BTJ 3.8
Rêmbag Kumpêni Bab Pangeran Pugêr
Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 513-519
BTJ 3.8.1
Gêntos kacariyos nagari ing Samawis, wontên kumisaris [kumi...] [...saris] saking ing Bêtawi satunggil, kalihan kumêndur ing Japara inggih wontên ing ngriku, tiga Kapitan Kênol. Ing sabên dintên tansah bicara kalihan Răngga kang minăngka wakilipun Pangeran Pugêr, dene ingkang dados karsanipun kumisaris, botên anganggêp dhatêng Pangeran Pugêr, sabab pangeran wau sampun adamêl piawon dhatêng tiyang Kumpêni, Ki Răngga kapurih angupadosa dharah Matawis sanèsipun, ingkang prayogi badhe kajunjung sang nata, nanging Ki Răngga kêkah, kêdah angêdêgakên nata Pangeran Pugêr kemawon, andadosakên ruwêding prakawis. Tuwin kang saking Samawis dhatêng Batawi inggih botên kêndhat-kêndhat. Nanging botên sagêd angrampungakên prakawis.
BTJ 3.8.2
Kala samantên Kapitan Kênol, kalih kumêndur ing Japara, tiga Ki Răngga ing Samawis sami tinimbalan dhatêng ing Batawi, inggih sampun sami mangkat numpak baita. Sadhatêngipun ing Batawi lajêng sami wiwit bicantên[23] malih wontên ing ngarsanipun gurnadur jendral, sarta para rad, tuwin Wêlandi agêng-agêng ing Batawi,
BTJ 3.8.3
dêlèr satunggil wicantên dhatêng Ki Răngga, Kyai Răngga, sarèhning awakmu iku pêparon, saparo Jawa, saparo Walănda, kowe taktari, tutura ing satêmêne, mungguh kang dadi karsane gurnadur jendral utawa para rad kabèh, ora amrayogakake yèn andadèkna ratu ing Pangeran [Pa...] [...ngeran] Pugêr, krana wis duwe lêlabêt ala, kang sapisan wis anglakoni dadi kraman, ajênêng Sunan Ngalaga, sarta amatèni marang wong Walănda, kapindho wis ngumum, ing nalika patine Kapitan Tak, iku saka Pangeran Pugêr kang amitulungi marang Si Surapati, apa ora nyata mêngkono iku, dene karsane gurnadur jendral sarta para rad, yèn dhasar Sunan Mangkurat Mas kang dadi ratu saiki, têtela ora nêja têpung bêcik karo wong Walănda, luwih bêcik kowe angupayaa darah Mataram liyane, kang prayoga diangkat ratu, amung Pangeran Pugêr bae aja.
BTJ 3.8.4
Ki Răngga mèsêm sarta matur, tuwan, ingkang sampeyan dhawahakên punika inggih sayêktos sadaya, nanging botên lêrês. Sabab kalanipun Pangeran Pugêr anama Sunan Ngalaga, punika arêbat nagari kalihan saduluripun piyambak. Dene tiyang Walandi kang sami pêjah salêbêting prang ngriku, awit amitulungi dhatêng Sunan Mangkurat. Dene kala pêjahipun Kapitan Tak, punika inggih sayêktos saking Pangeran Pugêr, nanging anglampahi saking parentahipun Sunan
BTJ 3.8.5
Mangkurat. Sarèhning Pangeran Pugêr wau angabdi dhatêng ingkang raka, amêsthi ajrih yèn botên anglampahana sabarang parentahipun. Wondene bilih tiyang Kumpêni botên purun anjunjung nata sarta botên maèlu, amêsthi Pangeran Pugêr jumênêng [ju...] [...mênêng] nata piyambak. Sabab sampun gadhah andêl-andêl Pangeran Sampang, akanthi tiyang sapulo Madura sadaya, kalihan Tumênggung Jangrana ing Surabaya, punapa malih tiyang urut pasisir inggih sampun suyud sadaya dhatêng Pangeran Pugêr, amêsthi kuwawi yèn angrêbata karaton ing Kartasura, botên susah mawi tiyang Kumpêni, wondene kala lolosipun saking Kartasura, Pangeran Pugêr wau sumêja malajêng dhatêng ing Dêmak. Wontên ing ngriku ênggènipun badhe jumênêng ratu, têdhakipun dhatêng Samawis punika awit saking atur kula, kula aturi mundhut tulung dhatêng Kumpêni, mila makatên, sarèhning kula dados pitadosing Kumpêni, saèstu ing sasagêd-sagêd kula amurih ing têmbe tiyang Kumpêni sagêda kèringan sarta angsala kauntungan.
BTJ 3.8.6
Kapitan Kênol kalihan kumêndur ing Japara anyambungi wicantên, anglêrêsakên aturipun Ki Răngga, mila makatên, ing samangsanipun tiyang Kumpêni botên purun amitulungi tuwin botên anjunjung nata dhatêng Pangeran Pugêr, pamanahipun kumêndur ing têmbe tiyang Kumpêni badhe amanggih pakèwêd ênggènipun wontên ing tanah Jawi, aluhung tumuta anjunjung nata sarta anyantosanana ing prang, têrkadhang angsal epahan nêgari, sarta têtêp ênggènipun wontên ing tanah Jawi.
BTJ 3.8.7
Gurnadur jendral sarta para rad botên wontên kang wicantên malih, Ki Răngga lajêng kaêrès, dipun gêdhong. Kacariyos Ki Răngga ênggènipun dipun gêdhong tigang Ngahad, ing sabên-sabên dipun wêdalakên katodhi, nanging Ki Răngga taksih kêncêng, aturipun botên ewah-ewah, kala samantên sampun linuwaran. Ki Răngga kalihan kumêndur, tiga Kapitan Kênol sampun sami kalilan mantuk dhatêng ing Samawis. Inggih nuntên sami bidhal numpak baita, lastantun dumugi ing Samawis.
BTJ 3.8.8
Botên antawis lami nuntên wontên sêrat saking Batawi dhatêng kumisaris kang wontên ing Samawis. Ki Răngga nuntên dipun timbali dhatêng loji, kang minăngka wakilipun Pangeran Pugêr, awit saking aturipun Ki Răngga Pangeran Pugêr botên suka kêpanggih piyambak kalihan tiyang Kumpêni, supados sampun ngantos kenging dipun pangangkah dhatêng tiyang Kumpêni. Sadhatêngipun ing loji Ki Răngga
BTJ 3.8.9
dipun dêdahi sêrat karampungan kang saking Batawi, yèn gurnadur jendral sarta para rad sampun sami angidèni ênggènipun badhe jumênêng ratu Pangeran Pugêr, sarta sagah amitulungi ing prang, ananging gadhah panyuwun nagari ing Japara, kalih ing Dêmak, tiga ing Têgal, kalihan anyuwun têtêmpah rêginipun tiyang Kumpêni yèn wontên kang pêjah prang, sarta wragad salêbêting prang, punapa malih badhe prajangjeanipun tiyang Kumpêni kalihan ratu ing tanah Jawi inggih kadêdahakên [kadêdahakê...] [...n] dhatêng Ki Răngga.
BTJ 3.8.10
Wangsulanipun Ki Răngga, sadaya wau inggih sampun dipun sagahi, namung sêrat badhe prajangjean kalihan têtêmpah salêbêting prang, punika badhe karêmbag kalihan Pangeran Cakraningrat rumiyin. Sabab dèrèng dhatêng wontên ing Samawis. Kalihan Ki Răngga anyuwun idinipun tiyang Kumpêni badhe angêdêgakên bandar dharat, supados bangginipun anyêkapana kasanggèkakên ing karsanipun kang dados ratu, kumasaris [24] inggih sampun anglilani. Kala samantên ênggènipun badhe angangkat ratu amung angêntosi dhatêngipun Pangeran Sampang kemawon kalihan para bupati pasisir, sarta angupados dintên kang dipun sênêngi Pangeran Pugêr.
BTJ 3.8.11
Anuntên wontên utusanipun sang prabu ing Kartasura, anama Ăntagopa amatêdhakakên sêrat dhatêng Kapitan Kênol, suraosipun, sang nata amundhut bêbujênganipun kang nama Pangeran Pugêr. Kapitan Kênol sarêng sampun tampi sêrat lajêng wicantên. Kongkonan, kowe matura marang ratumu, Pangeran Pugêr têkane ing Samarang wong Kumpêni ora angundang, awit karsane dhewe, banjur anêlukake wong pasisir kabèh, wong Kumpêni ora dahwèn. Sabab ing tanah Jawa iki duwèke dhewe, dene yèn ratumu wani konên nyêkêl dhewe, wis muliha, aku ora [o...] [...ra] mangsuli layang. Utusan enggal mantuk.
BTJ 3.8.12
Sadhatêngipun ing Kartasura lajêng matur ing sang prabu, yèn wangsulanipun Kênol saklangkung nyênyêngit. Sang nata mirêng aturing utusan sangêt ing dukanipun, nanging botên kantênan kang dipun dukani, lajêng badhe anêlasi sêsakitan Radèn Suryakusuma, nanging botên kalampahan. Sabab sabên Radèn Suryakusuma badhe dipun pêjahi, rêdi Marapi lajêng murub, swaranipun anggêgirisi, kala samantên Radèn Suryakusuma sampun linuwaran sarta kaangkat nama Pangeran Bèi, pinaringan lêlênggah sabin sèwu karya.