BTJ 3.9
Pakubuwana Jumênêng Nata ing Samawis
Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 519-522
BTJ 3.9.1
Kacariyos Pangeran Cakraningrat kalihan Tumênggung Jangrana sabalanipun, sampun sami dhatêng wontên ing Samawis. Utawi para
BTJ 3.9.2
bupati pasisir sabalanipun inggih sampun dhatêng ing Samawis. Amung ing Dêmak, Kaliwungu lan ing Têgal ingkang maksih băngga, dèrèng purun sowan. Kala samantên praja ing Samawis sauruting lêlurung tuwin pasabinan patêgilan kêbak tiyang sadaya, punapa malih para pandhita, ngulama, para khaji inggih sampun sami ngalêmpak. Panêmbahan Wujil ing Adilangu inggih sampun wontên ing ngriku, nanging saduluripun kêkalih sami kèrêm pêjah ing laut. Wondene sangajênge pasanggrahanipun Pangeran Pugêr sampun karakit alun-alun tuwin taratag, waringin [wari...] [...ngin] kurun sakêmbaran.
BTJ 3.9.3
Sarêng ing dintên Sênèn, taun 1629, Pangeran Pugêr ingaturan miyos pinarak ing dhampar wontên ing taratag. Kumasaris lênggah têngênipun, kumêndur kalihan Kapitan Kênol lênggah sakiwanipun pangeran, sinambungan para upsir, Pangeran Cakraningrat sarta para bupati sapangandhap tuwin para khaji sapanunggilanipun punapa malih para putra sami sowan ing ngarsa, bala Kumpêni baris ing alun-alun. Pangeran Cakraningrat lajêng ngadêg sarta wicantên sêru, sarupaning kancaku bupati sapangisor kabèh, utawa para khaji sapanunggalane kabèh, padha angestokna, yèn ing sadina iki Kangjêng Pangeran Pugêr jumênêng nata, amêngku ing tanah Jawa, kaidèn ing kangjêng tuwan gurnadur jendral sarta para rad ing Batawi, ajêjuluk Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Senapati ing Ngalaga Ngabdurrahman Saidin Panatagama. Tiyang kang sami sowan sadaya asaur pêksi, para khaji, pandhita, ngulama sami donga jumurung, bala Kumpêni lajêng sami urmat ngungêlakên maryêm sarta sanjata ambal-ambalan. Awor swaraning gamêlan sarta tambur, kados mêcahakên kuping, kumasaris sapanunggilanipun lajêng sami têtabean. Para bupati tuwin para putra gêntos-gêntos angaras sukunipun sang prabu, sang nata nuntên kondur masanggrahan.
BTJ 3.9.4
Ing sadintên [sadi...] [...ntên] punika ugi ngantos dumuginipun arame swaranipun kang sami suka-suka, saênggèn-ênggèn gumuruh. Ing sanèsing dintên sang prabu anyar miyos sinewaka, anjunjung nama Pangeran Cakraningrat, kaparingan nama Panêmbahan Cakraningrat, sarta amadanani bupati pasisir sadaya tuwin bupati saurutipun pulo Madura, Ki Tumênggung Jangrana kaparingan nama Dipati Jangrana, kadadosakên kaliwon, sosoranipun Panêmbahan Cakraningrat. Ki Răngga Yudanagara ing Samawis kajunjung nama Dipati Sura Adimênggala, sarta kaparingan angrèh siti dhusun urut margi agêng
BTJ 3.9.5
ingkang saking Samawis dumuginipun ing Kartasura. Ki Sêtrajaya pêpatih ing Kapugêran kadadosakên pêpatih amarentah tiyang satanah Jawi, kaparingan nama Dipati Cakrajaya. Ki Banyakpatra kadadosakên patih lêbêt, kaparingan nama Tumênggung Kartanagara. Abdi ing Kapugêran dalasan gamêl sampun sami jinunjung lênggahipun sadaya, wontên kang dados tumênggung, mantri, ing sapantêsipun piyambak-piyambak. Anuntên para putra sami kaangkat nama sadaya, Radèn Wăngsatruna kaangkat nama Pangeran Dipati Anom Amêngkunagara, Radèn Mas Săngka anama Pangeran Dipati Purbaya, Radèn Mas Sudama anama Pangeran Dipati Balitar, Radèn Mas Ăntawirya anama Pangeran Prangwadana, Radèn Mas Martataruna anama [a...] [...nama] Pangeran Dipati Sănta, Radèn Mas Dipataruna anama Pangeran Dipataruna. Putranipun Panêmbahan Cakraningrat ingkang pambajêng kaangkat nama Tumênggung Natadiningrat. Saduluripun anèm Dipati Jangrana kêkalih sami kajunjung lênggah, ingkang sêpuh kagêmpalakên siti sèwu karya ing Surabaya sarta kapatêdhan nama Arya Jayapuspita, adhinipun kadadosakên bupati ing Lamongan, kapatêdhan nama Panji Surèngrana. Sang nata nuntên parentah dhatêng Tumênggung Rêksanagara kalihan Tumênggung Wiranagara kinèn anggêbag bala ing Kartasura kang baris sakiduling nagari ing Têgal, kinanthèn tiyang Kumpêni sawatawis, têtindhihipun Lutnang[25] Jaisman.