BTJ 3.3
Tênung Walênda lan Pangeran Pugêr
Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 492-495
BTJ 3.3.1
Gêntos kacariyos nagari ing Batawi, ingkang dados guprênur jendral anama Hirpèk Husdiman, kala samantên tampi sêrat saking kumêndur ing Japara, angaturi pariksa yèn pisêrat saking ing Kartasura, amaringi pariksa yèn Sang Prabu Mangkurat sampun seda, putranipun kang nama Pangeran Dipati Anom sampun anggêntosi jumênêng nata, nanging ênggènipun paring pariksa sampun antawis lami saking gènipun jumênêng, wêtawisipun kumêndur, sang prabu enggal punika sumêja amêdhot ênggèning prasanakan kalihan Kumpêni, botên anglastantunakên jangjènipun ingkang rama swargi kalihan Kumpêni.
BTJ 3.3.2
Tuwan gurnadur jendral lajêng pirêmbagan kalihan tiyang agêng-agêng ing Batawi, para tiyang agêng wau sampun sami amastani yèn sang prabu têtêp cidra ing jangji, nuntên sami rêmbag sumêja anglampahakên kadursilan ingkang rêmit, amurih sedanipun sang nata. Kala samantên lajêng sami ngupados tênung, inggih sampun angsal isaratipun têlas gangsal kêthi reyal. Tênung sampun nate adamêl pêjahipun para ratu ing sabrang, ing nalika punika tênung wau awarni jalma, agêngipun sapra unthing, panjanging suku sacêngkal. Rambutipun gambal,[15] tagang gotongan,
BTJ 3.3.3
tênung sampun lumaksana dhatêng ing Kartasura, nyiluman amor angin, anjujug ing kadhaton wanci têngah dalu, sang nata pinuju mêdal ing plataran prabayasa. Tênung sarêng aningali sang prabu nuntên tumurun saking jumantara, anjênggêlêg ing ngarsane sang prabu, sang nata sangêt kagèt, githokipun mangkarag, sariranipun gumêtêr, sang nata nuntên angintên yèn kalangênanipun Panêmbahan Senapati ing Mataram rumiyin. Lajêng purun pitakèn. Kowe iku sapa, dene gêdhemu angluwihi, apa kowe Si Juru Taman, kalangênane eyang Senapati biyèn.
BTJ 3.3.4
Tênung matur sêru, aku dudu Juru Taman, aku tênunge wong Walănda, kang dadi raja ing tanah Jawa apa kowe.
BTJ 3.3.5
Sang nata sarêng mirêng sakêlangkung ajrih sarta dhêrodhog, gugup ênggènipun mangsuli, dudu aku kang dadi raja, dene kang dadi nata amêngku ing tanah Jawa kaprênah pamanku, kadhatone ing Kapugêran, lor bênêr sêka ing kene. Tênung enggal kesah, sang nata lêga galihipun. Marasipun sampun ical.
BTJ 3.3.6
Lampahing tênung sakêdhap netra dumugi ing Kapugêran. Anjujug ing latar panêpèn. Pangeran Pugêr amarêngi turas ing latar ngriku, kagèt aningali ing jalma botên kaprah agêngipun. Pangeran sampun angintên yèn punika brêkasakan. Pangeran lajêng amatak donga sepi, amurugi tênung sarta pitakèn. Kowe iki setan apa êjim, dene gêdhemu kagila-gila.
BTJ 3.3.7
Tênung sumaur, aku tênung Walănda, sapa kang dadi ratu ing tanah Jawa.
BTJ 3.3.8
Pangeran amangsuli, ratuku ana ing kadhaton.
BTJ 3.3.9
Tênung wicantên malih sarwi nyêntak. Ah aku mau saka ing kadhaton. Ana wong siji kang nêmoni ing aku, atutur marang aku yèn ratune ana ing kene, malah kaprênah pamane lan kang tutur iku.
BTJ 3.3.10
Pangeran sarêng mirêng lajêng mèsêm sarwi ngandika, ansaallah ya ingsun kang jumênêng nata amêngku ing tanah Jawa, kowe sumêja apa têkamu ing kene.
BTJ 3.3.11
Tênung amangsuli, ana kang kongkon marang aku, angadu kasêktèn [ka...] [...sêktèn] lan ratu Jawa, yèn ratune wis kalah mati dening aku, nuli balane kabèh dakkon numpês marang sarupaning wong Jawa.
BTJ 3.3.12
Pangeran Pugêr mèsêm sarwi ngandika, lah payo têkakna kasêktènmu, kowe iki lêlêmbut sumêja sikara. Pangeran Pugêr lajêng amatak donga bêsmah sarta donga bala sêrèwu tuwin donga sanèsipun. Tênung lajêng ngalumpruk. Badanipun awarni rare alit, kajuwat-kajuwit botên sagêd wicantên, mripatipun pucicilan. Pangeran Pugêr ngandika malih, saiki kowe wis kalah kasêktènmu, nuli lungaa dikêbat, balia marang panggonamu ing sabrang, lungamu ngalora nurut Gunung Kêndhêng kana, ana ing dêdalan aja ganggu-ganggu marang sarupaning wong, sabab wong tanah Jawa batur kabèh, yèn kowe ora tumuli lunga, apa kowe nganti dakdulang ing tai lingsang.
BTJ 3.3.13
Tênung enggal kesah mangalèr nurut rêdi Kêndhêng, kang kamargenan kathah têtiyang sakit rumab. Kala samantên sampun tatas raintên. Sang nata lajêng utusan anêlik Pangeran Pugêr gêrah utawi
BTJ 3.3.14
botênipun. Utusan inggih sampun wangsul, matur yèn pangeran taksih wilujêng, botên ewah taksih kados sabên. Sang nata sangêt ngungun.