BTJ 3.13

Amral Sêpilman lan Prajangjian Kumpêni

Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 528-532

BTJ 3.13.1

Kacariyos wontên Wêlandi dhatêng ing Samawis saking ing Batawi, anama Amral Sêpilman, ambêkta Kumpêni gangsal atus, sampun kêpanggih kalihan sang nata lajêng atêtabean. Tuwan Amral matur, sinuhun, kula dipun utus ing pun kaki gurnadur jendral angaturakên tabenipun sarta tabenipun para rad sadaya, kaping kalih pun kaki jendral angintuni rajabrana awarni-warni [awarni...] [...-warni] katur ing panjênêngan dalêm sarta para putra sadaya, kaping tiga, kula sarta Kumpêni gangsal atus kabantokakên ing panjênêngan dalêm, mugi kaabêna pêrang, ingkang kaping sakawan, bilih ing panjênêngan dalêm marêngi, pun Kapitan Kênol kainggahakên komasaris, kalih ing Samawis ngriki badhe kadekekan kumêndur, dene ing Japara badhe kadekekan petor kemawon. Ingkang kaping gangsal, pun Adipati Sura Adimênggala kalilanana botên sowan ing sabên kala măngsa, yèn botên sarêng kalihan kumêndur ing Samawis. Punapa malih panuwunipun kaki jendral, tulusa ênggènipun pawong sanak sang nata kalihan tiyang Wêlandi, ing sapancoronging wulan, sagêbyaring surya gèning pawong sanak sampun ngantos ewah, sarta sintên kang sumêja adamêl awon, sampun ngantos amanggih raharja. Sang nata mangsuli trima kasih, sarta sampun amarêngi ingkang dados aturipun Amral wau sadaya, nuntên ing loji Samawis ngungêlakêm[5] maryêm ambal-ambalan. Amral lajêng angaturakên buk prajangjean satunggil, kacêpêng Amral piyambak satunggil. Kala samantên ênggènipun prajangjean pinuju ing dintên Kêmis ping, 29 wulan, Jumadilawal taun Jimawal, 1629.

BTJ 3.13.2

Anuntên Ki Tumênggung Jayaningrat kang abaris ing Ungaran angaturi [a...] [...ngaturi] ngaturi sêrat panungkul dhatêng susuhunan ing Samawis, sarta anyagahi padhanging margi, ananging gadhah panuwun siti dhusun ing Bahrawa, sang nata inggih sampun amarêngi. Sang prabu lajêng parentah dhatêng panêmbahan tuwin dhatêng para bupati sadaya, kinèn sami samêkta ing prang, sang nata badhe tumuntên ngalurug dhatêng ing Kartasura,

BTJ 3.13.3

panêmbahan alon matur, bilih amarêngi sang nata sampun ngantos têdhak ngalurug piyambak, eca-eca kasukan wontên ing Samawis, ingkang ambêdhah ing Kartasura kula kalihan pun Adipati

BTJ 3.13.4

Surabaya kemawon. Sabab dèrèng lêga manah kula, yèn kula dèrèng agêntos lawung kalihan pun Kêncèt. Ing saupami kula botên sagêd ambêdhah ing Kartasura, aluhung kula mantuka aran, dene yèn ing Kartasura sampun bêdhah, kula inggih tumuntên wangsul amondhongi ing sang nata.

BTJ 3.13.5

Sang prabu alon amangsuli, yayi panêmbahan utawa yayi ing Surabaya, ya wis ingsun tarima ing sakèhe prasêtyanira, nanging karsaningsun kudu wêruh ing gêblage badanira yèn kapupu ana ing adilaga. Panêmbahan sarta Dipati Jangrana lajêng tumungkul, botên sagêd mangsuli saking sangêt asihipun sang prabu, anuntên mundur saking ngarsane sang nata angundhangi bala samêktaa ing prang,

BTJ 3.13.6

sarêng balanipun sampun pêpak sarta sampun samêkta, lajêng bidhal saking Samawis. Lampahing bala anggêrgut, ingkang dados panganjur bala Madura, nuntên kasambatan bala Surabaya, sang nata munggèng têngah amangku bala Kumpêni, anitih kuda gula gêsêng, bala pasisir wontên ing wingking, gêgamanipun yèn tiningalan saklangkung asri, apindha sêkar sataman. Balanipun sang nata awarni-warni, tiyang sabrang lan tiyang Jawi kathahipun tanpa wilangan, kados mêndhung alêlampah, sang nata nuntên lêrêp wontên ing Ungaran. Pangajênging bala sampun dumugi ing Lopait.

BTJ 3.13.7

Kala samantên Tuwan Komasaris kênol wicantên dhatêng Amral. Amral, mêngko jam lima sore ayo padha seba marang sang prabu, aku arêp nyênyuwun, mupung sêpi para bupati ana ing pondhoke dhewe-dhewe, yèn ana Ki Dipati Samarang măngsa olèha. Amral anuruti,

BTJ 3.13.8

sarêng ing wanci jam gangsal sontên kumasaris kalihan Amral sami sowan ing sang prabu, sang nata pinuju lênggah piyambak. Komasaris alon matur, sinuhun, awit saking parentahipun jendral, kula akalihan tiyang Kumpêni sadaya kinèn sumaos ing karsa dalêm, kaabêna prang, sanajan pêjaha awor kalihan siti inggih botên gumingsir, nanging mugi wontêna sih kawêlasan dalêm, amaringi uwos sèwu koyan ing sabên taun, dados saingonipun tiyang Kumpêni ingkang rumêksa ing panjênêngan dalêm. Sintên [Sintê...] [...n] malih ingkang kuwajiban sanèsipun panjênêngan dalêm, utawi ingkang dipun ajêng-ajêng tiyang Kumpêni sadaya inggih amung kêkucah dalêm, sarta têtêpipun wontên ing tanah Jawi. Sang nata botên mangsuli pangandika, amung manthuk kemawon. Amral kalihan komasaris lajêng sami nyêrat pratăndha, kaaturakên sang prabu, sarta anyuwun tăndha astanipun sang prabu,

BTJ 3.13.9

yèn sampun amarêngi ing panuwun wau, Amral kalihan komasaris sampun mundur saking ngarsa dalêm.

BTJ 3.13.10

Sarêng dumugi pondhokipun lajêng angungêlakên maryêm kaping pitu, angurmati yèn panuwunipun wau sampun angsal. Para bupati sami kagèt, anarka wontên mêngsah, enggal sami sowan ing sang prabu, sang nata inggih lajêng wêwartos dhatêng para bupati, Ki Dipati Sura Adimênggala sarêng mirêng sangêt gêgêtun, sarwi matur anênutuh, punapaa panjênêngan dalêm wau botên animbali kula, ing saupami kula wontêna,[6] panyuwunipun tuwan komasaris wau kados botên angsal. Kalih dene panjênêngan-dalêm sumêrêpa, watêkipun tiyang Kumpêni punika saklangkung naracak. Yèn angsal bancik lajêng minggah ing pundhak. Têgêsipun, bilih dipun lêgani manahipun wêwah-wêwah ing pikajênganipun.