BTJ 3.10
Pêrang Têgal, Tugu, lan Dêmak
Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 523-524
BTJ 3.10.1
Kapitan Kênol kadhawahan anggêbag bala Kartasura kang baris ing Dêmak, angirit Kumpêni sabrêgada, akanthi bala Madura sèwu, têtindhihipun ingkang putra panêmbahan anama Radèn Suradiningrat kalih Radèn Dêmang, bala ing Surabaya sèwu, têtindhihipun Panji Surèngrana, ingkang tinuduh anggêbag bala ing Kartasura kang baris ing Tugu tanah Kêdhu, Kapitan Gusman ambêkta Kumpêni sabrêgada, kanthi bala Madura sèwu, bala Surabaya wolung atus, têtindhihipun Radèn Tumênggung Natadiningrat kalihan Arya Jayapuspita, sadaya wau sarêng ing angkatipun.
BTJ 3.10.2
Wondene ingkang dhatêng ing Têgal inggih sampun campuh prang, bala ing Kartasura lumajêng. Ingkang dhatêng ing Tugu saklangkung rame prangipun. Sabab sami ing purunipun. Mêngsah rewang kathah ingkang pêjah, têtindhihipun bala ing Kartasura Ki Tumênggung Mangkuyuda lan Natayuda tansah anêrêgakên bala, gumulung sarêng magut. Bala Madura Surabaya tadhah, kang sampun pêjah dèn idak kemawon. Bala Kumpêni anulungi ngarutug ing sanjata, bala ing
BTJ 3.10.3
Kartasura gulagêpan kathah kang pêjah, nuntên sami lumajêng arêbat gêsang.
BTJ 3.10.4
Wondening bala ing Kartasura kang baris ing Dêmak, têtindhihipun Ki Arya Mandurarêja, kalih Tumênggung Wirasêtra, tiga Wirawăngsa inggih sampun têmpuh prang, bala ing Kartasura sumêja pêngkuh, nanging botên tahan kajawahan mimisipun bala Kumpêni sarta kathah kang pêjah, lajêng dhadhal angungsi ing Têmbiring, ingêlud dhatêng bala Kumpêni tuwin bala Madura, bala ing Kartasura lumajêng sumêja mantuk dhatêng ing Kartasura.
BTJ 3.10.5
Bala ing Pakubuwanan sarta Kumpêni sampun sami wangsul dhatêng ing Samawis. Palajêngipun ingkang sami kawon prang sampun sami dumugi ing Kartasura, matur ing sang prabu yèn kawon pêrangipun. Sabab aprang kalihan Kumpêni, kalih dene Pangeran Pugêr samangke sampun jumênêng ratu anama Kangjêng Susuhunan Pakubuwana, tiyang saurutipun pasisir tuwin Madura sampun sami suyud, sarta sampun sami ngalêmpak wontên ing Samawis, kathahing bala tanpa wilangan. Ing samangsan-mangsanipun[1] badhe tumuntên bidhal ambêdhah ing Kartasura.