BTJ 3.4
Radên Ayu Pakuwati lan Pangeran Cakraningrat
Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 495-498
BTJ 3.4.1
Kacariyos putranipun sang prabu ingkang pambajêng seda, panênggakipun jalêr sampun kaangkat nama Pangeran Mangkunagara, [Mangku...] [...nagara,] ingkang rayi kaangkat nama Pangeran Mangkuningrat. Radèn Dipati Sindurêja atilar putra jalêr satunggil, sampun kajunjung nama Tumênggung Sindurêja, santananipun sang nata saking kang ibu anama Radèn Ănggadimêja kaangkat nama Pangeran Balitar.
BTJ 3.4.2
Kala samantên amarêngi sidêkah satus dintênipun sang prabu kang sampun seda, para bupati sami lumêbêt ing kadhaton sarimbit, sarta sami nyipêng. Kacariyos wontên garwanipun anèm Pangeran Cakraningrat, ayu warninipun, dèrèng pêputra, anama Radèn Ayu Pakuwati, pantês salêlewanipun. Sarêng kauningan sang prabu lajêng ingapusan dhatêng pajungutan. Sadhatênge ing ngriku lajêng kagujêg, pinêksa katunggil sare, radèn ayu badhe mopo, nanging botên kuwawi nyêmbadani karosanipun sang prabu, dados anangis sarta jêlih-jêlih, sarêng sampun radèn ayu nuntên mantuk, sarta mrêbês mili,
BTJ 3.4.3
sadhatêngipun ing pondhokan Pangeran Cakraningrat sawêg nguwêt puyuh, kagèt aningali garwanipun dhatêng, puyuh lajêng kalêbêtakên ing kurungan. Pangeran enggal mêthukakên. Pangeran kagèt aningali garwanipun mêrbês mili, enggal pitakèn. Garwanipun amangsuli bêlaka yèn kawasesa ing sang prabu, pangeran sarêng mirêng saklangkung duka, pasuryanipun abrit, andik paningalipun. Sakala agadhah [aga...] [...dhah] cipta sumêja angrurah ing kadhaton. Dangu-dangu pangeran emut wawêlingipun sang nata swargi, kinèn angêmong ing sang prabu punika, pangeran lilih ing dukanipun. Lajêng utusan angaturi Ki Tumênggung Jangrana ing Surabaya, inggih sampun dhatêng wontên ing ngriku,
BTJ 3.4.4
Pangeran Cakraningrat ngandika, kakang Jangrana, ing saiki aku sumêja amalik tingal, sabab sang prabu solahe acalunthangan, ayo padha angipuk Pangeran Pugêr, diangkat jumênêng nata, sabab iku kang alus budine, asih marang bala, patut yèn jumênênga nata.
BTJ 3.4.5
Ki Tumênggung Jangrana inggih lajêng kèlu kemawon. Sabab sampun mirêng pawartos yèn ing Surabaya badhe kadadosakên kêkalih. Pangeran Cakraningrat kalihan Ki Jangrana ing wanci dalu lajêng sami sowan dhatêng Kapugêran, sampun kêpanggih, ingancaran lênggah panêpèn.
BTJ 3.4.6
Pangeran Pugêr alon ngandika, adhi, sakarone kadingarèn, kowe padha mrene bêngi-bêngi, ana karêpmu apa.
BTJ 3.4.7
Pangeran Cakraningrat matur bêlaka yèn sakit manahipun dhatêng sang nata, lajêng angipuk sarta anggêgasah dhatêng Pangeran Pugêr, ingaturan jumênêng nata, angrêbata nagari ing Kartasura, dene ingkang dados gêgêbaging prang inggih Pangeran Cakraningrat sarta Ki Tumênggung Jangrana ingkang anyagahi. Pangeran Pugêr alon amangsuli, kang ora-ora, adhi, koucapake, lan yèn [yè...] [...n] wong wani-wani ing ratu, iku ora bêcik kang bakal tinêmu, krana ratu iku minăngka warananing Allah, karo dene adhi, aku ora duwe sêja angêndhih nagara ing Kartasura, amung niyat momong bae marang kang dadi ratu.
BTJ 3.4.8
Pangeran ing Sampang matur, kaka mas, pangandika sampeyan punika inggih lêrês, bilih sang prabu anglulusna wêwêlingipun ingkang rama swargi, măngka dhatêng sampeyan sampun anganiaya, dhatêng ing kula sawiyah-wiyah makatên. Pun kakang Jangrana punika inggih sakit manahipun. Lajêng kathah-kathah pangipukipun Pangeran Cakraningrat wau, wangsulanipun Pangeran Pugêr kagalih rumiyin.