BTJ 3.12

Bok Martayuda lan Pangeran Dipati Anom

Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 525-528

BTJ 3.12.1

Gêntos kacariyos nagari ing Samawis, sakalangkung rêja, rintên dalu tansah sami kasukan. Bala ing Kartasura sampun kathah ingkang sami nungkul dhatêng ing Samawis. Sunan Pakubuwana ing sabên dintên Sêptu miyos watang kalihan para bupati mantri, yèn ing dintên Sênèn Kêmis miyos sinewaka, sabibare sinewaka lajêng kasukan badhayan, sarta babêksan gambuh para bupati sarta para putra sami gêntos-gêntos. Pangeran Dipati Anom ambêksa rangin, têtandhing kalihan panêmbahan. Kang aningali sami kasmaran. Nuntên wontên putranipun mantu èstri Ki Dipati Samawis, anama Bok Martayuda, ingkang jalêr dados carikipun sang prabu, sampun darbe putra kêkalih, Bok Martayuda wau yèn ing Samawis sampun anglangkungi ayunipun. Kala samantên Bok Martayuda sowan ing sang prabu aningali kang sami babêksan. Sarêng aningali bêksanipun pangeran dipati, [dipa...] [...ti,] sangêt gènipun kasmaran, kumyus karingêtipun, gêlungipun lukar, mripatipun kumêdhèp têsmak. Lajêng dipun jawil dhatêng rencangipun èstri anama Biyang Garêm, kaajak lênggah nyanès. Pangeran dipati sumêrêp ing solahipun Bok Martayuda wau, sabibaring bêksan lajêng amurugi, sarta sagah badhe dhatêng griyanipun ing wanci dalu, Bok Martayuda inggih sampun mantuk. Sarêng ing wanci dalu Ki Martayuda kêmit ing pasanggrahanipun sang nata, pangeran dipati sampun têdhak mriku kêpanggih kalihan Bok Martayuda, andumugèkakên sakarsanipun. Ki Martayuda kang sawêg kêmit wau botên sakeca manahipun. Nuntên mantuk sumêja nyambangi griya, sarêng dugi ing griya mirêng swaraning tiyang jalêr wicantênan kalihan semahipun. Nuntên kainjên. Botên pandung yèn pangeran dipati, Ki Martayuda kanggêg ênggènipun nêpsu, lajêng adhèhèm-dhèhèm saking ing jawi, pangeran dipati sarêng mirêng dhèhèm, enggal mêdal ing korining griya wingking, lumajêng

BTJ 3.12.2

ambêdhah pagêr. Ki Martayuda enggal lumêbêt ing griya, Bok Martayuda mêthukakên sarwi dhodhok ing siti, Ki Martayuda nuntên angukêl gêlungipun kang èstri sarta jinêjêkan, linarak, tinapukan jinagur, tinabokan, sinotho.

BTJ 3.12.3

Ingkang èstri nangis anjêrit sarta wicantên. Aku nuli ukumên mati, wong dhasar nyata culika tindakku, mung aja[3] kolêlara bae.

BTJ 3.12.4

Ki Martayuda sumaur sarwi mêmisuh, aja susah kojaluk, mêngko kowe mêsthi takpatèni, nanging daklara dhingin. Ki Martayuda nuntên nyandhak kursi, dèn antêbakên dhatêng kang èstri, Bok Martayuda kantu, gumuling ing siti, Ki Martayuda lilih nêpsunipun. Nuntên katilar tilêm mujung. Bok Martayuda èngêt lajêng tangi, sarêng aningali ingkang jalêr tilêm nuntên mêdal saking griya, sumêja purik dhatêng pasanggrahanipun sang prabu, lampahipun wontên ing margi tansah sêsambat pangeran dipati, dene anilar lumajêng botên darbe wêlas. Sarêng wanci byar dumugi pasanggrahan dalêm. Bok Martayuda lajêng sowan dhatêng pramèswarinipun sang prabu, kang nama Ratu Pakubuwana, matur ing kawitan dumugi wêkasan.

BTJ 3.12.5

Sori na[4] saklangkung ngungun, nuntên enggal matur dhatêng sang prabu, sang nata sarêng mirêng saklangkung gugup, enggal utusan animbali Ki Martayuda, Ki Martayuda pinanggih taksih tilêm, nuntên ginugah dhatêng utusan. Inggih lajêng tangi tumuntên sowan alênggah tumungkul. Sang nata alon ngandika, kulup Martayuda, bojonira purik marene, tutur yèn kopala, amarga cêlor lan si dipati, kang iku kulup, muga aja dadi sake pikirmu, mupusa yèn lagi kêna rêncananing iblis, amurih pêcahe wong saduluran. Dene yèn [yè...] [...n] sira wis cuwa marang rabinira ingsun kang anglironi, sira amilihana bocah ingsun wadon kang ana sajroning pasanggrahan iki kabèh, êndi kang sira sênêngi ya ingsun paringake, akathah-kathah pangrapunipun sang prabu wau.

BTJ 3.12.6

Ki Martayuda sarêng mirêng andikanipun sang nata lajêng lilih nêpsunipun, atêmahan waspa, kaemutan yèn ngabdi, anuntên matur, gusti, bilih amarêngi lêga galih dalêm, abdi dalêm bojo kula kemawon kula suwun malih.

BTJ 3.12.7

Sang nata angandika, iya sokur kulup. Nanging wêkas ingsun, bojonira aja sira larani bae, lan aja sira sakake atine. Martayuda matur sandika. Sang nata lajêng dhêdhawah dhatêng ingkang garwa, andikakakên maringakên Bok Martayuda, Bok Martayuda inggih

BTJ 3.12.8

sampun kawêdalakên, sarta akathah-kathah pawulangipun sang pramèswari, kalihan pinaringan arta tuwin busana, Ki Martayuda inggih sampun mantuk sarimbit.