BTJ 3.14

Pêrang Kalicacing lan Rubuhipun Biting

Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 532-538

BTJ 3.14.1

Sang nata sangêt ngungun, alon ênggènipun ngandika, puluh-puluh kapriye, ki besan, wong wis katrucut ingsun saguhi, ing buri [bu...] [...ri] bae ingsun ati-atine. Sang nata lajêng pirêmbagan bab pêrang, angandika dhatêng Panêmbahan Cakraningrat. Adhi mas, sarèhning pawartaning mungsuh kang baris ana ing Salahtiga ngluwihi akèhe, bitinge bangêt santosa, miranti sagêgamane, iku adhi, sapa prayogane kang digawe cucuking prang.

BTJ 3.14.2

Panêmbahan matur, bilih amarêngi kalihan karsa dalêm, anak kula pun Suradiningrat kemawon dadosa cucuking prang, akalihan pun Jayapuspita, tiga pun Panji Surèngrana, ambêktaa bala Maduntên sarta bala Surabaya pêpilihan kalih èwu kemawon, ingkang purun angrangsang biting,

BTJ 3.14.3

sang nata lajêng ngandika dhatêng Radèn Suradiningrat, kalih Arya Jayapuspita, tiga Panji Surèngrana, kulup Suradiningrat sarta Adi sakarone, sira padha ingsun karsakake dadi cucuking prang, dene wêkas ingsun, yèn sakira sira kuwalahên angungsia marang ingsun, aja angamuk, eman mênawa mati, sanajan sira matia barêng balaningsun, ingsun ora sumêja kèri mati lan sanak ingsun kang padha asih marang ingsun. Priyantun tiga sarêng mirêng pangandikanipun sang nata lajêng sami bêrbês mili, sarta sami pratignya, yèn botên sagêd angrêbat biting, bingah sami pêjaha wontên samadyaning ranagana.[7] Sang prabu sarêng mirêng enggal têdhak saking ênggènipun lênggah, priyantun têtiga sami karangkul gêntos-gêntos, sarta [sar...] [...ta] alon ngandika, wis, sira padha mangkata, ingsun dongakake salamêt.

BTJ 3.14.4

Priyantun têtiga lajêng mangkat kalihan bala tigang èwu, gambira manahipun dhasar sami bèr ing kuwanèn. Wondene sang prabu lajêng pirêmbagan kalihan para bupati tuwin para satriya, mênggah ingkang dados karsanipun sang nata inggih saupami kawon prangipun, botên karsa pradandosana malih, sumêdya seda wontên ing adilaga, para bupati tuwin satriya inggih sampun sami gilig pirêmbagipun, sabiyantu sarênga pêjah, sang prabu nuntên parentah anata lampahing bala, ingkang minăngka pamugarining[8] prang panêmbahan kalihan Ki Dipati Jangrana, sarêng sampun karakit nuntên bidhal. Ingkang dados panjawat kiwa têngên Ki Dipati Jangrana kalihan panêmbahan. Ingkang dados dhadha bala Kumpêni, sang nata wontên wingkingipun bala Kumpêni, sarta rinêksa bala Maduntên kalih èwu wontên sakiwatêngênipun sang nata, bala pasisir lumampah ing wingking gumuruh swaraning bala awor têtabuhaning prang, samargi sami surak-surak.

BTJ 3.14.5

Gêntos kacariyos Ki Patih Sumabrata lan sakancanipun para bupati, ingkang sami bêbarisan wontên ing Kalicacing, sampun mirêng pawartos yèn gêgaman ing Samawis sampun bidhal, kathahipun tanpa wilangan, sumêja ambêdhah ing Kartasura, ki patih nuntên parentah anata [ana...] [...ta] bala sarta anata maryêm, lela, kalataka sapanunggilanipun, dipun papanakên wontên ing balowartining biting, ki patih sumêdya mêthuk prang saking salêbêting biting kemawon. Kancanipun para bupati sami kapundhut prasêtyanipun, supados sampun wontên kang ngucira pêrangipun. Bilih wontên ingkang galigab badhe kapêjahan piyambak dhatêng ki patih, para bupati inggih lajêng sami sumaur pêksi, sarta sami jangji êndhog sapatarangan, sarênga pêjahipun. Ki patih nuntên parentah dhatêng Ki Banyakwidhe kalih Pangeran Balitar, kinèn dados pacalang lan sabalanipun. Ingkang kadhawahan inggih lajêng mangkat sarta sami angatos-atos.

BTJ 3.14.6

Botên dangu bala Maduntên sarta Surabaya dhatêng, lajêng campuh prang, bala ing Kartasura sami gila aningali tandange mêngsahipun, nuntên lumajêng angungsi ing biting, bala Maduntên ambujêng, biting ing Kalicacing sampun katingal, kathahing bala tanpa wilangan, anggamêng mindha mêndhung, angêbêki ara-ara sakiwatêngêning biting, Arya Jayapuspita sarêng aningali kathahing mêngsah saklangkung eram sarta gèdhèg-gèdhèg. Alon ênggènipun

BTJ 3.14.7

wicantên dhatêng balanipun. E bocah ing Surabaya sarta wong Madura, dialon ênggonmu lumaku, wong têlung èwu iki dudu bobote amungsuh wong samana, mêsthi bakal ora dadi salilid. Bêcik angêntèni bala Kumpêni ing buri.

BTJ 3.14.8

Panji Surèngrana amangsuli, kakang Jayapuspita, sampun kêkathahên pikir, mêngsah kang katingal punika inggih sayêktos yèn anglangkungi kathah, nanging bilih kula timbang kalihan sihipun sang prabu dhatêng kula taksih kirang mêngsah. Arya Jayapuspita kalihan Radèn Suradiningrat mèsêm, lajêng sami nêrêgakên bala, gumulung sarta surak.

BTJ 3.14.9

Bala ing Kartasura anadhahi sarta sami nyumêt maryêm ingkang sami wontên ing biting tuwin sanjata botên kèndêl. Bala Madura tuwin Surabaya kathah kang pêjah kenging mimis. Rêbah pating sulayah, nanging dèn idak kemawon, majêng anurut kukus. Sang prabu sarêng mirêng swaraning sanjata, ambal-ambalan kados rêdi rêbah, lajêng ginêlak lampahipun. Sang nata sarêng aningali bala Madura tuwin Surabaya kangelan sangêt ênggènipun angrêbat biting, sabab katulak dêrêsing mimis. Sang nata enggal nyandhak agêmanipun waos Kyai Plèrèd, pinandhi ing asta, sumêja tumut angrampit biting.

BTJ 3.14.10

Bala Madura kalih èwu kang sami rumêksa sakiwatêngênipun sang prabu, sarêng aningali sang nata sumêja nyalirani ngrêbat biting, enggal sami majêng anglancangi sarwi surak, tumut angrangsang biting.

BTJ 3.14.11

Panji Surèngrana, kalih Arya Jayapuspita, tiga Radèn Suradiningrat [Su...] [...radiningrat] sarêng aningali balanipun kathah kang tatu tuwin pêjah botên sagêd malês. Priyantun têtiga enggal sami têdhak saking kuda, ngrumiyini tumèmpèl ing biting, balanipun enggal sami ngrangsang biting, sami anjat lawung, yèn sinawang kados sompil ngrubung watu, bala Kartasura sakeca ênggènipun nadhahi saking sanginggiling biting, maryêm tuwin sanjatanipun botên kêndhak-kêndhak, swaranipun kados rêdi rêbah, angobahakên bantala, ing paprangan pêtêng dening kukus.

BTJ 3.14.12

Dangu-dangu bala Madura tuwin Surabaya sampun sami lumêbêt ing biting, tandangipun lir sami[9] angrêbat daging, bala Kartasura panggah, pêjah sanjata, atarung waos, pêdhang tuwin dhuwung, pating barêkuh swaranipun, awor sêsambatipun ingkang sami tatu, kumêncranging pêdhang, cêklèking watang, arame prangipun, wangke tumpang-tinumpang, kang pêrang sami ngidak bêbathang,

BTJ 3.14.13

priyantun têtiga wau sami liwung pangamukipun. Sariranipun kuthah rah, bala kumpêni sami ngarutug ing sanjata tuwin maryêm. Mêngsah kang wontên sakiwatêngêning biting kathah kang pêjah, kenging mimisipun bala Kumpêni. Panêmbahan Cakraningrat ingkang dados panjawat kalihan Ki Dipati Jangrana inggih pêrang kalihan bala Kartasura kang dados panjawat, arame prangipun kathah kang sami pêjah,

BTJ 3.14.14

Ki Patih Sumabrata sadangunipun sakeca lênggah sarta pinayungan. [pinayung...] [...an.] Sarêng sumêrêp yèn bitingipun sampun kalêbêtan bala Maduntên, ki patih enggal ngadêg sarwi nêrêgakên bala, bala Kartasura ambyuk sarêng mangsah, kang aprang bangun rukêt malih. Kacariyos bala ing Surabaya sarta Madura ewon kang sami pêjah, bala ing Kartasura inggih ewon ugi, sabab sami purunipun. Anuntên bala Kartasura kang dados panjawat dhadhal, lumajêng sadaya, panêmbahan sabalanipun sumêja nangkêbi mêngsah kang wontên ing biting, Ki Patih Sumabrata awas aningali yèn barisipun linikung, ki patih enggal nyengklak kuda, lumajêng atilar bala, bala ing Kartasura kang taksih gêsang inggih lajêng nututi lumajêng sapurug-purug pating balêsar, bala ing Pakubuwanan suka sami bêbandhang.