BTJ 2.38
Radên Sukra lan Radên Ayu Dipati
Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 461-477
BTJ 2.38.1
Kacariyos Radèn Dipati Sindurêja adarbe putra jalêr satunggil, patutanipun kalihan ingkang rayi sang prabu randhanipun Trunajaya kang sampun pêjah, putra wau anama Radèn Sukra, sakalangkung bagus warninipun, amênthelang lampahipun, ambêranyak kados putra Dyarawati,[9] tiyang sanagari Kartasura botên wontên kang nyamèni bagusipun, ngantos dados panjang kidunging para pawèstri, adamêl brăngta, utawi yèn wontên tiyang mêmantu, Radèn Sukra wau prêlu
BTJ 2.38.2
dipun aturi tumut angarak pangantèn, kadamêl têtingalan ing tiyang kang sami ngarak pangantèn. Kala samantên Radèn Sukra dipun suruhi ngarak pangantèn atêtêgar sangajêngipun tiyang kathah, kang ningali sami kasmaran. Pangaraking pangantèn wau mêdal ing alun-alun. Pangeran Dipati Anom pinuju ningali momor tiyang kathah, pangeran kagèt aningali ing tiyang bagus warninipun karêngga ing busana, têtêgar nêlasakên tênaga sangajênge tiyang angarak pangantèn. Pangeran andangu dhatêng abdinipun. Ingkang kadangu matur pêsaja, pangeran enggal [eng...] [...gal] kondur, sarta dhawah animbali Radèn Sukra, sabab sangêt panasing galih aningali bagusipun. Radèn Sukra sampun dhatêng ing ngarsanipun sang pangeran, lajêng kinèn nyêpêng sarta binêsta, Radèn Sukra ginitikan ing panjalin, jinêjêkan tinabokan ing tiyang kathah, maripat jinêjêlan ing sêmut cêmêng, Sukra asambat botên dosa sarta nyuwun pangapura druwili, pangeran amangsuli sêru, kowe aja takon dosa, yagene polahmu sawênang-wênang, kaya kang duwe nagara, têtêgar sangarêping wong kathah, jaranmu ora wurung nunjang wong, wong akèh iku baturku kabèh, hèh bocah ing kadipatèn, Si Sukra gitikana manèh, matane lêbonana sêmut manèh. Para abdi enggal tumandang, Sukra sambatipun ngaruara sarta nangis awaspa gêtih, lajêng botên èngêt. Nuntên dipun usung kasèlèhakên satêngahing radinan agêng, panakawanipun Sukra enggal sami amêndhêt. Sukra ginendhong binêkta mantuk. Ingkang ningali sami wêlas. Sadhatênge ing kapatihan ingkang rama tuwin kang ibu sami nangisi, Radèn Arya Sindurêja ing sakêdhap mèh supe ing galihipun, sumêja angrurah ing kadipatèn. Dene putranipun dipun niaya tanpa dosa, dangu-dangu èngêt yèn abdi, lajêng lilih ing dukanipun. Ingkang putra enggal ingusadan, antawis pitung dintên waluywa [wa...] [...luywa] kados wingi uni, nuntên pamit dhatêng ingkang rama sumêja ngamuk dhatêng ing kadipatèn. Ingkang rama botên anglilani, Radèn Sukra sangêt cuwa ing manahipun, tansah angonta-onta dhatêng pangeran dipati, ing pundi ênggènipun badhe kêpanggih Sukra botên ajrih, lajêng anggêgabah balanipun tiyang Bugis, kathahipun pitung dasa, sumêja dipun jak ngamuk, amung ngantos ngupados jalaran kemawon. Kala samantên Radèn Sukra engêt ing galih, yèn garwanipun pangeran dipati purik, wontên ing Kapugêran. Radèn Sukra ngandika
BTJ 2.38.3
ing salêbêting galih, takjajale garwane pangeran dipati iku taksanake, supaya nêpsua marang aku, dadia jalarane ênggonku bakal ngayoni. Radèn Sukra nuntên animbali êmbanipun jalêr kêkalih, anama Singanoda, kalih Patrawisa, Radèn Sukra ngandika, bapa, kowe apa wis padha wêruh warnane radèn ayu dipati lan apa kowe sumurup sababe purik iku. Êmban kêkalih matur, bandara, kula inggih sampun mirêng saking pawartosipun prasanakan kula tiyang Kapugêran. Mênggah warninipun radèn ayu wau inggih sakalangkung ayu, dene nalaripun purik punika, awit kawon rêbat sih kalihan èstri pêpundhutan saking ing dhusun Ngonje, samangke sampun kainggahakên garwa, amung makatên prakawisipun. Radèn Ayu wau salaminipun wontên Kapugêran kados gêrah kapit. Ingkang raka tan animbali, mila ingkang rama botên karsa andangu, pamrihipun supados puruna kondur dhatêng kadipatèn, nanging radèn ayu dèrèng karsa kondur, dados samangke radèn ayu wau ing sabên siyang tansah wontên panggung patamanan, katingal saking ing margi agêng Kapugêran, anglipur ing brangtanipun dhatêng ingkang raka, bapa, dhawuhana bocahku gamêl, jaranku kore putih Si Nirwati, sikile papat pisan watês dhêngkul sarta buntut suri kuncunge konên ngumbah ing nila wardi, banjur konên ngabah-abahi biludru[10] ijo. Êmban kêkalih matur sandika. Radèn lajêng ngrasuk busana kang adi-adi, akuluk cêmêng, sarta ngagêm sumping sêkar sumarsana, sapêlik sisih, Radèn Sukra dhasar bagus karêngga ing busana. Ing wanci srêngenge lumarab, Radèn Sukra nuntên nitih kuda sumêja têgar dhatêng ing Kapugêran ingiring rencang kalih wêlas kêlêbêt êmban kêkalih, kudanipun anyirig. Ênggènipun têtêgar maripit banon ing Kapugêran wingking, wira-wiri ing ngriku kemawon.
BTJ 2.38.4
Kacariyos radèn ayu dipati ênggènipun wontên ing Kapugêran sampun kalih wulan sarta kirang dhahar sare, warninipun wêwah ayu, anglir gambar wêwangunan. Wadana amindha wulan. Netranipun lir intên sinarawèdi, [sinarawè...] [...di,] waja kados mirah sinundukan. Alis ananggal sapisan. Rema kêtêl cêmêng, dêdêgipun rêspati, èsême kang ningali sami kumêsar, paningalipun lindri, anglir murca kinêdhèpakên. Ing nalika punika sang putri pinuju lênggah ing pêpanggungan, ingadhêp êmban èstri kêkalih, para nyai satunggil anyurèni remanipun sarwi rimong sinjang jingga tinêpi ing renda, sang rêtna kagèt aningali ing kakung
BTJ 2.38.5
nitih kuda nyirig, wira-wiri, kang angiring ragi têbih, sang putri alon ngandika dhatêng êmban. Sapa kang têgar iki, bola-bali ngetan ngulon lan angungak-ungak mrene, ayo padha andêlêng ing dhuwur bata kana. Êmbanipun matur, ênggèr, sampeyan sampun ngantos ningali mriku, ingkang têgar punika bilih raka dalêm kangjêng pangeran dipati, dados sampeyan badhe angsal lêpat. Sang rêtna angandika, kae dudu bojoku, katara kang ngiring ming sathithik. Yèn bojoku kang ngiring mêsthi akèh, lan aku măngsa panglinga, sanajan nganggoa cara guprênur, aku mêsthi ora pangling, wong ika anyar katon. Sang rêtna enggal tumurun saking panggung sarwi mundhut ăndha kaêtrap ing banon. Sang rêtna sampun minggah ngăndha, jaja manglung sanginggiling banon, wadananipun katalorong soroting raditya ing wanci jam gangsal sontên. Gumêbyar kadya wulan purnama sêdhêng andhadhari, kalih- kalihipun sarêng ênggènipun sami ningali, dangu ênggènipun sami kamitênggêngên. Sukra sangêt ênggènipun kasmaran dhatêng radèn ayu, sanalika kudanipun kèndêl. Sukra malongok. Sang rêtna lajêng akèn dhatêng êmbanipun kang tumut mènèk ing banon satunggil, kapurih pitakena dhatêng Sukra, êmban inggih enggal pitakèn. Wong bagus, kula ingutus sang rêtna andangu, jêngandika punika sintên. Radèn Sukra kagèt, lajêng amangsuli sarwi nyirigakên kapal. Kula putrane Radèn Adipati Sindurêja, nama kula kala rare pun Sukra, nama kula sêpuh Natadirja, nanging dèrèng patos karan, taksih karan pun Sukra kemawon. Sang putri sarêng mirêng lajêng ngandika sêru, he, kalingane kowe Si Sukra, dene bangêt têmên ênggonmu dêksura sarta gumagus, ora rumăngsa yèn wong cilik, lan ora ngeman bagusmu, upama kowe kauningana marang kangmas dipati, amêsthi dipothol gulumu, amarga solahmu bangêt daladak, ora pêrnah. Radèn Sukra wicantên sarwi mèsêm. Dhuh wong ayu gustine pun Sukra, kula botên ajrih dhatêng pun Kêncèt, ngabên karosan tuwin kadigdayan. Ing saênggèning kêpanggih dhasar kula sêdya agêntos kêris tuwin gêntos waos, sok ugi gusti kula wong ayu asiha dhatêng kula, kapandhinga bagusipun [bagusipu...] [...n] inggih taksih bagus kula. Sukra lajêng nyamêthi kuda, nyandêr mantuk. Sadhatênge ing griyanipun tumurun
BTJ 2.38.6
saking titihan, aniba ing pasarean, sangêt ênggènipun brăngta dhatêng sang putri. Wondene radèn ayu wau inggih nuntên kondur ing dalêm, angandika dhatêng êmbanipun. Biyung, aku isih gêtun, Si Sukra mau dakkira sida kedanan marang aku, upamane aku sida dipêgat marang kangmas, aku apatut yèn banjura laki Si Sukra. Êmbanipun matur, ênggèr, pamanah kula botên prayogi, sabab pun Sukra anaking bala, raka dalêm putraning ratu, ewadene upami raka dalêm sedaa inggih prayogi anêmpah bêbêtahan. Sabab pun Sukra bagus, dhasar putraning pêpatih, kaprênah sadhèrèk nak-sanak. Sang rêtna gumujêng suka.
BTJ 2.38.7
Kacariyos Radèn Sukra, sawungunipun sare lajêng rêngêng-rêngêng kêkidungan, kados satêngah ewah, ingkang kacipta amung putri ing Kapugêran. Êmbanipun kêkalih sami matur kathah-kathah, amurih sampun ngantos anglanturakên ing pikajênganipun, nanging Sukra botên keguh, malah sumêja lampah dhustha dhatêng ing Kapugêran anyidrèng rêsmi, ing wanci dalu Sukra lajêng dandos cêcawêtan, anyandhak karbin sarwi akalung kêrga. Êmbanipun matur, anggêgendholi sarwi nangis. Ênggèr, sampun ngantos kalajêngakên karsa sampeyan punika, sabab [sa...] [...bab] sangêt ênggènipun botên prayogi, kaping kalih, tiyang lampah makatên punika amêsthi kêdah mawi jaruman rumiyin, sarat ambucal arta utawi rajabrana, karsa sampeyan punika upamènipun tiyang mêndhêt ulam ing toya, tiwas buthêk toyanipun, ulam botên kenging, upami sampeyan kapara ing tiwas, badhe sangêt ing nisthanipun. Radèn Sukra amangsuli, iya bênêr kowe, bapa, nanging aku mêksa, sanajan aku tumêka ing tiwas, sok uga wis andêlêng sadhela marang radèn ayu. Sukra nuntên mangkat. Êmban kêkalih atut wingking, sadhatêngipun sajawining banon pagêr ing Kapugêran, kèwêdan ing marginipun. Kakên ing manah Sukra anangis. Karbin sarta krêganipun binanting ing siti, êmbanipun enggal anguculi sabuk, kacêlupakên ing toya, lajêng kauncalakên sumampir ing pagêr banon. Sinjang karakêt. Sukra marambat anurut wastra, nuntên malorod dhatêng salêbêting pagêr banon. Êmbanipun kantun wontên ing jawi, Sukra amatak aji lêlimunan. Nanging lajêng sinambêran ing pêksi kolik, bênce, têtuhu.
BTJ 2.38.8
Kacariyos para putra ing Kapugêran, anama Radèn Mas Ăntawirya, kalih Radèn Martataruna, Radèn Dipataruna, sakawan Radèn Mas Wăngsataruna, gangsal Radèn Mas Săngka, nêm Radèn Mas Sudama, ing wanci dalu dèrèng wontên sare, sami kagèt mirêng ungêling pêksi wau, anyambêri ing patamanan. Sami graita yèn wontên pandung, enggal sami nganglang dhatêng prênahing ungêling pêksi, tanpa obor, Radèn Mas Ăntawirya wantêr ing galihipun, têrang kang nurut banon. Radèn Sukra uninga dhatêng kang sami ngênganglang wau, enggal nyalimpêt alingan wiwitan,[11] sumêja wangsul mêdal. Lampahipun anyampar ron aking kumrèsèk. Radèn Mas Ăntawirya mirêng swara kumrèsèk, enggal parentah mundhut obor, para rayi enggal amundhut obor, sampun dhatêng, Sukra sampun mènèk pagêr banon marginipun wau, lajêng aniba ing jawi, nuntên lumajêng kalihan êmbanipun. Nanging kalanipun marambat ing pagêr banon katalorong ing obor, para putra sami awas paningalipun, lajêng opyak wontên pandung, Radèn Mas Ăntawirya enggal anglumpati pagêr banon. Sampun dumugi ing jawi, lajêng ambujêng pandung, ingkang para rayi malumpat botên wontên bakit, nuntên sami mêdal ing kori, sarta abdi ingkang sami caos, sumêja sami nusul bujêng pandung sarwi alok, gumêdêr swaranipun. Tiyang ing kapatihan inggih sami tandang sumêja nyêgati pandung, oboripun kados raina, tiyang ing Kasindurêjan sami kagèt aningali [a...] [...ningali] Radèn Sukra sarta êmbanipun, sami mêmpis-mêmpis. Enggal sami dipun alingi kasingkirakên. Anuntên Radèn Mas Ăntawirya dhatêng ing ngarsane tiyang Kasindurêjan. Tiyang Kasindurêjan sami mêndhak sarwi nyêmbah pitakèn pawartos. Radèn Mas Ăntawirya mangsuli, yèn bujêng pandung, plajêngipun mariki. Tiyang Kasindurêjan matur yèn botên wontên. Radèn nuntên kondur, kadhèrèkakên tiyang Kasindurêjan.
BTJ 2.38.9
Kacariyos Radèn Sukra, manahipun sangsaya sangêt ênggènipun brăngta dhatêng sang putri, ajêng[12] adamêl rêrêpèn pitung pada kaaturakên ing sang rêtna, ingkang dipun utus ngaturakên anama Nyai Tambakbaya, kang minăngka jaruman. Rêrêpèn inggih sampun katur ing sang rêtna, lajêng kasimpên sangandhaping karangulu, botên antawis lami kawartos ing têtiyang kathah, yèn radèn ayu dipati amêmitra kalihan Sukra, pawartos punika katur ing Pangeran Dipati Anom. Pangeran dipati enggal akintun sêrat dhatêng ingkang paman
BTJ 2.38.10
Pangeran Pugêr, sêrat inggih sampun katampèn. Ungêlipun. Kula angaturi uninga ing sampeyan, yèn putra sampeyan adhi ajêng samangke lampah culika, alêlawanan kalihan pun Sukra, sampun urup-urupan wastra, tuwin kintun-kêkintunan samukawis. Pangeran Pugêr sasampuning maos sêrat, pasuryanipun [pasuryani...] [...pun] abrit, sangêt ing dukanipun. Enggal animbali para putra, Pangeran Pugêr ngandika, thole Sudira, undangên bakyumu Si Lêmbah. Radèn Mas Sudira enggal lumampah dhatêng ing gandhok. Pangeran ngandika malih dhatêng putra Radèn Mas Ăntawirya, kulup Ăntawirya, mêngko samangsane bakyumu têka ing ngarêpku kowe dikêbat anggêledhahana paturone bakyumu, manawa kowe nêmu layang, sarupa- rupane, tumuli gawanên mrene. Ingkang putra matur sandika. Botên dangu radèn ayu dipati dhatêng ing ngarsane sang rama, Radèn Mas Ăntawirya sampun ambalengkrah pasareanipun kang bakyu, nuntên manggih sêrat rêrêpèn, lajêng kaaturakên ingkang rama, Pangeran Pugêr sarêng sampun nampèni rêrêpèn, lajêng ngandika dhatêng ingkang putra èstri, Lêmbah, sarèhning kowe laki gusti, manawa ana kaluputanamu sandhangên dhewe, aja anggêgawa sadulur utawa wong atuwamu. Radèn ayu dipati sarêng mirêng botên amangsuli, lajêng kondur sarta muwun. Saunduripun radèn ayu dipati Pangeran Pugêr lajêng amaos sêrat rêrêpèn wau, pangeran sangêt dukanipun, lajêng ngandika dhatêng ingkang para putra, baya wis pinêsthi yèn aku kawirangan têka ing anak wadon. Hèh Sudira sarta anakku lanang kabèh, dikêbat bakyumu Si Lêmbah untapna sadina iki, sarta bature wadon kang jênêng Si Tambakbaya, yèn kowe padha ora nana kolu anguntapake, padha kênaa ing supataku. Para putra matur sandika sarta sami muwun. Para garwa tuwin tiyang salêbêting dalêm gumarumung sami nangis. Para putra wau sampun kêpanggih kalihan ingkang bakyu, matur amundhut pêjahipun. Radèn ayu dipati anglês galihipun, ngandika sarwi muwun. Sudira, kangjêng rama iku ora nganggo titi pariksa, anggugu wêwadule kangmas dipati bae, kowe matura ing kangjêng rama, yèn aku ora nglakoni culika sarta ora duwe niyat. Dene manawa kangjêng rama mêksa mundhut patiku, aku ya nyumanggakake, sêmbah kula bae aturna. Radèn Sudira angatag dhatêng Radèn Ăntawirya, kapurih katura ingkang rama. Radèn Ăntawirya inggih enggal matur dhatêng ingkang rama,
BTJ 2.38.11
Pangeran Pugêr agandika, Ăntawirya, kowe sarta sadulurmu kabèh aja ana kang mandhêg tumolèh, mulane bakyumu dakukum saiki, supaya besuk ing ngakherat oleha pangapuraning Allah, lan anyupêt pocapan. Karodene sapa anakku kang ora măngga anguntapake kêna ing supataku. Radèn Ăntawirya enggal wangsul dhatêng gandhok, matur dhatêng ingkang raka yèn ingkang rama kêkah ing karsa. Radèn Ayu Lêmbah sarêng mirêng lajêng amuwun. Ingkang rayi rinangkul gêntos, sarwi amamêling kathah-kathah, [kathah...] [...-kathah,] anuntên siram kujamas, sarta agêgănda, lajêng lênggah sarwi kukup wadana, ingkang rayi kêkalih astanipun têngên nyandhak cindhe, katangsulakên jangganipun ingkang bakyu, astanipun kang kiwa ngusapi waspa, ingkang rayi sanèsipun sami nyêpêngi suku tuwin astanipun kang bakyu, sarta sami nangis. Radèn Ayu Lêmbah sampun seda amargi katangsulan jangganipun. Tuwin Nyai Tambakbaya inggih sampun pinêjahan. Ing Kapugêran tangis gumêrah swaranipun, layon sampun pinêtak. Ing sasedanipun Radèn Ayu Lêmbah ingkang ibu enggal lumajêng dhatêng kadhaton, matur ing sang prabu wiwitan dumugi wêkasan. Sang nata sarêng mirêng saklangkung kagèt, têbah jaja sarwi ngusapi waspa, asêrêt pangandikanipun. Bok ipe, ya talah lakinira dene ora nganggo tutur marang ingsun. Karodene têka aninggal paribasaning wong, paribasaning wong iku, sagalakane macan, măngsa kolua matèni marang anake, adhi mas iku kok kolu. Dangu-dangu sang prabu duka ing galihipun dhatêng Sukra, lajêng parentah animbali para bupati sabalanipun. Para bupati inggih enggal sami dhatêng, sang nata lajêng utusan dhatêng Radèn Sindurêja amundhut pêjahipun Sukra, utusan sampun lumampah, nanging enggal wangsul, sabab botên angsal margi, kori ing Kasindurêjan dipun kunci, ing lêbêt [lê...] [...bêt] sami pacak baris. Sukra sumêja soroh amuk dhatêng ing kadipaten, ambelani radèn ayu, Radèn Dipati Sindurêja tansah angampah sarta amituturi, Radèn Sukra mêksa badhe ngamuk. Radèn Sindurêja awêlas ningali dhatêng ingkang putra, kèlu ing galih sumêja nglabuhi putra, lajêng parentah angrakit gêgaman. Wondene utusanipun sang prabu wau inggih sampun matur yèn botên angsal margi, sabab Radèn Sindurêja sampun pacak baris, supe yèn ngabdi saking sangêting trêsnanipun dhatêng anak jalêr amung satunggil. Sang prabu sarêng mirêng atur makatên saklangkung duka,
BTJ 2.38.12
lajêng parentah dhatêng para bupati, andikakakên ngrurah ing Kasindurêjan. Ki Tumênggung Sumabrata enggal matur, gusti, bilih panjênêngan dalêm marêngi, prayogi rayi dalêm Radèn Ayu Sindurêja katimbalana dhatêng kadhaton. Kadangua kadospundi ingkang badhe dados kaniyatane lakinipun. Sang nata anurut dhatêng aturipun Ki Sumabrata, lajêng dhawah dhatêng lurah abdi èstri, anama Wilaja kalihan Suwănda, andikakakên nimbali Radèn Ayu Sindurêja, utusan enggal lumampah, kairing ing para bupati sabalanipun, kinèn ngêpung ing Kasindurêjan. Inggih sampun kinêpung, dene Nyai Wilaja kalihan Nyai Suwănda sampun sami lumêbêt. Radèn Dipati Sindurêja sakalihan kêpanggih angrangkul Radèn Sukra, [Su...] [...kra,] sabab Sukra sumêja mêdal ing Jawi angamuk. Nyai Wilaja sarta Nyai Suwănda lajêng andhawahakên timbalan. Radèn Dipati Sindurêja, jêngandika tămpaa timbalan dalêm. Putra jêngandika Radèn Sukra kenging ing kukum molah, pinundhut ing sang prabu badhe pinêjahan. Radèn Sindurêja dangu ênggènipun anjêtung, nuntên amangsuli, Nyai, dika matur ing sang prabu, bilih parêng kula kemawon kenginga analangi pêjahe pun Sukra. Nyai Wilaja sarêng mirêng wangsulan mêngkatên, nuntên wicantên dhatêng Radèn Ayu Sindurêja, yèn dipun timbali ing sang nata. Radèn Ayu enggal mangkat, kairingakên ing utusan. Sampun dumugi ing ngarsa dalêm. Sang nata ngandika alon. Adhi ajêng, sira tutura marang lakinira, yèn dhèwèke arêp nêmu bêcik sarta arêp anjaluk uripe anake, konên tumuli seba ing ngarsaningsun. Samangsane ora mêngkono, amêsthi ingsun bakal tindak dhewe angrusak ing Kasindurêjan. Radèn Ayu Sindurêja aturipun sandika enggal mantuk. Sampun sanjang dhatêng lakinipun punapa ing sadhawahipun sang prabu sadaya, Radèn Sindurêja sangêt kèwêdan ing galihipun, ing wusana anurut dhatêng garwanipun. Nuntên wicantên dhatêng ingkang putra sarwi ingaras êmbunipun. Ênggèr, kèria ana ing omah bae, taksuwunake pangapura ing sang prabu. Radèn [Ra...] [...dèn] Sindurêja lajêng mangkat kalihan ingkang garwa, sowan dhatêng kadhaton. Sadhatêngipun wontên ing kori kamandhungan kapêthukakên dhatêng Ki Tumênggung Sumabrata, Radèn Sindurêja kapundhut dhuwungipun sarta kinubêng para prajurit, rinêksa wontên ing ngriku.
BTJ 2.38.13
Sang nata nuntên utusan dhatêng bupati ingkang sami angêpung ing Kasindurêjan. Andikakakên mêjahi Sukra, para bupati ingkang kadhawuhan wau sami kèwêdan, ajrih lumêbêt. Awit Sukra sampun pacak baris angatos-atos. Anuntên wontên santananipun Radèn Sindurêja, kaprênah paman dening Radèn Sukra, anama Ngabèi Măndaraka, punika kang sagah lumêbêt angipuk Sukra, Ngabèi Măndaraka enggal mènèk pagêr banon, sampun dumugi ing lêbêt panggih kalihan Sukra, Ki Măndaraka lajêng angrangkul dhatêng Sukra sarwi nangis, sarta pitutur kathah-kathah, amurih icale nêpsunipun Sukra, sarta katanggêl yèn ngantosa manggih tiwas. Sampun dilalah Radèn Sukra gampil manahipun, miturut dhatêng Ki Măndaraka, balanipun lajêng kabibarakên. Para bupati enggal sami lumêbêt. Sukra sampun cinêpêng, nuntên dèn ombèni upas, nanging botên tumama, enggal Ngabèi Măndaraka angukêl rambutipun Sukra, gulunipun dèn idêk sarta binêthok. Radèn Sukra sampun pêjah, para bupati nuntên sami matur ing sang prabu yèn Sukra sampun pêjah, Radèn Sindurêja lajêng linuwaran sarta kalilan mantuk. Kala samantên sang nata lajêng amundhut putranipun èstri Pangeran Pugêr, anama Radèn Ajêng Impun kalihan kapenakanipun èstri Radèn Ayu Pugêr, sami pinundhut putra ing sang prabu kadèkèkakên ing kadhaton. Sang nata lajêng parentah ing para bupati, sami andikakakên ngusungi maryêm agêng kang sami wontên ing Matawis, kabêkta dhatêng ing Kartasura, inggih sampun kalampahan.