BTJ 3.17

Kartasura Têntrêm lan Bantuan Surapati

Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 548-550

BTJ 3.17.1

Kala samantên nagari ing Kartasura sampun têntrêm, tiyang alit sami sakeca manahipun. Awit sang prabu ajêg parentahipun sarta asih ing bala, balanipun inggih ajrih asih, Tuwan Amral sampun kalilan mantuk dhatêng Samawis sakumpêninipun, sarta Ki Dipati [Dipa...] [...ti] Sura Adimênggala kinèn anjagèni Kumpêni ing Samawis. Wondene ingkang taksih kantun wontên ing Kartasura Tuwan Kumasaris Kênol kalihan Kumpêni kalih atus, rumêksa ing sang prabu, têtindhihipun kapitan satunggil.

BTJ 3.17.2

Ing dintên Rêspati sang nata miyos sinewaka, para bupati, mantri, santana, putra sampun pêpak sadaya, sang nata andangu panggenaning mêngsah, Panêmbahan Cakraningrat matur, putra dalêm Sunan Mangkurat Mas lumajêng dhatêng tanah Kaduwang, mantri bupatinipun kathah kang sami nungkul ing panjênêngan dalêm, amung kantun Ki Patih Sumabrata, kalih Mandurarêja, tiga Wiraguna, sakawan Mangunnagara, gangsal Arya Tiron sabalanipun. Amung punika kang taksih atut wingking ing putra dalêm.

BTJ 3.17.3

Sang nata angandika dhatêng Ki Dipati Cakrajaya, Cakrajaya, sakèhe bupati mantri têtêlukan padha lungsurana kalungguhane, amung Ki Tumênggung Mangkuyuda, karo Natayuda, têlu Si Sindurêja, papat Si paman Natakusuma isiha padha dadi bupati, dene adhi mas Arya Mataram lan adhi mas Arya Panular mingsiha têtêp kaya dene panjênêngane kakang prabu suwargi, kadene Si Wiracana sun gawe wadana gêdhong sisiha Si Citrasoma, putraningsun Pangeran Dipati Anom sun paringi lêlungguh bumi limang èwu karya, Ki Dipati Purbaya lan Ki Dipati Balitar nêlung èwu, [è...] [...wu,] Pangeran Ngabèi rong èwu, Ki Dipanagara sarta Ki Upasănta sun paringi lêlungguh nyèwu karya. Ki Patih Cakrajaya matur sandika, sang nata kondur angadhaton.

BTJ 3.17.4

Kawuwusa Sunan Mangkurat Mas sampun utusan mundhut bantu dhatêng Surapati ing Pasuruan. Surapati inggih enggal ambantoni wêtawis tiyang kalih èwu, ingkang dados têtindhih pêpatihipun kêkalih, anama Ngabèi Lor lan Ngabèi Kidul. Sampun kêpanggih kalihan Sunan Kendhang wontên ing Kaduwang, patih ing Pasuruan lajêng nyuwun pamit sumêja bêdhah ing Kartasura, Sunan Kendhang inggih anglilani, patih ing Pasuruan sabalanipun lajêng mangilèn. Samargi-margi tansah

BTJ 3.17.5

ngrêrayah, kèndêl masanggrahan ing dhusun Ngêluyu, ajêng-ajêngan kalihan bala Madura ing Kartasura.