BTJ 3.15
Arya Mataram Nungkul lan Pakubuwana Ngadhaton Kartasura
Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 538-546
BTJ 3.15.1
Palajêngipun Ki Patih Sumabrata sampun dumugi ing Bayalali, kang baris ing ngriku para santana têtindhihipun Pangeran Arya Mataram. Punika kang sagah nanggulang prangipun Susuhunan Pakubuwana, mila sangêt dèn ugung dhatêng Sunan Mangkurat Mas. Bilih mênang prangipun kaêbang badhe kapasrahan bang-bang pangalum-alum ing tanah Jawi sadaya sarta lêlênggah sabin salêksa, kala samantên pangeran sawêg sakeca lênggah, kagèt aningali Ki Sumabrata dhatêng abiyas ulatipun. Pangeran gugup ênggènipun pitakèn. Ki Sumabrata sanjang yèn kawon prangipun sarta giris aningali tandangipun bala Madura ênggènipun ngrangsang biting kados rewănda, tan mundur dening mimis, pêpêjahipun ewon. Anuntên têlikipun Pangeran Arya Mataram dhatêng, aturipun sami ugi kalihan Ki Sumabrata, kalih dene aturing têlik, yèn sang nata samangke makuwon ing Salahtiga, balanipun warni-warni tanpa wilangan, angêbêki ara-ara tuwin patêgilan. Sang nata wau sampun rêmbag sabiyantu kalihan balanipun sadaya, yèn saupami katèmpêr prangipun botên karsa mundur apradangdosan malih, sumêja têtumpêsan wontên ing paprangan, dalasan ingkang para garwa inggih sumêja bela pêjah.
BTJ 3.15.2
Pangeran Arya Mataram sarêng mirêng angênês manahipun sarta aclum ulatipun.
BTJ 3.15.3
Ki Sumabrata sampun mangkat mantuk dhatêng Kartasura. Pangeran lajêng apikir salêbêting galih, aku iki bakal mungsuh lan sadulur, kang dakiloni kaponakan, mungguh ing tindake cêdhak sadulur, angur aku gawea bêbêcik dhingin marang kakang prabu. Pangeran nuntên anglampahakên utusan dhatêng Salahtiga, abdinipun anama Wăngsamênggala kinèn angaturakên prasêtyanipun, sarta kathah-kathah wêwêlingipun. Ki Wăngsamênggala sampun mangkat.
BTJ 3.15.4
Gêntos kacariyos sang nata ingkang makuwon ing Salahtiga, sawêg sineba ing balanipun. Sang nata andangu pratingkahing prang kala angrêbat biting, Arya Jayapuspita, kalih Radèn Suradiningrat, tiga Panji Surèngrana sami matur ing kawitan dumugi wêkasan. Sang nata sarêng mirêng saklangkung suka, priyantun tiga lajêng sami ginanjar busana nyapêngadêg, mawi waos tuwin dhuwung sasaput prantinipun. Sarta botên kèndêl-kèndêl panggunggungipun dhatêng priyantun têtiga wau. Anuntên Panêmbahan Cakraningrat matur yèn wontên utusanipun Pangeran Arya Mataram. Utusan sampun tinimbalan sarta matur, kawula ingutus rayi dalêm Pangeran Arya Mataram, angaturakên ingkang pêjah gêsang, anungkul ing panjênêngan dalêm, nanging mawia samudana pêrang sakêdhap. Wondene padhange ing margi rayi dalêm ingkang anyagahi, sarta badhe angesahakên Sunan Mangkurat Mas saking kadhaton. Sang nata amangsuli, yèn mêngkono dhimas wis ora sida ênggone bakal angayoni marang ingsun. Sira tutura marang adhi mas, mungguh ênggone têluk ya wis ingsun tarima, wis sira muliha. Utusan nuntên wangsul dhatêng Bayalali agêgancangan. Sampun kêpanggih kalihan gustinipun, matur ing kawitan dumugi wêkasan. Pangeran Arya Mataram saklangkung suka galihipun. Lajêng parentah anata bala, badhe amêthuk prang, balanipun para santana sampun sami angatos-atos. Saking kathahing [kathah...] [...ing] bala saking Bayalali barisipun ngantos dumugi ing Kênthèng.
BTJ 3.15.5
Wondene Susunan Pakubuwana inggih sampun bidhal saking Salahtiga sabalanipun. Ingkang dados panganjur taksih bala Madura lan Surabaya, samargi-margi tansah surak-surak, Carabalènipun angungkung, awor swaraning tambur, lampahipun sampun dumugi
BTJ 3.15.6
Kênthèng, bala Madura sarêng aningali mêngsah enggal sami nêmpuh purun, angrêbat mêngsah, bala ing Kartasura gila ningali, senapatinipun sampun ngrumiyini lumajêng, balanipun inggih nuntên nututi lumajêng, gumarubyug salang tunjang, swaranipun kados ngobahakên siti, gêgaman tuwin dandosan kathah-kathah kang tinilar, bala Madura sarta Surabaya suka sami ambêbandhang.
BTJ 3.15.7
Palajêngipun Pangeran Arya Mataram sampun dumugi ing Asêm. Dene kang baris ing ngriku Ki Tumênggung Wiraguna sarta para bupati lêbêt sadaya, sami abêbiting wontên ing ngriku, sabab karsanipun Sunan Mangkurat Mas badhe amêthuk prang wontên ing Asêm. Sampun gêganjar dhatêng prajuritipun, tuwin abdinipun kala taksih kadipatèn inggih sampun sami dipun ganjar ing arta tuwin busana kang adi-adi, rajabrana ing kadhaton winutahakên dhatêng abdi, sarta sampun sami baris wontên ing alun-alun, sami angajêng-ajêng unggule prangipun Pangeran [Pa...] [...ngeran] Arya Mataram, sabab punika ingkang dados andêl-andêlipun Sunan Mangkurat Mas. Botên wontên kang nyana yèn ambalenjani.
BTJ 3.15.8
Pangeran Arya Mataram wau sarêng dhatêng wontên ing Asêm lajêng wicantên sêru dhatêng tiyang kathah taksih numpak kapal. He wong Kartasura kabèh, dikêbat padha lumayua, aku wis ora kuwawa amungsuh wong Kumpêni sarta wong Madura, gustimu ora wurung bakal kendhang, kang ngiringake sapa. Ki Tumênggung Wiraguna lan bala kang sami baris ing Asêm lajêng sami dhadhal lumajêng sadaya,
BTJ 3.15.9
wondene Pangeran Arya Mataram wau inggih sampun dumugi ing kadhaton, kêpanggih kalihan sang prabu, atêbah jaja sarwi nyêgut,[10] sêru ênggènipun matur, anak prabu, pun bapa katiwasan, ênggèn kula prang kawon, sabab amêngsah dede sêsanggan. Bala sampeyan kathah kang pêjah, kula yèn sampuna èngêt atilar sampeyan kados inggih anêmahi pêjah, sabab mêngsah kula ewon kathahipun. Sasolahipun kados tiyang potang kasêngitan. Dene paman jêngandika Kangmas Pugêr inggih sampun supe ing sadulur, kalimput ing kawibawan. Wondene parentahipun Cakraningrat kalihan pun Jangrana mêngkatên dhatêng balanipun. Hèh bocah Madura lan Surabaya, samangsane sira olèh anyêkêl para santana ing Kartasura, aja ana koprajaya, [kopra...] [...jaya,] padha wudanana bae, banjur tunggangêna kêbo bari mungkur, pêcutana saka buri, dene ratune yèn kacandhak ya banjur wudanana mêngkono, pandugi kula panganjuring mêngsah sadintên punika dhatêng wontên ing ngriki, mila suwawi nuntên enggal kendhang, arêbat gêsang, pintên
BTJ 3.15.10
banggi ing benjing yèn sagêd wangsul dhatêng Kartasura malih, samangke sokugi taksih agêsang, kula ingkang rumêksa ing wingking sampeyan, dados kawaling prang.
BTJ 3.15.11
Susuhunan Mangkurat Mas sarêng mirêng atur makatên sangêt kagegeran galihipun. Lajêng parentah dhatêng para garwa tuwin para putra kinèn sami pradandosan. Otêr tiyang sakadhaton sami nangis pating jalêrit. Sunan Mangkurat Mas inggih tansah anênggak waspa, nuntên mêdal saking kadhaton sagarwaputranipun. Para bupati mantri inggih sami andhèrèk ingkang sami trêsna, kala jêngkaripun Sunan Mangkurat Mas, ing dintên Kêmis tanggal ping 7 wulan Jumadilakir, taun Jimawal ăngka 1629. Lampahipun Sunan Mangkurat Mas ngetan lêrês mêdal ing Lawiyan, sumêja anjog ing Kaduwang, wondene Pangeran Arya Mataram, kalih Pangeran Panular, tiga Pangeran Natakusuma mikantun, botên tumut kendhang, lajêng sami dhatêng Kalitan, sumêja mêthuk ing Sunan Pakubuwana sarta ambêkta sasêgah kathah.
BTJ 3.15.12
Gêntos kacariyos Susuhunan Pakubuwana amasanggrahan ing Mojolêgi, balanipun tiyang Madura utawi tiyang Surabaya samargi-margi tansah angrêrayah ambêboyong, cucuking pêrang sampun dumugi ing Kalitan. Panêmbahan Cakraningrat, kalih Dipati Jangrana, tiga Tuwan Amral Sêpilman, sampun ngrumiyini dhatêng ing Kalitan, kêpanggih kalihan pangeran têtiga wau, sampun sami tata lênggah, Amral pitakèn dhatêng pangeran têtiga, pangeran, Sunan Mangkurat Mas samangke wontên pundi, Pangeran Arya Mataram mangsuli, nyariyosakên ing kawitan dumugi wêkasan. Tuwan Amral saklangkung suka manahipun. Amral sarta para bupati lan sabalanipun sampun sami dhahar sêsêgahipun pangeran tiga, wradin sarta tuwuk sadaya. Amral tuwin panêmbahan sarta para bupati sabalanipun nuntên bidhal, sumêja dhatêng kadhaton. Bala Madura tuwin Surabaya lajêng sami anjêjarah ambêboyong sajawining kadhaton têlas. Kathah solahipun ênggènipun sami suka-suka bala kang mênang prang, Amral sadhatêngipun ing alun-alun eram aningali maryêm agêng-agêng, dene botên kadamêl mêthuk prang, Amral lajêng minggah ing sitinggil sumêja lumêbêt ing kadhaton, nanging kori brajanala kinunci, Amral sarta para bupati ajrih mêngakakên, [mêngakakê...] [...n,] nuntên sami wangsul dhatêng pagêlaran. Amral wicantên
BTJ 3.15.13
dhatêng panêmbahan. Panêmbahan, sampeyan kantun wontên ing ngriki, sarta para bupati kadhawahana nata balanipun ngapit-apit margi, kula badhe wangsul amêthuk sang nata. Amral nuntên mangkat. Panêmbahan enggal marentahi ing para bupati, balanipun kinèn sami baris ngapit-apit margi.
BTJ 3.15.14
Kacariyos Susuhunan Pakubuwana sampun bidhal saking ing Mojolêgi, anitih dipăngga, pinêlanan asri, dipăngga wau ênggènipun atur-atur raja ing Siyêm dhatêng Sunan Mangkurat Mas. Sarêng dumugi ing Samawis dipun anggrak dhatêng Ki Dipati Sura Adimênggala, dipăngga dèn aturakên ing Susuhunan Pakubuwana. Lampahipun sang nata sampun dumugi ing Asêm. Kêpêthuk kalihan Amral, Amral matur, yèn pura kêpanggih sêpi, sang nata ingaturan lajêng angadhaton. Sang prabu saklangkung suka lajêng ing lampahipun. Sarawuhipun ing alun-alun bala Kumpêni sarta bala Jawi lajêng sami urmat ngungêlakên sanjata tuwin maryêm ambal-ambalan. Tambur salomprèt sarta gamêlan gumuruh swaranipun. Sang nata lajêng minggah ing sitinggil, kandhêg wontên ing kori gapit. Kuncining kori sampun katatas dhatêng Amral. Sang nata lajêng angadhaton saputragarwanipun. Kala ngadhatonipun Susuhunan Pakubuwana [Pa...] [...kubuwana] gêntos dintên kemawon kalihan jêngkaripun Sunan Mangkurat Mas. Wondene para bupati sabalanipun inggih lajêng sami amangsuli pagriyanipun lami, Susuhunan Pakubuwana wau lastantun ênggènipun jumênêng nata wontên ing Kartasura.