BTJ 3.6

Pangeran Pugêr Lolos saking Kartasura dhatêng Samawis

Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 502-509

BTJ 3.6.1

Ing wanci pukul kalih dalu, ing taun 1628 Pangeran Pugêr lolos, mêdal ing kori bêbutulan, lan saputragarwanipun tuwin ingkang abdi sadaya, gumarêdêg swaranipun, angalèr ngilèn. Kadet[18] ingkang sami kamargenan, sarta sami sumêrêp yèn Pangeran Pugêr lolos. Tiyang ingkang sami sumêrêp wau lajêng sami ngaturi uninga ing lêlurah bêkêlipun. Nuntên katur dhatêng Ki Dipati Sumabrata, Ki Sumabrata enggal lumêbêt dhatêng kadhaton. Sampun kapanggih kalihan wadana kang kêmit tuwin lurah abdi èstri, Ki Sumabrata akèn amungu sang prabu, sang nata inggih sampun kawungu, nuntên têdhak amanggihi Ki Sumabrata, Ki Sumabrata inggih sampun matur yèn Pangeran Pugêr lolos. Sang nata sarêng mirêng saklangkung gugup, enggal amundhut bêndhe Kyai Bicak. Nuntên tinabuh, binarung kalihan têtêg. Tiyang sanagari Kartasura gègèr abilulungan. Sami anarka yèn Pangeran Pugêr ngamuk dhatêng kadhaton. Para bupati mantri sabalanipun pating balêbêr lajêng sami baris ing korining kadhaton tuwin ing alun-alun. Saking bantêripun swaraning bêndhe tuwin swaraning tangara sanèsipun, ingkang sawêg lolos sami mirêng, lampahipun sawêg dumugi [du...] [...mugi] ing Cêpaga, sangêt sami gugupipun. Pinêlak[19] ing lampahipun mêdal ing Kênêr, sumêja anjog ing Ngampèl.

BTJ 3.6.2

Radèn Ăntawirya binondhetan ing sêliripun, kudanipun ingêmotan barang, sarêng mirêng swaraning bêndhe momotan dèn tatasi, sêlir katumpakakên ing kuda, sarta kinèn mangku karbin. Radèn amandhi talêmpak wontên ing wingking. Radèn Wăngsataruna dharat angêmban putra jalêr sawêg umur sataun, anama Mas Bêladho, patutanipun kalihan sêlir Bok Karoh, sêlir inggih tumut lolos katumpakakên kapal. Mênggah Mas Bêladho wau, ing ngakiripun nama Pangeran Riya Mangkunagara. Lampahipun dumugi sakidul Ngampèl tatas raina, Radèn Wăngsataruna ginugujêng ing kathah, sabab kang dipun angge ngêmban putranipun calana, dipun nyana sinjang. Pangeran Pugêr lajêng parentah anata lampah, rêrepot kadèkèk ngajêng, sawontênipun ingkang sami nyêpêng gêgaman kadèkèk ing wingking, ingkang nindhihi Kiyai Sêtrajaya kanthi para putra, sarta sampun sami angatos-atos.

BTJ 3.6.3

Wondene sang prabu ing Kartasura inggih sampun ambodholakên baris. Para bupati pasisir kalihan măncanagari, têtindhihipun Ki Tumênggung Jangrana, kinèn anututi Pangeran Pugêr, ingkang dados cucuking baris Ki Tumênggung Jangrana, lampahipun sampun [sa...] [...mpun] untap-untapan kalihan Pangeran Pugêr, nanging samangsanipun Pangeran Pugêr katingal, Ki Jangrana lajêng angrindhikakên lampahipun. Pangeran Pugêr sampun langkung ing lèpèn Tuntang, karêtêg nuntên binubrah, Pangeran Pugêr bamban ing lampahipun. Bala kang anututi mingêr mêdal Bahrawa anjog ing Jambu. Pangeran Pugêr sampun ngrumiyinakên utusan dhatêng Samawis, amaringi pariksa ing Ki Răngga Yudanagara,

BTJ 3.6.4

utusan inggih sampun dumugi ing Samawis asanjang dhatêng Ki Răngga, Ki Răngga sarêng mirêng saklangkung gugup, enggal anglampahakên Ki Dêmang Sawunggaling kalihan Ki Dêmang Tanpanaha kinèn mêthuk ing Pangeran Pugêr sarta binektanan kuda tundhan kalihan jagul kang badhe angrêmbat rêrepot. Ki Răngga lumampah ing wingking, mampir ing loji, panggih kalihan Kapitan Kênol, asanjang yèn Pangeran Pugêr lolos saking ing Kartasura, samangke sampun wontên ing margi, sarta dèn bujung ing bala Kartasura, Kapitan Kênol saklangkung gugup sarta bingah, wicantênipun, kyai, dikêbat tulungana, manawa sêlak kacandhak marang bala Kartasura, karo dene yèn parêng Pangeran Pugêr iku aturana mrene, sanajan karsa amadêg nata, ya anaa ing Samarang kene,

BTJ 3.6.5

dene yèn kudu anjujug liyane, ing Samarang ya orana[20] kang mênging, sabab ing pulo Jawa iki wajibe kabèh, nanging yèn kêna purihên [purih...] [...ên] mrene bae, kowe dèn bisa ngipuk. Ing samangsane Pangeran Pugêr iku anurut marang ing aturmu, karsa têdhak marang ing Samarang kene, amêsthi kowe bakal tinarima marang jendral utawa marang Kumpêni kabèh, kowe prasasat angilangake susahe wong Walănda, krana kang dadi ratu ing Kartasura saiki kêpaung. Kyai Răngga mèsêm sarwi anyagahi nuntên mangkat.

BTJ 3.6.6

Wondene lampahipun Ki Dêmang Sawunggaling kalihan Dêmang Tanpanaha inggih sampun kapêthuk kalihan Pangeran Pugêr, Ki Dêmang angaturakên kuda tundhan sarta sikêp. Rêrepot ing Kapugêran sampun sami karêmbat tuwin katumpakakên ing kuda, Pangeran Pugêr sakalangkung trustha ing galih, sarta rumaos kapotangan dhatêng Ki Răngga, alon pangandikanipun. Sawunggaling, si thole răngga samêngko ana ing ngêndi,

BTJ 3.6.7

Sawunggaling matur yèn wontên ing wingking, pangeran nuntên bidhal, asipêng ing Ungaran sadalu, enjing nuntên mangkat, dumugi ing Pudhakpayung kêpêthuk kalihan Ki Răngga, Ki Răngga enggal ngrangkul sukunipun sang pangeran, matur sarwi nangis, sabab botên angintên yèn pangeran tumuntên lolos sarta wilujêng, pangeran angaras êmbunipun Ki Răngga, sampun sami tata lênggah, Ki Răngga angaturi sêkul sarta dhaharan kathah, pangeran saabdinipun [saabdini...] [...pun] sampun sami nêdha, tuwuk sadaya.

BTJ 3.6.8

Pangeran Pugêr ngandika dhatêng Ki Răngga, anak ingsun Ki Răngga, kapriye kang dadi rêmbugira, ingsun bakal banjur marang ing Dêmak. Ing kono ênggon ingsun bakal sumêja jumênêng nata, lan angêntèni si adhi ing Sampang lan ing Surabaya.

BTJ 3.6.9

Ki Răngga matur, gusti, prayogi jumênêng nata wontên ing Samawis. Sanajan angêntosana rayi sampeyan ing Sampang, inggih sae wontên ing Samawis. Sabab sangêt ing kuwatos kula bilih sampeyan botên akanthi tiyang Wêlandi, dhasar tiyang Wêlandi punika sugih, prakosa sarta guna, pitados yèn kaêbuhna ing prang, inggih sarat dipun êbang sawatawis. Mila makatên, tiyang Jawi punika kathah ingkang botên wilujêng manahipun. Kalih dene bokmênawi tiyang Wêlandi wau kenging ing pangêbangipun sang prabu ing Kartasura, kapurih sampun ngantos maèlu dhatêng ing sampeyan. Têmahanipun sampeyan gadhah mêngsah kêkalih, mila prayogi dipun rukêt katêdhanan tulung, dene

BTJ 3.6.10

bilih sampun karumiyinan ing pangêbangipun sang prabu, tiyang Kumpêni melik, botên maèlu dhatêng sampeyan, inggih kula kang angrêmbat[21] prakawisipun. Tiyang Kumpêni badhe kula pangkring, kados makatên wicantên kula, yèn wong Kumpêni ora gêlêm têtulung, Pangeran Pugêr ya wis kêlar dhewe ngrêbut karaton [karato...] [...n] ing Kartasura, sabab wis duwe kanthi wong Madura, sarta wong pasisir ya wis padha suyud, amêsthi wis santosa, ora susah nganggo wong Kumpêni, makatên gusti, ingkang badhe dados wicantên kula, sarta amêsthi badhe ènthèng panêdhanipun epahaning prang tiyang Kumpêni.

BTJ 3.6.11

Pangeran Pugêr sarêng mirêng enggal angrangkul dhatêng Ki Răngga, alon pangandikanipun. Anak ingsun Ki Răngga, ya bênêr aturira, lan sakèhe prakaraningsun iki ya wis măngsa bodhoa sira, ingsun nurut ing sira bae, amung panjaluk ingsun, sira dikêbat awèha wêruh marang si adhi ing Sampang, yèn ingsun wis têka ing Samarang, lan amratelakna sarta têtarenana kang dadi karêpira iku kabèh.

BTJ 3.6.12

Ki Răngga matur malih, inggih gusti, punika prêlu sangêt. Sabab rayi sampeyan ing Sampang punika badhe dados agul-aguling prakawis sarta agul-aguling prang.

BTJ 3.6.13

Anuntên sami mangkat saking Pudhakpayung, Ki Răngga sampun ngrumiyinakên utusan, asuka pariksa dhatêng Kapitan Kênol. Kapitan Kênol sarêng tampi pratelaning utusan inggih enggal mêthuk dhatêng Paterongan. Numpak kreta sarta ambêkta prajurit drahgundêr wolung dasa, wondene Wêlandi sanèsipun utawi tiyang Jawi ing Samawis sampun sami kadhawahan tata angapit margi agêng badhe angurmati rawuhipun [rawuhi...] [...pun] Pangeran Pugêr. Wondene lampahipun Pangeran Pugêr inggih sampun rawuh ing Paterongan, kêpanggih kalihan Kapitan Kênol atêtabean. Anuntên sakathahing rêrepot karumiyinakên, anjujug griyanipun Ki Răngga, pangeran kalihan Kapitan Kênol nuntên bidhal saking Paterongan anitih kreta ginarêbyêg ing prajurit drahgundêr wolung dasa, sarawuhipun ing Samawis lajêng ingurmatan ungêling maryêm sarta sanjata ambal-ambalan. Binarung kalihan ungêling tambur tuwin gamêlanipun tiyang Jawi, pangeran anjujug ing loji, nuntên têdhak saking kreta atêtabean kalihan para upsir,

BTJ 3.6.14

sampun tata sami lênggah, Kapitan Kênol alon matur, kangjêng pangeran, sarawuh sampeyan ing Samawis kula kalihan tiyang Kumpêni sadaya raosing manahipun lir amanggih êmas sarêdi Marapi, punapa malih tiyang Kumpêni upamènipun mina kasatan toya sampun

BTJ 3.6.15

lami, ing mangke kabanjiran ing toya, salira sampeyan kang minăngka toya, abdi sampeyan tiyang Kumpêni saklangkung asrêp sarta nikmat raosing manahipun.

BTJ 3.6.16

Kangjêng pangeran manthuk, sarta mangsuli trima kasih, Kyai Răngga nuntên wicantên dhatêng Kapitan Kênol. Saudara, kangjêng pangeran punika sampun ngantos kadangon wontên ing ngriku, sabab mêntas lêlampah, amêsthi sangêt ing sayahipun, badhe kula [ku...] [...la] aturi lêrêp ing griya kula, dene sakathahe ing prakawisipun inggih kula kemawon ingkang ngrêmbat, botên susah dhatêng kangjêng pangeran.

BTJ 3.6.17

Pangeran Pugêr inggih nuntên têdhak saking loji, kapitan angêtêrakên dhatêng griyanipun Ki Răngga, wondene Ki Răngga inggih lajêng angaturakên bale griyanipun. Piyambakipun amasanggrahan ing jawi, para putra tuwin para abdi ing Kapugêran sampun sami pinêrnah,