BTJ 3.5

Sêrat saking Samawis lan Rancangipun Pangeran Pugêr

Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 498-502

BTJ 3.5.1

Gêntos kacariyos Ki Răngga Yudanagara ing Samawis, sangêt ênggènipun prihatos. Amirêng pawartos yèn sang prabu kagungan abdi kêkasih paranakan Cina, sampun kaangkat nama Tumênggung Jayaningrat sarta agadhah panyuwun dados bupati wontên ing Samawis. Sang prabu inggih badhe amarêngi. Kala samantên Ki Răngga ing Samawis lajêng utusan ngaturi sêrat dhatêng ing Pangeran Pugêr, ingkang dipun utus mantri kêkalih, anama Tanpanaha kalih Sawunggaling, sadhatêngipun ing Kartasura anjujug pêpatih ing Kapugêran, anama Sêtrajaya, inggih lajêng kaaturakên ing gustinipun. Sêrat lajêng kawaos, suraosipun, Ki Răngga angaturi [angatur...] [...i] uninga yèn Kapitan Kênol ing Samawis dalasan para Kumpêni kang wontên ing tanah Jawi sadaya sami sakit manahipun dhatêng sang prabu, awit kalanipun jumênêng nata botên mawi pratela dhatêng tiyang Kumpni, ing mangke tiyang Kumpêni angajêng-ajêng ing Pangeran Pugêr lolosa saking Kartasura, tumêdhaka dhatêng ing Samawis. Wontên ing ngriku badhe kaangkat jumênêng nata dhatêng tiyang Kumpêni. Pangeran Pugêr sasampuning maos sêrat sakalangkung lêga galihipun. Utusan lajêng dipun ganjar busana sapangadêg kalih pisan, pasangonipun mitung reyal, sarta sampun pinaringan wangsulan.

BTJ 3.5.2

Pangeran Pugêr nuntên èngêt dhatêng Pangeran Cakraningrat. Utusan saking Samawis kinèn ngêntosi. Pangeran Pugêr enggal dhawah animbali Pangeran Cakraningrat kalihan Tumênggung Jangrana, inggih sampun sami dhatêng wontên ing Kapugêran. Lajêng inguncalan sêrat kang saking Samawis. Sang dipati kêkalih sasampuning maos sêrat sangêt bingah ing manahipun. Angraos yèn angsal kanthi, utusan lajêng dèn pangadêg dhatêng Pangeran Cakraningrat sarta yatra nyadasa reyal. Ki Tumênggung Jangrana inggih maringi makatên. Pangeran Pugêr sampun amaringi wangsulan sêrat. Sarta angintuni lorodan rasukan dhatêng Ki Răngga ing Samawis. Pangeran Cakraningrat inggih angintuni sêrat dhatêng ing Răngga, [Răng...] [...ga,] utusan sampun mêsat saking Kartasura.

BTJ 3.5.3

Priyantun têtiga wau lajêng sami pirêmbagan. Pangeran Cakraningrat matur alon. Kakang mas, ing pundi panggenan kang sampeyan rêmêni anglêmpakakên gêgaman.

BTJ 3.5.4

Pangeran Pugêr angandika, adhi mas, lungaku têka ing Kartasura aku bakal jumujug ing Dêmak. Ing kono ênggonku sumêja jumênêng nata, sarta akêklumpuk bala, dene wong Kumpêni tulung ya bêcik, nanging aku bakal prasabên bae.

BTJ 3.5.5

Pangeran ing Sampang matur, yèn karsa sampeyan sampun kêncêng, kula badhe pamit mantuk dhatêng ing Maduntên angrumiyini, badhe akêklêmpak gêgaman. Dene pun kakang ing Surabaya angantunana, sampun ngantos ngatawisi sarta rumêksa ing sampeyan ing kabatosan. Sarêng sampun giliging rêmbagipun sang dipati kêkalih lajêng mantuk dhatêng pondhokipun.

BTJ 3.5.6

Enjingipun Pangeran Cakraningrat sowan ing sang prabu anyuwun pamit sumêja tuwi nagarinipun, asêngados botên lami nuntên wangsul. Sabab sangêt sumêlangipun yèn anilara lami-lami ing sang prabu, aturipun Pangeran Cakraningrat wau botên katawis yèn ngandhut wêwados. Wondene sang prabu inggih botên pisan kagungan panggraita, yèn Pangeran Cakraningrat sakit manahipun. Sabab kamokalakên yèn garwanipun puruna bêlaka, pangandikanipun alon. Paman, [Pama...] [...n,] kula gih anglilani, nanging ampun lawas-lawas. Nuli andika bali, kalih dene pondhokane paman saene ontêna kang nênggani, pun bibi salah satunggil prayogine tinilara.

BTJ 3.5.7

Pangeran Cakraningrat matur yèn garwanipun kêdah sami tumut. Sang nata lajêng amaringi pasangon pitung atus reyal. Pangeran

BTJ 3.5.8

Cakraningrat nuntên lèngsèr saking ngarsane sang prabu, sadhatênge ing pondhokan lajêng bidhal lan sagarwa putra tuwin balanipun sadaya, lampahipun sampun dumugi ing Sampang, lajêng tata-tata sarta anggêganjar dhatêng balanipun. Ing sabên dintên tansah anggêgulang pratingkahing pêrang.

BTJ 3.5.9

Kacariyos Pangeran Dipati Pugêr, ing sabên dalu tansah anêkung anêgês karsaning Allah, kala samantên sampun angsal samitaning[16] Allah kalilan jumênêng nata, anuntên botên antawis lami Radèn Suryakusuma ingkang dados kraman kacêpêng dene[17] Arya Banyakwidhe, amargi dipun bujuk. Radèn Suryakusuma dèn bêronjongi, sampun misuwur ing têtiyang sanagari Kartasura, yèn Radèn Suryakusuma kacêpêng, Pangeran Pugêr sarêng mirêng pawartos mêngkatên, enggal amarentahi ing balanipun tuwin para garwa putranipun sadaya, yèn pangeran sumêja lolos. Parentahipun kadadak sarêng sadalu, usrêg pating kalêsik. Para putra sami gugup, solahipun awarni-warni, wontên kang ngêmban putra, [pu...] [...tra,] wontên kang bêbondhetan kalihan sêliripun. Sawênèh mandhi waos sarwi kêkalung karbin.