BTJ 3.18

Sunan Kendhang ing Pranaraga lan Madiun

Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 550-552

BTJ 3.18.1

Wondene Sunan Kendhang wau lajêng dhatêng ing Pranaraga, samargi-margi tansah sih-sinihan kalihan para sêliripun, kathahipun kawan dasa wolu, èstri sanèsipun inggih kathah kang sami binêkta kendhang. Sarawuhipun ing Pranaragi amasanggrahan ing dalêmipun Radèn Martawăngsa bupati ing Pranaragi, wontên ing ngriku anggung cangkrama ing wana lan ing toya lan para garwanipun, botên wontên măntra-măntra yèn kendhang, lajêng amundhut garogolan kidang mênjangan. Radèn Martawăngsa inggih sampun [sampu...] [...n] anyawisi, Sunan Kendhang lajêng têdhak dhatêng grogolan kalihan para garwanipun. Nuntên munggah ing pêpanggungan. Sunan Kendhang sangêt suka ing galihipun aningali sangsam kathah, enggal mênthang langkap, jêmparing lumêpas, sangsam satunggil kacundhuk ing jêmparing, ambrak[12] kapisanan. Radèn Martawăngsa enggal lumêbêt ing grogolan sarta bêkta rencang sawêtawis. Sêdyanipun Radèn Martawăngsa sangsam wau kapêndhêt badhe kinèn nyêmbêlèh ing kaum. Sunan Kendhang sarêng aningali saklangkung dukanipun, kagalih angrêsahi ênggènipun kalangênan. Lajêng parentah dhatêng balanipun babêgtan saking Kartasura kinèn nyêpêng ing Radèn Martawăngsa, inggih sampun cinêpêng, binêkta dhatêng ngajêngan, lajêng dipun kabiri, Radèn Martawăngsa aniba tan emut, nuntên tinilar kondur masanggrahan.

BTJ 3.18.2

Radèn Martawăngsa lajêng rinămpa tinangisan dhatêng para santananipun sarta sami wêlas, dene sapele dosanipun. Sawênèh wicantên. Sanak-sanakku kabèh, ayo padha angamuk marang Sunan Kendhang mêngko bêngi, sabab iku ratu dajalanat. Suprandene ing Kartasura wis ana kang jumênêng nata, sabar lila ing donya, asih ing bala. Para santananipun Radèn Martawăngsa sampun sami gilig ing rêmbag, tuwin sakathahe bala ing Pranaragi inggih sampun sami kêklêmpakan wontên ing wana, angrakit gêgamaning prang. Anuntên Ki Patih Sumabrata sumêrêp ing prakawis wau, enggal matur ing gustinipun. Sunan Kendhang saklangkung gugup galihipun, lajêng bidhal saking Pranaragi wanci dalu, lampahipun kasêsa pating bacècèr, sumêja ngili dhatêng Madiun, têtiyang Pranaragi nuntên sami nututi, kang kacandhak pinêjahan lajêng prang wontên ing wana Gagêlang,

BTJ 3.18.3

bala Kasunanan kathah kang pêjah, nuntên sami lumajêng dhatêng ing Madiun.

BTJ 3.18.4

Wondene Ngabèi Lor lan Ngabèi Kidul kang sami baris ing Luyu wau, inggih sampun campuh prang kalihan bala ing Kartasura, bala Pasuruan kathah kang pêjah, sabab kathahên mêngsah. Ngabèi Lor lan Ngabèi Kidul nuntên lumajêng sabalanipun, anjog ing Jagaraga, lajêng dhatêng Madiun. Bala ing Kartasura ambujêng ngantos dumugi Madiun. Ngabèi Lor lan Ngabèi Kidul sampun kumpul kalihan Sunan Kendhang, nuntên sami lumajêng dhatêng nagari Daha, dene bala ing Pranaraga inggih sampun kumpul kalihan bala ing Kartasura, sami pacak baris wontên ing Madiun.