BTJ 3.11

Mangkurat Mas Angrakiti Baris ing Ungaran lan Salahtiga

Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 524-525

BTJ 3.11.1

Sunan Mangkurat Mas sarêng mirêng pawartos makatên anglês ing galihipun sarta awuyungan. Ing batos sangêt kaduwung ênggènipun anyakitakên galihipun Pangeran Pugêr rumiyin. Nanging ing lairipun sangêt duka, lajêng parentah dhatêng kêkasihipun paranakan Cina, anama Tumênggung Jayaningrat. Andikakakên baris wontên ing Ungaran, amêpêtana margi, mila Ki Tumênggung Jayaningrat, ingkang pinatah abaris ing ngajêng piyambak. Sabab kathah balanipun tiyang têtumbasan. Bugis, Makasar, Bali tuwin Cina, inggih awit saking karsanipun Sunan Mangkurat Mas. Sarta Ki Jayaningrat wau sangêt ênggènipun dipun pitados dhatêng sang nata, Ki Jayaningrat inggih sampun mangkat saking Kartasura, sarta kinanthenan bupati kêkalih sabalanipun. Dumuginipun ing Ungaran lajêng abêbiting sarta ajêjagang.

BTJ 3.11.2

Sunan Mangkurat Mas nuntên parentah malih dhatêng Ki Dipati Sumabrata, kinèn baris ing Salahtiga, sarta para bupati măncanagari, Banyumas, Kêdhu, Bagêlèn, tuwin para bupati ing nagari Kartasura sabalanipun kinêrig, kinèn sami baris ing Salahtiga, kang minăngka senapatining prang Ki Dipati Sumabrata, inggih sampun sami mangkat. Lampahing gêgaman andalêdêg kados toya mêdal saking rong,

BTJ 3.11.3

sadhatêngipun ing Salahtiga[2] lajêng abêbiting wontên ing Kalicacing, bala kathah sami tata pakuwon. Untabing bala kados kapuk kapracondhang ing samirana, saklangkung agêng barisipun. Dene ingkang tinuduh abaris ing Bayalali para santana sadaya têtindhihipun Pangeran Arya Mataram, punika ingkang sagah angêmbari pêrangipun Sunan Pakubuwana, mila sangêt dèn ugung dhatêng Sunan Mangkurat Mas.