BTJ 3.7

Pangeran Cakraningrat lan Jangrana Balela

Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 509-513

BTJ 3.7.1

Ki Răngga nuntên anglampahakên utusan sarta mawi sêrat dhatêng ing Maduntên mêdal ing laut. Wondene bala ing Kartasura ingkang sami ambujêng Pangeran Pugêr sampun sami wangsul dhatêng ing Kartasura, angaturakên tiwasing sang prabu, yèn Pangeran Pugêr botên kacandhak sarta sampun dipun tadhahi dhatêng tiyang Kumpêni kalihan Ki Răngga, pinêthuk ing margi, lajêng binêkta dhatêng nagari Samawis. Sang nata sarêng mirêng saklangkung susah ing galihipun.

BTJ 3.7.2

Kala samantên kasarêngan ing tanah Rêdi Kidul wontên kêraman anama Wirawăngsa, sarêng katur ing sang prabu lajêng kinèn anglurugi, kraman Wirawăngsa sampun kawon prangipun sarta lajêng pinêjahan. Anuntên ingkang sami nglurugi kraman Radèn Suryakusuma dhatêng sarta ambêkta Radèn Suryakusuma dèn bêronjongi, sadhatêngipun ing Kartasura radèn lajêng kinunjara, gunjaranipun[22] mawi kaluruban rajut. Mila mêngkatên, Radèn Suryakusuma wau kawartos yèn sêkti, supados sampun ngantos ucul saking pagunjaran.

BTJ 3.7.3

Kacariyos utusanipun Ki Răngga ing Samawis, sampun dhatêng wontên ing Sampang, sampun angaturakên sêrat. Pangeran Cakraningrat sarêng sampun maos sêrat saking ing Samawis, sakalangkung suka ing galihipun, lajêng parentah adamêl pratăndha ing pambilikipun, anêlukakên tiyang saurutipun pulo Maduntên. Nuntên misuwur saking nagari Kartasura, yèn Pangeran Cakraningrat balela, Ki Tumênggung Jangrana enggal nyuwun pamit ing sang prabu, asêngadi

BTJ 3.7.4

badhe anjagèni nagarinipun ing Surabaya. Sang nata inggih lajêng anglilani, Ki Tumênggung Jangrana nuntên budhal sabalanipun, gêgancangan, jujug ing Sampang, sampun kêpanggih kalihan Pangeran Cakraningrat, lajêng sami rêrangkulan.

BTJ 3.7.5

Pangeran angandika, kakang, bangêt kangênku marang kowe sarta kuwatir.

BTJ 3.7.6

Ki Jangrana amangsuli, kula salamine sampeyan tilar, sabên sowan sang prabu tansah angatos-atos. Ki Jangrana lajêng nyariyosakên kalanipun Pangeran Pugêr lolos. Ingkang tinuduh anyenopatèni baris kang bêbujêng piyambakipun.

BTJ 3.7.7

Pangeran Cakraningrat sarêng mirêng nuntên gumujêng ngakak, sarwi ngandika, wis dilalah kang tinuduh [tinu...] [...duh] amburu kok kowe, Pangeran Pugêr măngsa kacandhaka.

BTJ 3.7.8

Ki Jangrana wicantên malih, kalih dene sang prabu ing sapunika kula sawang cahyanipun sampun ical, warninipun pêthak, kados Cina pinuju mulês wêtêngipun. Pangeran angakak malih, dangu ênggènipun sami gêgujêngan angraosi awonipun sang prabu, nuntên apirêmbagan.

BTJ 3.7.9

Pangeran angandika, kakang, kang dadi karêpku samêngko, aku bakal anonjok layang marang Si Surapati, takwèhe wêruh yèn aku bakal anjungjung nata Pangeran Pugêr, dhèwèke apa bakal amitulungi sang prabu apa tumambuh bae, samangsane Si Surapati sumêja amitulungi marang sang prabu, ing Pasuruan bakal dakgêcak tumuli, supaya aja angregoni pikir, yèn dhèwèke apitambuh iya sokur. Ki Tumênggung Jangrana inggih jumurung,

BTJ 3.7.10

Pangeran Cakraningrat nuntên anglampahakên utusan dhatêng Pasuruan. Sêratipun Pangeran Cakraningrat sampun katampèn dhatêng Surapati, sarta sampun dipun wangsuli, suraosing sêrat wangsulan, prakawis karsanipun Pangeran Cakraningrat, badhe angadêgakên ratu ing Pangeran Pugêr, punika Surapati botên purun tumut-tumut. Sabab arêbatan nagari sami ingkang gadhah wajib. Panyuwunipun Surapati amung ing Pasuruan kemawon, sampun ngantos kaungkih-ungkih.

BTJ 3.7.11

Pangeran Cakraningrat sampune maos [ma...] [...os] sêrat angsulan saklangkung lêga galihipun. Nuntên ngandika dhatêng Tumênggung Jangrana, kakang, kowe muliha marang Surabaya, siyagaa sarta angirupana nagara kang cêdhak-cêdhak. Yèn ana kang băngga gêcêkên. Dene nagara kang urut pasisir, besuk yèn mangkat marang Samarang bae

BTJ 3.7.12

padha sinampe bari lumaku. Ki Tumênggung Jangrana inggih lajêng bidhal.

BTJ 3.7.13

Pangeran Cakraningrat nuntên tata-tata bala, rajabrana ing Sampang winutahkên, kadamêl anggêganjar sarta ambusanani bala, punapa malih nagari sauruting pulo Maduntên urunanipun sampun sami ngalêmpak wontên ing ngriku, watawis kathahe balanipun Pangeran Cakraningrat pitung èwu, sarta sampun pinatah-patah kang pancèn mêdal dharat utawi kang badhe mêdal ing laut. Ingkang anindhihi bala ingkang mêdal dharat, tanaya ing Sampang kêkalih, anama Radèn Sasradiningrat kalihan Radèn Suradiningrat. Têtindhihipun kang mêdal ing laut Pangeran piyambak. Anuntên sami bidhal.

BTJ 3.7.14

Wondene Tumênggung Jangrana sadhatêngipun ing Surabaya, inggih lajêng anêlukakên nagari kang cakêt ing ngriku, sampun sami nungkul. Amung bupati ing Lamongan kang lumajêng dhatêng Kartasura, Ki Tumênggung Jangrana nuntên angrakit gêgamaning prang, balanipun tigang èwu, têtindhihipun ingkang rayi têtiga, anama Jayapuspita, kalih Kartayuda, tiga Surènggana, sarêng sampun samêkta nuntên bidhal mêdal dharat. Ki tumênggung mêdal ing laut sarêng kalihan Pangeran Sampang. Palajêngipun tumênggung ing Lamongan sarêng dumugi ing Kartasura lajêng matur ing sang prabu, yèn Ki Jangrana ambalik mêngsah ing sang prabu, gotong kalihan Pangeran Cakraningrat, sumêja ambiyantoni Pangeran Pugêr, sarta sampun ambidhalakên gêgaman dhatêng ing Samawis.

BTJ 3.7.15

Sang nata sarêng mirêng atur makatên, sangêt ing dukanipun kaworan prihatin. Lajêng parentah sawarninipun bupati pasisir sami katundhung mantuk, anjagèni nagarinipun piyambak-piyambak, sarta sang nata anglampahakên Ki Tumênggung Mandurarêja kalihan Tumênggung Wirasêtra, tiga Wirawăngsa kinèn bantu dhatêng Dêmak lan sabalanipun. Dene ingkang kabantokakên dhatêng Têgal Arya Banyakwidhe kalihan Tumênggung Toyamas. Ingkang dhatêng Kaliwungu santananipun sang prabu saking kang ibu anama Pangeran Balitar, akanthi Ki Tumênggung Mangkuyuda lan Natayuda, inggih sampun sami bidhal sabalanipun. Sang prabu lajêng anglampahakên utusan anama Ăntagopa amaringi sêrat dhatêng Kapitan Kênol ing Samawis, suraosipun. Sang nata amundhut bêbujênganipun kang nama Pangeran Pugêr. Ki Ăntagopa enggal mangkat saking ing Kartasura.