BTJ 3.19

Lurug Pasuruan lan Pêrang Bangil

Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 552-557

BTJ 3.19.1

Kacariyos sang prabu ing Kartasura tampi sêrat saking gurnadur jendral ing Batawi, suraosing sêrat, sang nata dipun aturi andhawahna parentah, ambêbujung sapurugipun Sunan Kendhang, sarta ambêdhaha nagari Pasuruan, anumpês Surapati lan saanakputunipun. [saana...] [...kputunipun.] Tuwan jendral inggih anyawisi bala Kumpêni wolung atus. Ingkang badhe dados têtindhih Komasaris Kênol. Sang nata kapanujon ing galih, lajêng parentah dhatêng Panêmbahan Cakraningrat. Adhi mas, sira ngluruga marang Pasuruan, sarta Si Jangrana, bupati pasisir kiwa têngên sira gawaa kabèh, anjujuga ing Surabaya, banjur kumpula lan si komisaris sarta bala Kumpêni ana ing kono. Sang nata ngandika malih dhatêng Pangeran Dipati Purbaya, kulup Purbaya, sira milua nglurug, bala ing Kartasura sira gawaa saparo, mêtua ing Pranaraga, saanane wong măncanagara gawanên kabèh, kang mingsih băngga ngidhêp ing Sunan Kendhang gitikên ing prang. Ingkang sami dhinawuhan matur sandika, panêmbahan sampun prajangjean kalihan Pangeran Purbaya, benjing patêmpuhing prang botên tulung-tinulungan, anuntên sami mundur saking ngarsanipun sang prabu apradandosan.

BTJ 3.19.2

Sarêng sampun samêkta lajêng sami bidhal saking ing Kartasura, Pangeran Dipati Purbaya ngidul ngetan mêdal Kaduwang anjog Pranaragi, panêmbahan sarta Dipati Jangrana mêdal ing Samawis, lajêng nurut pasisir, anjog ing Surabaya, wontên ing ngriku sampun kumpul kalihan Komasaris Kênol tuwin bala Kumpêni wolung atus, lajêng sami bidhal nêja dhatêng Pasuruan. Kathahing bala tanpa wilangan. Kala samantên sinêngkalan 1630.

BTJ 3.19.3

Kawuwusa Ki Tumênggung Wiranagara ing Pasuruan sampun mirêng pawartos yèn dipun lurugi bala Jawi sarta Kumpêni, kathahipun tanpa wilangan. Ki tumênggung saklangkung suka manahipun, lajêng bidhal lan sabalanipun wêtawis salêksa, sumêja mêthukakên mêngsah dhatêng Bangil. Sadhatêngipun ing ngriku anata barisipun sarta sami angatos- atos. Panêmbahan sarta bala Kumpêni inggih sampun dhatêng ing Bangil, ajêng-ajêngan kalihan bala ing Pasuruan. Komasaris sarêng aningali Surapati mêthuk prang, sangêt suka manahipun, enggal anata Kumpêninipun dados dhadha, panêmbahan sarta Ki Jangrana dados panjawat kiwa têngên. Lajêng têmpuh prang rame, bala Kumpêni tuwin bala Madura sarta pasisir kathah kang pêjah, bala Pasuruan inggih kathah kang pêjah, bangke ambêlasah wontên kang tumpang-tinumpang, saklangkung rame prangipun. Bala Madura atusan kang pêjah, bala Kumpêni wolung atus wau kathah kang pêjah lan ingkang taksih gêsang, amung bala Surabaya sakêdhik ingkang pêjah, tuwan komasaris sarêng aningali prangipun Dipati Surabaya, lajêng angyêktosi ing batos, kakintên ênggènipun prang gêgorohan kemawon.

BTJ 3.19.4

Anuntên kasaput ing dalu, ingkang [ing...] [...kang] prang sapih sami mundur, bala Kumpêni sarta tiyang Madura ngênês manahipun. Surapati lan sabalanipun inggih sami giris manahipun. Sabab balanipun salêksa wau wêtawisipun ingkang taksih gêsang amung kawan èwu, Surapati mundur alon-alonan anitih kuda wasta pun Pakèling, ginarêbyêg ing bala, tiyang Kumpêni amariyêmi saking katêbihan. Kala samantên Surapati katiban mimis kancana walikatipun kiwa, agênging mimis sajêruk lêgi, Sang Dipati Wiranagara jumbul, botên pasah, nanging karaos sakit. Dipati Wiranagara sangêt nêpsu, angingêr kuda sumêja ngamuk malih, balanipun sami anggêgendholi, sabab sampun wanci dalu, benjing-enjing siyang kemawon ingaturan magut prang malih, sing[13] dipati inggih miturut nuntên mundur dhatêng kithanipun.

BTJ 3.19.5

Wondene tuwan komasaris sakumpêninipun lajêng mantuk dhatêng ing Samawis. Panêmbahan sarta para bupati sabalanipun mantuk dhatêng Kartasura, panêmbahan wau sampun anglampahakên utusan sarta mawi sêrat dhatêng Pangeran Dipati Purbaya amratelakakên yèn kawon prangipun, tiyang Kumpêni tuwin tiyang Madura kathah kang pêjah, Pangeran Purbaya ingaturan kondur dhatêng Kartasura, sampun ngantos lajêng dhatêng Pasuruan. Utusan enggal mangkat.

BTJ 3.19.6

Kacariyos Pangeran Purbaya abaris ing dhusun Gêlathik talatah ing Kadhiri, ajêng-ajêngan kalihan balanipun Sunan Kendhang, têtidhihipun anama Tumênggung Katawêngan ing Kadhiri, Pangeran Purbaya wau tampi dhawuhipun sang prabu ing Kartasura, kinèn bujuki Tumênggung Sumabrata, Pangeran Purbaya inggih sampun anglampahakên utusan sarta mawi sêrat dhatêng Ki Sumabrata kang sawêg dhèrèk Sunan Kendhang wontên ing kitha Kadhiri, utusan inggih sampun kêpanggih sarta nyukakakên sêrat. Ki Sumabrata enggal amaos sêrat, suraosipun, Ki Sumabrata, jêngandika tinimbalan rama prabu dhatêng Kartasura, kangjêng rama karsa amalês kasaenan dika, sabab kalanipun kangjêng rama binêthekan rumiyin amargi saking atur dika dhatêng Sunan Mangkurat. Wontên pabêthekan ngriku kangjêng rama sangêt ênggènipun nyênyuwun ing Gusti Allah, supados jumênênga nata, ing mangke sampun kalampahan jumênêng nata, mila kangjêng rama wau sumêja malês ing sih andika, akathah-kathah pangipuk kang mungêl ing sêrat wau. Ki Sumabrata sasampuning maos sêrat sangêt bingah ing manahipun. Nuntên akèn pradandosan dhatêng anak bojonipun. Sarêng wanci dalu Ki Sumabrata lolos saking ing kitha Kadhiri, anilar gustinipun, sampun kêpanggih kalihan Pangeran Dipati Purbaya, nuntên kinèn lajêng dhatêng [dha...] [...têng] ing Kartasura sarta binêktanan mantri ingkang rumêksa ing margi, sadhatêngipun ing Kartasura anjujug ing Ki Patih Cakrajaya, lajêng dèn irid sowan ing sang prabu, Ki Sumabrata wau sampun katêtêpakên dados bupati ing nagari Kartasura.

BTJ 3.19.7

Wondene Pangeran Dipati Purbaya inggih lajêng campuh prang kalihan Tumênggung Katawêngan. Balanipun Ki Tumênggung Katawêngan kathah kang pêjah, nuntên lumajêng dhatêng kitha Kadhiri, Sunan Kendhang sangêt giris manahipun, enggal lumajêng ngidul ngetan. Pangeran Purbaya sumêja anglud palajêngipun Sunan Kendhang, nuntên kêpêthuk utusanipun Panêmbahan Cakraningrat, amratelakakên yèn gènipun prang kalihan Surapati kawon. Pangeran Purbaya ingaturan kondur dhatêng Kartasura. Pangeran Purbaya sarêng sampun tampi pratela makatên, inggih nuntên bidhal kondur dhatêng ing Kartasura sabalanipun.