BTJ 3.16
Pangeran Prangwadana Balela lan Kapatènipun
Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 546-548
BTJ 3.16.1
Gêntos kacariyos Pangeran Ngabèi, kala kendhangipun Sunan Mangkurat Mas sagah dhèrèk, angkatipun sarêng, nanging lajêng nyimpang angili dhatêng dhusun ing Wêdhi sagarwaputranipun. Sarêng mirêng pawartos, yèn ingkang rama sampun ngadhaton nagari ing Kartasura, Pangeran Ngabèi wau nuntên sowan ing Kartasura sagarwaputranipun. Kalih-kalihipun saklangkung bingah, sabab botên nyana yèn taksih sami gêsang.
BTJ 3.16.2
Amangsuli cariyosipun Sinuhun Pakubuwana kala mangkat saking Samawis, putranipun jalêr katilar wontên ing ngriku satunggil sabalanipun sarta ibunipun ingkang garwa sang prabu, putra wau andêling prang, anama Pangeran Prangwadana, sakalangkung têguh sarta digdaya, milanipun tinilar saking panyuwunipun tiyang Wêlandi, ing samangsanipun sang prabu sampun unggul prangipun, angadhaton
BTJ 3.16.3
ing Kartasura, putra wau katimbalana, kala samantên sang pangeran mirêng pawartos, yèn ingkang rama sampun mênang prangipun, sampun ngadhaton ing Kartasura, nanging dilalah sang prabu kasupèn, botên utusan [utu...] [...san] nimbali dhatêng ingkang putra ngantos antawis lami, sang pangeran wau lajêng pradandosan sarta ingkang ibu, sumêja bidhal dhatêng ing Kartasura, Alpèrès tiyang Wêlandi ingkang jagi ing Samawis anggêgendholi, sang pangeran kaaturan sumêne, angêntosana utusanipun ingkang rama, sang pangeran inggih piturut.[11] Kacariyos ing sabên-sabên pangeran sumêja bidhal, Alpèrès tansah matur anggêgendholi makatên. Pinuju satunggaling dintên sang pangeran sampun pradandosan. Alpèrès tiyang Wêlandi matur anggêgendholi, Pangeran Prangwadana sampun kakên galihipun, dhasar watakipun panasbaranan. Alpèrès wau lajêng pinarjaya, jaja têrus ing gigir lajêng pêjah, sang pangeran nuntên bidhal sabalanipun sarta ingkang ibu, nanging botên karsa kondur dhatêng Kartasura, sabab ajrih dhatêng ingkang rama, nglalu ing galihipun, têmah lajêng marang ing Kêdhu, kèndêl ing dhusun Kabakalan, siti dhusun kagunganipun ingkang rama kala kapugêranipun. Wontên ing ngriku Pangeran Prangwadana angayuti têtiyang siti dhusun. Pangeran sumêja ngraman. Sampun kathah balanipun wêtawis gangsal èwu.
BTJ 3.16.4
Anuntên Tuwan Amral ngaturi uninga ing sang nata, yèn ingkang putra amêjahi Alpèrès Wêlandi, lajêng apacak baris wontên ing Kêdhu, sang prabu sarêng mirêng atur makatên, sangêt lingsêmipun [lingsê...] [...mipun] dhatêng tiyang Wêlandi, têmah duka dhatêng ingkang putra, lajêng parentah dhatêng Ki Dipati Sujanapura, kinèn marang Kêdhu angipuki ingkang putra. Sang nata parentah malih dhatêng panêmbahan sarta Dipati Jangrana, kinèn êmbujêng ing Sunan Mangkurat Mas. Ingkang sami kadhawahan nuntên mangkat.
BTJ 3.16.5
Wondene lampahipun Dipati Sujanapura sampun dumugi ing Kêdhu, Pangeran Prangwadana sampun kenging dèn bujuk, binêkta dhatêng ing Kartasura, lajêng dipun sedani amargi linawe jangganipun. Ingkang ibu kêdah bela, inggih sampun pêjah linawe. Wondene lampahipun panêmbahan kang sumêja bêbujung Sunan Mangkurat Mas, sampun ngancik ing dhusun Kabangkekan. Sunan kendhang wontên ing Laroh, sarêng sumêrêp yèn dèn bêbujung dhatêng tiyang Maduntên, Sunan Mangkurat Mas enggal mangkat saking Laroh, lumajêng mangetan anjog ing Kaduwang, para bupati tuwin para
BTJ 3.16.6
mantrinipun kathah kang nungkul dhatêng panêmbahan. Kêdhik kang taksih dhèrèk ing Sunan Mangkurat Mas. Panêmbahan Cakraningrat sabalanipun sampun wangsul dhatêng ing Kartasura.