BTJ 3.20

Wêkasanipun Surapati lan Bêdhahing Pasuruan

Source: Babad Tanah Jawi, Meinsma 1874 · Sastra Lestari #778 · Hlm. 557-562

BTJ 3.20.1

Gêntos kacariyos Ki Tumênggung Wiranagara ing Pasuruan. Saunduripun saking prang walikatipun kadhawahan mimis maryêm,

BTJ 3.20.2

andadosakên sakitipun sangêt, botên sagêd ebah, sang dipati nuntên mamêling dhatêng para putra tuwin para santananipun. Anak-anakku kabèh utawa sanak-sanakku, besuk yèn aku tinêkakake ing jangji, jisimku pêndhêmên ratanên bae, aja kodokoki maejan utawi kêkijang,[14] kang supaya wong Walănda aja kongsi sumurup marang ing kuburku, karo dene wêkasku, ing saturun-turunku besuk aja ana kang têpung bêcik lan wong Walănda, ing samangsane ana kang têpung bêcik lan wong Walănda kênaa ing supataku aja nêmu slamêt. Ki Tumênggung Wiranagara wau ênggènipun sakit antawis pitung dintên, lajêng pêjah, layon sampun binêrsihan, nuntên pinêtak kados wêwêlingipun wau, sanginggiling pakuburan mawi dinekekan têtanêman, supados sampun ngantos katawis yèn pakuburan. Ing sapêjahipun Ki Tumênggung Wiranagara atilar putra jalêr têtiga, sampun sami diwasa, pambajêngipun nama Mas Surahim, sampun anggêntosi ingkang rama, anama Dipati Wiranagara, adhinipun sampun anama Radèn Surapati, wuragilipun anama Radèn Suradilaga, nanging ki dipati wau rêsah pambêkanipun, asring anjamah para bibinipun. Mila botên digdaya kados kang rama.

BTJ 3.20.3

Sarêng sampun antawis kalih taun saking pêjahipun Surapati, sang prabu ing Kartasura parentah dhatêng Panêmbahan Cakraningrat, kalih Dipati Jangrana, tiga Pangeran Purbaya, kinèn sami nglurug dhatêng Pasuruan malih, wondene tuwan komasaris sakumpêninipun inggih sampun dhatêng wontên ing Kartasura, ingkang pancèn angrêmbat obat mimis sapanunggilanipun tiyang Kêdhu tuwin [tuwi...] [...n] Pagêlèn. Ingkang anyunggi uwos têdhanipun tiyang Kumpêni Dipati Japara, tiyang ing Madura tuwin Surabaya anjagèni waos kêncêng, têgêsipun, anglampahi pêrang. Sadaya wau mangkatipun sarêng, lampahipun dados satunggil, saklangkung agêng barisipun, anjujug ing Wirasaba, sumêja anggêbag barisipun Sunan Kendhang wontên ing Kadhiri. Wondene Sunan Kendhang sarêng mirêng wartos yèn dipun lurugi, enggal lumajêng angungsi dhatêng ing rêdi dhungkul. Pangeran Purbaya sarta bala Kumpêni lajêng bidhal dhatêng Kadhiri, ing Kadhiri sampun sêpên. Anuntên lampahipun dumugi ing rêdi Carat. Amasanggrahan alami wontên ing ngriku, Ki Dipati Sujanapura ing Japara sakit sangêt, nuntên kaantukakên. Sarêng dumugi ing Japara lajêng pêjah.

BTJ 3.20.4

Kacariyos putra ing Pasuruan, kang nama Radèn Surapati kalih Radèn Suradilaga sami dhatêng ing Dhungkul, ambêkta bala sèwu,

BTJ 3.20.5

anyuwun idinipun Sunan Kendhang, sumêja mêthukakên mêngsah, Sunan Kendhang inggih angidèni sarta amaringi têtindhihing pêrang, putranipun jalêr kêkalih, anama Pangeran Pakunagara kalih Pangeran Pakuningrat. Sawontênipun bala babêktan saking Kartasura binêktakakên sadaya, nuntên sami bidhal, mêdal ing rêdi Antang lajêng mangalèr.

BTJ 3.20.6

Wondene Pangeran Purbaya sabalanipun tuwin bala Kumpêni inggih sampun bidhal saking rêdi Carat, lampahipun alon-alonan. Anuntên bala ing Pasuruan wau dhatêng anêrajang saking wingking, balanipun Pangeran Purbaya anadhahi sarwi lumampah, bala Pasuruan kathah kang pêjah, Radèn Surapati lan Suradilaga rumaos botên kaconggah, lajêng mundur lan sabalanipun, mantuk dhatêng Pasuruan. Sunan Kendhang sampun kêpanggih wontên ing ngriku, kumpul kalihan Ki Dipati Wiranagara. Pangeran Purbaya sarta bala Kumpêni lajêng anurut salasahipun bala Pasuruan wau, bala Pasuruan botên wontên sumêrêp yèn dipun kodhol. Lampahipun Pangeran Purbaya sampun dumugi ing Pasuruan. Sang Dipati Wiranagara sakalangkung kagèt, gugup sami pradandosan lan sabalanipun, nuntên bidhal. Lajêng campuh prang wontên sajawining kitha, bala Kumpêni angarutug ing sanjata tuwin maryêm. Bala Madura sarta Surabaya anangkêbi saking kiwa têngên. Bala Pasuruan kathah kang pêjah, sabab kaclakuthak prangipun sarta karoban mêngsah, sang dipati sasêdhèrèkipun sampun sami lumajêng dhatêng Malang, Sunan Kendhang inggih botên pisah, kala bêdhahipun Pasuruan taun 1631.

BTJ 3.20.7

Pangeran Purbaya sarta tuwan komasaris Kumpêninipun sampun malêbêt kitha Pasuruan, amasanggrahan [amasanggra...] [...han] lami wontên ing ngriku, tiyang ing ngriku sampun kathah kang sami mantuk sarta têntrêm manahipun. Tuwan komasaris nuntên akèn ngupadosi pakuburanipun Surapati Untung, sakathahe pakuburan sami binalengkrah, nanging botên pinanggih, anuntên tuwan komasaris andhawahakên undhang-undhang dhatêng têtiyang ing ngriku, sintên kang manggihakên pakuburanipun Ki Untung ginanjar reyal sèwu, botên lami lajêng wontên tiyang ingkang andêdahakên pakuburan wau, mila botên katawis, sabab rinadin kemawon, ing nginggil dinekekan têtanêman. Tiyang ingkang andêdahakên wau sampun pinaringan ganjaran reyal sèwu sarta sangêt bingahipun. Pakuburan enggal dhinudhuk. Jisim sampun kêpanggih taksih wêtah, kacariyos pêjahipun

BTJ 3.20.8

Surapati wau sampun antawis kalih taun. Nanging jisimipun taksih wêtah, gandanipun wangi angambar, tuwan komasaris saklangkung suka manahipun. Jisim lajêng binusanan, linênggahakên ing kursi, ingkang aningali sami eram. Tuwan komasaris kalihan para pangagêngipun Kumpêni lajêng sami têtabean kalihan jisim, sami wicantên yèn Ki Untung prajurit sayêktos, dados satruning Kumpêni, tuwan komasaris lajêng parentah angurmati jisim. Kumpêni enggal sami ngungêlakên maryêm ambal-ambalan.

BTJ 3.20.9

Jisim lajêng binêsmi, nanging botên mêmpan, [mêmpa...] [...n,] awali-wali pabêsmènipun wau, inggih botên pasah, tuwan komasaris saklangkung bramantya, enggal mêndhêt arak kathah, jisim siniram ing awis sarta binêsmi, sampun kobong gêsêng dados awu, sakathahe tiyang Kumpêni lajêng sami mêndhêt awunipun Ki Untung sakêdhik-sakêdhik.

BTJ 3.20.10

Tuwan Komasaris parentah adamêl loji ing Gêmbong, inggih sampun dados, saklangkung santosa, sampun dinekekan maryêm sarta jinagèn Wêlandi, tuwan komasaris sarta Kumpêni sapalih nuntên bidhal mantuk dhatêng Samawis mêdal ing laut. Wondene Pangeran Purbaya inggih bidhal kondur dhatêng Kartasura mêdal dharat, kadhèrèkakên Kumpêni sapalihipun wau, para bupati sabalanipun inggih pinalih, ingkang saduman taksih kinèn bêbarisan ing ngriku, ingkang saduman dhèrèk konduripun Pangeran Purbaya, Panêmbahan Cakraningrat nyimpang, sumêja mantuk dhatêng ing Sampang, wontên ing margi nandhang gêrah sangêt. Sarêng lampahipun dumugi ing Kamal, padhusunan ing Madura, panêmbahan lajêng seda, layon sampun binêrsihan wontên ing ngriku, linajêngakên pinêtak ing Sampang, putra wayahipun panêmbahan wau lajêng sami bidhal, anusul lampahipun Pangeran Purbaya, tumut sowan ing sang prabu, lampahipun Pangeran Purbaya wau inggih sampun dumugi ing Kartasura.