhaton. Ingkang anggarap tiyang sanagari Kartasura, tuwin tiyang pasisir măncanagari sami bêbah-bêbahan. Botên lami nuntên dados sarta kaingonan baya, sang nata nuntên parentah anggiring buron wana ing Matawis, kapurugakên dhatêng Kartasura, kaprênahakên sakilèning sagaran, dipun krapyak. Pagiringipun buron wana wau urut margi mawi karajêgan sarta kabêthekan. Manjangan, kidang, kancil, banthèng, jêjawa sapanunggilanipun sampun sami dhatêng wontên krapyaking sagaran. Amung sima kalihan cèlèng sami pinêjahan. Sang nata lajêng parentah adamêl masjid agêng, kang tinelad Masjid Dêmak. Botên lami masjid sampun dados, sakalangkung sae, sang prabu nuntên parentah dhatêng têtiyang sanagari, andikakakên sami salat dhatêng masjid ing sabên dintên Jumungah, kala samantên inggih kalampahan. Ing sabên Jumungah ing masjid agêng jêjêl tiyang ngantos balèbèr dhatêng surambi.